kunci swarga - alangalangkumitir | javanese manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja,...

44

Click here to load reader

Upload: vuonghuong

Post on 08-Apr-2019

270 views

Category:

Documents


7 download

TRANSCRIPT

Page 1: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1

KUNCI SWARGA

(mifttahu’l jannati)

Dening :

FAQIER ‘ABDU’L HAQQ

: BRATAKESAWA

Cap-capan kaping VIII

Kawedalaken Keluarga Brotokesawa

Y o g y a k a r t a

Page 2: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

P R A W A C A N A

Bismi’llahi’ rrahmani’rrahiem

Atas asma Dalem Gusti Allah ingkang maha Mirah ingkang Maha Asih.

KULA NUWUN, anggen kula cumantaka ngripta serat “Kunci

Swargo (miftahul jannati) punika, boten saking bade ngongasaken

kalangkungan kula ing babagan falsafah tuwin tashawwuf adedasar

Islam, ingkang kula pancen boten gadah kalangkungan babagan punika,

sayektosipun namung saking kaderenging achlaq, tumrap bangsa kita

ingkang sampun uwal saking penjajah punika.

Saking pamanah kula: mubalipun panindak warni-warni ingkang

mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani

wulangan agama ingkang dipun siyaraken para Rasul, tuwin tuwuhipun

grombolan “Kabatosan” pinten-pinten ingkang sisip sembiripun cacad-

cinacad : andadosaken karingkihaning bangsa, punika boten sanes,

jalaran kita kesupen dating ingkang sinebut asma Allah.

Jalaran saking punika, amila serat punika, boten sanes inggih

namung bade isi andaran iktikad ingatasipun pangeran ingkang Maha

Esa, miturut salah satunggaling paham. Pangandaripun adedasar dalil

naqli (kitabing Pangeran) tuwin dalil ‘aqli (akal pikiran) sagadugipun

ingkang ngandaraken. Punapa dene kaurutaken wiwit saking tataran

iman (percaya ingkang boten namung tiru-tiru) dumugi tataran ma’rifat

(weruh, ingkang sanes weruhing netra), kagubah ing basa Ngoko adapur

soal-jawab, dados 3 bab.

Sarehning ingkang kula andaraken punika nama satunggaling

paham, amila saupami wonten ingkang boten nyuwaweni jalaran

ngrungkebi paham sanes, nuwun inggih boten aneh. Ewadene kula

inggih ngunjukaken suka sukur kula ing Pangeran dene serat punika,

boten ketang namung panda latu sapelik, meksa wonten ingkang

rumaos kasuluhan, katitik saking datenging serat-serat saking para

maosipun “Kunci Swarga”, ingakang sami mratelaken mareming

panggalihipun.

Nalika manitra ( cap-capan I ) sinangkalan : Tri Murti Salira Nabi (

1883 Jawi = 1952 Masehi ).

Salamipun

PANGRIPTA

Page 3: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 3

BAB I.

WADARAN BAB SEJATINE DATING PANGERAN KANG WAJIB ANANE

( BABU HAQIQATI DZATI WAJIBI’L MAUJUDI )

1. MUDADAMA : Mas anggonku sowan mrene iki, mumpung aku

libur dawa, sida nyuwun diwejang ngelmu Kasunyatan agem-agemane

kangmas.

Dawuhe kangmas nalika setaun kang kapungkur, wis tak lakoni:

Aku wis meguru mrana-mrana, lan wis maca laying-layang babagan

Agama lan Kebatinan.

Dadi sowanku iki wis kena dibasakake “wong ngangsu pikulan

warih” kaya dawuhe kangmas biyen. Apa ora mengkono?

1. WREDATAMA : Sukur, sukur yen kowe biyen kae ora mung

mandeg ana ing sedya tok.

Pancen, ora mung kowe dewe kang tak prayogakake kaya

mengkono iku. Perlune supaya ora fanatiek. Awit saka panemuku,

fanatiek iku dadi pepalang gede ingatase wong ngudi Kasunyatan.

Jalaran deweke banjur sepi ing panimbang lan panglimbang, jer wis

kedisikan panemu “emoh” marang kaweruhing liyan.

Luwih-luwih pitunane, wong ngudi Kasunyatan katik fanatiek

marang sepadaning uwong. Apa pangandikane sang Guru mung tansah

di-nun inggih lahir batin, tanpa dinalar babar pisan. Mangka senajan

dawuhing Pangeran kang kasebat ing kitab-kitab Agama pisan,

penampane iya kudu kanti akal lan pikiran.

2. MUDADAMA : Aku lagi ngerti saiki, yen dawuhe kangmas iku

mengku maksud kaya mengkono. Tak kira, anggone kangmas dawuh

dek semana kae, jalaran aku digalih durung kuwat kanggonan ngelmu

Kasunyatan, apa piye.

2. WREDATAMA : Durung kuat kepriye? Apa kowe duwe panemu

yen wong ngudi Kasunyatan iku ana kang banjur ngengleng gendelang-

gendeleng, jalaran durung kuwat? Upama ana ngelmu kang anjalari

gendeng, wis kena ditemtokake yen iku dudu ngelmu Kasunyatan.

Page 4: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 4

Cekake Kasunyatan iku babar pisan ora mbebayani lan ora

mitunani. Dene yen ketrima maedahi lan murakabi ing ndunya lan ing

ngakerat. Mulane ditembungake yen “ketrima” mestine ya ana kang “ora

ketrima”. Yaiku pangudi kang ora bisa awoh iman (kapercayan) lan

iktikad (gegebengan). Jer taqdir pepestening uwong mono siji lan sijine

pancen ora pada. Tembunge kang bregas: “ beda-beda panduk

panduming dumadi “.

3. MUDADAMA : Tumrap kang wis kasinungan iman lan iktikad,

apa isih perlu nanding-nanding karo kaweruhing liyan?

3. WREDATAMA : perlu banget, ora. Nanging ora ana alane,

tegese ora bakal kapitunan. Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh

nyumurupi kaweruhing liyan, iku wis mesthi kapitunan, amarga banjur

kecemplung ing jurang fanatiek mau kae.

Fanatiek kang mengkono iku jeneng ora ngrumangsani yen

manungsa iku asipat apes, asipat lali, akeh kekurangane. Rumangsane

wis bener dewe, wis sampurna dewe, sejatine saka ringkihe, kuwatir yen

kena pengaruhing liyan.

Ngundakake kaweruh iku ora susah kuwatir yen imane lan

iktikade bakal gempal. Upama kapercayane lan gegebengane iku banjur

owah jalaran anggone nimbang lan nglimbang kawruhing liyan, iku rak

mertandani yen imane lan iktikade mau pancen durung 100%. Iya apa

ora? Rak ora kapitunan ta?

Ingatase wong kang ora fanatiek, upama kawruhing lian iku

dianggep kliru, ora cukup mung nganggo waton “aku emoh”. Mesti

kanthi alesan kang jelas: perangan endi kang dianggep kliru iku, lan apa

sebabe dianggep kliru.

Hla saiki aku takon marang kowe: oleh-olehane anggonmu

merguru lan maca layang-layang iku kepriye? Apa durung ana kang

andadekake pamareming pikirmu?

4. MUDADAMA : Marem maneh yen marema, hla wong ngerti

temenan bae: durung, mas. Sebab penampaku teka siji-sijine beda

andarane lan tembung-tembunge. Embuh saka bodoku embuh kepriye.

Page 5: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 5

Mulane kangmas tak suwun kersaha madangake kabingunganku iki lan

paring wejangan Kasunyatan iku.

4. WREDATAMA : Bab bingungmu iku bisa uga saka salahmu

dewe, yaiku madak-madakake barang kang pancen ora pada.

Siji-sijining guru utawa pengarang buku iku pancen ora mesti

pada andaran lan tembung-tembunge ( istilah ) kang dipigunakake,

mulane ora perlu kok padak-padakake. Panjurusamu gentenan bae.

Mengko rak manggruli sebageyan akeh utawa setitik, saka andaran

mau, kang mak tepleg: cocok karo akal pikiranmu.

Nanging bisa uga kabingunganmu iku ora jalaran saka luputmu.

Awit ora kurang-kurang juru aweh panerangan, kang mestine bisa

anggamblangake perkara kang angel, tibane malah ambruwetake

perkara kang gampang.

Sebabe mengkono iku, ana kang ora dijarag, lire pancen ora duwe

dasar kabisan bab carane wong nerangake kang gampang tinampa. Ana

uga kang pancen dijarag: gawe bingung.

Iki ana werna loro:

I. Deweke dewe pancen ora ngerti bab kang diterangake iku, dadi

mung nularake andaran kang tau rinungu, kanthi awur-awuran bae.

II. Deweke dewe ngerti temenan bab kang diterangake iku, nanging

pancen emoh ngeblakake; sebabe emoh: werna-werna. Ana kang

saka kawicaksanane, ana kang saka…………….. peteken dewe.

5. MUDADAMA : Nyelani atur mas! Mau kangmas ngendika ( Bab

I no.2 ) : ana pangudi kang ora ketrima, yaiku kang ora bisa awoh iman

lan iktikad. Hla yen panerangan kang tinampa iku cetha gamblang, blak-

blakan, tur carane nerangake pancen bisa, apa meksa ana kang ora bisa

nampa?.

5. WREDATAMA : Nampane mono iya nampa, ngertine iya ngerti,

nanging sanepane mengkene:

Page 6: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 6

A. B lan C pada-pada tampa penerangan bab alane wong udud,

sebab tembako iku ana racune kang aran nikotin (nicotine), kang gawe

kapitunan tumprap kawarasaning badan.

Si A. ora nganggo ragu-ragu banjur medot anggone ngrokok,

jalaran ngerti temenan marang penerangn iku, tur pancen sentosa

bebudene.

Si B uga ngerti marang penerangan iku, lan iya percaya yen udud

iku mitunani kawarasaning badan, nanging…………… ora bisa medot

ngrokok, jalaran, kurang sentosa budhine; medot ngrokok iku rinasa

abot banget.

Si C uga ngerti marang penerangan iku, nanging setengah percaya

setengah ora. Batine: “perkara racuniku terkadang mung lagi kira-kira

bae, hla wong ora katon. Sing genah bae, wong lanang ora udud ki

katon saru. Mulane embuh bener ana racune embuh ora, aku iya udud

bae, supaya ora katon saru”.

Iku pikiran. Lagi penerangan bab udud bae, ora pada uwohe. Apa

maneh penerangan bab Kasuksman kang tikel pirang-pirang yuta

pentinge lan paedahe, sebab dadi dalane wong kang bisa munggah

swarga utawa kecemplung nraka.

Upama iman lan iktikad iku kena digawe dening titah, hla rak

jaman sugenge para Rasul biyen ora ana wong kapir. Iya apa ora?

Hla saiki butuhmu iku apa, kandaa kang jelas.

6. MUDADAMA : Butuhku ora ana liya, kejaba nyuwun diwejang

ngelmu Kasunyatan, kang kanggo ing kene kana (ndunya, ngakerat)

bokmenawa aku bisa nampa. Sebab aku rumangsa durung duwe

kapracayan lan gegebengan kang gumathok: senajan aku wis merguru-

merguru lan maca layang-layang.

6. WREDATAMA : Iya uwis, yen wis terang sedyamu mengkono.

Nanging mangertiya, sedulurmu aku iki ora tau “mejang” kaya kang kok

karepake iku. Iku pakulinan cara kuna, kang kudu lungguh mori putih,

utawa kang kudu ora keyuban wangon kae. Aku ora nindakake.

Page 7: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 7

Becike nganggo cara soal-jawab bae. Kowe takona sak karepmu,

apa kebutuhanmu, tak wangsuli sak bisa-bisaku. Yen wangsulane

durung maremake, banthahen, kang nganti kowe marem.

Coba kowe saiki butuh arep takon opo?

7. MUDADAMA : We hla, yen kaya kersane kangmas iku iya angel

tumrap aku. Sebab gawe pitakon iku ora gampang. Mengko ta tak

pikire: apa kang kudu tak disikake, jalaran saka akehe bab-bab kang

arep tak suwunake keterangan.

7. WREDATAMA : Sukur, yen kowe wis sediya pitakon akeh.

Takon iku satemene ora angel. Mung bae saka pitakon mau bisa ketitik

sepira kawruhe sing takon.

Pancen, kang gampang luwih dening gampang iku, iya mung

ngrungokake “wejangan” kaya karepmu mau. Nanging yen cara kaya

mengkono iku kang kok kulinakake, nalarmu ora bisa mulur, lan ora

bisa owah kapercayan lan gegebengan kang permathi.

Mulane becik nganggo cara soal-jawab iku mau bae. Lan

prayogane soal-jawab iku catetana kabeh, bokmenawa ana paedahe

tumrap sedulur liyane.

Cateten apa anane bae, ora susah wedi-wedi, jer Negara kita iki

adedasar demokrasi : ora ana alangane ngetokake lan nyiyarakae

panemu ing bab apa bae.

Supaya pilah ing pangrembuge, kowe ngertiya, kang diarani

ngelmu (kawruh) Kasunyatan, Kajiwan, Kasuksman, ka-Rokhaniyan, ka-

Allahan, Kabatinan, ana maneh kang ngarani kawruh Sangkan-paran

utawa ngelmu Tuwa, iku bakune mung ana 4 bab, pamahame iya kudu

urut, yaiku:

I. Penerangan bab Gusti Allah.

II. Penerangan bab tinggal dunya.

III. Penerangan bab dalan makripat ing Pangeran.

IV. Penerangan bab kang gaib-gaib.

Nanging akeh para sedulur, kang bokmenawa kuwatir selak tinggal

dunya, kang

Page 8: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 8

di perlokake iku golek wejangan: mung bab patrape wong arep tinggal

dunya. Penerangan liya-liyane ora dadi pawigatene.

Ana uga kang setitik-setitik wis tau krungu tembung “makripat”

ujug-ujug banjur anggladi patrap kang dianggep dadi dalane makripat

ing Pangeran. Uga ora duwe pawigaten marang penerangan bab liya-

liyane.

Ana maneh kang pawigatane iku mung marang bab kang gaib-

gaib, tanpa kanthi penerangan kang jelas. Bab liya-liyane kang luwih

perlu ora dadi pawigatene.

Saiki takona sak karepmu, nanging prayogane miturut urut-

urutane iku mau, bokmenawa wangsulanku bisa gawe padange lan

mareme atimu.

8. MUDADAMA : Matur nuwun, kangmas maringi ancer-ancer

urut-urutane pitakonan. Nanging aku arep nyuwun pirsa disik: kang

pangudine ora urut iku kapitunane apa?

8. WREDATAMA : Ora mung kapitunan bae, malah kalebu

nempuh bebaya kang nggegirisi. Coba ta pikiren:

Tinggal dunya iku mestine rak: innaa lillahi wa innaa ilaihi

raji’uun (Al Baqarah 156 = satuhune asal saka Allah bali marang Allah).

Nanging banjur arep bali menyang ngendi, yen bab ka-Allahan deweke

isih ragu-ragu imane lan iktikade?

Mengkono uga kang ngudi makripat (ma’rifat), mangka durung

jelas bab ka-Allahan. Apa kang arep dimakripati, yen iman lan iktikade

isih semang-semang? Hla rak luwih becik taberi nglakoni sembahyang

sarengat bae, --- miturut agamane dewe-dewe kang dicocogi --- kang

babar pisan ora ana bebayane.

Dene kang pawigatene marang bab kang gaib-gaib iku, yen nganti

lali utawa tanpa penerangan kang jelas, mesti bae dadi begalan kang

gede, amarga ora bisa ambedakake antarane “kang iya” karo “kang

dudu”.

9. MUDADAMA : Amit mas, nyelani nyuwun keterangan : ana

pangudi kang nganggo ngliwati bebaya, ana kang ora, iku aku durung

cetha ing panampaku. Hla yen pada-pada tekan kang, sinedya (bali

Page 9: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 9

marang pangayunaning Pangeran) mestine rak milih kang ora ana

bebayane bae. apa ora mengkono?

9. WREDATAMA : Perkara pamilih, aku ora bisa ngebabi,

gumantung seneng parenge kang milih dewe-dewe. Tekan utawa orane

kang sinedya; gumantung kuwose lan adile Pangeran piyambak. Wallahu

a’lam, mung Gusti Allah kang nguningani, nanging perkara panguden

utawa panembah marang Pangeran, iku pancen ana tatarane 4, yoiku:

I. S a r e n g a t (syari’at ) tegese: pranatan, awujud pranatan

agama bab prentah lan cegah kang kudu diestokake. Dedasare mung

kudu percaya, ora ika iki. Iku minangka ujian apa anggone kumawula

marang Pangeran iku kanthi temen-temen.

II. T a r e k a t (thariqat) tegese dalan utawa pituduh, awujud

pituduh kang aweh pangertining akal lan pikiran, saengga percayane

mau ora mung anut grubyug, lan dadi anda panggayuhe marang

kasunyatan.

III. K a k e k a t (haqiqat) tegese sejati utawa nyatha, yaiku wis

bisa krasa ing ndalem alusing rasa bab bedane kang nyatha (haq) karo

kang dudu (bathal), saka wohing pangudi adedasar pituduh mau. Awak

liya wis ora bisa cawe-cawe maneh.

IV. M a k r i p a t (ma’rifat) tegese kaweruh, nanging dudu

weruhing mripat anggone andeleng. Yaiku wis bisa nyatakake marang

kasunyatan, kang nyatane mau babar pisan tanpa piranti. Hla iku kejaba

awak liya wis ora bisa cawe-cawe maneh, awake dewe ora bisa

nyritakake marang awak liya.

Mirit katrangan mau, dadi kang penting banget iku ana ing

tataran tarekat. Nanging wong kang nglakoni sarengat tok, janji temen-

temen, yen kepareng uga pinaringan pituduh kang ora lumantar wong

liya, diarani ilham. Mulane K.N Rosul tau ngendika mengkene: Aktsaru

ahli’ljannati albalhu wa illiyuuna lidzawi alalbaabi (hadis = keh-

kehing wong kang ahli swarga iku wong kang bodo-bodo, lan kang ana

ing illiyun – swarga kang luwih luhur, iku wong kang pinter-pinter).

Page 10: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 10

“ Pinter “ ing kene dudu pinter babagan kawruh ndonya (mahir),

apese babagan Tarekat iku mau. Awit kanggo netepake iki ilham apa

dudu, iku kudu ana penerangan kang jelas. Hla upama ilham palsu

banjur diantepi, rak iya wurung dadi ahli’ljannati (penghuni swarga).

10. MUDADAMA : Yen mengko, paringe penerngan kangmas iku,

upama aku bisa nampa, lagi kalebu tataran tarekat, ya mas.

10. WREDATAMA : Hla saka rumangsamu kepriye?. Kabeh kang

isih kena dirembug apa wujud soal jawab, apa dapur wejangan utawa

wiridan, iku wis terang lagi kalebu ing ttaran Tarekat bae, mulane

diarani tarek. Nanging kang dapur wejangan utawa wiridan, akeh kang

tampa penerangan, sarta anggone nampani kudu kanthi tarek (tarikat,

sesirik) anjalari akeh kang pada ketarik.

Dene tekane ing tataran Kakekat isih nyamut-nyamut. Tekane

tataran Makripat saya nyamut-nyamut banget.

Mulane kowe aja duwe panemu, dumeh wis ngerti, iku wis tekan

ing tataran Kakekat utawa Makripat, iku ora. Duwur-duwure mung lagi

awoh iman lan iktikad, kang minogko ancer-ancer pangudining Kakekat

lan Makripat kang nyamut-nymut iku.

Aja gumampang, nanging iya aja enggal “putus asa” lan aja

ngapes-ngapeske diri pribadi

Kita anggayuh Makripat iku ora aran aneh lan nyleneh, amarga

Pangeran piyambak andawuhake mengkene : kullamaa ruziquuwa

minhaa min tsamaratin rizqan qaaluuwa hadzaa adzdzie ruziqna

min qablu wa utuwabihi mutatsabihan (Al Baqarah 25 = menawa

wong-wong iku diparingi rejeki saka woh-wohan swarga, pada celatu :

“iku rak pada kang wis diparingake marang aku dek biyen”). Tegese

wong-wong kang pada nemu kanikmataning swarga ana ing ngakerat

iku, wis tau ngincipi kanikmatan (makripat) nalika uripe ana ing ndunya

biyen.

Ana maneh dawuhing Pangeran kang mengkene : waman kana

fiehadziehi a’ma fahuwa fiel akhirati a’ma wa adlallu sabielan. (Israa’

72. = sapa wong kang ing kene wutha, mangka deweke ing ngakerat

uga wutha tan weruh dalan).

Page 11: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 11

Dadi wong anggayuh Makripat kang sabenere, iku ora liya mung

sumedya ngincipi swarga ing sajronng isih kesasaban raga saiki iki, lan

supaya ora wuta ana ing ndonya lan ngakerate.

11. MUDADAMA : Iya, iya, mas, aku wis ngerti. Nanging

anggonku nyuwun keterangan bab panguden kang ambebayane karo

kang orana bebayane mau kangmas durung paring wangsulan. Iku

kepriye ta genahe? Mengkono uga kang dingendikake dadi begalan

gede, nyuwun dijelaske pisan.

11. WREDATAMA : Oo, iku pepindne mengkene : Wong kang

kandeg ing sarengat tok, lire tanpa kaweruh babar pisan ing babagan

Tarekat kang jelas, iku padane wong kang ora tau lelungan,

ngumpukake sangu kanggo lunga adoh, upama lunga Haji menyang

Mekah. Yen ta bener-benere, kejaba sangu kang wujud duwit, tan kena

ora : kudu sangu kaweruh bab carane wong kang nunggang sepur,

carane nunggang kapal, carane sawise tekan ing tanah Arab, lan liya-

liyane maneh. Rak iya ta?

Hla upama wong mau tita ora oleh kawruh, mestine iya ora sida

bisa lunga, mung mandeg ana ing omah bae. Nanging rak babar pisan

ora ana bebayane, ta, malah wis berhasil bisa ngumpulake duwit kang

akeh pigunane iku (‘amal shalih = penggawe becik). Kejaba ta yen

banjur pinaringan ilham, iku ora kalebu ing pepindan iki.

Dene kang ngudi Makripat utawa ngelmu Kasampurnaning pati,

mangka kurang jelas penerangane mau, padane wong lunga Haji, wis

kebanjur ana sajroning sepur utawa sajroning kapal, nanging ora

nganggo karcis utawa tiket, tur ora ngerti parane kang ditunggangi iku,

lan ora ngerti Mekah iku ngendi pernahe. Wong iku ana kang sesangu

ana ing babar pisan ora sesangu.

Apa mengkono iku dudu bebaya gede? Hla iya golongan iki kang

adakane banjur nenacad wong nglaloni sarengat, kosok baline banjur

diecap “klenik” dening para ahli sarengat.

Wong kang netepi pernatan, mituhu ing prentah, tunduk marang

disiplin, . . . . . . . hla kok dicacad ! iku rak iya kebangeten sing nacad

ta? Mestine, senajan awake dewe ora nglakoni Sarengat, ora bisa

nenacad wong nglakoni Sarengat iku.

Page 12: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 12

Mulane, upama kowe anggayuh marang Makripat, prayogane uga

nglakoni sarengat, agama apa kang kok cocogi. Iku dadi pondemen, lan

anggampangake gegayuhanmu, saukuring drajat martabatmu. Yen ora

bisa nglakoni, iya mangsa boronga, sok uga aja nyepeleake wong

nglakoni Sarengat.

Kosok baline, upama kowe temen-temen panggayuhmu marang

Makripat kowe ora usah kuwatir didakwa “klenik”. Saupama angger

Makripat iku klenik, hla rak ora ana kang jeneng mu’min Khas, ora ana

kang jeneng Wali, lan ora perlu para failasuf ngarang kitab-kitap

falsafah lan para shufi ngarang kitab-kitab tashawwut.

Dene kang pawigatene mung marang kang gaib-gaib iku :

a. yen wong mau wis oleh penerngan kang jelas, lan wis ngancik

tataran Kakekat, padane wong lunga Haji, ketungkul nonton

ramene kuta Jakarta.

b. Yen wong mau durung oleh penerangan kang jelas, serta

durung ngancik tataran apa-apa, padane wong lungan kang

sedyane mung arep nonton adi endahing paran, ora ngerti

kang adi endah iku apa, lan deweke iku ana ing kuta ngendhi.

Bab lunga Haji ora kepikir babar pisan utawa mung dipikir

“sambil lalu” bae.

Wis, wis, semene bae, sajake kowe wis sediya pitakonan kang

hebat. Mara arep takon bab apa?

12. MUDADAMA : Isih kagolong arep nyelani disik, supaya

wuwuh pangertiku, mas. Kangmas mau ngendikake kawruh kasunyatan

utawa kajiwan utawa liya-liyane mau kabeh, hla iku pancen pada bae,

apa ya beda-beda? Yen seje ucape iku mestine rak iya seje wujude lan

seje tegese, ora ketang bedane mung setitik. Apa ora mengkono?

12. WREDATAMA : We lha, yen ngrembug kasunyatan nganggo

ngudi patitising tembung, iku ya rada angel. Awit tembung-tembung

kang dipigunakake ing andaran Kasunyatan iku kang akeh-akeh

tembung Arab utawa Sanskrit, kang wis pada mingsed karo tegese

kang bener. Mulane yen kowe mahami salah sawijining andaran iku:

rasakna maksude bae.

Page 13: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 13

Mengkono uga bab jeneng-jeneng kawruh kang kok takokake iku,

satemene ora mung beda setitik bae, ana kang bedaning tegese iku

akeh banget. Nanging lumrahe dirayud bae, dianggep pada.

“Kasunyatan” tembung jawa, iku luguning tegese mung tekan ing

tataran Kakekat bae, sebab asal saka lingga “nyata“ kang tegese haq.

Nanging Kasunyatan kang asal saka tembung Sanskrit “sunyata“

(babagan surya babagan suwung), iku mengku teges wis tekan ing

tataran Makripat (‘arifin).

“Kajiwan“ karo “ka-Rokhaniyan“ iku pancena teges pada yaiku

kawruh babagan jiwa utawa roh, lire: badan alus. Nanging ing wektu

saiki, tembung “jawi” iku akeh kang mung areges budi-pekerti,

terkadang ateges semangat, malah ana kang mung ateges …………..

napsu (nafsu). Hla iku pancen rak dudu kawruh ka-Allahan, awit roh

(jiwa) iku dudu Alloh.

“Kasuksman“ iku luguning teges: kailangan, awit “suksma“ mono

tegese ilang utawa ora kasatmata. Nanging wis wiwit kuna Mula Gusti

Allah iku sok disebut Hyang Suksma, mulane kawruh Kasuksman iku

uga dianggep pada tegese karo ka-Allahan.

“Ka-Allahan“ tetembunge Indonesia ke-Tuhanan, iku kawruh kang

nerangake bab Dat, Sipat, Asma, Apngaling Pangeran. Kena dijembarake

maneh: uga bab carane ngabekti marang Allah, lahir lan batin, iya

Sarengat, Tarekat, Kakekat, lan Makripat iku mau.

“Kabatinan“ iku luguning teges: sakabehing kawruh kang dudu

babagan lahir. Dadi: sawernaning aji-aji lan kaluwihan iku kalebu kawruh

Kabatinan kabeh. Hla iku pancen ora kalebu kawruh ka-Allahan.

“Sangkan-paran“ iku kawruh kang nerangake sangkane (asale) dek

durung tumith kepriye, lan parane (ing tembene) kepriye. Dadi upama

ora mlenceng iya pada karo Kasampurnan mau.

“Nelmu Tuwa“ iku karepe uga kawruh bab sampunaning pati. Awit

wong tuwa iku lumprahe wis cepak matine, awur-awuran. Mengkon

ringkese katrangan tumrap pitakonmu mau, miturut pikiranku.

13. MUDADAMA : Iya mas, ringkes-ringkes aku wis trima. Hla

saiki aku arep nyuwun katrangan perkara kang baku, miturut ancer-

ancere kangmas mau ( bab I no.7 ), yaiku arep nyuwun pirsa bab Gusti

Allah.

Page 14: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 14

Ana kang duwe penemu, satemene Gusti Allah iku mung “asma“

anggep-anggepan utawa pengaran-aran bae. sejatine ora ana.

Digolekana ana ing ngalam ngendi bae, ora bakal ketemu. Penemu

mengkono mau mungguhing kangmas kepriye?

13. WREDATAMA : Mengko ta, soale iku kudu dipilah-pilah, aja

dicampur aduk, supaya ora kisruh.

Bab tembung “Allah“ iku mula bener pancen mung asma utawa

aran yasane si manungsa iki. Dene si manungsa anggone yasa aran iku

miturut basane lan panganggepe wong dewe-dewe. Kang yasa tembung

Allah iku wong Arab, tegese: kang disembah. Yen bangsa Jawa ngaturi

jejuluk Pangeran, tegese: kang dikawulani (dingengeri). Ing basa

Indonesia kasebut Tuhan tegese: “tuan“ utawa “de heer“ yaiku majikan

(bendara).

Dadi aja kok-kira yen Allah iku asma eigennaam kaya dene jeneng

suta, Naya, iku ora. Anggone nulis nganggo aksara gede (hoofdletter)

malah diwuwuhi tembung “Gusti“ iku mung “tata karma“ bae. Dadi

anggonmu ngarani mung asma anggep-anggepan utawa pengaran-aran

iku ora salah.

Nanging wuwuhanmu kang muni “sejatine ora ana“ iku ora

bener. Sebab sakabehing aran, ora peduli mung pengaran-aran utawa

aran eigennaam, kang diarani iku mesti ana.

Sarehning tembung “Allah“ iku kang yasa manungsa, mengkono

uga tembung liya-liyane, mulane ana sawenehing wejangan kang muni:

“Manungsa iku dadi kelawan pribadi, sadurunge Allah, malaekat, bumi,

langit: ana”. Hla iku tetep mung rembug pokrul-pokrulan, ora perlu

dirasakake.

Bah ana utawa ora ana iku, kejaba ora gumantung arane iku

aran anggep-anggepan utawa aran eigennaam, uga ora gumantung

ketemu utawa ora ketemu anggone nggoleki. Contone wiwit kang kasar

tekan kang alus mengkene:

Baksil iku rak terang ana, ta? Nanging biasane kita yaqin anane,

yen kita tonton sarana mikroskoop.

Atoom iku rak terang ana, ta? Nanging luwih lebut tinimbang

baksil. Mulane anggone ngyaqinake anane, ora sarana mikroskoop,

yaiku sarana piranti liyane kang misahake si atom saka barang kang ana

atoome.

Page 15: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 15

Rupa abang iku rak terang ana, ta? Nanging ditontona nganggo

mikroskoop, dipisaha nganggo cara kepriye bae, ora bisa. Bola-bali

mung bisa kepetuk karo barange kang ketempelan si abang, kayata

kembang wora-wari.

Rasa pedes iku iya ana, ta? Nanging uga ora bisa dinyatakake

nganggo mikroskoop utawa piranti pamisah, bola-bali kita mung bisa

kepetuk karo barange kang kadunungan si pedes, kayata Lombok.

Hla dina Ngahad iku rak iya terang ana, ta? Nanging kepriye bisa

kita kepetuk karo si Ngahad mau, kang luwih alus tinimbang karo si

abang utawa si pedes?.

Yakin kita kepetuh karo si Ngahad, mestine ora kaya kepetukmu

karo aku “tuk“ mengkene iki. Upama weruh kantor-kantor pada

tutup,sekolahan lan gadeyan uga tutup, ndadak kelingan dek wingine

sore mambu wong ngobong menyan, …………….. rak iya banjur bisa

netepake yen wektu iki Ngahad temenan, ta?

Anadene bab Gusti Allah mau, yen mungguhing aku ; aku yaqin

kang sak yaqin-yaqine, Gusti Allah iku ana. Iku ora mung ketarik saka

tiru-tiru jalaran krungu tembung dzat wajibu’lwujuud (dat kang wajib

anane) iku ora. Iya kaya yaqinku bab dina Ngahad mau kae.

Aku lan kowe ora bisa rembugan mengkene iki, cekake uwong iki

ora bisa tumindak apa-apa, upama Dat kang wajib anane iku ora ana.

Mulane ora percumah bae kaum Muslimin saben arep tumandang apa-

apa ngucap bismilah utawa bismillahi’rrahmani’rrahiem (atas asma

Allah kang Maha Murah lan Maha Asih). Emane, dene kang akeh-akeh,

pangucape mau mung kagawa saka pakulinan bae, ora terus ing ati

sanubari.

Mengkono uga ora percumah lapel kang muni : laakhaula

walaaquwwata illa billah (ora ana daya kekuwatan kejaba kanthi

pitulunging Allah). Emane, tumrap bangsa kita kang wuta tembung

Arab, lapel mau anggone ngucapake dadi “ wala-wala kuwatta” sarta seje

tegese.

14. MUDADAMA : Maaf, mas. Kangmas ngendika “uwong ora bisa

tumindak apa-apa, upama Gusti Allah iku ora ana“, iku genahe kepriye?

Lan apa ana andaran liyane maneh kang njalari kangmas yaqin sak

yaqin-yaqine bab anane Gusti Allah iku?

Page 16: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 16

14. WREDATAMA : Bener, orakena ja wigih-wigih, yen atimu

durung marem !

Mestine sapa bae rak iya yaqin ta, yen deweke iku ora bisa

tumindak apa-apa, kejaba kelawan pitungganing Allah? Tandane deweke

ora bisa migunakake peranganing awake, --- kang diaku duweke, ---

miturut sakarepe dewe. Kayata ora bisa nganggo mripate gentenan, siji

turu siji melek. Ora bisa nggondeli umure semenit bae, yen wis tekan

mangsane kukud.

Hla sajroning isih urip iki ndadak kadunungan sipat apes lan lali

barang.

Iku kahanan kang ana ing badan kita. Saiki coba mikira kahanan

alam kang gumelar iki, kayata:

Sapa kang nitahake rembulan lan srengenge serta mernata lakune

kanthi ajeg, kang ora bisa dipengaruhi dening manungsa? Sapa kang

nitahake bumi, segara, kali, gunung, dalah isine iki kabeh? Sapa kang

nitahake udan lan tetuwuhan kang minangka pangane machluq iki?

Cekake akeh banget tanda saksine, macaa Qur’an, saiki rak wis akeh

kang ditarjamah ing basa daerah utawa basa Indonesia.

15. MUDADAMA : Katrangan iku aku durung marem, mas! Apa

kang dingendikakake iku mau kabeh, kita rak mung kari nemoni barang

kang wis gumelar. Sarehning rumangsa ora bisa gawe lan ora bisa

mernata, banjur tuwuh pangira-ira kita miturut hokum ngadat : mestine

ana sing gawe, kira-kira ana sing mernata, patute sing gawe lan sing

mernat iku kuwasa bange t . Apa ora mengkono?

15. WREDATAMA : Hla mbok ngono ! iki jeneng diskusi (tukar

pikiran) temenan. Nanging saiki aku genten wenehana katrangan disik :

Perkara kahanan kang wis gumelar iki mau kabeh, mungguhing kowe :

kepriye dumadine? Lire saka dayaning apa, lan apa sebabe dumadi ?

16. MUDADAMA : Dumadine iku dengan sendirinya (dadi

pribadi), mas! Yaiku kang diarani Natuurwet utawa angger-angger

Kudrat. Hla sebabe dumadi saka kumpuling adon-adon utawa kumpuling

daya tarik-tinarik.

Page 17: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 17

16. WREDATAMA : Bagus! Hla kang nganakake wet utawa angger-

angger: yen iki kumpul karo iku dadi mengkene, yen kiye tarik-tinarik

karo kuwe dadi mengkono, iku sapa utawa apa anggonmu ngarani?

17. MUDADAMA : Kang nganakake angger-angger Kudrat iku, ora

liya kejaba Kudrat. Kang nganakake Natuurwet, hiya ………….. Natuur.

Hla iya Natuur iku daya kekuwatan kang duwur dewe. Sak nduwure

Natuur wis ora ana kekuwatan maneh.

17. WREDATAMA : Mengko ta disik. Kang kok kandakake iku,

kowe mung nirokake kapracayan lan gegebenganing liyan, apa

kapracayan lan gegebenganmu dewe? Upama iku iman lan iktikadmu

dewe, apa ya kowe wis mantep temenan? Wis ora tida-tida?

18. MUDADAMA : We hla konangan wadiku ! Upama aku wis duwe

kapracayan lan gegebengan mengkono, rak ora perlu nyuwun

penerangan mrene. Aku mung nirokake panemune golongan

Natuuralist bae, kok mas! Aku dewe isih bingung, embuh-embuh kang

tak antepi. Ana panemu kaya mengkono, kaya-kaya arep katut, jer ora

bisa ngunggahi maneh, nanging kok hiya ora …….. wani, jer durung

sreg.

18. WREDATAMA : Hla ngono ta genahe. Yen “kudrat” kang kok

sebut-sebut iku mau kudrat tembung Arab (qudrat), iku pancen

saperangan saka sipat-sipating Pangeran, dene tegese: kuwasa. Sipat

“kadiran” (qadiran) tegese: kang kuwasa. Mulane ora kliru yen Gusti

Allah iku sinebut Kang Maha Kwasa, nanging iku mung nyebut

saperangan saka sipate bae. Sipat liya-liyane isih akeh.

Dadi: dudu si Kudarat iku daya kekuatan kang duwur dewe,

benere: daya kekuatan kang duwur dewe iku hiya kang kagungan sipat

Kudrat lan sipat Kadiran mau.

Hla…. yen kudrat utawa kodrat tembung Jawa, surasane rada

akeh empere karo kang kok sebut natuur mau kae. Yen aku ora kliru

“kodrat” tembung Jawa iku ateges ya wis mengkono iku, dene “natuur”

iku ateges kabeh kang gumelar iki, Indonesiane alam semesta.

Page 18: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 18

Iku, uga durung sreg yen dianggepa daya kekuatan kang duwur

dewe. Awit, upama kenaha tak tembungake makarti, iku mau kabeh

mung uwohing makartining Pangeran. Dene Pangeran iku yen kersa

nitahake sawiji-wiji : yaquululahu fayakuun (Al Baqarah 117, Maryam

35, Ya’sin 82 = angandika Panjenengane: “anaha”, sira banjur ana)’.

Hla saiki kowe ngertiya kang jelas bukti-buktine, yen natuur kang

dianggep daya kekuwatan utawa panguwasa kang duwur dewe dening

golongan Naturalist iku, sak temen-temene dudu daya kekuwatan

utawa penguwasa kang duwur dewe:

(a). Kaum Naturalist duwe keyaqinan, yen kabeh kedadeyan

(akibat) iku mesti ana sebabe, nanging nyatane ana pira-pira kedadean

kang deweke ora bisa nemokake sebabe, alias ngambah dalan buntu.

Sebab dipikir saka kumpuling adon-adon ora tinemu, saka kumpuling

daya tarik-tinarik, uga ora tinemu. Kayata:

Apa sebabe watake si A. iku rupak, bingungan, sedihan, nanging

si B. longgar, ora bingungan lan tansah gembira? Sebab adon-adone ora

pada. Bener! Nanging apa sebabe adon-adone teka beda-beda?

Wangsulane mung k a p i n u j o n utawa d u m a d a k a n (touvallig)

mengkono!

Apa sebabe si C. sregep tuku lotre teka ora tau menang, barang si

D. jajal-jajal tuku lot sepisan teka oleh pris nomer siji ? Wangsulane iya

mung kapinujon utawa dumadakan iku mau.

Mangka kita kang percaya marang ananing Pangeran, ora tau

ngambah dalan buntu mengkono iku, senajan kita uga yaqin marang

ananing angger-angger sebab lan akibat (wet van oorzaaken gevolk).

Kapinujon utawa dumadakan, kang sajak anggungu karepe dewe iku,

mungguhing aku: ora ana. Jer iku satemene wis nurut garis kersaning

Pangeran kang Maha Adil.

(b). Natur iku sipate bisu, nanging Gusti Allah iku kagungan sipat

Kalam (kalam) kang tegese : pangandika lan sipat Mutakaliman

(mutakalieman) kang tegese : kang ngendika. Mulane ana titahe kang

oleh dawuhing Pangeran, yaiku para Nabi.

(c). Natur iku sipate wuta, tuli, bodo, lan liya-liyane, cekake hla

mbok tak kandakna sawengi natas, mangsa rampunga. Padane nanding

wulane sealer gajah karo gajahe.

Page 19: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 19

19. MUDADAMA : Iya, iya, mas, aku wis ngerti. Aku wis yaqin yen

Gusti Allah iku ana, lan Panjenengane iku daya kekuwatan utawa

panguwasa kang duwur dewe.

19. WREDATAMA : Sukur, yen kowe wis kasinungan iman.

Nanging kowe mangertiya, imanmu iku isih kagolong imane wong

taqlid, tegese mung tiru-tiru wong akeh utawa gugon-gugonen

kakangmu, aku, kok piker: mangsa ta duwe maksud nasarake ora.

Syeeh Iman Ghazali, anggone nerangake bab iman iku ana telung

warna:

(1). Imane wong gugon-gugonen iku mau, padane kowe percaya

yen kampung sentul iku ana wong jenenge Mas Pawira, pawakane

bagus, omahe marep ngidul, ngadepake dalan gede. Jalaran wong akeh

pada nyritakake mengono. Iman kang semono iku, yen wong akeh kliru,

kowe milu kliru. (Mulane iya gampang owah gingsire. Pengutip).

(2). Imane wong ahli kitab Agama (Usuluddin), padane wong kang

percaya yen ing kampung Sentul mau mula bener ana wong jenenge Mas

Pawira, jalaran wis tau liwat ing ngarepe omahe, lan wis tau krungu

suwarane Mas Pawira saka ndalan. Iman kang semono iku iya isih bisa

kliru, sebab suwara kang rinungu mau durung karuwan yen suwarane

Mas Pawira temenan (Mangka omahe tanpa naambord. Pengutip).

(3). Imane wong Ahli Makripat (‘arifin), padane wong kang percaya

yen ing kampung Sentul mau mula bener ana wong kang jenenge Mas

Pawira, pawakane bagus, jalaran wis tau maradayoh lan wis tau ketemu

karo Mas Pawira dewe. Iya iku iman kang sak bener-benere. Ewadene

isih nganggo unda-usik, kayata; yen anganggone maradayoh iku wayah

surup, mestine kurang ceta tinimbang karo sawise nyuled lampu.

Patemon mawa dammar lampu mestine kurang ceta tinimbang karo

mawa dammar srengenge (awan).

Page 20: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 20

20. MUDADAMA : Kepriye nalare, kangmas kagungan pangira:

yen kapercayanku marang anane Pangeran iku lagi kalebu kapracayan

kang gampang owah gingsire?

20. WREDATAMA : Mesti bae weruh ! Jer sakawit isih tida-tida,

wusana dengan mendadak sontak kowe saiki nglahirake wis duwe

kapracayan ingatase perkara kang gawat mengkono.

Hara, apa kowe ngerti : apa sebabe titah iki wajib bekti marang

Pangeran? Upama kowe wis nindakake bekti, mesti ing angen-angenmu

iku ana maksud ngarep-arep tampa ganjaran serta wedi bakal tampa

siksa. Rak iya ta ? mangka ing Qur’an nerangake wamaa

dhalamnaahum walakin dhalamuu anfusahum (huud 101, Al’ankabut

40 = Allah ora nganiaya kawulane, nanging para kawula kang nganiaya

awake dewe).

Apa sebabe kowe ngarep-arep tampa ganjaran serta wedi tampa

siksa iku???

Sebabe : Pangeranmu iku kok gambar-gambar wujud anjenggereg

lenggah damper kencana ana ing langit. Utawa wujud Markas kang gede

banget, kanthi anggota staf kang akeh banget: juru maringi dawuh,

matedani ganjaran lan matrapi paukuman. Rak iya ta ?

Mulane yen kowe lagi nemu karibedan. Iyo sok nyenyuwun

barang, dene yen lagi nemu kabungahan, adate kowe lali. Elingmu mung

yen lagi ngabekti, luwih-luwih yen lagi karibedan iku mau.

Hla yen kowe nyenyuwun mangka ora kalaksanan, atimu kok

peksa-peksa milu ngarani yen Pangeran iku adil. Arep muni ora adil, ora

wani. Nanging sak jatine atimu durung nrima, sebab kowe durung dong.

Anggonmu ngarani adil iku mung tiru-tiru kandane wong akeh bae. iya

apa ora ?

21. MUDADAMA : Aduh kangmaaaas ! Mula nyata mengkono iku

pangangen-angenku. Hla gek kang sinebut Pangeran iku apa ? apa hawa

? dudu. Apa cahaya ? dudu. Apa daya ? dudu. Nyuwun diterangake kang

sak jelas-jelase : apa lan endi ta Pangeran iku?.

Page 21: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 21

21. WREDATAMA : Mesti bae kabeh-kabeh dudu, jalaran kang kok

sebut-sebut iku mau kabeh barang anyar, kang kena ing aral owah

gingsir. Balik Pangeran iku disik tan ana kang andisiki, sarta langgeng

tan kenaning owah gingsir.

Cekake : aja maneh Zonnestelsel (wilayahing srengenge), hla

wong sak njabaning Zonnestelsel pisan. Uga liniputan Dating Pangeran

Kang Maha Agung. Mangka lagi anggambarake Zonnestelsel bae, nalare

wong wis ora gadug. Rak iya, ta?

Pitakonmu “Pangeran iku apa lan endi” iku kadohan panjangkah.

Becike ngawruhana sipat-sipate bae disik. Sipat-sipating Pangeran iku

dipertelakake ceta ana ing Qur’an, sarta wis ana kang ngimpun lan wis

dimupakati ing ngakeh : 20 kehe, yaiku:

1. Wujud = ana

2. Qidam = disik tan ana kang andisiki

3. Baqaa = langgeng

4. Muhaalafah li’lhawaaditsi = beda kelawan kang anyar

5. Qiyaamu bi nafsihi = jumeneng kelawan piyambak

6. Wahdaniyat = sawiji

7. Qudrat = kuwaos

8. Iraadad = karsa

9. Ilmu = kawruh

10. Hajjat = gesang

11. Sama’ = miyarsa

12. Bashar = uninga

13. Kalaam = ngendika

14. Qaadiran = kang kuwaos

15. Muridan = kang kagungan karsa

16. Aliman = kang kagugan kawruh

17. Haiyan = kang gesang

18. Sami’an = kang miyarsa

19. Bashiran = kang nguningani

20. Mutakaliman = kang ngendika.

Page 22: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 22

22. MUDADAMA : Nyuwun nyelani disik, mas ! Sipate kang angka

14 tekan angka 20 iku mau, kaya-kaya mung ambelani sipat angka 7

tekan angka 13. Apa ana bedane? Yen pada bae, rak kena diarani

Pangeran iu mung mengku sipat 13 ora 20 ?

22. WREDATAMA : Kepriye ta kowe iku ? Bedane tembung

kuwaos karo kang kuwaos iku rak wis terang : “kuwaos” iku araning

kahanan kang andunungi, kaya dene putih, bunder, duwur lan liya-

liyane. Dene “kang kuwaos” iku mratelakake kang kadunungan ing

kahanan kuwaos iku. Tembung Arab sipat (shifat) iku tegese

pambeda, ora mung ateges kahanan bae, mulane uga kena

ditumrapake marang kang kadunungn kahanan : kang kuwaos beda

karo kang ora kuwaos. Iya apa ora?

Bab sipating Pangeran iku satemene akeh banget. Nanging ahli

agama dek jaman samana duwe panemu : yen cacah 20 iku wis bisa

ngemot sipat-sipat kang kasebut ing Qur’an kabeh, kayata sipat Maha

Gagah, Maha Wicaksana, Maha Jembar, Maha Paring Ngapura, lan liya-

liyane, apadene kang wis kerep kok rungu (lan uga kasebut ing Qur’an) :

Maha Murah, Maha Asih, Maha Adil, Maha Agung, Maha Luhur, Maha

Mulya, Maha Suci, Maha Wikan lan liya-liyane. Siji-sijine iku kalebu sipat

endi saka 20 iku, mestine kowe bisa mikir dewe.

Sipat 20 iku diarani sipat wajib, hla sipat mokal uga 20, yaiku

kosok-baline sipat wajib iku. Banjur diwuwuhi maneh sipat wenang.

Dadi gunggunge sipating Pangeran iku kasebut ing wulangan ‘Aqaid ana

41.

Anadene sipat wajib 20 mau ana ing wulangan Usuluddin

diperang (diringkes) dadi 4, yaiku :

a. Sipat angka 1 diarani sipat Nafsiyah = kang dianggep awak.

b. Sifat angka 2 tekan 6 diarani sipat Salbiyah = kang ngorakake

kosok-baline.

c. Sipat angka 7 tekan 13 diarani sipat Ma’ani = kang andunungi

ing sipat Nafsiyah.

d. Sipat angka 14 tekan 20 diarani sipat Ma’nawiyah = kang

kadunungan sipat Ma’ani.

Ing layang-layang w i r i d ana kang pamerange mengkene

a. Sipat angka 1 diarani sipat jalaal tegese Maha Agung.

Page 23: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 23

b. Sipat angka 2,3,4,5, diarani sipat Jamaal tegese Maha Elok.

c. Sipat angka 11,12,13, serta angka 18,19,20, diarani sipat

kamal tegese Maha Sempurna.

d. Sipat angka 6,7,8,9,10, serta angka 14,15,16,17, diarani sipat

qahaz tegese Maha Wisesa.

Ana maneh sipat-sipating Pangeran kang kerep kecangking

dening para ngudi Kasunyatan, yaiku : gesang tanpa roh, kuwaos tanpa

piranti, tan wiwitan tan wekasan, tan kena kinaya ngapa, ora jaman ota

makan (makam), ora arah ora enggon, adoh tanpa wangenan cedak

tanpa gepokan, ora njaba ora njero nanging nglimputi kabeh kang

gumelar iki …………….. lan liya-liyane.

Senajan wis dicetak-cetakake kaya mengkono, ewadene kang

nampi isih …………. Bingung, jalaran batine isih madak-madakake

utawa ngentha-entha sipating Pangeran iku isih kiwa tengene, yaiku

barang-barang kang …….. anyar , iki.

Hla nggih tiyang , kok mas !

23. MUDADAMA : Nyata mas ! Pancen aku isih bingung, durung

bisa ngecupi endi ta kang sinebut Pangern iku ?

Tak rasak-rasakake kok bener dawuhe para ahli Agama, kang

maksude mengkene:

“Ing kaweruh Tashawwuf Islam ora ngrembug kakekate Dating

Pangeran, mung aweh pituduh bab pangulahing ati, minangka

panggayuhe ngelmu Makripat. Yen pituduhing Tashawwuf iku

ditindakake kanthi temen-temen, ora mokal upama oleh pitulunging

Pangeran, banjur binuka ing kawruh Kasunyatan, kang bisa terang

marang gaibing Pangeran”.

Mengkono dawuhe. Hla panemune kangmas kepriye ?

23. WREDATAMA : Yen bab bener lan ora bener, sak temene

mung gumantung seneng parenge wong dewe-dewe, angel anggone

ngebabi. Yen bab gampange iku aku wani tanggung: pancen nyata kaya

mengkono. Mau (Bab I no 9) aku rak wis kandha : Wong nglakoni

sarengating agama apa bae kang dicocogi, janji kanthi temen-temen,

yen kepareng uga bisa oleh ilham. Bedane karo kandamu iku mau, saiki

Page 24: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 24

nganggo tambah nindakake pituduhe kawruh Tashawwuf, iya luwih

prayoga.

Nanging kang kok kandakake iku mau rak panemune pujangga

utawa pandita dek jaman semana, ta? Yaiku dek jamane, kahananing

masyarakat durung semene majune, ta?

Dadi dudu dawuhing Al Qur’an ! yen Al Qur’an, malah tansah

nganjurake supaya uwong pada migunakna akal lan pikirane. Saka

panemuku, migunakake akal lan pikiran mono iya ngrembug bab Gusti

Allah barang, nganti sakjelas-jelase.

Mulane aku omong mengkono, awit dawuhing Pangeran ing Al

Qur’an iku tetep salawase, nanging panemuning wong sok molah-malih,

nuting jaman, kayata : Socrates diukum pati, jalaran panemune

digelarake dek jaman semana. Bareng wis let pirang-pirang abad, wong-

wong lagi pada yaqin yen panemune Socrates mau bener. Iya apa ora?

Para ahli agama dek jaman semna duwe panemu, yen bab Gusti

Allah iku ora kena dirembug. Mula bener, sebab nalika semana durung

ana Sekolah Menengah Atas, durung ana Universiteit, pikiraning wong-

wong durung mletik kaya saiki, isih gampang mituhu dawuhing wong

tuwane, deduwurane, penuntune.

Nanging saiki, gelem mituhu iku yen wis ngerti temenan, yan wis

akal lan pikirane ngerepi.

Kayo dene maneh, senajan dawuhing ahli agama mau bener, yakin

cocog karo kahananing masarakat dek jaman semana, nanging kepriye

uwohe ?

a. Negarane Sang Pujangga utawa Sang Pandita kang kagungan

panemu mengkono mau : dadi jajahaning liya ing babagan

politik utawa ekonomi.

b. Agamane Sang Pujangga utawa Sang Pandita kang kagungan

panemu mengkono mau kususe, lan kawruh Kabatinan

umume : ora saya maju, malah saya mundur.

Jalaran : panemune mau dadi rem mekaring nalar serta andidik

marang para penganute Sang Pujangga utawa Sang Pandita dadi

manungsa kang passief lan pessimistis : arep ngene wedi, arep

ngono kuwatir, sapiturute.

Page 25: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 25

Hla saiki aku mung sumarah karepmu : apa arep meneng bae, apa

arep mersudi bokmenawa pinaringan ilham dewe, apa nerusake

gegosokan karo liyan (aku) bokmenawa mundak dawruhmu?

24. MUDADAMA : Anu, mas. Bokmenwa jalaran aku iki ala-ala iya

uwong weton jaman saiki, kang kulina migunakake akal lan pikiran, apa-

apa meksa milih ngertine disik, kang iku, yen kepareng, nyuwun supaya

kangmas narusake maringi penerangn kang bisa tinampa ing akal

pikiranku.

24. WREDATAMA : Iya sak karepmu, nanging akal lan pikiranmu

anggonmu nenandingi Gusti Allah karo kahanan kang anyar iki, selehna

dhisik. Ora saka bodomu, nanging insyafa, yen Gusti Allah iku pancen

dudu bangsane barang anyar, kang kena kok gambar-gambar saran akal

lan pikiranmu. Yen wis kok selehake, mengo rak ora bingung, ora

barang; Mara, saiki kowe arep takon bab apa?

25. MUDADAMA : Iya mas wis tak selehake akal lan pikiranku

anggonku nggambar-nggambar kakekate Dating Pangeran. Hla wong

mikir endog pitik karo pitike disik endi bae : ora bisa, ndadak mikir

Gusti Allah. Rak iya salahku dewe. Nanging aku arep nyuwun pirsa disik,

apa kita iki ora kalebu golongan Muktajilah ta, mas?

25. WREDATAMA: Hlo, hlo, hlo kowe kok wis tau krungu tembung

“Muktajilah” (mu’tazilah) barang! .......................

Tumrap wong kang aktief lan optimis iku insyaf, yen nasibe ana

ing ndunya lan ngakerat iku tanggungane dewe, dudu tanggungane

kana-kana. Mulane kang dianggo gondelan dudu kandane sapa-sapa,

yaiku mung siji : wewarahing kitab agama kang rineksa ing owahe.

Mangka ing Qur’an terang nganjurake wola-wali, supaya pada

migunakake akal lan pikiran, malah nerangake yen para jin lan

manungsa kang pada kecemplung nraka Jahanan iku kang lahum

quluubu laayafqahuuna bihaa (Al A’raf 179 = duwe ati nanging ora

dianggo mikir).

Bab kalebu golongan Muktajilah utawa ora, iku sak temene

gampang anggone anggagapi atine dewe (zelfkorreksi). Pancene ora

perlu kuwatir : Samangsa pangulir muluring nalar iku ana ambu-ambune

Page 26: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 26

mungkur mungkir bab ananing Pangeran, utawa ngurangi ing ka-

Agungane, kayata golongan Naturalist kang kok kandakake mau, hla iku

mestine kalebu golongan ………… Qadariyah, tetep kasebut kapir

(kafir). Anadene Mu’tazilah kang kok wedeni iku kaya-kaya durung

mesti yen kapir. Awit saweruhku, andarane mung perlu dianggo

ambantah lan anjajagi iktikade wong ahli Sunnah, yaiku golongane

wong kang panemune kaya pujangga utawa pandita kang mentas

digunem iki mau (bab I no.23). Ahli sunnah kang kolot banget, ora

mung Qadariyah lan Mu’tazilah bae kang dianggep kapir, dalah para

Failasuf (ahli falsafah) uga dianggep kapir. Mangka perlune falsafah iku

kanggo nandesake iman, supaya imane ora mung taqlid (anut-

grubyug) bae.

Ewadene yen kowe tansah kuwatir disalahake kana-kana, kang kok

kira bakal nanggung nasibmu ing ndunya lan ing ngakerat, iya uwis,

“selamat tinggal” tetepa passief lan pessimistis, aku tak mlaku

dewe……………

26. MUDADAMA : Ora kok mas ! Kekuwatiranku bab Muktajilah

iku mau jalaran durung ngertiku. Aku saiki wis ngerti garis-garise, mula

arep mbanjurake nyuwun penerangan :

Ana golongan kang nekadake ing ndalem iktikade, yen Allah iku

sak jatine ora liya kejaba Ingsun. Hla iku kepriye ta genahe ? Yen

iktikad mau cocog karo iktikade kangmas, aku nyuwun keterangan :

kepriye gatuke karo bab anggone nitahake isining alam iki kabeh mau,

lan kepriye gatuke karo sipat-sipating Pangeran kang wis dirembug mau

kae (bab I no. 21,22) ?.

Hla yen ora cocog karo iktikade kangmas, perangan endi kang ora

dicocogi iku ?

26. WREDATAMA : Oo, adiku nake si bapa karo sibiyung ! Kowe

saiki takon Sastracetha Wadiningrat ? Mara prastawakna kanthi pikiran

kang wening, saiki kita ngambah dalan simpangan : kang siji menyang

swarga, sijine menyang nraka.

Ing pedalangan dikandakake, sapa kang ngerti marang

Sastrajendra Hayunigrat iku, yen raseksa, patine awor lan manungsa

kang sampurna, yen manungsa, patine awor lan dewa kang minulya.

Page 27: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 27

Mulane digandrungi banget dening Prabu Sumali, kasebut ing layang

“Lokapala” mengkene (sinom) :

Sastrajendra Hayuningrat, pangruwat barang sakalir,

kapungkur sagung rarasan, ing kawruh tan wonten malih,

wus kawengku sastradi, pungkas-pungkasaning kawruh,

ditya diyu reksasa, myang sato sining wanadri,

lamun weruh artine kang Sastrajendra.

Rinuwat dening Batara, sampurna padinireki,

atmane wor lan manugsa, manugsa kang wis linuwuh,

yen manugsa udani, wor lan dewa patinipun,

jawata kang minulya, mangkana Prabu Sumali,

duk miyarsa tyasira andandang sastra.

Banjure (dandang-gula) :

Jog tumedak Sang Prabu Sumali, saking palenggahan nawaretna,

angrepepeh neng ngarsane, arsa mangraup suku,

Sang Pandita gupuh nedaki, pan sarwi kipa-kipa,

nyandak astanipun, duh yayi Prabu Ngalengka,

Sampun sampun paduka arsa punapi, anguncapaken asta.

Aturnya lon Sang Prabu Sumali, saking sukune manah kawula,

amiyarsa pituture, ing tyas langkung kapencut,

nugrahanen kakang pun yayi, Sastrajendra juningrat,

pangruwating driyu,

pun yayi liwat druhaka, tinitah wil sato padane neng bumi,

pae lawan manungsa.

Sampun tanggung nggen paduka asih, ing kaswasih mbenjang

Ngariloka,

cangkingen wosing deweke, prasetyamba pukulan,

sampun menggah nini Sukesi, nagari ing Ngalengka,

lan saisinipun, jro pura katur sadya,

Page 28: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 28

nadyan pejah gesang tan ngeraos ndarbeni, langkung krasa

paduka.

Prasetyane Prau Sumali iku ora anggumunake, jer gede-gedening

bandane wong urip iku dudu karaton saisine, yaiku nyawane. Ewadene

nyawa iku dianggep remeh bae yen ditanding karo ……… kapercayan.

Mulane umat Islam pada wani perang sabil, Umat Kristen pada wani

perang salib, wong Jepang pada wani jibaku, sebab duwe kapercayan

yen bakal munggah swarga.

Dene bab Sastrajendra iku mau, senajan luwih pengaji tinimbang

nyawane, nanging perlu ditambahi : yen ora kliru penampane. Hla yen

kliru ing penampa, iya raseksaha, iya manungsaha, bakal dadi endog

amun-amun ana ing nraka. Hlo rak gawat ta ?

Jalaran saka gawate iku, mula wiwit biyen mula, ing tanah ngendi

bae, agama apa bae, dadi larangan. Yen anggone nglarang iku jalaran

saka pangemane marang kang kliru ing panampa, iku ya rada ana

benere. Nanging ana uga kang anggone nglarangi iku jalaran nguwatake

marang kang ora kliru ing penampa. Sebab kang ora kliru penampane

iku apes-apese dadi wong kang tatag, tanggon, ora gugon tuhan, ora

gampang di pengaruhi jer wis persasat nyekel Kunci Swarga. Namung

durung mlebu swarga lan durung mangan rejeki woh-wohan swarga hlo

(bab I no.10) aja gumampang.

27. MUDADAMA : Iya mas. Hla bebayane kang kliru ing penampa

iku genahe kepriye?

27. WREDATAMA : Mau (Bab I no. 11) aku gawe pepindan wong

lunga Haji wis kebanjur nunggang sepur utawa kapal, nanging ora ngerti

parane kang ditunggangi, lan ora ngerti Mekah iku parane ngendi. Mesti

bae bingung, lir kinjeng tanpa soca. Rak iya ta ?.

Hla tumraping Sastrajendra Hayuningrat iki, yen wong kliru

penampane, pindane kaya wong lunga Haji, kang ora bingung ora apa,

terus nunggang oto mengidul bae, ora menggok-menggok, sebab duwe

panemu yen Mekah iku parane kidul. Serta kena diparani sarana oto.

Mesti bae wusanane kacemplung ing segara. Mengkono pepindane

Page 29: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 29

sasaring pati, uga pepindane sasare nalika isih urip dadi penduduke

ngalam dunya iki.

Contone sasar ana ing ndunya: Resi Wisrawa kang mejang

Sastrajendra marang Dyah Sukesi iku, kacaritakake: Dyah Sukesi calon

mantune iku banjur dialap dewe. Wasana dadi perang rebut rabi karo

anake dewe, serta tampa paweleh anak-anake patutane karo Dyah

Sukesi pada awujud raseksa, Mangka tindake Resi Wisrawa iku mung

kagawa saka lali; apa maneh tumprap kang salah tampa.

Dene salah tampa iku umume rumaket marang wong kang

pamarsudine ora urut saka tataran nglakoni Sarengat disik. Awit ing

tataran Sarengat iku akeh latihan-latian jasmani lan rohani kang perlu

banget minangka pondamen.

Anadene pitakonmu bab wong kang nekadake : “Allah iku sak

jatine ora liya kejaba Ingsun”, ……….. aku ora bisa ngebabi kepriye

iktikade, embuh pada embuh beda karo iktikadku. Nanging mungguhing

aku, ucap-ucapan kang mengkono iku tak anggep groboh lan cepak

andadeake salah panampa.

Hla iku ora perlu tak onceki, mengko kowe bakal ngerti dewe,

sawise ngrungokake andaranku.

Ora mung ngerti ucap-ucapan siji iku bae, tak pestekake uga kowe

bakal ngerti apa kang dikarepake dening para pengarenge layang-layang

bab Kabatinan kang wis tau kok waca.

Ing andaran iki tak jarang ora bakal migunakake tembung-

tembung kang wis kerep kok waca utawa kok rungu, kayata:

Ingsun , Aku, Aku-wutuh, sebab adakaning pamikir banjur

dipahami: aku Suta, aku Naya.

Pribadi, bisa dipahami ateges: dewe, ijen, ora ana kancane.

Manungsa Sejati utawa Sejatining Manungsa (haqiqatul insane)

adakaning pamikir dipahami uwong kang krembyah-krembyah iki.

28. MUDADAMA : iya mas aku nderek bae, sok uga aku ngerti.

Kepriye tak rungokne kang temenan.

28. WREDATAMA : Kowe ngertiya, sakabehing wong iku, ora pilih

lanang apa wadon, tuwa apa enom, sugih apa mlarat ora pilih bangsa

lan agamane, …….. adeging uripe kedadean saka :

(1). Dijumenengi Sang Alus,

Page 30: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 30

(2). Badan alus dalah pirantine kang alus,

(3). Badan wadag kang kasat-mata iki, dalah pirantine kang uga

wadag.

Dene beda-bedaning kelahiran wong-wong mau, ora liya mung

jalaran saka bedaning dasar lan ajar tumraping si badan alus dalah

pirantine lan badan wadag dalah pirantine mau; babar pisan ora merga

kurang adile Sang Alus anggone anjumenengi.

Bedaning dasar tumraping badan (alus lan wadag) jalaran ora

pada ukuraning adon-adone. Pepindane kopi susu, ana kang kepaiten,

ana kang kelegen, ana kang kanyepen, ana kang sedengan.

Hla bedaning dasar tumpraping piranti (alus lan wadag).

Pepindane bekakase wong omah-omah iki, ana kane edi garapane lan

awet anggone, ana kang ora.

Bab bedaning ajar tumraping badan wadag, kaya-kaya wis ceta :

upama wong kang ora gelem ulah raga lan ora gelem njaga pangan lan

papane, amesti kawarasane beda karo kang ulah raga lan njaga pangan

lan papane. Hla senajan tumpraping badan alus uga mengkono, lire uga

ana cara pangulahe lan penjaganing kawarasane.

Dene bedaning ajar tumraping piranti badan wadag, rak iya wis

ceta ta : upama wong ora sinau, iya tangeh bisaha maca lan nulis; wong

kang ora kulina memikir iya dadi ketul pikirane.

Hla senajan pirantine badan alus rak iya kaya mengkono uga.

Upamane wong duwe montor apik, nanging ora ngerti carane ngrumat

lan nglakokake, iya ora bisa migunakake paedahe.

29. MUDADAMA : Amit sewu mas ! Kangmas ngendikakake “Sang

Alus” iku aku ora ngerti babar pisan. Kang wis kerep tak waca lan tak

rungu kae mung “badan alus” lan “badan wadag” mengkono bae.

Karo dene maneh, kangmas ngendikakake yen pikiran iku

pirantinening badan wadag; mestine pancadriya --- mungguhing

kangmas --- uga kaetung pirantining badan wadag. Mangka mungguhing

aku, kang tak anggep pirantining badan wadag iku: kabeh kang awujud

jasad jasmani iki; hla kang dudu jasad jasmani iku tak arani pirantining

badan alus. Iku kepriye genahe ?

Page 31: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 31

29. WREDATAMA : Mengko ta disik ! Kowe saiki durung ngerti,

ora dadi ngapa. Nanging anggere anggonmu ngrungokake temenan bae,

mengko rak ngerti dewe. Beda-bedane anggone ngarani, aja kok piker

disik. Mengo yen kowe wis ngerti, rak banjur weruh : pada utawa bedane

karo andaran kang kok wis tau kok woca lan kok rungu iku. Yen ana

kang tinemu pada, padane ana ing perangan endi, hla yen ana kang

tinemu beda, bedane ana ing bageyan endi.

Mara tak banjurne ya:

Sakabehing piranti (apparaat, alat) kang bisa kita pigunakake ing

ndalem kahanan kita melek-melek biasa iki, tak arani pirantinig badan

wadag. Wujude ora mung pancadriya bae, satemene asthendriya. Iku

pada kailenan dening “rasa” nanging ing rasaning badan wadag uga.

Yaiku:

(1) Blegere aran irung mesine aran pangambu makartine aran

ngambu.

(2) Blegare aran kuping mesine aran pangrungu makartine aran

ngungokake.

(3) Blegere aran mripat mesine aran pandeleng makartine

andeleng.

(4) Blegere aran ilat mesine aran pangenyam makartine aran

ngrasakake legi, gurih, sapanunggalane.

(5) Blegere aran kulit daging balung mesine aran panggepok

makartine aran ngerasakake perih, linu, sapanunggalane.

(6) Blegere aran jantung mesine aran ati makartine aran

ngangen-angen, nyipta lan liya-liyane.

(7) Blegere aran utek mesine aran akal makartine aran ngeling-

eling, mikir, lan liya-liyane.

(8) Blegere aran pringsilan, mesine aran napsu makartine aran

muring, kepingin, lan liya-liyane.

Iku mau kabeh tak arani pirantining badan wadag. Dene pirantine

badan alus iku mung siji, yaiku rasa-eling utawa rasa-jati. Kang alus

luwih dening alus, kang anggone makarti ing ndalem kahanan kita ora

biasa melek-melekan mengkene iki.

Page 32: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 32

Anadene kang tak tembungake “Sang Alus” iku ora ngagem

piranti apa bae, amarga Panjenengane iku qadirun bilaaalatin (kuwaos

tanpa piranti).

30. MUDADAMA : Anu, mas ! Yen kang lima (pangambu,

pangrungu, pandeleng, panganyem, pamggepok) iku dianggep pirantine

badan wadag, iya uwis, aku nderek mupakat. Nanging kang telu liyane

iku, kepriye, amarga panggonane rempit banget? Mulane ana kang

ngiyas, yen ing kono iku dampar (‘arasy) palenggaha-Ingsun. Kang

tengah diarani omah larangan utawa betalmukaram (baital muharram),

kang nduwur diarani omah perame yen utawa betalmakmur (baital

ma’mur), kang ngisor diarani omah pasucian utawa betalmukadas

(baital maqdis).

30. WREDATAMA : Hlo, hlo, hlo, kok jebul ngetoni Wirid. Perkara

“Ingsun” aku mau wis kanda ora bakal milu ngrembug hlo ! Aku mung

arep nerangake bab tembung “palenggahan” karo “piranti” iku mau bae.

Yen dianggep palenggahan, mesti bae tansah genta-genti

dilenggahi. Bisa uga dilenggahi bebarengan, sebab kang lenggah iku

bisa mencala pira bae kaya Candabirawa. Hla yen kala mangsane telu

pisan ora dilenggahi, iku banjur ing apa lan ana ing ngendi ?

Dene yen dianggep piranti, iku rak genah. Amarga ana kala

mangasane piranti tetelu pisan iku dijarag ora dipigunakake, yaiku

menawa kang duwe piranti mau nedya migunakake piranti kang banget

aluse, kang tak arani rasa-eling utawa rasa-jati mau. Ana kala

mangasane uga, ora makartine piranti tetelu mau jalaran ora dijarag,

kayata ingnalikane lagi kataman lara kang luwih banget.

Hla anggonku tetep ngarani piranti badan wadag iku jer kita bisa

migunakake lan krasa migunakake ing ndalem kajanan biasa

mengkene iki.

31. MUDADAMA : Iya, iya, mas. Bab piranti kau wis nampa.

Nanging bab Sang Alus aku meksa isih kodeg, geneya ora disebut

Badan Alus bae kaya wedaran kang akeh-akeh ?

31. WREDATAMA : We hla, merangi total kowe iki ! Rak wis genah

ta, yen Sang Alus iku dudu badan alus? Awit?:

Page 33: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 33

Kabeh kang sinebut badan (likhaam, awak-awak) iku arepa

kepriye bae sipate, --- kasar, rada alus, alus, alus banget, alus luwih

dening alus, --- mesti kedadean saka adon-adoning bebakalan (element,

anasir), lan mesti mawa wangun (vorm, bentuk).

Kita bisa nyatakake sarupaning badan wadag, sarana piranti-

piranti wadag: gawane utawa gaweayane manungsa. Dene badan alus

uga kena dinyatakake sarana piranti alus “gawane” manungsa; tekan din

iku durung ana piranti “gaweyane” manungsa kang kena dianggo

nyatakake badan alus iku.

Anadene kang tak tenbungake Sang Alus mau sarehing dudu

badan, anggone nyatakake iya tanpa piranti. Piranti wadag maneh

bisaha, senajan piranti kang alus luwih dening alus; ora bisa, jer

Panjenengan iku tan kena kinaya ngapa.

32. MUDADAMA : Iya, iya mas, wis rada ceta penampaku bab

bedane Sang Alus karo badan alus iku. Hla nyuwun diterangake kang

luwih jelas : kepriye konstruksine (susunan, dapukane) Sang Alus, badan

alus, lan badan Wadag iku mau, saengga wujud manungsa urip kaya

ngene iki?

32. WREDATAMA : Oo, yen bab mengkono bae ora pati angel

anggonku nerangake.

Kabeh uwong kang bisa lungguhan lan omong-omongan iki, ora

mbedakake kang bagus, gagah weton sekolahan luhur, akeh bayarane,

dalem gedong gede, karo kang anjeginggis, buta huruf, gawene

pepriman, manggon ing ngisor kreteg, …… samangsae dioncati dening

“badan alus” dalah pirantine iku banjur ….. nglumpruk tanpa daya babar

pisan. Irunge wis ora bisa ngambu maneh, kupinge, mripate, lan liya-

liyane. Wis ora bis makarti kaya maune. Hla badane wadag sakojor iku

banjur bosok, lebur dadi jasad kang lembut banget, aku lan kowe

ngarani …. Mati.

Dadi kanga aran “mati” iku maung rusake si badan wadag iki. Hla

si badan alus dalah pirantine. Sarehning isih dijumenengi dening Sang

Alus dalah pirantine. Sarehning isih dijumenengi dening Sang Alus ora

katut mati. Anadene yen Sang Alus mau ngoncat i, si badan alus dalah

pirantine iya bajur sirna, kaya rusake si-badan wadag mau. Hla mung

kari Sang Alus kang langgeng ing kahanane, mulih mula-mulanira ………

Page 34: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 34

Yen kok arani “konstruksi”, iya kaya mengkono iku konstruksine.

Nanging aja kok cakrabawa kaya dene jago ana ing kurungan,

kurungane ana ing sajroning kamar, iku ora. Apese pindakna banyu

segara, kang kadadean saka banyu lan uyah. Hla banyu iku

kedadeyan saka Hydrogenium (H = dat banyu) karo oxygenium (O = dat

pangobong)

Mulane oncate badan alus saka wadag iku tanpa kaweruh iya

ngrekasa. Padakna banyu segara dingerteni, uwale diedemake, banjur

dadi uyah lan banyu. Hla oncate Sang Alus saka badan alus : saya

nyamut-nyamut, padana anggone misahake si banyu dadi hydrogenium

karo oxygenium mau.

Saiki Sang Alus mau arani nganggo tembung Ikheid utawa

Purusha, lan sabanjur bakal tak sebut mengkno iku, aja salah paham.

33. MUDADAMA : Ngendikane kangmas iku terang gamblang,

wijang nanging aku meksa durung …………… damang.

Sak temen-temene kang disebut nganggo tembung Purusha iku

apa Roh kita iki, apa Urip kita iki, tha mas ?

33. WREDATAMA : We hla kepriye ta kowe iku ? Purusha iku iya

Purusha. Upama Purusha iku Roh kita utawa Urip kita, mau-mau aku rak

wis muni mengkono, apa kowe perlu ndadak tak bebingung ?

R o h (ar-ruuhu) iku kang tak arani nganggo tembung “badan

alus” mau kae, yaiku bangsane bebakalan lan bangsane kang mawa

wangun. Ing Ngayogyakarta kene akeh sedulur kang kasinungan

kaluwihan bisa nyatakake kahanane Roh iku, unda-usih : miturut

drajatee kang nyatakake sak timbang karo drajate kang dinyatakake. Hla

mau rak wis tak kandake, yen Purusha iku d u d u si badan alus. Jer

Purusha iku kasebut hayyun billaarauhin (gesang tanpa roh), dadi uga

si Roh.

Dene tembung urip mau kae, aku ora ngerti endi kang kok

karepake ? Apa “urip” kang tegese bisa kruget-kruget ( kosok baline

mati ), apa “kang Urip” apa “Sang Urip?” Nanging telu pisan d u d u

kang sinebut Purusha. Urip lan kang Urip, iku mung saperangan saka

sipat-sipating Purusha bae, dene Sang Urip iku mung salah sawiji saka

jejuluking Purusha bae.

Page 35: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 35

Terange yen telu pisan iku dudu sejatining Purusha, amarga

Purusha iku sipate angliputi kabeh kang gumelar iki. Senajan watu kang

ora bisa kruget-kruget, senajan badan wadaging wong kang wis bosok

awor lemah ……….. uga kaliputan dening Purusha.

Upama kowe duwe pangira : Purusha iku napas kita, apa nyawa

kita, uga kliru. Jer napas iku mung talining urip, nyawa iku mung

pratandaning urip. Uga salah, yen kowe duwe pangira : kang sinebut

Purusha iku tirta nirmaya utawa ma’ulhayat (aquaeductus sylvii), jer iku

mung praboting urip bae.

Luwih-luwih sasare yen kang kok anggep Purusha iku angen-

angen, rasa-eling, soroting mripat, lan liya-liyane maneh. Cekake aja kok

goleki ana ing sak njabaning kita utawa sak njeroning kita !

34. MUDADAMA : Upama purusha iku kang kagungan sipat 20

kang wis dingendikakake kae (Bab I no. 21) ? Yen mengkono, hla rak iya

Purusha iku kang nitahake bumi lan langit dalah isen-isene kabeh iki ?

Hla iku cocok karo sawenehing wedaran kang ngiyas: tembung

“nitahake” iku ing nalikane kita e l i n g : gumelar pada sanalika (kun

fayakun) ; ing nalika kita lali : sirna kabeh, kasebut kiyamat.

34. WREDATAMA : Purusha iku mula dasar nyata kang kagungan

sipat 20 wajibe, lan 20 mokale, mau kae ! Mara rasak-rasakna, sipat endi

saka 20 mau, kang dudu sipating Purusha ?

Nanging kowe mangertiya, Purusha iku dudu kang nitahake bumi

lan langit dalah isen-isene iki.

Dene kang nitahake bumi lan langit dalah isen-isene iki, kowe aja

salah paham tak sebut asmane Absolute IK utawa Isywara.

Iswara iku, kejaba kagungan sipat 20 wajibe, lan 20 mokale, uga

kagungan 1 maneh, yaiku sipat wenang (jais). Tegese wenang nitahake

kabeh kang gumelar iki, uga wenang ora nitahake.

Dene kiyasane tembung nitahake kaya kandamu iku mau, trus

terang bae mungguhing aku ………….… ora wani ! Rasane kok ya kaya

pokrul-pokrulan (Bab. I No. 13)

Awit ngrembug ngono-ngono iku kudune aja mung wewaton akal

lan piliran (dalil “aqli) bae, kudu gondelan unining kitab-kitab agama

Page 36: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 36

(dalil-“naqli). Mangka ing Qur’an nyebutake : Allahu alladzi chalaqa

assamawati wa’lardla wamaa bainahuma fie sitiati syyaami (As

Sajdah 4 Al Hadid 4 = Allah iku kang anitahake langit lan bumi dalah

kang ana ing antarane ing sajroning nem dina).

Miturut ayat iki mau, tetela bathale paham eling; gumelar, lali

sirna iku mau. Dene maksude lapel kun fayakun (anaha sira, mangka

banjur ana pada sak nalika) iku sak temene mengkene:

Yen miturut angger-angger kudrating Pangeran kang wis gumelar

iki, dadining kabeh kahanan iku mesti saka bebakalan. Nanging nalika

sakawiting sakawit, disiking disik. Pangeran anggone nitahake kabeh

kang gumelar iki tanpa bebakalan, mung sabda “kun” iku mau.

Menawa aku ora kliru kang duwe pangiyas kaya kandamu iku,

ngolongane wong nekadake yen manungsa iku asal saka ‘adam (dudu

Nabi Adam) kang tegese suwung, dadi kalawan pribadi , sadurunge

ana Allah, malaekat, bumi langit, lan liya-liyane. Sebab jeneng-jeneng

mau kabeh yasane si manungsa.

Mula bener jeneng-jeneng iku kabeh yasane si manungsa,

…………….. nanging iktikad kang mengkono iku mungguhing aku : tak

anggep rembug pokrul-pukrulan (Bab I No.13) aku ora wani temenan

kae.

Dene iktikadku : Manungsa iku dijumenengi dening Purusha

(Ikheid) kang kagungan sipat wajib 20 lan mokale 20. Hla kang nitahake

langit-langit lan bumi iku Isywara (Absolite IK) kang kagungan sipat

wajib 20, sipat mokal 20 lan sipat 1. Panjenengane iku jumeneng

kelawan pribadi, serta pandamele kahanan kang gumelar iki kabeh :

tanpa bebakalan.

35. MUDADAMA : Hla dalah, saiki aku ngerti, dadi kang sinebut

Isywara iku sak jatine Pangeran Kang Maha Kuwasa, kang tembung

Arab : Allah. Hla Purusha mau tembunge Arab apa, lan apane Isywara ?

Karo dene maneh, kang uga ngagen tembung Ikheid lan Absolute

Ik, hla iku apa ora pada tegese karo tembung Ingsun kang tak aturake

mau (Bab I no,26,27) ?

35. WREDATAMA : Wah, wah, pitakonmu teka tirik-tirik, tur angel.

Iya ta anggere ora kawohan sentiment bae !

Page 37: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 37

Coba pikiren : upama tembung Purusha iku tak salini X, sarta

tembung Isywara iku tak salini Y, rak iya ora ngowahake apa-apa, jer

tembung-tembung utawa jeneng-jeneng iku kabeh,mung yasane si

manungsa, ta ? Yen genah ora ngowahake apa-apa, pancena, Arab utawa

dudu Arab iku ora perlu dadi soal.

Purusha lan Isywara iku tembung Sanskrit anggonku migunakake

iku mung tak nggo tetenger bae, kaya dene X lan Y iku mau, supaya

ora cawuh. Sebab yen migunkake tembung Arab, bok menawa agawe

kisruhe penampamu, amarga Isywara iku ana ing Qur’an sinebut Allah,

hla Purusha iku ana ing Qur’an uga sinebut Allah.

Coba tha wacanen kang teliti, banjur rasakna nganggo pikiran

kang wening, kayata : kang mertelake Iblis iku satruning Allah, hla iku

rak terang Allah-Purusha, dudu Allah-Isywara.

Sebab kakekate Isywara iku ra kagungan satru ora barang, jer kabeh-

kabeh iku titahe Isywara piyambak. Iya apa ora ?

Hla yen Iblis ditembungake satruning Purusha iku : mula dasar

nyata. Jer uwong kang manut panuntuning Iblis, tan kena ora, mesti

ora kenal lan ora tunduk marang Purusha, iya dat Kang Maha Suci iku.

Dene Purusha iku ora liya yaiku ………….. wewayangane Isywara.

Poma-poma kowe aja salah paham : “wewayangan“ mono dudu cuwilan

utawa plitikan, hlo !

Pangerten kang mentas tak kandakake iki mau, dek jaman wingi-

wingi digawe wadi banget. Yen diwedarake sarana tulisan, tembunge

diubeng-ubeng, ora diblakake. Yen anggone medarke sarana lisan, kudu

tuk-tuk gatuk du batuk, tur mung cekak bae utawa dapur perlambang.

Iya pangerten iki mau sak jati-jatining maksude lapal laailaha

illaallah muhammadur rosuulullah (ora ana Pangeran kejaba Gusti

Allah, Nabi Muhamad saw. iku utusane Gusti Allah). Yen lapel mau

diwuwuhi asyhadu anna (aku anakseni satuhune), aran kalimah

syahadat (= ucap-ucapan pasaksen), iya iku rukuning Islam kang

“terdahulu dan terutama”

Anggone digawe wadi banget iku, kaya kang wis tak kandakake

mau (Bab I no.26) jer pancen gawat keliwat-liwat. Awit saka kliruning

penampa, bisa uga banjur ngaku ……………. Allah. Banjur ora perduli

batal karam, lan nacad pernataning agama. Sebab pengirane “dosa” iku

ora ana, anggere wis mati iya uwis “bar” mesti bali menyang asale.

Page 38: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 38

Nanging kang ora liru panampae, amesti wuwuh bekti marang

Pangeran, tumindake dadi wirangi (wira’i = kikrik, ora gumampang), asih

marang sepada-pada, rumangsa yen aku-kowe-deweke iku satemene

……….. siji. Sebab wis yaqin ing ndalem iman lan iktikade, yen Allah iku

pranyata cedak luwih dening cedak, nanging ora gepokan, lan yaqin yen

Allah iku pranyata nguningani saoba-osiking kawulane.

Anadene anggonku migunakake tembung Ikheid lan Absolute Ik

iku, perlune ya mung kanggo mbedakake supaya aja cawuh iku mau.

Yen kowe duwe penganggep tegese pada karo Ingsun, iya kena bae.

nanging supaya aja cawuh, yen nganggo tembung “Ingsun” kudu

diwuwuhi katrangan mengkene :

Ingatase titah : Ingsun iku tugase dudu sira. Nanging Ikheid

(Purusha) iku : iya Sira iya Ingsun iya Deweke. Cekake Ingsun ora njaba

ora njero, kang Maha Suci saka sipat anyar iki kabeh.

Dene Absolute Ik (Isywara) iku Ingsun kang ditekadake dening

manungsa : Panjenengane iku kang nitahake, ngliputi, lan nguwasani

gumelare alam iku, yaiku Maha Esa serta kagungan wewayangan aran

Ikheid (purusha) mau.

Kepriye, bisa wuwuh terang, apa malah saya ruwet ?

36. MUDADAMA : Amit sewu, mas ! Ya sepira bae luputku aku

nyuwun pangapura. Panjenegane ngendika Purusha (Ikheid) iku Allah

kang mengku sipat 20 wajibe lan mokale, dene Isywara (Absolute Ik)

iku Allah kang mengku sipat 20 wajibe, 20 mokale lan sipat wenang 1 .

Yen mengkono, apa Allah iku luwih saka siji.

36. WREDATAMA : Kepriye dene kowe duwe panemu mengkono ?

Aku mau rak wis kanda, yen Purusha iku mung “wewayangane” Iswara

bae, ta?

Upama ing wayah tengange, ing satengahing alun-alun ana

jembangan 1000 pada isi banyu kabeh, amesti siji-sijining jembangan

ana “wewayangane” srengenge. Rak iya ta ? Apa kowe banjur ngarani yen

srengengene loro, telu, utawa 1000 ? Iya kaya mengkono iku pepindane

Isywara karo Purusha mau.

Hla siku mesti kowe wis bisa mangsuli dewe pitakonmu bab pada

utawa orane : iktikadku karo iktikade wong kang ngucapake “Allah iku

sak jatine ora ana liya kejaba Insun” mau kae (Bab I No.26). lan tak kiro

Page 39: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 39

kowe ora bakal salah paham marang unen-unenkang bokmenawa wis

tau kok rungu, jalaran pancen popular (kerep kocap) banget. Lapale

mengkene : waman ‘arafa nafsahu faqaq’ arafa rabbahum, waman ‘arafa

rababhu faqad jahila nafsahu (= sing sapa weruh ing Pangerane temen-

temen bodo ing ngelmu deweke iku)

Yen penampamu wis terang, banjur kepriye ? kang perlu

luwihdening perlu iku ……………….. ber–amal (tumindak), supaya

banyu kang ana ing jambangan mau bening. Sebab yen banyune butek,

amesti wewayange srengenge ora katon. Dene yen jembangan pecah,

muga-muga wewayange srengenge ora kraket ana ing krewenging

jembangan, utawa ana ing banyune kang wutah beleberan.

37. MUDADAMA : Iya mas, yen bab Ingsun, kaya-kaya aku wis

bisa mangsuli dewe. Cekake gumantung definisine (katrangan patokan)

apa kang disebut nganggo tembung Ingsun iku. Apa Roh, apa Purusha,

apa liyane.

Senajan kang disebut Ingsun iku Purusha, ewadene kudu

mangerti, yen Purusha iku dudu Iswara, mung wewayangane bae.

Dene unen-unen kang mentas dingendikakake mau, senajan aku

wis kerep krungu, nanging durung dong. Nyuwun dijelasake pisan.

37. WREDATAMA : Tak kira ya wis ngerti, mung kowe rada

kuwatir bokmenawa kliru. Iku genahe mengkene :

Lapel waman ‘arafa nafsahu faqad ‘arafa rabbahu iku tumrap si

jembangan isi banyu : sak mangsa bisa weruh Wewayanganing

srengenge, wis cukup, prasasat wis weruh marang Srengengene. Pancen

mung semono iku pantog-pantonging kaweruh Makripat. Utawa

pepindane kaya dene si wayang, sak mangsa bisa ketemu karo Ki

Dalang, wis cukup, prasasat wis ketemu karo Sing Nanggap kang

munduti lelakon.

Teruse muni waman ‘arafa rabbahu faqad jahila nafsahu, iku

tumrap klira-kliruning penganggep : si jembangan isi banyu teka

kepingin kepetuk karo Srengenge kang ana ing langit, si wayang teka

kepingin ketemu karo Sing Nanggap kang ana ing Dalem mbri. Hla yen

ketemu temenan ……….. regemeng-regemeng, tetep sasare.

Page 40: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 40

Anadene iktikad kang ngaku Allah (kang akeh ora wani terang-

terangan blaka suta) serta kang nekadake mati iku wis “bar” ora ana

lelakon maneh (Bab I no.35) iku pepindane kaya dene si jembangan isi

banyu kang mung nekadake anane Wewayangan srengenge tok, o r a

nekadake anane Srengenge. Kepriye sebabe Wewayangan mau ana ing

banyu jembangan, serta kepriye kedadeane sawise jembangan pecah : o

r a dadi pawigaten. Utawa pepindane kaya dene si wayang kang

nekadake anane Ki Dalang tok, o r a nekadake anane Sing Nanggap.

Kepriye sebabe Ki Dalang iku mayang, lan kepriye sawise rampung

pamayange : o r a dadi pawigaten.

Iktikad mengkono iku iktikad madzhab (golongan) Q a d a r i y a

h kang wis tak kandake mau (Bab I No.25). Bangsa kita kang rumangsa

ahli Makripat, akeh kang duwe iktikad Qadariyah iku.

Kowe mangerti yen iktikatku o r a k a y a m e n g k o n o i k u

. Upama Jembangan isi banyu, aku nekadake anane Wewayangan

srengenge lan Srengengene. Upama wayang, aku nekadake anane Ki

Dalang lan Sing Nanggap.

Nanging upama jembangan isi banyu, aku o r a nekadake bisa

weruh Srengenge kang ana ing langit : upama wayang aku o r a

nekadake bisa ketemu sing Nanggap kang ana ing Dalem mburi, kaya

iktikade madzhab J a b a r i y a h . Bangsa kita kang ahli Sarengat lan

ahli Sunnah, akeh kang duwe iktikad Jabariyah iku.

Saka keyaqinanku, sampurnane Kakekat lan Makripat iku kudu

urut ngliwati tataran Sarengat lan Tarikat disik. Kosok baline yen

ngliwati tataran Sarengat tok isih durung genep. Nanging serehning

panemuning wong iku beda-beda, wong Kadariyah bok menawangarani

iktikadku iku isih g u g o n t o h a n , kosok-baline wong Jabariyah

utawa ahli sunnah bokmenawa ngarai aku iki ……….. kapir. Kang

mengkono mau : sumangga kersa, pangarem-aremku y aura-ura bae

mengkono mau : sumangga kersa, pangarem-aremku ya mung ura-ura

bae mengkene (dandang gula) :

Langkung nuwun Kanjeng Sunan Kali, atur sembah sarwi ngaras pada,

nJeng Sunan Benang sabdane, yayi den awas emut, aja kongsi kawedar

nglati, iku sabda Larangan, yen kawedar ngurungu, mring sagunging

kang tumitah, yen mangerti dadi manungsa sejati, kapir kapur

sampurna.

Page 41: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 41

Hla kepriye bae iktikade, kang perlu luwih dening perlu iku ………

tumindak, ora cukup ngerti tok. Aja gumampang. Awit mung sarana

tumindak iku, kang bisa awoh rasa nikmat lan rasa begja, ing sajroning

isih urip ana ing ngalam dunya iki, lan ing nalika arep tinggal ngalan

dunya iki, lan sawise ninggal ngalam dunya iki.

Wasana welingku marang kowe :

Yen kowe ora (durung) cocog karo andaran iki, kowe aja duwe

pangira, yen aku bakalgeting ing kowe. Sebab cocogmu utawa ora

cocogmu iku, ora bakal nyuda utawa muwuhi apa-apa tumprap

anggonku leladi marang Pangeran.

Hla yen kowe cocog marang andaran mau pamrayogaku :

(1) Yen kowe wis nindakake sarengat, temenana, aja banjur

ngowah-owahi. Yen durung, becik nindakna, agama apa kang

kok senengi. Sarengat iku dadi “pendorong” kang wigati

ingatase gegayuhanmu.

(2) Gegebengan mau aja kok anggo geguneman p a d i m a n ,

sebab ora ana paedae babar pisan tumrap kowe lan tumrap

kang ngrungu. Dene yen ana kang miwiti ngajak rembugan,

iya ladenan, nanging yen sulaya gegebengane : kalahana bae.

aja demen bebantahan ngelmu, tiwas tuwas, pada dene ora

bisa mbuktekake ing benere. Dene yen kanane katon arep

marang gegebenganmu, nanging durung pati jelas, iya jelas-

jelasna, aja demen ngumpetake ngelmu. Aweh tekan wong

kelunyon iku kalebu panggawe utama.

Wis, saiki kowe ngasowa disik !

38. MUDADAMA : Pancen aku arep nyuwun penjelasan bab

kalimah syahadat, serta bab si wayang kang kepingin ketemu karo sing

Nanggap mau, mas, awit umume pancen mengkono. Nanging sarehning

penjelasane kiraku rada dawa, mulane tak sabarke sesuk sore bae. saiki

aku mung arep nyuwun keterangan setitik baba dawuhe kangmas iki

mau.

Page 42: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 42

I. Ora prayogane dianggo paguneman padimman iku : mung

sebab ora ana paedahe bae, apa satemene ……….. ana

halate ?

II. Kepriye, ingatase barang bener teka ora kena dibuktekake ?

III. Apa kita iki ora kuwajiban nular-nularke ngelmu kang miturut

keyaqinan kita : gede paedahe ?

38. WREDATAMA : Aku manut bae : penjelasane kalimh syahadat

lan bab sijine mau disabarake sesuk sore. Nanging kowe ngertiya,

babagan iktikad iku ora adedasar panemu umum, ora kumudu

menang stem, hlo !

Dene pitakonmu I, II, III, iki mau panemuku mengene :

Wangsulane pitakon I. Temung halat iku ana werna loro, yaiku :

a. “halat” kang pada karo tembung jawa “walat” iku tegese tula h sarik.

Hla iku ora ana walate setitik-setitika. Ngelmuning Pangeran iku ora

ana kang nyebabake tampa tulah sarik (kuwalat), tumprap kang

guneman utawa kang ngrungokake.

Ewa semono, ngandakake gegebengan secara terang-terangan

mengkene iki, tetep ora prayoga dianggeo padiman, lire marang

sadengah bae. kudu nganggo pilih-pilih : karo sopo anggone

guneman.

b. “halat” kang asal saka tembung Arab “ghalath” iku tegese

kekliruwan. Hla iku mula bener, saka bodone kang ngrungu utawa

kang celatu, bisa nyebabake anane kekliruwan, kayata banjur ………

ngaku Allah iku mau.

Wangsulane pitakon II. Barang bener lan nyata, nanging ora kena

dibuktekake, iku rak dudu perkara kang aneh ta ? apa kowe bisa

mbukekake anggonmu ngimpi munggah pangkat, senajan bener kowe

ngimpi mengkono ? apa kowe bisa mbuktekake lalimu anggonmu

semayan, senajan nyata kowe lali temenanan ?

Dene kapercayan (iman) lan gegebengan (iktikad) mungguhing

ngelmu iku, kang diarani bener : yen nganggo waton werna loro :

a. dalil naqli (= nukil = metik ) tegese awewaton petikan wewarahe

kitabing Pangeran. Nanging sarehning wewarah mau akeh kang

Page 43: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 43

dapur pralambang utawa pepindan, mulane panyurasane ora kabeh

kudu ditampa letterlijk (apa anane).

b. dalil ‘aqli (akal pikiran), tegese kang bisa disakseni dening akal

pikiraning manungsa, kang bebas saka pengaruh. Hla akal pikiran

iku werna-werna dasare lan ukurane, mulane uga beda-beda

panemune.

Coba pikiren : selagine pada dene nganggo waton werna loro bae,

tinemu beda-beda. Apa maneh yen kang siji nganggo waton werna siji,

siji maneh tanpa waton babar pisan …………. Hla mesti ora pada

panemune ! mangka siji-sijine ora bisa mbuktekake benering panemune

iku, kaya dene ora bisane anggone mbuktekake benere “ngimpi” lan

benere “lali” mau kae.

Wangsulane pitakon III. : yen miturut ilmu jiwa kang tembange

manca psychologie, kudrate manungsa iku kanduningan watak golek

kanca. Dadi anggone nular-nularake ngelmune kang kinira maedahi

marang liyan, iku ora liya iya mung katarik saka wewatekane anggone

golek , ………, ………., kanca, iku mau. Hla ngelmu kang kinira maedahi

mau, tumrap kang nularake, nganggep bener lan becik, nanging

golongan liya bisa uga nganggep ora bener lan ora becik.

Upama ngelmu kang ditular-tularke iku golonganing manungsa

kang sabageyan gede banget nganggep bener lan becik temenen kae,

paedahe ora liya iya mung …….. tumrap uripe bebrayan ana ing ndunya

iki. Babar pisan ora kalebu sarat mutlak anggone kumawula marang

Pangeran, tegese dudu penggaweyan wajib. Dene kang aran

penggaweyan wajib tumrap kita iki : mung kang didawuhake ing Qur’an

: wamaa chalaqtu aljinna walinsa illaa liya ‘bubuuni (Adz Dzariyat 56

= ora nitaheke Ingsun jin lan manungsa, kejaba supaya pada nindakake

ngibadah).

Dene kang nedya nular-nularake ngelmune ke-Tuhanana, kalebu

bab ngibadah iku mau, dawuhing Qur’an mengkene : wamaa anta

bihaadie al’umyi’an dlalaalatihim intusmi’u illa man’yuu-‘minuu

biayaatinaa fahum muslimuuna ( An Naml 81 = o r a bisa aweh

pituduh marang wong wuta atine amarga sasare, lan sira kejaba wong

kang percaya marang ayat-ayatingsun lan sumarah marang Ingsun iku

kang gelem ngrungokake).

Page 44: KUNCI SWARGA - alangalangkumitir | Javanese Manuscripts · mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani ... Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 44

D a d i : nular-nularake iku iya kena bae. Nanging yen wis genah

diarepi. Rembugan karo sapa bae, kanggo ngundakake kaweruh lan

ngresikake panemu, iya apik, nanging bebantahan “rebut bener” aja !

Wis saiki ngasowa, aku uga ngaso. Sesuk sore dibanjurake.

TAMAT