keluarga panjenengan isa ayem tentrem

32
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

Upload: niscribd

Post on 03-Dec-2015

74 views

Category:

Documents


14 download

DESCRIPTION

Basa Jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

Keluarga PanjenenganIsa AyemTentrem

Page 2: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

ISIN´E BUKU IKI

BAG´EAN KACA

1 Nyuwuna Tuntunane Gusti Allah BenAyem Tentrem 3

2 Kudu Setya karo Bojone 6

3 Carane Ngadhepi Masalah 9

4 Carane Nggunakke lan Ngatur Dhuwit 12

5 Carane Tetep Rukun karo Maratuwa 15

6 Kahanane Beda Nek Wis Nduwe Bayi 18

7 Carane Ndhidhik Anak 22

8 Nek Keluarga Ngadhepi Musibah 26

9 Ngibadaha marang YehuwahBebarengan Keluarga 29

Keluarga Panjenengan Isa Ayem TentremIng jaman sing saya edan saiki, akeh masalah sing diadhepi wong bebojoan. Apakeluarga panjenengan bakal isa ayem tentrem? Iki ora gampang, ning ana bantuan.Senajan ora nerangke kabeh carane urip bebojoan, buku iki nduduhke pathokaneAlkitab sing cespleng lan isa ditrapke kanggo urip saben dina. Nek panjenengangelem ngetrapke, keluarga isa rukun lan ayem tentrem.

˛

� 2015WATCH TOWER BIBLE AND TRACT SOCIETY OF PENNSYLVANIADiwetokake deningSAKSI-SAKSI YEHUWA INDONESIAJakarta, IndonesiaCetakan Juni 2015Buku iki ora didol, nanging dicetak kanggo pendhidhikan Alkitab sakdonyasing diragadi wong-wong sing gelem nyumbang. Kabeh ayat asale sakaKitab Suci Mawi Basa Jawi Resmi, kejaba yen disebutake liya.Your Family Can Be HappyJavanese (hf-JA)Made in JapanDigawe ing Jepang

Page 3: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´EA

N1

NyuwunaTuntunaneGusti Allah BenAyemTentrem”Kang nitahake manungsa iku wiwit

sakawit anggone ndadekake

wis arupa lanang lan wadon.”

—Mateus 19:4

Allah Yehuwah� kuwi sing pisanan ndadekke keluarga. Alkitab kandha nek Yehuwahnggawe wong wedok sing sepisanan. Wong wedok kuwi diwenehke Adam ben dadibojone. Adam seneng banget terus ngomong, ”Yaiki balung saka balungku lan dagingsaka dagingku.” (Purwaning Dumadi 2:22, 23) Nganti saiki, Yehuwah pengin wongbebojoan uripe ayem tentrem.Wong mikir nek nduwe bojo mesthi uripe seneng, lan ora ana masalah. Ning, senajanwong bebojoan kuwi nduweni rasa tresna, tetep wae ngadhepi masalah. (1 Korinta 7:28)Nek maca lan ngetrapke pathokane Alkitab sing ana ing buku iki, uripe keluarga isa ayemtentrem.—Jabur 19:9-12.

� Yehuwah kuwi asmane Gusti Allah sing dicathet ing Alkitab.

Page 4: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

4

1

TINDAKNA PATHOKAN´E Y

´EHUWAH B

`EN DADI BOJO SING APIK

2

PIKIRNA PERASAAN´E BOJOMU

ALKITAB KANDHA: Wong lanang kuwi sing mimpin kelu-arga.—

´Efesus 5:23.

Yehuwah pengin wong lanang ora kasar karo bojone.(1 Petrus 3:7) Yehuwah nggawe wong wedok kanggo mban-tu sing lanang. Dadi, wong lanang kudu nresnani lan ngajenibojone. (Purwaning Dumadi 2:18) Nek wong lanang nresnanibojone, dheweke bakal luwih mentingke kebutuhane bojonetimbang kebutuhane dhewe.—

´Efesus 5:25-29.

Yehuwah pengin wong wedok tenanan ngajeni lan mbantubojone. (1 Korinta 11:3;

´Efesus 5:33) Nek sing lanang nggawe

keputusan, sing wedok gelem nampa lan nindakke bareng-bareng keputusane kuwi, ora merga kepeksa. (Kolose 3:18)Nek wong wedok gelem nindakke kuwi, dheweke aji kang-gone Yehuwah lan bojone.—1 Petrus 3:1-6.

SING ISA DITINDAKK´E:

Takonana bojomu, piye caraneisa dadi bojo sing luwih apik.Rungokna tenanan lan tindaknakaya sing diomongke dhewekePanjenengan kudu sabar.Butuh wektu ben ngerti caranenyenengke siji lan sijine

ALKITAB KANDHA: Kepentingane bojone didhisikke. (Filipi2:3, 4) Ajenana bojomu merga dheweke sing paling aji.Yehuwah pengin para abdine alus karo sapa wae. (2 Timo-teus 2:24) ”Tembung sing ora dipikir isa natoni ati sing lara-ne ngungkuli dituwek ing pedhang, nanging tembunge wongwicaksana gawe lilihing ati.” Dadi, nek ngomong aja kasarlan nglarani ati. (Wulang Bebasan 12:18, Basa Jawi Padin-tenan) Roh Sucine Yehuwah bakal mbantu panjenenganngomong sing penak dirungokke lan nyenengke ati.—Galati 5:22, 23; Kolose 4:6.

SING ISA DITINDAKK´E:

Ndongaa dhisik ben pikiranetenang lan sabar, sakdurungengrembug masalah sing pentingkaro bojomuPikiren dhisik apa sing arepdiomongke lan piye caranengomong

Page 5: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

5

3

NDUW´EA PIKIRAN SING PADHA

ALKITAB KANDHA: Wong sing wis nduwe bojo ”manung-gal” karo bojone. (Mateus 19:5) Ning, tetep wae kuwi wongloro sing beda, mula panemune ya ora padha. Dadi, kudusinau carane ben isa sakpikiran lan sakperasaan. (Filipi2:2) Iki penting wektu nggawe keputusan. Alkitab nulis,”Rancangan bisane kelakon merga saka panglimbang.”(Wulang Bebasan 20:18) Pas nggawe keputusan sing pen-ting, isa nggunakke pathokan saka Alkitab.—Wulang Bebas-an 8:32, 33.

SING ISA DITINDAKK´E:

Critakna bab apa wae karobojomu, klebu kabeh sing anaing jero atiRembugen dhisik sakdurungenggawe keputusan

PERCAYA LAN PANGERT`EN KARO BOJON

´E

Aja nuntut bojo sing sampurna, merga awake dhewe iya orasampurna. (Jabur 103:14; Yakobus 3:2) Deloken sipat-sipatesing apik. Percayaa nek Alkitab isa mbantu lan panjenengankudu sabar. (2 Timoteus 3:16) Yehuwah bakal mberkahi nekpanjenengan gelem manut tuntunane. Saya suwe urip bebo-joan dadi saya kuwat.—Galati 6:9.

COBA DIPIKIR . . .Apa bojoku isa ngra-sakke nek aku luwihmikirke kepentinganetimbang kepentingankudhewe?Dina iki, apa sing wistaklakoni kanggo ndu-duhke nek aku nresnanilan ngajeni bojoku?

Page 6: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´ EA

N2

Kudu Setyakaro Bojone

”Apa kang wis didadekake siji dening

Allah iku, ora kena dipisah dening

manungsa.”—Markus 10:9

Yehuwah pengin kabeh wong setya karo bojone. (Jabur 18:26) Kuwi penting banget merganek setya karo siji lan sijine kuwi isa marakke percaya. Nek wong bebojoan nduweni rasapercaya, kuwi isa gawe tambah tresna.Saiki akeh banget perkara sing marahi urip bebojoan bubrah. Mulane, wong bebojoankudu nindakke rong bab sing arep dirembug iki, merga isa ndadekke urip bebojoanpanjenengan langgeng.

Page 7: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

7

1

KUDU MENTINGK´E URIP BEBOJOAN PANJENENGAN

ALKITAB KANDHA: ’Miliha apa kang becik’, utawa sing pen-ting. (Filipi 1:10) Urip bebojoan panjenengan kuwi pentingbanget, dadi kudu didhisikke.Yehuwah pengin wong sing wis nduwe bojo padha

nggatekke bojone lan isa ’ngrasakke nikmating urip’ bareng-bareng. (Kohelet 9:9) Yehuwah ora ngentukke wong bebojo-an ora mikirke bojone, ning kudu ngupaya nyenengke bojone.(1 Korinta 10:24) Panjenengan kudu ngupaya ben bojo panje-nengan krasa dibutuhke lan diajeni.

SING ISA DITINDAKK´E:

Kudu nduwe wektu kanggoomong-omongan karo bojomu,tanpa ana sing nggangguAja mikir awake dhewe, ningkudu mikir kanggo butuhe wongloro

Page 8: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

8

2

KUDU NJAGA ATI PANJENENGAN SAKA SING SALAH

ALKITAB KANDHA: ”Nanging Aku pitutur marang kowe: Singsapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg ma-rang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.” (Mateus5:28) Nek wong terus mikirke sing saru-saru, wong kuwi orasetya karo bojone.Yehuwah ngendika nek panjenengan kudu ’ngreksa ati’,

utawa njaga ati panjenengan. (Wulang Bebasan 4:23;Yeremia 17:9) Ben isa njaga ati, panjenengan kudu milih apasing arep didelok. (Mateus 5:29, 30) Panjenengan kudu niruAyub sing nduweni tekad ora bakal ndelok wong wedokkanthi nepsu. (Ayub 31:1) Panjenengan kudu nduwe tekadora nonton film lan gambar sing saru. Panjenengan uga oraoleh ngesir utawa yang-yangan karo wong liya.

SING ISA DITINDAKK´E:

Panjenengan kudu nduduhkeing ngarepe wong liya, nekpanjenengan kuwi setyabanget karo bojo panjenenganKudu mikirke prasaane bojopanjenengan, lan kudu medhotkatresnan karo wong liya mergakuwi nglarani atine

SING KUDU DIUPAYAKK´E

Panjenengan kudu ngakoni nek nduwe kekurangan. (Jabur15:2) Aja isin nek arep njaluk tulung. (Wulang Bebasan 1:5)Panjenengan kudu terus ngupaya nyingkirke pikiran singsaru. Aja cilik ati. (Wulang Bebasan 24:16) Yehuwah bakalmberkahi wong sing terus setya karo bojone.

COBA DIPIKIR . . .Piye carane aku nyisihkewektu kanggo bojoku?Apa aku nganggep bojo-ku kuwi kanca akrabku?

Page 9: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´EA

N3

Carane Ngadhepi Masalah”Mempenga anggonmu tresna-tinresnan,

jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.”

—1 Petrus 4:8

Nek bar mantenan terus urip bareng, biyasane akeh masalah merga carane mikir,perasaane lan carane didhidhik wong tuwane mbiyen beda-beda. Masalah uga isa tekasaka njaba, lan kedadean sing ora dinyana-nyana.Akeh wong bebojoan sing ora gelem ngadhepi masalahe, ning Alkitab kandha nekmasalah kuwi kudu diadhepi. (Mateus 5:23, 24) Nek gelem manut karo tuntunane Alkitab,wong bebojoan isa ngrampungi masalahe.

Page 10: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

10

1

REMBUGEN MASALAH´E

ALKITAB KANDHA: ”Ana . . . wayahe caturan.” (Kohelet3:1, 7) Nek ana masalah, apike nyedhiyakke wektu kanggorembugan. Pas rembugan, siji lan sijine isa blaka apa singdirasakke lan sing dikarepke. Kudu ’ngucap kang nyata’,yaiku aja ngapusi bojone. (

´Efesus 4:25) Nek wis mulai mikir

eleke bojone, aja terus padu. Ben masalah cilik ora dadigedhe, wangsulan sing alus penting banget ben ora dadipadu.—Wulang Bebasan 15:4; 26:20.

Nek nduwe kekarepan sing beda, aja terus nesu-nesu,ning tetep duduhna katresnan lan tetep ngajeni bojone.(Kolose 4:6) Aja nganti neng-nengan, merga masalahekudu cepet-cepet dirampungke.—

´Efesus 4:26.

SING ISA DITINDAKK´E:

Miliha wektu sing pas kanggongrembug masalaheNek bojone lagi ngomong,aja diselani. Kudu dirungokkenganti rampung. Bar kuwi,gentenan panjenengan singngomong

Page 11: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

2

RUNGOKNA LAN COBA GAT`EKNA KEKAREPAN

´E

3

TINDAKNA APA SING WIS DIPUTUSK´E

ALKITAB KANDHA: ”Kowe padha tresna-tinresnanana dika-ya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.” (Rum12:10) Ngrungokke sing tenanan kuwi penting. Kudu ngertiapa sing dikarepke, carane nduwe tepa slira lan ”andhapasor”. (1 Petrus 3:8; Yakobus 1:19) Aja ethok-ethok ngru-ngokke padhahal omongane ora digagas. Nek lagi tandanggawe apa wae, mandhega dhisik, banjur gatekna singdiomongke, utawa nek pancen ora isa diselani ya isa dio-mongke mengko. Panjenengan ora entuk nganggep bojokuwi mungsuh, ning di anggep kanca sing ditresnani. Dadi,panjenengan ora cepet nesu.—Kohelet 7:9.

SING ISA DITINDAKK´E:

Rungokna tenanan ngantimudheng sing dikarepke,senajan panjenengan oraseneng karo sing diomongkeSaka omongane, cobadingerteni kekarepane.Gatekna sikape lan caranengomong

ALKITAB KANDHA: ”Angger kangelan mesthi ana pituwase,nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marangkacingkrangan thok.” (Wulang Bebasan 14:23) Nek mungnggawe keputusan thok kuwi ora cukup. Keputusan singwis digawe kudu ditindakke bareng-bareng. Senajan pancenbutuh upaya lan mempeng nindakke kuwi, ning asile mesthiapik. (Wulang Bebasan 10:4) Nek masalahe disanggabareng-bareng, masalahe isa ndang rampung.—Kohelet 4:9.

SING ISA DITINDAKK´E:

Putuske apa sing kududitindakke ben masalaherampungAjeg mriksa apa sing wisditindakke

MASALAH DIRAMPUNGK´E BARENG-BARENG

Upaya sing ditindakke bareng-bareng kanggo ngrampungkemasalah ndadekke urip bebojoan kuwat lan nyenengke.(Wulang Bebasan 24:3) Aja ngungkit-ungkit masalah utawangeling-eling salahe bojone mbiyen. (Wulang Bebasan 17:9)Dadi, carane ngrampungi masalah yaiku, kudu diadhepibareng-bareng lan nggunakke pathokane Alkitab.

COBA DIPIKIR . . .Masalah penting apasing pengin tak rembugkaro bojoku?Aku kudu tumindak apaben aku isa ngertiperasaane bojoku babmasalah kuwi?

Page 12: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´ EA

N4 Carane

Nggunakke lanNgatur Dhuwit”Rancangan bisane kelakon

marga saka panglimbang.”

—Wulang Bebasan 20:18

Kabeh wong butuh dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. (Wulang Bebasan 30:8)Sakjane, dhuwit kuwi kanggo pangayoman. (Kohelet 7:12) Wong bebojoan kadhangkalaangel nek arep ngrembug bab dhuwit, ning aja nganti dhuwit dadi masalah ing keluarga.(´Efesus 4:32) Wong bebojoan kudu percaya karo siji lan sijine, lan isa ngrembug barengcarane nggunakke lan ngatur dhuwit.

Page 13: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

13

1

BLANJAKNA KANTHI SETITI

ALKITAB KANDHA: ”Sabab sapa ta panunggalanmu kangarep ngadegake manara, ora linggih dhisik ngetung-etung,apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge.”(Lukas 14:28) Dhuwite arep dinggo apa kudu dipikirketenanan. (Amos 3:3) Nek pengin tuku-tuku ya kudu direm-bug bareng, sepira dhuwit sing isa diblanjakke. (WulangBebasan 31:16) Senajan nduwe dhuwit, aja kabeh sing dipe-ngini dituku. Nek isa, aja nganti utang. Aja blanja luwih sakadhuwit sing ana.—Wulang Bebasan 21:5; 22:7.

SING ISA DITINDAKK´E:

Nek sasi iki isih ana dhuwitturah, wong loro isa mutuskedhuwite arep dinggo apaNek sasi iki ora ana dhuwitturah, sasi ngarep wong loro isanggawe itung-itungan manehpira dhuwit sing diduweni lansing dinggo blanja, terus nyudadhuwit sing metu. Contone,panjenengan isa masak dhewetimbang jajan

Pemasukan Pengeluaran

Page 14: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

14

2

KUDU JUJUR LAN AJA MENTINGK´E AWAK

´E DH

´EW

´E

ALKITAB KANDHA: Penting banget ”tumindak jujur, oramung ana ing ngarsane Gusti, nanging uga ana ing ngarepemanungsa”. (2 Korinta 8:21, Basa Jawi Padintenan) Kandha-nana bojomu sepira dhuwit sing ditampa karo sing diwe-tokke.

Kudu kerep rembugan bareng bab keputusan-keputusansing ana gandhengane karo dhuwit. (Wulang Bebasan 13:10)Merga iki isa njaga urip bebojan panjenengan tetep rukun.Dhuwit kuwi ora mung duweke panjenengan, ning duwekekeluarga.—1 Timoteus 5:8.

SING ISA DITINDAKK´E:

Rembugen karo bojomu, piradhuwit sing entuk langsungdiblanjakke tanpa taren dhisikNdang rembugen carane ngaturlan nggunakke dhuwit, ajangenteni ana masalah, lagidirembug

CARAN´E B

`EN ORA MENTINGK

´E DHUWIT

Senajan dhuwit kuwi penting, ning aja nganti nggawekeluarga ora ayem lan kuwatir terus. (Mateus 6:25-34) Wongbebojoan ora kudu nduwe dhuwit sing akeh nek arep uripseneng. Alkitab kandha nek wong bebojoan kuwi ora entuksrakah. (Lukas 12:15) Urip bebojoan panjenengan kuwi luwihaji katimbang dhuwit. Dadi, kudu nduwe rasa cukup lansesambungan sing apik karo Yehuwah. Kuwi luwih penting,merga isa ndadekke keluarga ayem tentrem lan nyenengkeYehuwah.—Ibrani 13:5.

COBA DIPIKIR . . .Aku karo bojoku kudupiye ben ora nduweutang?Kapan aku karo bojokungrembug bab dhuwit?

Page 15: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´EA

N5

CaraneTetep Rukunkaro Maratuwa”Padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor,

alusing bebuden lan sabar.”—Kolose 3:12

Wektu nduwe bojo, panjenengan nduwe keluarga anyar. Panjenengan mesthi tetep nres-nani lan ngajeni wong tuwa, ning saiki bojo dadi sing paling penting. Wong tuwa isa waeora trima nek anake saiki luwih mentingke bojone. Pathokane Alkitab isa mbantu bennduwe keluarga anyar sing apik, rukun karo maratuwa, ipe, lan kabeh sedulur liyane.

Page 16: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

16

1

AJ`ENANA MARATUWAMU

ALKITAB KANDHA: ”Sira ngajenana bapa-biyungira.” (´Efe-

sus 6:2) Senajan wis urip bebojoan, kudu tetep ngajeniwong tuwa. Bojomu iya nduwe wong tuwa sing kudu di-gatekke. Nek nduwe katresnan, kudune ora entuk meri, nekbojomu nggatekke wong tuwane.—1 Korinta 13:4; Galati5:26.

SING ISA DITINDAKK´E:

Aja nganti ngomong, ”Keluarga-mu mesthi ora ngajeni aku”utawa ”Mbokmu ora tau senengkaro aku”Pikiren piye perasaane bojomumarang wong tuwane

Page 17: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

17

2

KUDU BLAKA KARO MARATUWA

ALKITAB KANDHA: ”Mulane wong lanang bakal ninggalbapa-biyunge lan rumaket marang bojone sarta sakaroneiku bakal dadi daging siji.” (Purwaning Dumadi 2:24) Wongtuwa mbokmenawa isih pengin ngopeni anake senajananake wis nduwe bojo. Wong tuwa isa wae pengin melu-melu urusan keluargane anake.

Panjenengan kudu nemtokke batesane sepira wong tuwaisa melu-melu urusan keluarga. Gunakna cara sing apik pasngandhani wong tuwa lan ora entuk kasar. (Wulang Beba-san 15:1) Kudu sing sabar, andhap asor, lan alus ben isaakrab karo maratuwa. Panjenengan iya kudu ’ngetokkekatresnan’.—

´Efesus 4:2.

SING ISA DITINDAKK´E:

Nek wong tuwa wis kakehanmelu-melu urusan keluarga,coba dirembug bareng karobojomu pas kahanane cocogKudu nggawe keputusan piyecarane ngadhepi masalah kuwi

NGUPAYA PANGERT`EN KARO MARATUWA

Mikirke omongan lan perasaane wong tuwa kuwi penting.Wong tuwa sing melu-melu urusan keluarga mbokmenawaora nduwe tujuan ala, ning merga perduli karo anake singwis urip bebojoan. Wong tuwa mungkin durung isa nrimanek anake wis nduwe keluarga dhewe. Wong tuwa isa waekrasa ora digatekke maneh. Nek pathokane Alkitab ditrapkeing urip bebojoan, lan rembugan sing jujur, panjenengan isarukun karo maratuwa tanpa ngurbanke keluarga.

COBA DIPIKIR . . .Ngapa kok lumrahnek maratuwa penginmelu-melu urusankeluargaku?Piye carane aku isamentingke bojoku,ning iya ngajeni wongtuwaku?

Page 18: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´ EA

N6 Kahanane Beda

Nek Wis Nduwe Bayi”Anak-anak lanang iku pusaka peparinge

SangYehuwah.”

—Jabur 127:3

Nek wis nduwe bayi, wong lanang karo wong wedok mesthi seneng banget. Ning, barkuwi dadi repot ngopeni anake. Ngopeni bayi kuwi ngentek-entekke wektu lan marakkekesel. Wektu kanggo turu dadi saya sithik, akibate wong bebojoan dadi gampang nesu.Wong bebojoan kudu ngupaya ben isa ngopeni anak, ning uga tetep rukun karo bojone.Pathokane Alkitab isa mbantu wong bebojoan.

Page 19: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

19

1

MIKIRK´E KEPENTINGAN BOJON

´E

ALKITAB KANDHA: ”Katresnan iku sabar; katresnan ikuloma.” Uga ”ora golek kepenake awake dhewe. Katresnaniku ora gampang nepsu.” (1 Korinta 13:4, 5) Pas nduwebayi, lumrah nek wong wedok mung nggatekke bayine.Mulane wong lanang rumangsa ora digatekke. Wong wedokaja lali nggatekke bojone, uga kudu sabar lan tetep tresna.Nek tumindak kaya ngono, bojone krasa dibutuhke lan dijakngopeni bayine bareng-bareng.

”He, para wong lanang . . . nganggoa duga-dugatumrap para wong wadon.” (1 Petrus 3:7) Wong lanang kudupangerten nek bojone kuwi kesel ngopeni bayine. Kadhang-kala wong wedok dadi stres, lungkrah, malah isa depresi.Kuwi marakke wong wedok kerep nesu karo bojone. Ning,aja melu-melu nesu merga ”wong kang sabar iku ngluwihipahlawan.” (Wulang Bebasan 16:32) Sing lanang kudu pa-ngerten lan ngewangi gaweane sing wedok.—Wulang Beba-san 14:29.

SING ISA DITINDAKK´E:

Bapak:´Ewangana bojomu

ngopeni bayi, senajan bengi-bengi. Sedhiyakna wektu luwihakeh kanggo bojo lan anakmu,kagiyatan sing ora penting isadisudaIbu: Nek bojomu penginngewangi ngopeni bayi, ajaditolak. Nek carane ngopenibayi kleru, aja diseneni, ningdikandhani carane sing bener

Page 20: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

20

2

NGUPAYA TERUS CEDHAK KARO BOJON´E

ALKITAB KANDHA: ”Loro-lorone iku bakal dadi daging siji.”(Purwaning Dumadi 2:24) Senajan wis nduwe anak, wonglanang karo bojone tetep ”daging siji”. Ngupayaa tetepcedhak karo bojomu.

Wong wedok kudu maturnuwun merga wis diewangi bo-jone. Nek tumindak ngono, wong wedok isa ”nekakake kawa-rasan”, tegese isa ndadekke hubungane karo bojone tetepapik senajan wis nduwe bayi. (Wulang Bebasan 12:18) Wonglanang kudu ngomong nek tresna banget karo bojone.Wong lanang iya isa ngalem bojone merga sregep ngopenikeluarga.—Wulang Bebasan 31:10, 28.

”Aja nganti ana wong kang mung golek untunge dhewe,nanging saben wong ngaraha untunging liyan.” (1 Korinta10:24) Wong lanang karo bojone tetep kudu nduwe wektukanggo omong-omongan, padha ngalem siji lan sijine, lanngrungokke nek bojone lagi ngomong. Aja golek penakedhewe wektu hubungan seks. Ning, uga mikirke kebutuhanebojone. Alkitab kandha, ”Kowe aja padha cegah-cinegah,kajaba kalawan padha sarujuk.” (1 Korinta 7:3-5) Dadi, wongloro kudu jujur ngrembug masalah kuwi. Ben hubunganetetep kuwat, wong bebojoan kudu sabar lan pangerten.

SING ISA DITINDAKK´E:

Sedhiyakna wektu kanggo wongloro tanpa ana sing nggangguTindakna apa wae sing isa nye-nengke bojomu senajan kuwimung biyasa wae, contone isanukokke hadiah kanggo bojo-mu, ora kudu sing larang-larang

Page 21: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

3

NGAJARI BAYI PANJENENGAN

ALKITAB KANDHA: ”Wiwit cilik kowe wus wanuh karoKitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowelan nuntun kowe marang karahayon.” (2 Timoteus 3:15) Pu-tuske bareng-bareng piye carane ngajari bayi panjenengan.Senajan isih bayi utawa isih ing njero weteng, wis isa sinau.Bayi kuwi uga krungu swarane wong tuwane lan isa ngra-sakke nek wong tuwane seneng utawa sedhih. Pas isih bayiwacakna buku. Pancen durung ngerti, ning kuwi mbantu pasdheweke gedhe isa dadi seneng maca.

Aja nganggep nek isih cilik durung isa diwulang bab GustiAllah. Ajaken donga bareng. (Pangandharing Toret 11:19)Pas ngejak dolanan, critakna apa wae sing wis digawe Yehu-wah. (Jabur 78:3, 4) Saya mundhak gedhe, anakmu bakalngerti nek wong tuwane tresna karo Yehuwah, kuwi nggaweanakmu uga tresna karo Yehuwah.

SING ISA DITINDAKK´E:

Dongaa marang Yehuwah benmbantu panjenengan isa ngajarianak wiwit bayiTembung-tembung lan bab-babsing penting, ajarana bola-bali

KELUARGA DADI LUWIH NYENENGK´E

MERGA NDUW´E BAYI

Saya suwe, wong bebojoan dadi wong tuwa sing luwih apiklan keluarga dadi luwih nyenengke. Nek nggedhekke anak,wong tuwa dadi luwih tresna, sabar, lan apikan. Wektungopeni anak bareng-bareng lan padha mbantu siji lansijine, wong bebojoan hubungane isa saya cedhak. Dadipanjenengan isa ngrasakke tenan kaya sing dikandhakkeing Jabur 127:3, ”Wohing wetengan iku sawijining pituwas.”

COBA DIPIKIR . . .Seminggu iki apa singwis tak tindakke singnduduhke nek akungajeni bojoku mergawis tenanan ngopenikeluarga?Sakliyane nyritakkebayi, apa aku uga critabab hubunganku karobojoku?

Page 22: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´ EA

N7 Carane Ndhidhik Anak

”Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki,

iku padha gatekna, lan padha wulangna bola-bali marang

anak-anakmu.”—Pangandharing Toret 6:6, 7

Yehuwah sing ndadekke keluarga sing kapisan, maringi tugas karo wong tuwa kanggonggedhekke anak-anake. (Kolose 3:20) Wong tuwa kudu mulang anak-anake ben tresnakaro Yehuwah lan dadi wong sing tanggung jawab. (2 Timoteus 1:5; 3:15) Wong tuwakudune ngerti apa sing dikarepke anak-anake. Wong tuwa kudu dadi conto sing apikkanggo anak-anake. Anak-anak kudu kerep diwulang bab Alkitab, merga kuwi pentingbanget. Wong tuwa iya kudu wis ngerti lan nindakke kersane Gusti Allah.—Jabur 40:9.

Page 23: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

23

1

AJA NGANTI ANAK ORA JUJUR KARO WONG TUWA

2KUDU NGERTI APA SING DIOMONGK

´E ANAK

ALKITAB KANDHA: ”Saben wong dienggal manawa ngrungok-ake, nanging disareh manawa calathu”, utawa cepet ngrungokke,ning ora cepet mangsuli. (Yakobus 1:19) Panjenengan mesthipengin nek anak-anak kerep omong-omongan lan jujur karo wongtuwa. Mula, anak-anak kudune iya ngerti nek wong tuwane gelemngrungokke nek anake arep crita. Gawenen kahanan ing omah ru-kun lan ayem tentrem ben anak-anak gelem ngomong jujur.(Yakobus 3:18) Nek anak rumangsa wong tuwane bakal nesu lannuduh sing ora-ora, anak-anak isa wae dadi ora gelem crita jujurkaro wong tuwa. Mula wektu anak-anak crita, wong tuwa kudu sa-bar ngrungokke. Panjenengan kudu kerep nduduhke nek sayangbanget karo anak-anak.—Mateus 3:17; 1 Korinta 8:1.

SING ISA DITINDAKK´E:

Kudu sabar lan gelemngrungokke nek anake critaKerep omong-omongan karoanak-anak saben dina, oramung nek pas anak-anaknduwe masalah

ALKITAB KANDHA: ”Sapa sing nggatekke pangandika bakalnemu becik.” (Wulang Bebasan 16:20) Kadhangkala, wong tuwaaja mung ngrungokke thok omongane anake, ning kudu ngertitenan sing dirasakke anake. Nek crita, anak-anak biyasane nglu-wihi sing sak tenane utawa omongane beda karo sing dikarepke.”Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake, iku bodho.”(Wulang Bebasan 18:13) Aja kesusu nesu.—Wulang Bebasan19:11.

SING ISA DITINDAKK´E:

Nek anak-anak lagi crita, ajaterus diselani utawa langsungnesu-nesuPanjenengan uga kudu ngelingipas isih enom mbiyen lan apasing kerep dirasakke utawaperkara apa sing penting wektukuwi

Page 24: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

24

3

DUDUHNA N`EK PIKIRANMU COCOG KARO PIKIRAN

´E BOJOMU

ALKITAB KANDHA: ”He anakku, ngrungokna marang pamerdinebapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu.” (Wulang Bebasan1:8) Yehuwah maringi wong tuwa hak kanggo ndhidhik anak-anake. Wong tuwa ngajari anak-anake ben ngajeni lan manutkaro wong tuwane. (

´Efesus 6:1-3) Anak-anak isa ngrasakke nek

wong tuwa lagi ora sakpikiran. (1 Korinta 1:10) Nek panjenenganpas lagi ora cocog, aja padu ing ngarepe anak-anak, merga anakdadi ora ngajeni wong tuwane.

SING ISA DITINDAKK´E:

Wong tuwa isa rembugan dhisikarep tumindak apa nek anak-anake salahNek wong tuwa pas lagi oracocog ndhidhik anake, loro-lorone kudu ngerti apa singdipikirke bojone

”Bocah wiwit cilikajarana bab dalan singprelu diambah”

Page 25: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

25

4

MIKIRK´E DHISIK CARAN

´E NDHIDHIK ANAK

ALKITAB KANDHA: ”Bocah wiwit cilik ajarana bab dalan singprelu diambah.” (Wulang Bebasan 22:6) Wong tuwa kudu ndhi-dhik anak-anake nganti anak-anake dadi wong apik, ning ajamung asal ndhidhik. Pikirna dhisik carane ndhidhik anak-anak,klebu arep tumindak apa nek anake salah. (Jabur 127:4; WulangBebasan 29:17) Kuwi tegese ora mung ngukum, ning uga mbantuanak-anak ben ngerti apa alesane aturan kuwi digawe. (WulangBebasan 28:7) Wong tuwa isa mulang anak-anake ben senengmaca lan ngerti pathokane Alkitab. (Jabur 1:2) Nek ngono, anak-anak isa nindakke apa sing bener lan ngedohi apa sing salahmiturut pathokane Alkitab.—Ibrani 5:14.

SING ISA DITINDAKK´E:

Kudu masthekke nek anak-anakmu nduwe hubungan singakrab karo YehuwahAnak-anak uga dibantu ngertibab-bab sing marakke tumin-dak dosa, contone sing ana inginternet lan jejaring sosial, ugacarane ngedohi kuwi. Kandha-nana anakmu ben isa ngedohiwong-wong sing meksa tumin-dak sing saru-saru

Y´EHUWAH BAKAL MBERKAHI UPAYAN

´E PANJENENGAN

Wong tuwa nduwe kaurmatan sing gedhe, yaiku isa mulanganake bab Yehuwah. (

´Efesus 6:4) Yehuwah ngerti nek kuwi ora

gampang. Ning, percayaa nek kuwi isa ngluhurke asmane Yehu-wah lan panjenengan bakal seneng banget.—Wulang Bebasan23:24.

COBA DIPIKIR . . .Piye carane ben anakkugelem crita apa waekaro aku?Apa sing isa tak sinaonisaka carane wong tuwaliya ngopeni lannggedhekke anake?

Page 26: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´ EA

N8 Nek Keluarga Ngadhepi Musibah

”Padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang

prihatin sawatara mangsa marga saka anane godha-rencana

warna-warna.”—1 Petrus 1:6

Wong bebojoan mesthi wis ngupaya tenanan ben keluarga isa ayem tentrem. Ning,kadhangkala ana kedadean sing ora dinyana-nyana sing marakke uripe susah. (Kohelet9:11) Gusti Allah bakal mbantu panjenengan ngadhepi masalah kuwi. Nek panjenenganngetrapke pathokane Alkitab sing arep dirembug iki, panjenengan lan keluarga isangadhepi musibah, senajan masalah kuwi abot banget.

Page 27: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

27

1

PERCAYAA KARO Y´EHUWAH

2

GAT`EKNA KEBUTUHAN

´E PANJENENGAN LAN KELUARGA

ALKITAB KANDHA: ”Sakabehing sumelangmu pasrahnamarang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopenikowe kabeh.” (1 Petrus 5:7) Pacoban kuwi asale dudu sakaYehuwah. (Yakobus 1:13) Nek panjenengan ngupaya cedhakkaro Yehuwah, Yehuwah iya bakal mbantu panjenengan.(Yesaya 41:10) ”Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane.”—Jabur 62:8.

Nek maca lan sinau Alkitab saben dina, uripe isa luwihayem. Panjenengan bakal ngrasakke nek Yehuwah maringipanglipuran, senajan saiki kahanane marakke nelangsa.(2 Korinta 1:3, 4; Rum 15:4) Yehuwah janji bakal maringi”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkulisaliring budi”.—Filipi 4:6, 7, 13.

SING ISA DITINDAKK´E:

Dongaa nyuwun tulung karoYehuwah ben isa nduwe ati singayem lan pikiran sing padhangCoba pikirna cara-cara ngram-pungi masalah, lan pilihen salahsiji sing paling apik kanggopanjenengan

ALKITAB KANDHA: ”Atine wong pinter ngolehake kawa-sisan, lan kupinge wong wicaksana ngupaya kapinteran.”(Wulang Bebasan 18:15) Coba takonana keluargamu siji-sijiapa sing dibutuhke. Kudu omong-omongan karo keluargalan rungokna tenanan omongane.—Wulang Bebasan 20:5.

Apa sing kudu ditindakke nek ana salah sijine wonging keluarga sing mati? Aja pekewuh nek arep nangis utawanyritakke perasaane. Yesus iya tau nangis. (Yokanan 11:35;Kohelet 3:4) Aja kurang turu lan ngaso ben awake tetepsehat. (Kohelet 4:6) Nek kuwi kabeh ditindakke, panjeneng-an isa luwih gampang ngadhepi masalah.

SING ISA DITINDAKK´E:

Kudu kerep ngomong karokeluarga apa sing dirasakke.Dadi, nek pas ana musibah,keluarga iya gelem crita karopanjenengan apa sing dira-sakkeCoba critakna apa sing kokra-sakke karo wong sing wis taungadhepi masalah sing padha

Page 28: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

28

3

GOL`EKA BANTUAN SING DIBUTUHK

´E

ALKITAB KANDHA: ”Mitra iku ing samangsa-mangsa ajegbae katresnane lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.”(Wulang Bebasan 17:17) Kanca-kanca panjenengan isa waepengin mbantu, ning mbokmenawa ora ngerti apa sing kududitindakke. Aja pekewuh nek arep ngomong apa sing dibu-tuhke. (Wulang Bebasan 12:25) Coba nyuwun tulung karoGusti Allah, carane, njaluk nasehat saka wong-wong singngerti isine Alkitab. Wong kuwi isa ngandhani piye caranengrampungke masalah miturut nasehate Alkitab.—Yakobus5:14.

Panjenengan isa dadi kuwat nek ajeg srawung karo wong-wong sing nduwe iman sing kuwat lan percaya janji-janjineGusti Allah. Panjenengan isa kelipur nek nggedhekke atiwong sing lagi susah. Critakna apa sing koksinau saka Al-kitab lan janjine Yehuwah karo wong-wong kuwi. Sabendina, tulungana wong-wong sing lagi susah, lan aja ngedohiwong-wong sing tresna lan perduli karo panjenengan.—Wulang Bebasan 18:1; 1 Korinta 15:58.

SING ISA DITINDAKK´E:

Coba critakna apa sing kokalami karo kancamu, lan ajapekewuh nek arep diwenehibantuanCritakna apa sing saktenanepanjenengan butuhke

DHISIKNA PERKARA-PERKARA SING LUWIH PENTINGSenajan nelangsa, panjenengan kudu tetep eling karo GustiAllah. Pas ngadhepi musibah, Ayub tetep ngluhurke asmaneYehuwah. (Ayub 1:21, 22) Awake dhewe isa niru Ayub, tetepngluhurke asmane Yehuwah lan nindakke kersane timbangkerep nguwatirke awake dhewe. Nek sing dikarepke kuwi orakelakon, aja terus nglokro. Percayaa karo Gusti Allah. ” ’Ing-sun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira,’ mangko-no pangandikane Sang Yehuwah, ’rancangan tentremrahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebakpangarep-arep kang becik tumrap ing besuke.’ ”—Yeremia 29:11.

COBA DIPIKIR . . .Apa aku percaya bangetkaro Yehuwah sabendinane, klebu perkara-perkara sing cilik?Apa sebabe aku sabendina kudu terus ngucapsokur karo Yehuwah?

Page 29: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

BA

G´EA

N9

Ngibadaha marangYehuwah BebarenganKeluarga”Sujuda marang Panjenengane kang wus

nitahake langit lan bumi.”—Wahyu 14:7

Buku iki wis mbantu panjenengan ngerti nek pathokane Alkitab kuwi isa ndadekkekeluarga urip ayem tentrem. Yehuwah pengin kabeh keluarga seneng. Nek keluargamungutamakke ibadah marang Yehuwah, kabeh kebutuhane bakal ”diparingake marangkowe”. (Mateus 6:33) Yehuwah pengin banget kabeh keluarga nyedhak karo Yehuwah.Gunakna wektu kanggo terus nyedhak karo Gusti Allah, merga kuwi kaurmatan singgedhe banget.—Mateus 22:37, 38.

Page 30: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

1

TERUSA NYEDHAK KARO Y´EHUWAH

2

KUDU NGIBADAH SAKKELUARGA

ALKITAB KANDHA: ” ’Ingsun bakal dadi Ramanira, sartasira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon’,ngendikane Yehuwah.” (2 Korinta 6:18) Gusti Allah penginpanjenengan dadi kanca akrabe. Carane yaiku, panjenengankudu ndonga. Yehuwah ngundang panjenengan nek ’ndedo-nga aja kendhat’, utawa mandheg. (1 Tesalonika 5:17) Yehu-wah iku perduli karo apa sing kokpikirke lan koksumelangke.(Filipi 4:6) Pas ndonga bareng keluarga, bojomu lan anakmuisa ngerti sepira cedhake hubunganmu karo Yehuwah.Sakliyane ndonga, panjenengan uga isa ngrungokke pa-

ngandikane Yehuwah. Carane yaiku maca lan sinau Alkitab.(Jabur 1:1, 2) Bar kuwi, pikirna sing tenanan apa sing koksi-nau kuwi. (Jabur 77:12, 13) Panjenengan uga isa cedhakkaro Gusti Allah nek ajeg teka ing pakumpulan ibadah.—Jabur 122:1-4.

Sing uga penting, panjenengan kudu crita karo wong liyabab Yehuwah. Nek kuwi ditindakke, panjenengan isa luwihcedhak karo Yehuwah.—Mateus 28:19, 20.

SING ISA DITINDAKK´E:

Sedhiyakna wektu kanggo macaAlkitab lan ndonga saben dinaDhisikna ngibadah bebarengankaro keluarga ketimbangseneng-seneng lan plesiran

ALKITAB KANDHA: ”Padha nyedhakana marang GustiAllah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe.” (Yakobus 4:8) Panje-nengan kudu nggawe jadwal ibadah sakkeluarga sing ajeglan jadwal kuwi kudu dilakoni. (Purwaning Dumadi 18:19)Ning, sing penting keluarga kudu cedhak karo Yehuwah lanmanut tuntunane. Nek panjenengan ngrembug karo keluar-ga bab Yehuwah ’samangsa lagi lungguhan ana ing omah,samangsa pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawasamangsa tangi’, hubungane panjenengane karo Yehuwahsaya cedhak. (Pangandharing Toret 6:6, 7) Tirua Yosua singngomong, ”Aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padhangabekti marang Pangeran Yehuwah.”—Yusak 24:15.

SING ISA DITINDAKK´E:

Wektu ngibadah sakkeluarga,kudu ajeg ngrembug apa singdibutuhke lan masalah apa singlagi diadhepi saben wong ingkeluarga

Page 31: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

31

KANGGO SING MIMPINKELUARGA

Aja nganti ora sida ngibadahsakkeluarga merga anakagiyatan liya

Kandhanana sakdurunge apasing arep dirembug benkeluarga isa sinau dhisik

Pastekna nek kabeh wongsakkeluarga isa teka

Gawea kahananenyenengke ben kabehisa seneng

UMAT´E Y

´EHUWAH SING TERUS BUNGAH

Ngibadah marang Yehuwah kuwi sing paling apik ketimbangkaro apa wae. Yehuwah seneng mirsani keluarga-keluargangabdi sing tenanan marang Yehuwah. Nek kuwi ditindakke,panjenengan isa dadi saya tresna lan kepengin niru Yehu-wah. (Markus 12:30;

´Efesus 5:1) Nek gelem manut karo tun-

tunane Yehuwah, wong bebojoan isa saya cedhak siji lan si-jine. (Kohelet 4:12; Yesaya 48:17) Panjenengan lan keluargaisa urip ayem tentrem saklawas-lawase merga ”padha diber-kahi dening Pangeran Yehuwah”.—Pangandharing Toret 12:7.

COBA DIPIKIR . . .Kapan aku karo bojokundonga bareng?Bahan apa wae sing isatak gunakke wektu ngi-badah sakkeluarga, singisa nggawe imanku karokeluargaku luwih kuwat?

Page 32: Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

hf-

JA1

50

92

1

Carane ngajeni bojo˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Carane ben omongane ora nglarani ati˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Carane ben ora padu wae˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Carane ben isa gampang ngapura˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Piye nek aku nyenengi wong liya singdudu bojoku˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Piye nek bojoku lara parah˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Piye carane randha utawa dhudha isaayem tentrem nek nduwe bojo maneh˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Piye carane ngadhepi anak sing kerep rewel˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Nek anak panjenengan cacad˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Ngomongke seks karo anak panjenengan˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Nek anak ora yakin karo agamane panjenengan˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Ndhidhik cah enom ben dadi wong diwasasing apik˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Nek anak panjenengan seneng nglarani awake˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛

Carane rukun karo keluarga tiri˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛ ˛Katrangan-katrangan sing anyar bakal terus ditambahke.

Goleka Katrangan LuwihAkeh Kanggo MbantuKeluarga ing

jw.org/idSupaya entuk katrangan luwih akehbab tuntunane Gusti Allah, delokensituse Seksi-Seksi Yehuwah. Ingsitus iki uga ana pengalamannyata saka wong-wong sakdonyabab wong bebojoan sing ngadhepikahanan kaya sing panjenenganalami.

˛

sSitus Web resmiSaksi-Saksi Yehuwa

Kunjungi jw.org/jv,utawa pindai kode