itmi ( iman tauhid marifat islam)

Upload: muhammad-jati

Post on 09-Apr-2018

423 views

Category:

Documents


6 download

TRANSCRIPT

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    1/52

    I T M II M A N T A U H I D M A 'R I F A TI S L A M

    -----------------------------------------------

    Alih Bahasa Tgl 3-3-1953

    KARANGAN :

    Th. 1791 Jawa atau

    Th. 1862 Masehi

    Oleh :R. Ng. Rangga Warsita

    i

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    2/52

    BISMILLAHI RRAHMANI RRAHIEM

    P r a w a t j a n a

    YAN punika reke ingkang winastan wirid ,,Iman-Tauhid-

    Ma`rifat-Islam inggih bapa-babunipun sedaja serat wirid ingkang

    adedasar falsafah Islam. Ingkang wonten ing djagad Kedjawen, ugi karan

    wirid Tjatur-Wiwara-Werit, Tjatur : sekawan, wiwara : margi, werit :

    rungsid. Liripun wedaran sekawan tataran margining panembah djati

    ingkang sakelangkung rungsidipun. Awit menawi klinta-klintu ing

    penampi, bebasan umese ,,marta temahan ,,wisa. Amila kala

    sugengipun para Walijullah ing tanah Djawi duk djaman kraton agung

    Bintara (Demak) kala rumijin dumugi sepriki : wirid wau tansah dados

    kekeran, pilih-pilih ingkang udani, djer boten kasijaraken dateng

    ngakatah, inggih djalaran ngawekani klinta-klintuning penampi punika

    wau.

    D

    Duk kala sekawit : para Waliyullah ingkang tinanggenah

    dening Negari amemedjeng babagan penembah djati punika,

    wedjanganipun sami adapur perlambang tuwin mawi basa ingkang

    sinandi, ananging boten ringsed saking paugeran wirid kekeran wau.

    Wiwit djaman Demak, dumugi djamanipun pandjenengandalem Nata Sultan Agung ing Mataram, taksih lestantun kados mekaten,

    djer wiwit djaman Demak dumugi djaman Mataram wau : ajahan

    memedjang babagan panembah djati punika kalebet bebadaning Negari

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    3/52

    ingkang wigatos, ingkang katindakaken dening para pinitjados.

    Pratelaning asma-asmanipun para pinitjados amemedjang wau kaewrat

    wonten ing serat ,,Hidajat Djati karanganipun Sang misuwur djagad

    tetiga swargi Ki Pudjangga Raden Ngabehi Ranggawarsita.

    Ananging lamining alami, satenah katah ingang sami

    amemedjang kalajan dedemitan, boten kepriksan daning Negari, tuwin

    katah ingkang njade ajating pangeran kalajan regi mirah(= mengku

    pamrih mligi babagan dunia) ladjeng katah wirid utawi wedaran ingkang

    mingsed sakedik tuwin mingsed katah saking paugeran kasebut nginggil.Umumipun wirid-wirid ingkang mekaten wau kaawadaken asli saking

    primbon Elaranipun Wali Anu utawi Nabi Anu, terkadang kaawadaken

    angsalipun saking seratan gaib utawi swara gaib, sapanunggalanipun.

    Sabakdanipun djaman Mataram, inggih wiwitipun djaman

    pendjdadjahan ingkang lestantun tumindak kantun wirid-wirid ingkang

    dedemitan wau, mekaten seladjengipun, dumugi saderengipun djaman

    Indonesia Merdeka.

    Pangriptanipun serat punika gadah pemanggih, bilih ing

    djaman Indonesia Merdeka tuwin djaman madjengipun akal-pikiran

    semangke punika, boten wonten pakewedipun ambabaraken sedaja

    kekeran ingkang mlingit punika, sinartan katrangan sadjelas-djelasipun,

    ingkang saget ketampi dening akal lan pikiran. Pinten banggi saged

    dados urun-urun tumrap tudjuwan pembangunan lahir-batos ing wekdal

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    4/52

    sapunika. Pengubahipun kadapur pawitjantenanipun, mitra kekalih, sami

    dene migunakaken basa Ngoko Andap djaman punika.

    Wusana menawi wonten para nupiksa ingkang kasdu njaruwe,

    senadjan kados pundi kemawon wedalipun, bade katampi kalajan suka

    pirenaning manah, saha ngaturaken genging panuwun.

    Tinengeran : AMARNA SALIRA BRAHMANA SAMADI

    Salamipun

    PANGGRIPTA

    Ngayogja, 3 3 1953

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    5/52

    TJAP-TJAPAN INGKANG KAPING III

    Isinipun tjap-tjapan ingkang kaping III punika sami kemawon

    kalijan ingkang tjap-tjapan I lan II, namung ingkang pinanggih tempat

    dipunleresaken seperlunipun. Punopo dene rumijin stensilan sapunika

    kaetjaping pangetjapan. Punika satunggaling kamadjengan ingkang

    jalaran saking pembijantunipun para mitra langganan kita. Amila kita

    ngaturaken genging panuwun.

    PENERBIT

    TJAP-TJAPAN INGKANG KAPING IV

    Wirid ,,I.T.M.I Tjap-tjapan ingkang kaping IV punika sami

    kemawon kalijan ingkang kaping III, naming edjaanipun abdjad-abdjad

    Quran tuwin lan hadiest kasantunan miturut edjaaan ingkang kelimrah

    sapunika.

    PENERBIT

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    6/52

    I. BEBUKA WEDARING WIRID

    1. MITRA

    Mas, sowanku mrene iki satemene ono perlu kang rada

    wigathi, nalare mengkene : bareng umurku wes ngantjik satengah abadiki, teka prak-prek kerep lara, mengko gek aku iki wis jedaki marang

    djandjiku. Mangka aku iki suwung blung, ora duwe ngelmu sutjuwil-

    tjuwila.

    Ana kang nekad ake jen mati iku wis ,,bar, ora nemu lelakon

    apa-apa, nanging aku ora wani tiru-tiru duwe tekad (itiqaad =

    gegebengan) mengkono iku. Sebab umpama menkonowa, teneh ora ana

    wong ngudi ngelmu utawa nindakake dawuhing agama. Mokal jen wong

    kang sabegjan akeh banget iku pada bodo banget, nganti ana kang oramerlokake babagan dunja, saka bangeting marsudi ngelmu lan agama.

    Mokal umpama wong-wong mau mung wedi marang udjar gegorohan

    bae.

    Tjekake : anggonku wingi-wingi ora ngupaja ngelmu iku, ora

    djalaran aku wis mbundeli kapertjajan kaja mengkono, mung saka lagi

    kalimput dening panggodaning hawa napsu bae. Hlo iku matur sak

    barese. Lagi saiki aku katuwuhan osik nedya ngupaja ngelmu, bareng wis

    .. rumangsa tuwa iki.

    Hla iku mas, amit-amit sewu, tak kira pandjenengan ugakagungan butuh kaja aku. Mulane jen pandjenengan dangan ing

    panggalih, ajo pada bebarengan .. meguru. Dadi enome tunggal

    pesaban, tunggal pekareman, tuwane tunggal tjetjepan (wiriding guru),

    tunggal gegajuhan. Tetep dadi sedulur ndunja ngakerat. Rak ija ta, mas?

    1. DARMA

    Di, sampejan ngadjak bebarengan meguru iku aku bungah

    banget, sebab aku ngerti jen pengadjak mau tuwuh saka katresnan.Nanging ngendika sampejan iku perlu tak ontjeki disik, kang uga ketarik

    saka rasa sih tresnaku.

    Pantjen, panemune wong kang akeh-akeh, ija kaja panemu

    sampejan iku, anggone ngudi ngelmu ke-Tuhanan iku mung kanggo

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    7/52

    babagan ngakerat utawa babagan pati, mulane elinge ngudi: bareng wis

    tuwa, rumangsa wis njedaki mati. Hla iku satemene kliru :

    I. Perkara pati uku ora milih umur. Ana kang mati isih botjah, mati

    enom, mati setengah tuwa, mati tuwa, mati tikluk-tikluk.

    II. Ngelmu ke-Tuhanan iku ora mung maedahi tumrap babaganngakerat utawa babagan pati bae, sedjatine uga maedahi banget

    tumrap uripe ana ing ngalam dunja iki, kajata njalari kadunungan

    rasa : tatag, tanggon, tentrem, gembira, begdja, .. kang

    ringkese rumangsa kepenak.

    Dadi : kita, kang elinge ngudi ngelmu ke-Tuhanan bareng wis

    tuwa iku satemene kasep, ananging ija isih rada betjik

    kasep, tinimbang ora babar pisan.

    Mulane uwong kang pinareng pinaringan umur dawa, iku bisaateges nugraga, uga bisa ateges siksa. Senadjan kasep, nanging bandjur

    eling, iku kena diarani pinaringan nugraha umur dawa. Dene kang ora

    nganggo eling, iku umure dawa tetep aran siksa. Amarga wis ora tedas

    pangan kang mirasa, ora tamat ndeleng sesawangan kang adi endah, suda

    pengrungune, tininggal para kekasihe, ndadak sedina-dinane isih tansah

    bentajangan bae.

    Hla sampejan ngadjak bebarengan meguru iku, apa wis

    kagungan wawasan : sapa lan ngendi daleme ?

    2. MITRA

    Uwis, mas! Lan ora mung sedulur sidji loro bae kang pada

    ngandakake, jen guru mau pantjen peng-pengan temenan. Kajata pirsa

    kelakuwan lan batining wong, pirsa lelakoning wong kang wis

    kepungkur lan kang durung kelakon. Mulane para muride ija pada wedi

    asih, amarga gurune asotija Batara mengkono iku : samobah mosike

    kapirsan kabeh. Kawasan lan kewaspadan mengkono iku bokmenawa

    kang diarani ,,helderziend kae, apa ,,okkultist aku ora ngerti.Nanging kaluwihane ora mung mengkono bae mas ! kajata

    jen muride nemu ribed anak bodjone lara, disuwunake tamba mrono,

    .. bisa tjes pleng temenan. Ribed apa bae, djandji matur uga

    diparingi pitulungan daja kekuwatan gaib, mulane akeh para siswane

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    8/52

    kang pada nemu kamuljan ana ing masarakat iki, kajata kang laku

    dagang bisa sempulur dadi lan sugihe, kang. Tjekel gawe enggal

    munggah pangkate, mundak bajare.

    Ana maneh kang elok, mas! Ana salah sawidjine siswa kang

    disereg ing pengadilan perkara kriminal rada abot. Miturut panemu-panemu kang dedasar juridisch, mesti kokum. Bareng tekan ing dina

    putusan, ndadak .. bebas, kaanggep perkarane kurang terang. Ora

    lija, sebab siswa mau diparingi sarat dening gurune kang linuwih iku

    mau.

    Hla kaelokane lija-lijane kang umume diarani kadigdajan,

    kanuragan, kawidjajan, .. wis adja mundut pirsa, mas. Tjekake

    sarwa ana sarwa mumpuni, lan uga diparingake marang muride kang

    duwe penjuwun.Emane daleme ora ana ing Negara kene. Nanging ija ora

    kagolong adoh banget saka kene, lan ora kalebu rekasa lakune upama

    sowan mrana, djer daleme iku ora adoh saka palerenan sepur utawa bis.

    2. DARMA

    Mengko ta, di! Asmane lan daleme adja sampejan ngendikake

    disik, perlune pangrembug kita bisa mung apa anane bae (objektief). Jen

    wis tau krungu asmane, daleme lan riwajate, luwih-luwih jen wis tau

    kepetuk utawa kenal karo prijajine, bokmenawa pangrembug kita bandjurkawoworan sentimen.

    Satemene aku kurang mangerti marang ngendika sampejan

    iki mau. Kaja-kaja sampejan mau adjak-adjak bebarengan golek ngelmu

    patitising pati, sarehning rumangsa wis sepuh, bokmenawa sawajah-

    wajah tumekaning djandji. Aku bandjur koreksi satitik, jen ngelmu

    patitising pati iku ora lija ngelmu ke-Tuhanan, sarta ngelmu ke-Tuhanan

    iku satemene uga migunani tumrap urip kita ana ing ndunja iki.

    Tuture karo ngendika sampejan sakawit mau, mestine upamakita iki sida meguru, ija kudu ngupaja guru kang sampurna ing kawruh

    pati patitis. Jen turute karo kandaku, kudu ngupaja guru kang sampurna

    bab ngelmu ke-Tuhanan, kang kanggo ing kene kana (urip ana ing

    ndunja lan sawise tinggal dunja). Rak ija, ta?

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    9/52

    Nanging ngendika sampejan kang keri iki mau teka mung

    ngrasani kaluwihane sawidjining prijaji guru ing babagan ngelmu werna-

    werna, kang garise gede kalebu ngelmu sihir lan babagan pedukunan.

    Keprije kaluwihane babagan patitising pati utawa babagan ke-Tuhanan, -

    apa teorine apa teori dalah praktike pisan, - malah ora sampejanngendikakake. Jen mung durung dingendikake .. bok tjoba

    dingendikakake pisan.

    Hla saupama kaluwihane ja mung kaja kang wis sampejan

    ngendikakake mau, rak ora tjotjog karo kebutuhan sampejan ta ? Apa

    pantjen kebutuhan sampejan kang kaingsedake saka sakawit ? Kajata

    kaingsedake : bokmenawa jen ana perlune butuh pitulungan daja gaib :

    wis tjumepak, sukur ketularan kagungan kaluwihan dewe. Apa

    mengkono ?

    3. MITRA

    Jen kebutuhanku mono tetep, mas, ora owah saka sakawit.

    Hla saupamane kita oleh guru kang kagungan kaluwihan werna-werna iki

    mau, rak ija marem, ta? Apadene saumpama kita satitik satitik bisa

    ketularan kaluwihaning guru mau kae, ra ija luwih prajoga, ta ?

    Mareme lan luwih prajogane iku, ora djalaran aku kepengin

    oleh pitulungan ngelmu sihir utawa kepengin medukun, apa maneh

    kepengin bisa dadi dukun dewe, iku ora mas.Mungguhing aku. Kabeh babagan lahir iku luwih mantep jen

    digarap setjara lahir uga. Kajata babagan lara ija mantep goleh tamba

    marang dokter. Jen kepengin munggah pangkat, ija kudu sregep lan

    tumemen anggone njambut gawe. Jen kepengin sugih anggone dagang,

    kudu ngerti marang kawruh dagang. Umpama kena ing perkara, ija

    prajoga ndjaluk tulung marang adpokat. Hla bab kadigdajan, pantjen

    wiwit enom mula aku ora seneng, jen kumudu ,,djaga diri aluwung

    sinau pentjak utawa ngesak revolver. Apa maneh bab nakokake nasibingawak, saja tak sirik banget, sebab jen dibedek ala : tjilik atine, jen

    dibedek bedjik : ngendel-ngendelake.

    Dene mareme umpama duwe guru kang linuwih iku, ora lija

    mung ngandelake pijandel, jen kita iki disidikara dening titah kang wis

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    10/52

    ketjedak karo kang nitahake, - kang Maha Kuwasa mulane ija

    kasinungan kuwasa : kinatjek karo sapadaning tumitah. Mengkono uga

    luwih prajogane saupama kita bisa ketularan duwe kaluwihan setitik-

    satitik, ora lija ija djalaran kita ngrumangsani : maune kalimputan ing

    pepeteng, djalaran saka tuntunaning guru bandjur oleh pepadangsawetara.

    Bab ngelmu ke-Tuhanan kang pandjenengan ngendikakake

    iku mau, aku ora dikandani dening para sedulur kang wis tau njuwun

    berkah mrana, apa teorine bae, apa teori dalah praktike pisan. Umpama

    dikandanana, terkadang ija klira-kliru anggonku ngaturake marang

    pandjenengan, awit aku durung terang, endi kang aran ngelmu ke-

    Tuhanan , endi kang kelebu sihir, lan pedukunan iku. Saka pengiraku,

    sarehning wis djeneng ketjedak iku mau, mesti ngelmune ke-Tuhananuga wis luwih sampurna tinimbang karo kang durung ketjedak.

    Hla mungguh pamanggih pandjenengan keprije ?

    3. DARMA

    Panemu sampejan : kabeh babagan lahir iku luwih mantep

    utawa matuke kudu digarap setjara lahir uga, iku aku mupakat banget.

    Malah saka kejakinanku mengkene :

    Kawruh kelahiran (wetenschap) karo kawruh kebatinan

    (mystiek) iku umpama suruh mono : lumah lan kurebe, pada duwekawudjudan dewe-dewe. Sidji-sidjine pada drajate lan pada pigunane,

    ora teka kang sidji luwih luhur lan luwih migunani tinimbang sidjine.

    Dadi : saupama mystiek iku bisa tumindak bebarengan karo

    wetenschap, kang ateges bisa ngiseni kekuranganing wetenschap, iku

    betjik banget. Sebab jen anggonku ngumpamakake suruh mau bener,

    amesti kurebe ora bisa ditonton saka lumahe, lumahe ora bisa ditonton

    saka kurebe. Sampurnane jen ditonton lumahe lan kurebe.

    Naning jen ana kang duwe pengira : mystiek iku bisa,,mengatasi wetenschep, sarta duwe pengira : luwih mitajani kanggo

    nggarap babagan lahir, hla iku mesti bakal . ketjelik.

    Mula kepara njata, sok ana kedadejan : wong lara digarap

    dokter, wis lawas durung bisa waras, malah dokter durung bisa

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    11/52

    nemtokake lelarane, bareng didukunake : dukune ngerti sebab-sebabing

    larane, lan bisa malujakake. Nanging kang mengkono iku ora kena

    dipastekake, mulane uga ora kena dienggo bukti jen mystiek iku menang

    luhur tinimbang wetenschap.

    Upama kawruh padukunan iku mau luwih mitajani tinimbangkawruh kedokteran, amesti sekolahan-sekolahan dokter bakal

    kekurangan murid. Jen arep ana pertandingan rebut title ,,djuara, amesti

    para pemaine ora pati merlokake latihan, kang diperlokake golek dukun

    utawa pati geni. Jen arep ana pilihan warga ing ,,dewan perwakilan

    amesti ora pada mempeng anggone gawe propaganda, mung mempeng

    pada golek sarat. Lan bisa kedadejan ana delegasi ing sawidjining

    konperensi bandjur nanda tangani reketek-reketek bae, sebab kedajan

    dening perbawane gaib delegasi lelawanane rembugan.Kabeh iku aku wani netepake ora bakal kelakon!

    Awit kemadjuwaning perkara lahir iki kabeh wis miturut garis kodrating

    Pangeran. Mulane Pangeran mesti ora bakal marengake ananing

    kedadejan-kedadejan kang andjalari wurunge kemadjuwan iku mau. Hla

    jen mung kaelokan remeh-remeh kang ora dadi alanganing kemadjuwan

    lahir iku mau : mung djalaran saka pertjajane, ija kapertjajane iku mau

    kang dadi tamba. Hlo wong kang dibebasake perkarane iku mau ,

    mestine ja pantjen kurang terang temenan, senadjan njata nindakake

    penggawe. Mengkono sapiturute.Dadi : aku mupakat karo panemu sampejan, jen kabeh

    babagan lahir iku luwih prajoga digarap setjara lahir bae. Sebab

    ngelmu ,,kebatinan dianggo nggarap babagan ,,kelahiran iku kurang

    mitajani. Hla ngelmu kebatinan kang ora dianggo nggarap babagan lahir

    iku kang tak djedjuluki ngelmu ke-Tuhanan iku mau.

    Mulane teruse ngendika sampejan mau kae : aku ora mupakat.

    Sampejan kagungan panemu : saupama kita bisa ketularan duwe

    kaluwihan setitik-setitik, kaanggep djalaran maune kalimputan ing pepeteng bandjur oleh pepadang sawetara. Kaluwihan iku dudu

    pepadang, di !

    Umpama aku ngutjapake :

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    12/52

    ,,Nijatingsun matek adji : adjiku si djaran gojang.

    Tjemetiku sada lanang. Sun sabetake bumi : bengkah, sun sabetake

    segara : pijak, sun sambetake langit : mendak, sun sabetake gunung :

    gempal, sun sabetake atine si Anu : dadi edan. Ora edan dadi mojar,

    ora mojar dadi gendeng. Ora pati-pati mari jen ora teka ingngarepku

    Bandjur si Anu teka temenan ana ing ngarepku, hla iku aku

    rak djeneng duwe kaluwihan, ta ? Nanging apa aku ateges oleh pepadang

    ??? Upama maune peteng, rak malah saja andedet keworan mendung, ta

    di ? Ha, ha, ha !

    Mengkono uga bab guru kang kagungan kaluwihan werna-

    werna mau kae. Jen sampejan kagungan pijandel : kaluwihane utawa

    ,,kuwasane iku dadi pratanda anggone ketjedak karo kang MahaKuwasa . Aku ora bisa nderek. Amarga panemuku mengkene.

    Miturut nalar (logika) : wong kumawula marang kang Maha

    Sutji iku sarate ija kudu nglelatih sutji , Kamawula marang maha adil

    sangune kudu ngelatih adil. Tjekake sipat-sipating Pangeran iku kudu

    ditiru. Hla jen sarat-sarate anggone kumawula marang kang Maha

    Kuwasa iku, wis dilakoni, insja Allah uga bakal kasinungan kuwasa.

    Nanging sampejan adja kliru tampa ! Mungguhing Pangeran,

    sutjine, adile, lan sipat lija-lijane iku mau dudu ukuran ing ndunja, hlo?

    Mengkono uga kuwasane, uga dudu kuwasa ukuran ndunja.Sutji Mungguhing ndunja iku ateges resik, ora ketaman

    rereged, nanging sutji mungguhing Pangeran iku ora mbedakake kang

    resik kelawan kang reged. Adil mungguhing ndonja iku, sapa temen :

    tinemu, sapa salah : seleh, sapa goroh : growah, sapanunggalane; nanging

    adil mungguhing Pangeran iku terkadang kang djudjur : kodjur, kang

    korup (korrupt) : ketjukup, kang tjurang : ngedangkrang, lan

    sapanunggalane. Hla kuwasa mungguhing ndunja iku kang elok sarwa

    nggumunake iku mau; nanging kuwasa mungguhing Pangeran mungbares-baresan bae, awudjud kodrat kang gumelar iki, kajata srengenge

    lakune adjeg, tanpa di-stuur, lombok, enome idjo tuwane abang, tanpa di-

    etjet, mengkono sapanunggalane.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    13/52

    Lan maneh sampejan mau kagungan pengira, jen titah iku ana

    kang ketjedak karo kang nitahake, ana kang ora ketjedak, hla iku aku

    wani netepake : k l i r u. Sebab daliling Quran andawuhake : wa huwa

    maakum aina maa kuntum wa allahu bima tamaluuna bashirun

    (Al-Hadid : 4 = Pandjenengane Allah tan pisah kelawan sira ana ingngendi bae lan pirsa samubarang tindakira). Ing surat mau ajay 6

    andawuhake : wa huwa alimun bidzaatishshuduri (Pandjenengane

    nguningani sadjroning atinira). Ana ajat maneh kang mratelakake :

    ,,Allah iku luwih tjedak tinimbang otot bebajunira. Hlo rak ora nganggo

    pilih-sih ta, di? Nanging si titah, ana kang ngerti ana kang ora, ana kang

    pertjaja ana kang ora.

    Karo dene maneh, di, ngendika sampejan ,,kita di-sidikara

    dening guru kita iku satemene aku ora pati ngerti. Jen tembung,,sidikara iku sampejan tegesi ,,perbuat, hla iku genah salah. Sebab

    selagine para Nabi-Wali bae mboten saged njidikara sapadaning

    tumitah, tandane ora setitik kang pada kapir. Sagede mung nedahake

    Shiraathalmustaqiem (dalan kang bener) tumrap kang gelem nggugu.

    Mengkono uga kang djumeneng guru, sagede mung paring sesuluh

    babarane si murid : mani ahtadaa faannima jahtadi linafsihi waman

    dlalla faannima jadlillu alaiha (Israa : 15 = sapa kang oleh pituduh

    iku pituduhe kanggo awake dewe, lan sapa kang sasar iku sasare uga

    tumrap deweke dewe). Tegese awak lija iku ora bisa njidikara awaksedje.

    4. MITRA

    Wah, pandjenengan ki ndjlimet banget, nganti ngontjeki

    tembung ,,sidikara barang.

    Ngandika pandjenegan iku mau kabeh : aku wis tampa

    nanging ana kang durung tjeta.

    Kaja-kaja pandjenengan kagungan panemu, jen kabehkaluwihan kang elok-elok iku kagolong ngelmu sihir utawa bangsaning

    padukunan. Mangka miturut tjritane para sepuh : para Nabi lan para Wali

    iku uga pada kagungan kaluwihan mengkono mau. Hla iku apa ija

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    14/52

    kagolong sihir ? Lan maneh aku tau krungu , djare kaluwihan iku ana

    kang ,,chak ana uga kang ,,silihan. Hla iku keprije bedane ?

    4. DARMA

    Bab kaluwihan kang elok-elok iku ora mung adapur dongeng

    timbal-tumimbal (overleveringen) utawa tjarita ing lajang babad bae.

    Kang njritakake kaluwihane para Nabi, uga kasebut ana ing kitab-kitab

    agama. Dadi kaluwihan kang dudu sihir iku ja ana, katrangane

    mengkene.

    Kaluwihane iku garise gede ana werna 4, jaiku

    mukdjidjatinNabi, kramating Wali, mangunahing Mukmin, istidg jrating Kapir.

    Nanging kaluwihan elok-elok kang kasebut ing babad utawa

    kitab agama iku ora kabeh letterlijk : kedadean temenan; ana uga kang

    mung perlambang utawa pangupaman bae. Dene kang kedadejan

    temenan iku ringkese; mukdjidjat, kramat lan mangunah iku, titahe kang

    kasinungan kaluwihan pada ora ngrumangsani anggone kasinungan.

    Mulane wetune kaelokane iku mesti ora kedjarag lan ora obral-obralan.

    Kajata :

    Sunan Kalidjaga anggatukake mustakane masdjid Bintarakaro Kabah, iku mung perlambang, pandjenengane saged njijarake

    piwulang agama Islam asarana kabudajan Djawa : gamelan sekaten lan

    wajang purwa. Dene tjeritane Sunan Benang nudingi wit aren, iku

    satemene pandjenengane mung ngendika bares-baresan bae : ,,i k u ( =

    aren, jen diupakara pametune diklumpukake) . r a k e m a s!

    ndadak miturut pandelenge si begal : uwite aren, sapapahe, sakolang-

    kalinge, pada dadi emas kabeh. Jaiku kang diarani kramating Wali.

    Hla tjritane Nabi Ibrahim dinawuhan dening Pangerannjembeleh putrane, bandjur liniru tjempe, iku mung pangupaman bae ;

    pandjenengane ngebotake bektine marang Pangeran tinimbang bangeting

    tresna marang putrane. Pangeran ora nate dawuh marang titahe

    mengkono iku, lan ora nate main sulapan botjah liniru tjempe. Dene

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    15/52

    tjritane Nabi Musa digegila dening ula sepirang-pirang saka para tukang

    sihire Sang Firaun, iku satemene Nabi Musa bandjur ngontjalake tekene

    bares-baresan bae, amarga saka gilane. Wusana teken mau bandjur katon

    ngamuk nguntali ula sapirang-pirang mau. Jaiku kang diarani

    mukdjidjating Nabi.Mengkono uga kang diarani mangunahing Mukmin, si

    mukmin kang kasinungan kaluwihan uga ora ngrumangsani kasinungan.

    Wetune kaelokan kangaran mangunah (maunatun = pitulungan) ja mung

    bares-baresan bae, saka pasrahe marang Pangeran, ora djalaran dinijati.

    Dene jen wonge kang kaseren kaluwihan iku ngrumangsani

    anggone kaserenan, sarta wetune kaluwihan kang elok-elok iku sarana

    dinijati, iku kaluwihan kang saka parentahing napsu, jen olehe kaserenan

    kaluwihan iku pantjen digajuh, hla iku dawuhing setan, sakaronekagolong istidjrating Kapir (mirsani : ,,Kuntji Swarga III : 31)

    Dene pitakon sampejan bab kaluwihan silihan karo kaluwihan

    ,,chak iku miturut panemuku mengkene :

    Kaluwihan silihan iku adate mung sawatara dina bae. Kajata

    Kjai Anu, djalaran anggone tapa mbisu utawa tapa nurut kali, bandjur

    kaserenan kaluwihan bisa awas lan bisa nambani nanging kabisane kang

    hebat iku mung sadjroning 40 dina bae.

    Dene kang dudu kaluwihan silihan kang pada diarani

    kaluwihan ,,chak iku, bokmenawa kang dikarepake : kaluwihan duwekedewe, awit tembung Indonesia hak utawa tembung Djawa kak iku pada

    ateges duwek (darbek). Jen ,,chak saka tembung Arab haqq, tegese :

    bener (njata), kang aran ngelmu haqq iku ora lija kedjaba ngelmuning

    Pangeran, jaiku agama, dudu bangsaning kaelokan mengkono mau.

    Anadene kaluwihan ,,duweke dewe iku, mula dasar njata ora

    mung sadela sirna kaja kaluwihan silihan. Nanging jen kanggo obral lan

    sarat-sarate ngedjog daja dilirwakake, ija bandjur ngabar, pepindane kaja

    lampu kentekan lenga : ora bisa murub maneh.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    16/52

    5. MITRA

    Ija-ija, mas, aku saiki wis ngerti. Dadi golek guru iku ija

    kalebu angel. Hla guru kang sampurna ing kawruh ke-Tuhanan, iku

    titikane keprije mas? Jen ana titikane, karuwan anggone ngupaja.

    5. DARMA

    Titikane iku : ana, nanging pangupajane iku kang rada ora

    gampang. Ing lajang ,,Wulangreh njebutake mengkene (Dandang Gula):

    ,,Lamun sira amaguru ngelmi, amiliha sudjanma kang njata,

    ingkang betjik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang

    ngibadah lan kang wirangi, sukur antuk wong tapa, ingkang

    wus amungkul, tan melik pawewehing Ljan, .Sudjana kang Njata = dudu avonturier, ora gletja-gletje;

    Ingkang betjik martabate = durung tau diukum krana

    perkara kang ngisin-ngisini;

    Kang Wruh ing kukum = ngerti temenan marang hokum

    (angger-angger) agama, sukur hokum lija-lijane;

    Kang ngibadah = nindakake sembahjang sarengat, agama

    apa kang dadi kepertjajane;

    Kang wirangi = ora tjrobo (sembarangan) tindake lan

    kelakuwane;Wong tapa = manggon ing gunung utawa ing pradja kena

    bae, sok uga merangi hawa napsune;

    Ingkah wus amungkul = sugih utawa mlarat kena bae, sok

    uga ora kronehan;

    Tan melik pawewehing Ijan = ora mung sepi ing pamrih

    ingatase barang kasatmata bae, uga pamrih kang arupa pengadji-adji.

    Hlo rak ja angel ta golek-golekane ? Ewadene guru kang

    sampejan ngendikakake mau. Aku ija gelem angguroni, idep-idepkanggo pengalaman, anggere :

    a. Kita dimerdikakake meguru marang guru-guru lijane, ora

    nganggo njuwun palilah marang pandjenengane;

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    17/52

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    18/52

    Ing lajang ,,wulangreh mau kae, uga mrajogakake kang

    surasane kudu ora ,,menelan mentah-mentahan mengkono iku, balik

    kudu disaring awewaton : dalil, kadis, idjemak, kijas. Jen ana wedaran

    ngelmu kang njulajani karo wewaton werna 4 mau prajoga di ..

    singkiri bae.

    7. MITRA

    Hla dalah, lajak bae pandjenegan pinda Raden Sumantri duk

    arsa suwita Sri Ardjunasasra, hla wong pandjenengan wis kagungan

    gegaman kanggo ngoreksi, saka ,,Wulangrehmengkono.

    Mungguh wewaton kang diarani ..dalil-kadis-idjemak-kijas

    iku mau, keterangane keprije, mas ?

    7. DARMA

    Ing ,,Wulangreh ora ana pendjelasane perkara iku. Dene

    maksude tembung sarta tapsire kang progressief mengkene :

    Dalil (wutuhe; dalil Quran) = ajat-ajating Quran, jaiku

    kitabing Pangeran kang rineksa saka owahan-owahan. Njatane : senadjan

    ditardjamah ing basa werna-werna, kang asli ing basa Arab : isih ana.

    Dadi jen tardjamahane kawoworan sentimen (neselake panemune dewe) :

    gampang ketara.

    Kadis (Hadiest) dawuh pangandikane K. N. Rasul kangtinampa dening sekabat, tumimbal marang tabiin (wong kang ketemu

    sekabat). Hadiest shahih = kang wis ditimbang tetela benere; hadiest

    qudsi = pangandikane Rosulullah kang kasebutake dawuhing Pangeran

    dadi pada bae karo Quran , mulane dianggep sutji [ bener ] tanpa

    nganggo dirembug dawa dawa .Hadiest mutawatir = kang ora nganggo

    dirembug bener lupute, nanging akeh kang ngandakake. Dene jen timbal-

    tunimbale iku wis adoh : saka tabiin tumimbal marang tabitabiin,

    sapiturute, mangka kang minangka sanad (sendehan) durung misuwur bab katemenane, hla iku aran hadiest maudlu` (tjinatjad), ora kena

    dipertjaja.

    Idjemak (Idjma) = panemune para ngulama ahli agama

    Islam, dek djaman semana. Sawise let pirang-pirang abad, bareng

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    19/52

    kawruhe wong wis saja madju, mesti bae panemu iku ija tambah madju

    (dynamisch) ora patok bangkrong bae (statisch), senadjan kang minangka

    wewaton uga dawuhing Quran lan Hadiest.

    Kijas (qijaas) = panglimbang lan panimbang kang bisa

    ditampa lan sineksenan dening akal lan pikiran, dadi ora mung gugontuhon utawa anut grubjug bae. Sarehning kawruhe wong wis saja madju,

    mesti bae akal lan pikirane uga tambah madju, ora gampang dipengaruhi

    ing lijan.

    8. MITRA

    Wah,hla kok pandjenengan djebul wis kagunan sangu tarik-

    tarik mengkono. Mung saka ora weruhku bae, tibake pandjenengan ki

    wis kerep meguru lan memaos buku-buku ,umpama kita sida bebarenganmeguru, pandjenengan ki ngansu pikulan warih apek geni adedamar ,

    beda karo awak ndengkeng iki.

    Kang iku mas, menawa pandjenengan dangan ing penggalih

    serta ora ana pekewuhe, mbok ijaha aku pandjenengan tulari gegebengan

    pandjenengan. Sukur wis bisa andadekake pemarem, umpama durung

    marem, ja wis maedahi : besuk jen sida bebarengan meguru, ora banget-

    banget anggonku tingak-tinguk.

    8. DARMAIngatase mitra-darma, aku ora keberatan minangkani

    pamundut sampejan iku, di! Ananging bisa marem utawa oraha, adja

    sampejan galih jen aku ngendas-ngendasi sedya sampeyan golek guru,

    utawa ora ateges aku emoh anderekake bebarengan meguru.

    Dene wedjangan werna-werna kang wis tak tampa saka para

    guru, serta wirid werna-werna kang wis tau tak watja saka buku-buku,

    iku mung ana sidji kang andedakake pemareming atiku, jaitu kang aran

    wirid ; ,,Iman-Tauhid-Marifat-Islam. Amarga panjelasane tjotjok karowewaton ; ,,dalil-hadiest-idjma-qijaas mau kae. Hla ija iku bae kang

    bakal tak aturake. Naming adja mung sampejan hijani bae; endi kang

    sampejan ora mupakat, sampejan bantah. Iku bakal muwuhi terang lan

    gawe murnining panemu.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    20/52

    II. WEDARAN BAB IMAN

    9. MITRA

    Nderek! Nanging aku nyuwun katerangan disik: apa sebabeiman didisikake, Islam tiba keri, malah keri dewe pisan. Mangka kang

    wis kerep tak rungu: muslim iku durung tentu mumin, kang tegese

    wong Islam iku durung mesti kadunungan iman. Iku katerangane keprije

    mas?

    9. DARMA

    Hla ija kaja mengkono iku kang tak karepake,di. Iku aranbantahan kang ora satitik paedahe.

    Pantjen, umume ija kaja ngendika sampejan iku, djer

    tembung, Islam ing kono iku Islam araning agama. Beda karo tembung

    Islam ing tetaraning wirid ,,Imam-Tauhid-Marifat-Islam kang bakal tak

    aturake iki mengko.

    Mulane ing sadjroning aku ngaturaken wirid iki mengko

    supaya aja wor-suh, aku lilakna migunakake tembung : agama

    Muhammad ora ,,agama Islam kaja adate. Dadi : ngendika sampejan

    mau kena diganti mangkene : Muhammadijjin (wong agamaMuhammad) iku durung mesti muslim (djumeneng Islam).

    10. MITRA

    Mengko disik ta mas! Pandjenengan migunakake tembung

    agama Muhammad iku apa ora njudakake adjine agama Islam kang pada

    kita pepundi iki?

    10. DARMAHla rak rewel: jen lagi ngrembug sawidjining perkara iku

    prajogane adja fanatic lan adja kawoworan sentimen. Anggonku njebut

    mengkono iku ora terus-terusan, mung sadjroning ngrembug bab iki bae,

    supaja adja wor-suh.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    21/52

    Karo dene maneh, menurut panemuku: ora bakal njudakake

    adji ora barang. Tjoba sampejan galih:

    Kita sebut agama Buddha, amarga kang anjijarake: Sang

    Sidarta Gautama, kang sawise tampa wahju bandjur adjedjuluk Buddha.

    Kita nyebut agama Kristen amarga kang njijarake: Nabi Jesus (Isa a.s.)kang sawise tampa wahju bandjur adjedjuluk Kristus. Utawa kita arani

    agama Nasrani amrga kang njijarake iku mijose ana ing Nasaret

    (Betelhen).

    Dadi: Djenenging agama iku umume miturut asmane kang

    tampa wahju lan njijarakake iku mau, ora kumudu nganggo djeneng

    mirunggan. Mulane saka panemuku, kita kena ngarani agama Musa lan

    agama Muhammad, amarga kang djumeneng Rasul (tampa wahju lan

    njijarake) Nabi Musa a.s. lan Nabi Muhammad s.a.w.

    11. MITRA :

    Ija, ija mas aku wis mufakat, dasar njatane : sjahadat kang

    dadi rukuning agama kita kang wiwitan iku ngutjapake: asjhadu an laa

    ilaaha ilaallaah wa asjahadu anna muhammadarrasuulullah =

    anekseni kawula: satuhunipun boten wonten Pangeran kedjawi Gusti

    Allah, lan anekseni kawulo : satuhunipun kandjeng nabi Muhammmad

    utusaning Allah dadi : njebut agama Muhammmad ingatase agama islam

    iku, juridisch lan psychologisch ora ana bedane.

    11. DARMA :

    Pantjen ija mengkono di nanging sampejan mangartosa, jen

    tembung, Muhammad ing kalimat sjahadat iku mau satemene mengku

    surasa rangkep ; letterlijk ( lahir) lan symbolisch ( batin).

    Mungguhing surasa lahir, ija Muhammad asmane Nabi

    panutan kita iku mau, dene mungguhing surasa batin, Muhammad iku

    mau dudu ndjenenging wong, jaiku wudjude manungsa iki, kang adon-adonane lan kompliting pirantine pranjoto luwih sampurna tinimbang

    machluk lija-lijane ( ,,Kuntji Swarga II: 8).

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    22/52

    Mengkono uga bokmenawa sampejan wis tau maos utawa

    mireng tembung ,,nur Muhammad jaiku asaling kabeh dumadi, hla iku

    adja sampejan kira Kandjeng Nabi Muhammad.

    12. MITRA :Amit sewu, mas, kok rada kisruh anggonku nampani. Apa

    ,,Muhammad iku, kedjaba diangga djenenging wong, si tembung duwe,

    teges dewe ta? Hla tegese keprije? Keparenga paring penerangan kang

    sadjelas-djelase.

    12. DARMA :

    Pitakon sampejan iku bener, mung ana kang kuwalik.

    Sakabehing ,,tembung iku rak mesti nduweni teges, ta di? Hladjenenging wong iku lumrahe pada milih tembung-tembung iku mau,

    endi kang ditjotjogi tegese. Terkadang adapur pamudji (Kuwat, Teguh

    I.I.I) terkadang minangka panjandra bae (Djarot, Dableg I.I.I.), ana uga

    kang minangka pangeling-eling kahanane utawa titimangsane nalika lahir

    (Buwang, Rebo I.I.I.).

    Mungguh asmane Nabi panutan kita iku satemene ana 4, pada

    rimbagan saka tembung h a m d u n kang tegese pangalembana, utawa

    h a m i d a kang tegese angalembana. Jaiku: Hamid (=ingalembana),

    Mahmud (=kang kataman pangalembana), Ahmad (kang luwihingalembana), Muhammad (=kang kaserenan pangalembana). Nanging

    kang katelah lan populer dewe: M u h a m m a d, ing kalimah sjahadat

    uga Muhammad, ora kena njebut asma lijane.

    Dene tembung ,,Muhammad ing kalimah sjahadat kang

    disurasa symbolisch iku tegese: sipat kang kaserenan pangalembaga (ing

    wirid-wirid kasebut : sipat kang pinudji ) ,,nur muhammad ateges: tjahja

    kang kaserenan pangalembana ( ing wirid-wirid kasebut: tjahja kang

    pinudji)

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    23/52

    13. MITRA :

    Wis djelas banget, mas, saiki! Mulane bandjur keparenga

    miwiti ngendikakake wiride, kepridje wedarane bab iman iku.

    13. DARMA :Iman iku tegese: pertjaja. Ingatase wong agama Muhammad,

    rukuning iman iku ana 6, jaiku pertjaja marang anane: I. Allah,

    II.Malaekat-malaekate Allah, III.Kitab-kitabe Allah, IV.Utusan-utusane

    Allah, V. Dina akhir. VI.Pepasten betjik lan ala (,,Kuntji SwargaII:24).

    Nanging ing wedaran wirid iki mung bakal nerangake bab

    kapertjajan marang anane Allah kang sawidji (Monotheisme), tegese

    dudu Allah kang lara utawa luwih.

    Kepertjajan marang anane kang Maha Kuwasa iku, sanjatanewis wiwit kuna-makuna mula, jaitu wiwit anane manungsa ing ngalam

    dunja iki, ing djaman sadurunge ana..agama.

    Tuwuhing kapertjajan mau, ora lija djalaran si manungsa

    njipati gumelaring alam iki kabeh kang ora bisa dikuwasani dening

    deweke, balik simanungsa kang kudu tunduk marang purba-wasesaning

    alam iku. Kajata : nalikane lagi njrempeng njambut gawe, kepeksa leren

    djalaran peteng, ora bisa ngerem suruping srengenge; nalika tandurane

    butuh udan, ora bisa ngundang udan, mengkono sapanunggalane. Dalah

    awake si manungsa dewe ora bisa diprentah miturut karepe. Kajata : jenpinudju arip, dilek-lekna ija meksa turu ; umure dewe lan umure lija,

    pada ora kena disemajani sadela bae, jen wis tekan mangsane ,

    mengkono sapanunggalane.

    Mulane bandjur tuwuh pikirane: kumawula marang kang

    Maha Kuwasa, sarana sesadji lan ngabekti. Dene tjarane sesadji lan

    ngabekti, sarta endi kang dianggep kang Maha Kuwasa iku, sidji-

    sidjining golongan : ora pada. Ana golongan kang duwe penganggep, jen

    kang Maha Kuwasa iku loro, ana uga kang duwe penganggep luwih sakaloro.

    Dene wulangane agama-agama kang disijarake dening para

    Nabijullah iku, ing bab penganggepe marang Maha Kuwasa : sidji lan

    sidjine ora ana bedane. Jaiku pada netepake jen kang maha Kuwasa iku

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    24/52

    satemene mung sidji, kang asmane ing basa Arab : Allah. Hla agama

    kang kita rungkebi iki (agama Muhammad) uga kagolong agama kang

    nekadake : Pangeran kita iku mung sidji, ora loro utawa luwih.

    Anggone nekadake marang kasawidjening Pangeran iku

    katrangane ora angel. Sebab upama Pangeran iku loro utawa luwih,amesti kala-kala perang tanding : rebut bener utawa rebut penguwasa.

    Hla Pangeran kang kalah perange iku bandjur kena ditetepake mesti dudu

    kang Maha Kuwasa. Dadi Pangeran kang Maha Kuwasa temenan ija

    tetep mung sidji, jaiku kang menangan dewe. Hla upama Pangeran-

    pangeran mau pada Maha Kuwasa kabeh, amesti anggone perang tanding

    rame banget, amesti seprana-seprene ora ana kang kalah utawa kang

    menang. Jen mengkono amesti alam kang gumelar iki tumindak sakarepe

    dewe-dewe utawa .. mogok.

    14. MITRA

    Logisch (tinemu ing nalar), mas! Sapa bae masti ngakoni, jen

    paham Pangeran sidji (monotheisme) iku kang maton. Nanging ..

    endi kang sinebut Pangeran iku? Hla iku kang tak kira sidji-sidjining

    wong beda-beda pendumuke. Malah ana kang nganti gendeng djalaran

    bingung : anggoleki kang sinebut Pangeran, ora ketemu-ketemu. Kang

    iku pandjenengan keparenga bandjur njeplosake sawantahe bae.

    14. DARMA

    Iku ora wurung, di, nanging ja tak aturi sabar disik. Sebab

    tjeplas-tjeplos kang kurang djelas keterangane iku adate ora bisa

    ketampa, sisip sembire salah panampa. Dene jen wis didjelas-djelasake

    meksa ora bisa ketampa, hla iku kaja kang wis tak aturake mau, pantjen

    sidji-sidjining wong iku wis manut garise dewe-dewe. Ing lajang suluk

    (wirid sinawing tembung) ,,Sudjinah disemoni mengkene (Gambuh) :Satengah ana muwus, rada esak mamang manahipun, ija iku

    ngibarate desa tjilik, tan kelar kanggonan ratu, wedi bokmenawa djebol.

    Iku anggep wong bingung, destun tjekak nalare wong kumprung,

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    25/52

    sedjatine wus kena pengaruh iblis, sanggup den muljakken iku, kinen

    ,,wisma aneng gowok.

    Hla bab gendeng iku satemene ana werna loro. Ana kang

    gendeng amarga bingung, djalaran ora ketemu-ketemu; ana kang katone

    gendeng amarga brangta, djalaran wis ketemu antjer-antjere nangingdurung kepetuk gatuk. Mulane tembung ,,ngelmu (Arab : `ilmu =

    kawruh) iku ana kang ngirata basa : angele jen durung ketemu, saweneh :

    angele jen wis ketemu. Ing lajang suluk ,,Andondomi disemoni

    mengkene (Dandang gula)

    ,,Pilih-pilih ingkang angawruhi, ing maknane Allahu Akbar,

    nora sok wonga wruh angger, jeku ingkang den luru, ndjadjah desa

    amilang kori, tan lija kang den arah, kang karem ing kawruh, jen tan

    wruh pangutjapira, nora weruh marang endase terasi, awit wus munggingsira .. Hla rak tepat, ta!

    15. MITRA

    Elo, elo, pandjenengan ki djebul asarira bibliotheek. Aku tau

    krungu : djare wirid-wirid lan suluk-sluk iku sok bertentangan karo

    wulangane agama kita, iku njatane keprije?

    16. DARMA

    Akeh bae kang bertentangan! Mulane kudu disaringawewaton dalil-kadis-idjemak-kijas mau kae. Hla, gede-gedening dosa

    iku ora kaja dosane wong ahli kitab, alias pengawak taman-pustaka

    (bibliotheek), jaiku jen ,,menelan mentah-mentahan tanpa disaring.

    Saiki tak bandjurake aturku bab iman :

    Pantjen, bab anane Pangeran iku kudune didumuk : muk. Jen

    ora mengkono, amesti pertjajane iku mung tiru-tiru bae. Senadjan

    lumrahe pada ngarani geloof (kapertjajan) nanging batine dewe mesti

    ngaku jen satemene mung bijgeloof (gugon-tuhon). Mulane iman padaiman iku ora pada, ana tatarane, jaiku :

    I. Imane botjah nglakoni sarengat, iku iman mung kagawa saka

    taqlid (anut grubjug); pepindane pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    26/52

    ing Sentul, djalaran akeh wong kanda mengkono. Jakine (overtuiginge)

    ka-aranan, ,,wadjibul jaqin = overtuiging kang kagawa saka wadjib.

    II. Imane para ahli kitab, iku iman tataran tarekat; pepindane :

    pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, djalaran wis liwat

    ngarepe daleme lan krungu suwarane. Jakine kaaranan ,,ainul jaqin =overtuiging kang wis weruh antjer-antjere.

    III. Imane mumin chas, iku iman tataran kakekat; pepindane:

    pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, djalaran wis tau

    maradajoh, nanging durung nganti adu arep. Jakine kaaranan ,,haqqul

    jaqin = overtuiging kang wis njata.

    IV. Imane para arifin, iku iman tataran makripat ; pepindane:

    pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, djalaran wis tau

    maradajoh lan ketemu karo Mas Pawiro. Jakine kaaranan isbatul jaqin= overtuiging kang wis tetep, ija sampurna-sampurnaning overtuiging

    (,,Kuntji Swarga I : 19; K.S III : 14)

    Dadi : wedaran bab ,,imam ing tatarane wirid Imam-Tauhid-

    Marifat-Islam iki, ora kurang lan ora luwih, mung iman tataran tarekat.

    Ewadene jen ketrima (bisa katampa terus ing ati). Wis bisa ngrasakake

    nikmataning iman; jaiku samangsa wis kaja kang kadawuhake ing

    Hadiest mengkene, tsalaatsatun man kunna fiehi wadjada bihinna

    halaawatal imaani (telung perkara kang rumaket marang sapa kangwus ngrasakake nikmating iman) man kaanallahu wa rasululluhu

    ahabba ilaihi min siwaahuma(jaikukang tresnane marang Pangeranlan utusane ngungkuli kabeh bae) waman ahabba abdan laa

    juhibbuhu illa lillahi (lan kang tresna marang sepadaning tumitah kanti

    sepi ing pamrih) waman jakrahu an jauda fielkufri bada idz

    anqadzahullahu taaala minhu kamaa jakrahu an juiqaa fiennaari

    (lan kang geting marang kekupurane wingi-wingi, sawise binuka ing

    Pangeran, kaja getinge ditjemplungake geni naraka)

    16. MITRA

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    27/52

    Ija-ija mas, aku wis tampa pangandika pandjenengan iku.

    Djer setitik-setitik aku wis tau krungu, jen kabeh kang isih kena

    digunem, - wedjanganing guru, - iku djenenge t a r e k (thariq) tegese

    dalan. Dadi tarekat (tharieqat) iku lagi nerangake bab dalaning panembah

    djati. Dene teruse iku gumantung pangulahe si muridd, wis ora kenadigunem maneh.

    16. DARMA

    Sukur ta di, jen wis saged milah-milah dewe mengkono. Saiki

    tak bandjurake aturku :

    Wong kang ngabekti Pangeran salijane Allah (heiden) kang

    babar pisan ora duwe Pangeran (atheist), lan kang duwe penganggep jen

    penguwasa kang duwur dewe iku alam (naturalist) iku tembunge Arabpada bae, diarani K a p i r (kafirun) tegese wong kang ora oleh pepadang,

    dene pahame diarani kupur (kufrun). Hla iku jen dipilah-pilah asal silahe

    mestine mengkene.

    Kapir heiden iku anane wiwit sadurunge ana agama. Sawise

    ana agama kang njijarake pepadang, deweke meksa puguh, ora gelem

    ngrewes lan nimbang-nimbang bener lupute wulangan agama iku.

    Kapir atheist iku sadurunge ana agama ja wis ana, sawise ana

    agama, tekan dina iki, - ja ora kurang. Sebabe katon ora duwe Pangeran

    lan ora nindakake pangabekti marang sapa-sapa, iku umume djalaran lagikalimput ing kasenengan. Durung temtu deweke wis duwe kejakinan bab

    ora anane kang Maha Kuwasa iku. Mulane samangsa ketaman ing

    reribed kang luwih dening banget, bandjur grajah-grajah

    saketjandake, depe-depe marang kang kinira Maha Kuwasa, wusana dadi

    kapir heiden. Ana uga kang kebuka ing Pangeran, bandjur ilang kupure;

    dene kang puguh lan tabah atine, bandjur dadi kapir naturalist.

    Kapir naturalist, iku kapir ahli piker, anane sawise ana agama

    kang njijarake pepadang. Deweke ngemohi sesembahanne kapir heidensarta gelem nimbang-nimbang wulangan agama kang netepake anane

    Pangeran kang mung sidji (monotheisme). Nanging sarehning katrangan

    bab Pangeran iku kurang tjeta tumrap dewewke, mulane bandjur grajah-

    grajah kang ketemu mung . Gumelaring alam iki (natural).

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    28/52

    Bandjur duwe penganggap jen sak nduwure iku wis ora ana panguwasa

    maneh (,,Kuntji Swarga I : 15).

    Hla iku, Di miturut panemuku kang ora kawoworan sentimen

    Pada-pada kitabing Allah, kang tjeta gambling anggone nerangake sipat-

    sipating Pangeran iku : Al-Quran. Mulane tuwuhe golongan naturalistiku ija ana ing tanah-tanah kang ora kasorotan pepadanging Quran.

    17. MITRA

    Mengko ta, mas! Anggone ngarani kliru tumrap panemune

    golongan naturalist iku : awewaton apa ? Hla golongan kang kasorotan

    pepadanging Quran iku : A p a lan E n d i kang dianggep Pangeran

    Maha Esa kang asma Allah iku ? Keparenga pandjenengan bandjur

    ngendikakake.

    17. DARMA

    Wah, pitakon sampejan iku ,,boleh Di. Nanging ja adja

    kesusu ta, selot-selote mengko rak tekan kono.

    Kaum naturalist ora oleh pepadanging Al Quran kang ngemot

    ajat-ajat bab dumadining langit-langit lan bumi sarta kang ana ing

    antarane iku saka sabdaning Pangeran : kun fayakuun (anaha sira,

    bandjur ana pada sanalika). Senadjan mengkonowa, deweke mesti wis

    oleh pepadanging Toret (At Taurat) surat Genesis (Purwaning dumadi)kang uga mratelakake mengkono. Nanging dawuhing surat mau bandjur

    ora dianggo waton, djalaran ing kitab iku ora ana katrangan-katrangan

    maneh bab sipat-sipating Pangeran kang bisa maremake tumrap deweke.

    Senadjan mengkonowa, pantjen nek deweke bisa mikir : jen

    kabeh kang ana iku mesti ana kang anganakake, lan kabeh kedadejan iku

    mesti ana kang andadekake. Hla iku jen diurut-urut, nganti tekan .

    e m b u h. Nanging ,,embuh iku dudu tjarane wong ahli piker, sebab

    surasane bisa ateges ija, uga bisa ateges ora, dadi tanpa katetepan.Miturut nalar kudu anekadake A N A N E ,,kang luwih disik, ora

    kedisikan sarta ,,kang djumeneng kelawan pribadine, ora ana kang

    ,,andjumenengake jaiku kang disebut ... Allah. Dene

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    29/52

    gumelaring `alam iki, ora ija kedjaba mung salah sawidjining sipate

    Pangeran anggelar kodrat iradate bae.

    Anadene kitab-kitabe Allah kang sadurunge Quran iku,

    pantjen, isine pada awudjud b a b a d kang mung njritakake sadjarahe

    (asal-usule) Rasul, lelampahane nalika ,,dipanggihi Pangeran lankaparingan dawuh (wahju), lelampahan lija-lijane bab anggone

    njijarake agama. Ora njritakake bab sipat-sipate Pangeran, malah jen

    njritakake Pangeran iku kaja-kaja ana blegere, nanging bleger luar biasa,

    kang ora saben wong bisa weruh.

    Hla Quran ora wudjud babad mengkono iku. Sawutuhe

    Quran kang kandele 30 djuz (djilid) utawa 114 surat (bab) iku mligi

    ngemot dawuh-dawuhing Pangeran kang ditanpa dening Nabi

    Muhammad SAW. Dawuh-dawuh mau akeh banget kan sinartankatrangan bab sipat-sipating Pangeran, antarane kaja kang wis tak

    aturake mau kae :

    (1) Tan pisah klawan sira lan pirsa samubarang tindakira,

    (2) Nguningani sadjroning atinira

    (3) Luwih tjedak tinimbang otot bebajunira

    (4) lan lija-lijane kang surasane sairib mengkono

    Kang iku, umat Muhammad kang tinarbuka, wis ora mamang

    maneh anggone netepake jen Pangeran iku adja digoleki mrana-mrana,

    balik kudu mung niti priksa kahanane si manungsa dewe. Mulanebandjur ana unen-unen man `arafa nafsahu faqad `arafa rabbahu =

    sapa kang weruh pribadine temen-temen weruh marang Pangerane

    (Kuntji Swarga I : 36; K.S II : 3), malah ana kang wani nekadake :

    asjhadu an laa ilaha illaallaah wa asjhadu anna laa ilaha illa anaa =

    anekseni ingsun : satuhune ora ana Pangeran kadjaba kang asma Allah,

    lan anekseni ingsun : satuhune ora ana Pangeran kedjaba mung ingsun.

    18. MITRAAduh, aduh, bandjur keprije genahe iku mas? Aku teka

    durung bisa tampa.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    30/52

    18. DARMA

    Kang pada nekadake mengkono iku dudu ngulama

    sembarangan bae, jaiku para zaahid-zuhhaadda (= kang ora mentingake

    babagan dunja, zuhud) kang wis tekan tataran `arifin (ahli makripat).

    Dadi anggone nekadake mengkono iku genah ora awur-awuran lan orakarana urusan dunja. Nanging .. bareng wong-wong kang durung

    tekan tataran kono pada gumampang ,,ngoper panemu mau, hla bandjur

    dadi kliru tampa werna-werna, luwih-luwih kang kedadejan ana ing

    tanah Djawa kene.

    Mulane nalika djaman Demak tekan djaman Mataram, kang

    kuwadjiban anggelarake wirid iku mung para Walijullah lan para

    ngulama agung kang pinidji dening Negara, supadja adja ana kang kliru

    tampa. Ananging ija ana Negara kang anggone nglarangi wongmemedjang wirid iku djalaran kena pengaruhe kaum d o g m a t i k u s

    (pertjajane tanpa dinalar), kang wos-wose mung kuwatir jen suda kadjen

    keringane.

    Dene klirune tampa werna-werna iku, kajata ana kang adarbe

    penganggep jen kang sinebut Pangeran iku : urip kita iki. Ana maneh

    kang nekadake : napas, angen-angen, rasa, njawa, djantung, budi, eling,

    banju kang nelesi utek, roh utawa djiwa, .. embuh lijane maneh.

    Hla kabeh-kabeh iku terang dudu Pangeran kita. Ana kang

    kalebu piranti wadag utawa pirani alus bae, ana kang mung talining urip,pratandaning urip, utawa kang njababake urip bae, dene roh utawa djiwa

    iku mung badan alus kita bae. Wis terang jen kabeh-kabeh mau salah

    sebab isih kena tinoton mawa paningal wadag utawa paningal gaib,

    apadene isih kena tjinakra bawa lan kinaja ngapa.

    19. MITRA

    Jen aku ora kliru, kang sinebut Pangeran iku, sukma kita,

    mas! Nanging kaprije djelase : . Njumanggakake. Aku durung dong.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    31/52

    19. DARMA

    Ngendika sampejan iku rak mung perkara ,,asma ta, di. Kena

    bae sampejan njebut : Jenovah, Deo, Theo, God, utawa lija-lijane maneh,

    sebab kang ngaturi djedjuluk iku si manungsa iki, miturut basane dewe-

    dewe. Ing basa Arab sinebut ,,Allah asale tembung ateges ,,kangsinembah.

    Ingatase wirid, kang perlu iku dudu tembunge, nanging

    pendumuke : muk, rak ija ta? Hla saiki sampejan tilingake kang trawatja :

    Kita ora mamang maneh, jen kang sama Allah iku Dzat kang

    tan pisah kelawan kita, ana ing ngendi bae lan ing dalem kahanan kang

    keprije bae, kajata ing sadjroning kita melek, lungguh, ngadeg, mlaku,

    turu, lan lija-lijane, kang katembungake isih urip iki; senadjan besuk jen

    roh kita iki wis pisah karo raga kita, si roh kang isih lestari urip langgenglan si raga kang wis adjur dadi lemah, uga isih kalimputan dening dzating

    Pangeran.

    Dadi wis terang jen kang asma Allah iku dudu urip kita iki,

    dudu napas kita, dudu roh kita, lan lija-lijane maneh, kaja panemu kang

    sasar mau, djer Allah iku ora ndjaba ora ndjero, tan kena kinaja ngapa,

    gesang tanpa roh, kuwaos tanpa piranti.

    Ananging iku mau kena diarani mung Allah sidji-sidjining

    manungsa bae; bangsa kita Djawa ana kang njebut asmane Hjang

    Suksma, asale tembung ateges ,,sesembahan kang ora katon (ing basaSanskrit Purusha). Mula dasar njata Hjang Suksma iku ora katon sarana

    pandulu wadag utawa pandulu gaib. Upama isi kena dinulu, amesti isi

    kena kinaja ngapa, lan isih ana sipat anjar kang ngemperi. Hla iku terang

    jen dudu Hjang Suksma. Dene kang sinebut ,,sukma dening wong akeh

    iku surasane mung ateges njawa utawa roh (djiwa), mulane den satiti

    adja nganti kliru pangerti.

    Anadene Allahe sidji-sidjining manungsa iku sedjatine ora lija

    kedjaba mung wewajangane Allah . Pangerane sakabehing machluk ijakang nitahake gumelaring alam iki kabeh (ing basa Sanskrit Isjwara),

    pepindane kaja dene djembangan sewu isi banju ana satengahing alun-

    alun, sajekti kabeh pada kepanduman wewajanganing srengenge ing

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    32/52

    wajah tengange, tan ana kang kaliwatan (,,Kuntji Swarga I : 33-34-35-

    36; ,,KS II : 2).

    Mungguh wewajanganing Pangeran kang kababar marang

    sagunging dumadi iku ing basa wirid kasebut : Nur Muhammad tegese

    tjahja kang pinudji. Kita ora mamang maneh jen kabeh titah iku pada asalsaka nur Muhammad mau, amung beda-beda wadah lan isine; ana kang

    aran bangsa watu, tetuwuhan, kewan, manungsa, machluk abadan alus

    lan lija-lijane. Senadjan manungsa pada manungsa sajekti ora pada

    kahanane, kagawa saka bedane kang pininda djembangan lan banjune iku

    mau.

    Wusana adja salah pengira : jen tjahja mau salugu-lugune

    tjahja, iku mung pepindan bae, djer kang asma Allah kita sajekti dudu

    tjahja. T a m m a t.

    20. MITRA

    Matur nuwun, mas (karo prebeng-prebeng mrebes mili),

    penampaku wis tjeta gamblang, lan rumangsa marem. Pandjenengan

    tetep sedulurku tuwa!

    20. DARMA

    Pada-pada di. Jen sampejan wis rumangsa marem sjukur

    alhamdulillah, saiki ganti wedaran bab Tauhid.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    33/52

    III. WEDARAN BAB TAUHID

    21. MITRA

    Ija mas, keparenga bandjur nerusake. Nanging aku arep

    njuwun katrangan disik : kang wis kerep tak krungu, tembung t o k i diku surasane sairib karo t e k a d, apa iku ,,tauhid kang kalebu ing wirid

    iki ?

    21. DARMA

    Sampejan mundut pirsa mengkono iku, bener, supaja terang,

    ora klira-kliru ing pangerti.

    Pantjen, umume tembung tokid lan tekad iku panganggone

    lira-liru, terkadang dirangkep awudjud purwakanti sastra, djalaran kinirapada tegese. Nanging sanjatane tegese beda banget.

    Tembung ,,tekad tumraping pagunem pedinan iku tegese :

    kekentjenganing karep (volharding), kajata gede tekade = rosa banget

    karepe, tekad-tekadan = ora wedi bakal keprije wusanane, djer karepe

    wis kentjeng. Hla iku asalae saka tembung Arab i`tiqaad kang tegese

    gegebengan utawa kapertjajan; iku tembung aran kang dirimbang saka

    tembung krija u` t a q a d a, tegese : pertjaja. Teges mengkono iku

    kanggone ana ing paguneman ngelmon, kajata : anekadake = ngantepi

    kapertjajane.Dene tembung ,,tokid iku ora tinemu ana ing paguneman

    pedinan, mung tinemu ana ing paguneman ngelmon bae, sarta tegese ora

    pada karo i`tiqaad mau. Tokid iku asal saka tembung Arab tauhid jaiku

    tembung krija kang dirimbag saka tembung wilangan waahid; dadine

    tembung aran at-tauhid ateges kawruh bab tauhid. Hla iku perlu

    dirembug kang sadjelas-djelase disik, supaja terang penampa sampejan

    marang wedaran bab tauhid mengko.

    Tembung wilangan wahid iku tegese s i d j i. Upama wahidiku tembung Djawa, krijane dadi ,,mahid; upama tembung Sunda

    krijane dadik ,,ngawahid; upama tembung Insonesia, krijane dadi

    ,,mewahid. Hla sarehning tembung Arab, krijane uga miturut tata-basa

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    34/52

    Arab, krijane dadi ,,tauhid mau kae, tegese : n j a w i d j e k a k e. Dene

    surasane ana rong werna kang miturut tata-basa : pada benere.

    a. Tumrap wulangan sarengat, njawidjekake iku ditegesi

    nekadake mung sawidji, ora loro utawa luwih, lan dudu kang lijane. At-

    tauhid = kawruh kang nerangake sipat-sipating Pangeran, padaneAl`aqaid.

    b. Tumrap wedaraning wirid, njawidjekake iku ateges n u

    n g g a l m u n g s a w i d j i, sirna rasa-rumangsane luwih saka sidji.

    At-tauhid = kawruh manunggal, jaiku kang nerangake tjara pratikele

    anjirnakake rasa aku idjen-idjen (individueel) dadi rasa aku sawidji

    (universeel). Jaiku kang bakal tak aturake iki, minangka teruse wedaran

    bab imam kang wis nerangake kalajan gambling bab monotheisme

    (anekadake Pangeran mung sidji).

    22. MITRA

    Nuwun-nuwun sewu, mas, aku rada kodeng anggonku mikir.

    Ing wedaran bab iman, kita wis anekadake jen Pangeran iku tan pisah

    kelawan kita. Geneja isih keronehan dirembug maneh? Upama

    tudjuwaning pangrembug iku perlu anjatakake paham kang wis

    ditekadake mau, geneja wedaran tokid iku ora medarake panunggal kita

    karo ,,kang tan pisah mau kae ?

    22. DARMA

    Pitakon sampejan iku wangsulane rada sulit di. Nanging

    sarehning sabagean wis sampejan wangsuli dewe, dadi suda sulite,

    ewadene wangsulane ija isih kudu rada dawa.

    Wedaran bab iman, bab tauhid, bab apa bae , iku mung

    djeneng ngelmu (ilmu). Hla ngelmu iku bisane ana wohe (berhasil)

    utawa jakin ing njatane, ora lija kedjaba ditindakake utawa dingamalake

    (amal). Dene wedaran bab tauhid iku tudjuwane ora lija ija nerangaketjarane ngamalake iku mau. Terange : kajata wedaran bab iman, kang

    anekadake Pangeran tan pisah kelawan kita iku, senadjan akal lan pikiran

    kita wis bisa anekseni, nanging rak mung lagi dadi pangerti bae, durung

    tekan njatane.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    35/52

    Anadene kita kang asipat wadag iki, teka arep njatakake kang

    asipat alus, iku rak ora mungkin, ta, di ! Apa maneh jen si wadag arep

    njatakake kang tan kena kinaja ngapa, saja ora mungkin banget. Kang

    mesti : wadag iku mung bisa njatakake kang wadag bae. Kang alus mung

    bisa dinjatakake dening kang alus uga. Hla kang tan kena kinaja ngapa,anggone njatakake ija jen . tan kena kinaja ngapa.

    Dadi : ing dalem kahanan sirnaning rasa aku idjen-idjen dadi

    rasa aku sawidji mau bae, ora kurang lan ora luwih : mung tataran bae

    kang kudu kita liwati. Sampurnane tekan djumeneng Islam isih kudu

    ngliwati disik tataran sidji maneh kang aran Ma`rifat.

    Ing Hadiest kang ndawuhake bab sapa kang wis angrasakake

    nikmating iman mau kae, antara lija rak ana kang njebutake ,,kang tresna

    marang sepadaning tumitah kanti sepi ing pamrih (,,I.T.M.I. : 15), hlaiku wis terang : samangsa rasane aku idjen-idjen iki isih kandel, ora

    bakal karaketan sipat kang mengkono iku. Rak ija ta?

    23. MITRA

    Ija ija, mas, saiki aku wis dong. Mulane pandjenengan

    kaparenga bandjur miwiti ngendikaake wedaran bab tokid iku

    Nanging nuwun-nuwun sewu, aku arep ngoreksi setitik bab

    tembung ,,nunggal mung sawidji mau kae, kiraku luwih trep jen

    diganti : n j a r i r a s a w i d j i. Apa ora mengkono?

    23. DARMA

    Mupakat banget, di! Tembung ,,nunggal mung sawidji iku,

    kedjaba kaku, pantjen salah penganggone tembung ,,mung. Hla iku

    untunge jen rembugan karo sedulur kang kagungan taalgevoel. Aku iki

    saja tuwa ndadak basaku daerah saja groboh.

    Anadene wedaran bab tauhid, satemene aturku mau kae wis

    wiwit, hla teruse mengkene :Kang andjalari kita kadunungan rasa aku idjen-ijden iku, ora

    lija djalaran kita kadajan ing piranti kita dewe kang aran indrija 5 :

    pangambu, pangrungu, pandeleng, pangejam, panggepok, lan ...

    (1) akal (2) ati (3) napsu, iku (,,Kuntji Swarga I : 29). Dene blegere

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    36/52

    kang wadag iki rak mung monat-manut bae. Mulane bisane sirna

    rumasane aku idjen-idjen dadi rumasa aku sawidji, ora lija kedjaba :

    ang l e r e n a k e makartine piranti-piranti iku mau.

    Dene bisane piranti-piranti mau leren sadela ora makarti,

    tumrap kita wong agama Muhammad, saranane : d z i k i r, jaikungutjapake unen-unen (lapal). Djenenge dzikir dalah lapale werna-werna,

    kang baku : aran dzikir nafi isbat, jaiku ngutjapake unen-unen laa ilaha

    illaallah, kanti mangerti tegese :

    Laa ilaha = ora ana Pangeran = ngorakake anane (nafi)

    Illaallaah = kedjaba mung Allah = netepake anane (isbat)

    Sepira suwene anggone ngutjapake lapal mengkono iku utawa

    jen nganggo diwilangi : pira kehe, iku mung gumantung seneng parenge

    kang nindakake bae. Wusana bandjur diterusake ngutjap isbate bae jaikulapal illaallaah, illaallaah, suwene utawa kehe, uga mung terserah kang

    nindakake. Bandjur ngutjapake musbite (kang ditetepake) bae, jaiku :

    allahu, allahu, sateruse, nuli ditjekak hu, hu, sateruse . Lerene jen

    wis krasa kesel, utawa kebandjur turu, utawa ... katekan sedyane.

    24. MITRA

    Hla kang katembungake katekan sedyane iku mau jen keprije,

    mas?

    24. DARMA

    Perkara ,,jen keprije iku diterangake tiba keri bae, Kang

    perlu dirembug saiki bab bisane katekan sedyane; jaiku jen tjukup sarat-

    sarate sarta ketrima. Dene tembung ketrima iku mung kanggo gampange

    gunem bae, sanjatane pantjen wis miturut takdire dewe, amarga ora ana

    kedadean kang tanpa sebab, dumadine takdir ija mawa sebab (,,Kuntji

    swarga II : 35; ,,K.S III : 12)

    Anadene sarat-sarate nindakake dzikir tumrap sedya iki mau,mangkene :

    a. Tumindake adja mempeng kaworan daja-daja, sebab jen

    kaja mengkono, amesti durung nganti katekan sedyane : wis bosen.

    Mangka katekaning sedya iku ora bisa kawruhan pirang sasi, pirang taun

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    37/52

    utawa pirang windu. Mulane tumindake dikaja nindakake salat sarengat

    bae (kanti eklas netepi wadjib), kang adjeg lan tlaten ing wajah bengi :

    sasireping djalma. Pedinane : kedjaba netepi rukuning agamane,

    linambaran mudjahadah lan rijadlah (merangi hawa napsu lan ora

    ngumbar kasenengan) apadene ngurip-uriping rasa asih marang sepada-pada.

    b. Anggone ngutjapake lapal ora kumudu njuwara, kena

    mung dibatin bae; lan ora perlu molehake sirah, sebab obahing sirah iku

    bisa andjalari ana pengalaman, nanging dudu pengalaman kang kita

    sedya.

    c. Nalika arep wiwit dzikir, kudu kanti kang mligi : mung

    nedya njatakake surasaning wedaran tauhid = n j a r i r a s a w i d j i,

    mau kae. Anadene tembung ,,dzikir iku sanjatane ateges : ngeling-eling, jaiku eling marang maksude lapel laa illaha illaallaah kang diutjapake

    iku. Nanging elinge iku mung minangka dasar duk nalikane nijat bae, lire

    ora kena lali marang itiqaadkita ingatase Pangeran kang wis kawedarake

    tjeta gambling ana ing wedaran bab imam. Dene sadjroning dzikir: ora

    perlu dibarengi ngeling-eling apa bae.

    Sarana sarat-sarat iku mau, jen ketrima, ing sawidjining

    wektu : ana pengalaman .. p l a s .. bjar, kita ana ing

    sadjroning alam (=ing ndalem kahanan) : dudu ngimpi, dudu melek,

    dudu rem-rem ajam. Ija pengalaman mengkono iku kang katembungakekatekan sedyane anggone tauhid (njarira sawidji). Awit ing waktu iku :

    sirnane rasa aku idjen-idjen dadi rasa aku sawidji. Ing waktu iku, ana

    kang nganggo weruh rerupan, ana kang ora, nanging rerupan kang

    diweruhi mau ora lija ija . rupane dewe.

    Anadene bisane tekan ing tataran kono iku wis angel banget,

    jen ora kelawan nugraha (ketrima). Mulane akeh bae kang duwe

    penganggep, jen iku kang diarani makripat ing Pangeran, djer wis

    r u m a s a : (1) ora ana apa-apa kedjaba mung ingsun, (2) ija sira ijaingsun, (3) kang nembah ija kang sinembah, lan lija-lijane.

    Hla iku luput ing pijangkuh (zich overschatten) di! Muga-

    muga kita adja mengkono.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    38/52

    Ing sadjroning pengalaman iku : mung lagi sirnaning rasa aku

    idjen-idjen dadi rasa aku sawidji bae, jaiku kang diarani tauhid. Dene

    rupane dewe kang katon iku, - jen ora palsu, - ora lija kedjaba mung

    w e w a j a n g a n e (terugkaatsing) djiwane dewe, kang ditonton dening

    rasa djati, mulane ana kang ngarani, m a j a n g g a s e t a (wewajanganputih), dadi terang jen dudu Pangeran (,,Kuntji Swarga III : 27).

    Pengalamane kang mengkono iku padane kaja nalika Nabi

    Musa a.s ana ing tempurane segara loro. Fawadjadaa `abdan min

    `ibadinaa atainahu rahmatan min `indinaa wa `allamahu min

    laduuna `ilman (Al Kahfi : 65 = ketemu kawulaning Allah kang wis

    antuk nugraha lan kawulang ngelmu linuhung dening pandjenengane),

    jaiku kang lumrahe didjejuluki N a b i H i d l i r, emane ora ana kang

    njritakake wernining pasurjane. Dene jen ing tjrita pedalangan,pengalaman mau kaja nalikane Aria Bratasena ana satengahing samodra

    ketemu karo D e w a R u t j i, kang pada wedanane tjeples kaja Arya

    Bratasena.

    25. MITRA

    Aduh, kangmas sedulurku dewe! Aku saiki ngerti, jen wirid

    kang pandjenengan paringake aku iki sanjata ora ana kang ngluwihi

    duwure, amarga aku tau krungu : djare duwur-duwuring gegajuhan iku

    ija kaja pengalamane Arja Sena iku mau. Mangka miturut ngendikapandjenengan : iku durung tekan.

    25. DARMA

    Ija ta di, nanging kita adja fanatiek. Jen ana wedaran ngelmu

    saka sapa bae, ija prayoga ditimbang lan dilimbang, bokmenawa djelase

    lan matone ngluwihi wirid iki.

    Jen ngelmu iku diukur saka ,,gegajuhane, amesti ora pada

    panemune, djer sidji-sidjining wong iku beda-beda kang ginajuh.Nanging jeng pengukure iku wewaton wis tekan apa durung, tak kira ora

    ana panemu werna-werna. Dene kang diarani ,,tekan iku ora lija kedjaba

    .. inna lillahi wa inna ilaihi radji`uun ( satuhune asal saka

    Pangeran bali marang Pangeran).

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    39/52

    Hla iku, di, jen Pangerane wong sadjagad iku tak upamakake

    segara, pepindane manungsa iki, retja ujah (Hjang Suksma kang kuwaos

    tanpa piranti) dibuntel ing kapas (djiwa = badan alus kang mawa piranti

    rasa djati), bandjur dilapisi ing malam (badan wadag dalah pirantine

    indrija 5 lan lija-lijane), dadi arupa retja malam, kang tansah katutombaking samodra, nanging ora ketambasan banjuning segara.

    Dene pengalaman kang kaja Aria Bratasena iku, pepindane si

    retja malam ing waktu iku : nisihake malame, dadi arupa retja kapas,

    kang bandjur bisa nesep banjuning segara. Mulane katembungake

    ngantjik tataran kakekat (haqiqat), djer uwis bisa njatakake utawa uwis

    weruh ing njata (haqq) : panesepe banju segara ing retja kapas, jaiku

    wewadining urip (Ing pedalanan kasebut ,,banju sutji). Balik si retja

    ujah, rak durung bali asal, ta?Mungguh nabi Hidlir tumrape Nabi Musa, utawa Dewa Rutji

    tumrape Arja Sena, iku uga sok katembungake G u r u S e d j a t i.

    Kasebut ing quran nabi hidlir kang kasinungan ngelmu linuhung

    (ladunna `ilman) iku akeh wewulangane marang nabi Musa a.s,

    mengkono uga ing tjrita pedalangan : Arja Sena uga diwedjang dening

    Dewa Rutji. Hla iku sampejan mangertosa, iki perkara penting temenan.

    Wudjuda apa bae, jen medjang temenan kaja pamedjange A

    marang B, iku genah asal saka ndjaba. Senadjan katon kaja rupane dewe,

    ija palsu. Kang diwedjangake mesti mung bangsaning kaluwihan utawai`tiqaad kang sasar.

    Dene kang ora palsu : ora nganggo memedjang mengkono

    iku, djer kang katon kaja rupane dewe iku ora ora lija mung

    terugkaatsing bae. Anggone katjritakake mulang (medjang) ana ing

    Quran utawa ana ing pedalangan iku, djalaran kang ngantjik tataran kono

    iku akibate kaja oleh wedjangan werna-werna, luwih-luwih babagan ke-

    Tuhanan. Tekan samene wedaran bab tauhid : t a m a t, ganti wedaran

    bab Ma`rifat.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    40/52

    IV. WEDARAN BAB MARIFAT

    26. MITRA

    Ija mas tak tilingne temenan. Nanging aku kepengin gertidisik kang sadjelas-djelase ngendika pandjenengan kang keri dewe iki

    mau.

    Aku tau krungu, djarene : ing kitab-kitab agama iku pada

    njeritakake bab kawulaning pangeran kang aran malaekat D j i b r i l,

    sok diutus peparing dedawuhan marana para Rasul lan marang para Nabi.

    Mangka pandjenengan mau ngendika : wudjuda apa bae kang asale saka

    njaba iku, wedjangane mesti mung bangsane kaluwihan utawa itiqaad

    kang sasar. Hla iku genahe keprije mas?

    26. DARMA

    Soal iku mau patjen sulit, di tegese sulit iku, dene ora

    sadengah bisa tampa. Hla sebabe ora tampa iku ora merga apa-apa, mung

    djalaran pada nganggo taqlidul aqli, tegese akal pikirane pada kaling-

    kalingan. Gegambaran miturut pijandele kang nut grubjug. Dadi: jen

    sampejan ngrasakake djelase soal iku mau, ora liya sarate kudu nisihake

    disik gegambaran lan pijandel-pijandel mau. Ana dene djelase

    mengkene:Jen ana kang nduweni penganggep : malaekat Djibril iku

    sawidjining kawulaning pangeran kang sok maringake dawuh marang

    para Nabi kang sugenge ora nunggal sak djaman, serta bola-bali ja mung

    sidji iku kang diutus, iku penganggep kang kliru, di! Jen nduwe

    penganggep mengkono turute mesti ija duwe penganggep, jen Pangerane

    wong sedjagad iku kaja kepalane markas agung, kang kagungan

    ,,koerier (djuru diutus) sidji bae, ora solan salin; turute maneh banjur

    nggambarake tekane utusan iku saka kana-kana (ndjaba). Hla mangkasenjatane ora mengkono.

    Tjeritane Hadiets Miraj: nalika malaekat Djibril diutus

    Pangeran nimbali Nabi Muhammad s.a.w. kang uga bandjur ngirid

    tindake, bareng meh tekan pangajunaning Pangeran, utusan mau kepeksa

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    41/52

    ditinggal, amarga ora kuwat mbandjurake lakune ngirid iku..kang

    mengkono iku rak terang: klirune kang nggambarake mau kae ta ? Awit

    turute karo gegambaran mau: utusan iku mesti wis kulina karo kang

    ngurus, ora bakal ora kuwat ketemu maneh karo kang ngutus, upama

    dalane rumpil banget utawa tjahjane kang ngutus amblerengi banget,mestine kang ora kuwat mbandjurake laku iku rak kang ditimbali, dudu

    si utusan. Rak ija ta? Hla terange mengkene :

    Pangeran wong sedjagad kang tak umpamakake srengenge

    tumrap si djembangan isi banju (,,I.T.M.I:10), iku babar pisan ora bisa

    dirembug. Mulane jen kita nekadake pandjenengane iku kagungan

    koerier : salah, jen nekadake ora kagungan : ija salah.

    Dene kang isih kena dirembug iku mung kang pinda

    wewajanganing srengenge tumrap si djembangan isi banju mau(..I.T.M.I:19), jaiku Hjang Suksma kang tan pisah kelawan kita ana ing

    ngendi bae. Ija pandjenengane iku kang kagungan kawula malaekat tanpa

    wilangan kehe, kang uga tan pisah kelawan kita, djer para malekat iku

    patjen kagolong piranti kita,sarta sidji-sidjine pada kabubuhan kuwajiban

    dewe-dewe.

    Dadi tembung ,,Djibril iku kudu eigennaam (djeneng awak),

    jaiku djenenging kuwadjibane, serta sidji-sidjining wong,- ora pilih Nabi

    utawa dudu,- pada duwe Djibril dewe-dewe (,,Kuntji Swarga III :

    37,38).Tumrap Nabi Musa, Malaekate djibril iku ora lija kang

    lumrahe disebut nabi Hidlir iku mau. Upama Arja Sena iku ana temenan,

    Djibrile ija Dewa Ruttji mau kae. Dadi kang aran malaekat Djibril iku

    ora lija kedjaba djiwane (rohe) dewe kang wis bisa nganakake

    terugkaatsing. Mulane Djibril iku ana ing Quran uga sinebut Ruhul-

    Qudus (roh sutji) utawa Ruhul-Amien(roh kang pinartjaja), ing tembung

    mantja ana kang ndjejuluki Lager Ik utawa Tweede Ik.

    Anadene anggone njritakake Djibril iku nemoni utawamaringake dawuh, iku kena bae, padane Nabi Hidlir lan Dewa Rutji uga

    nemoni serta memulang iku mau. Awit njatane: sapa kang oleh

    pengalaman kaja mengkono iku, akibate bandjur kaja tampa wulangan

    werna-werna bab ke-Tuhanan, kang setjara gampange katembungake:

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    42/52

    nampani dawuhing Pangeran lumantar malaekat Djibril. Dawuh kang

    kaja mengkono iku, tumrap para Nabi kearanan wahju, tumrap salijane

    Nabi kearanan ilham. Mulane malaekat Djibril iku uga kasebut malakul

    wahji, tegese malaekat tukang maringake wahju. Nanging tembung

    wahju ing basa djawa iku sedje , djer pantjen ora asal saka wahjutembung Arab; dene penganggone tembung ilham ing djaman saiki iki

    kemurahen.

    Bab anane malaekat Djibril lan bab anggone maringake

    dawuhaning Pangeran iku, tumrap aku, di, wis ora tida-tida maneh : ija

    kaja kang wis tak aturake iki mau. Amarga ing surat Asj Sjuaraa: 192-

    195 andawuhake mengkene : wa innahu latanzielu rabbil alamiena

    ( satuhune dawuh iki diturunake dening pangeraning alam kabeh)

    nazala bihi arruhul amiena (lumantar malaekat Djibril) alaa qalbikalitakuna minallmundzirienna (marang atinira supaja sira dadi

    golongane wong kang aweh pepeling) bilisaanin arabijjin mubienin

    (kelawan bahasa arab kang pratela).

    Tjoba galihen : mesti bae dawuhing Pangeran iku kelawan

    basa Arab, djer kang diparingi dawuh : panutan kita Nabi Muhammad.

    Dene nalika Pangeran paring dawuh marang para Nabi sadurunge Nabi

    Muhammad, mesti bae kelawan basa ibrani. Lan nalika pangeran paring

    dawuh marang Buddha Gautama mesti bae kelawan basa S a n s k r i t.

    sebab kabeh dawuh mau alaa qalbika (marang atinira).Keprije di, apa isih kurang tjeta?

    27. MITRA

    Wis tjeta banget, mas ! mulane pandjenengan keparenga

    bandjur ngendikake wedaran bab Marifat, tak tilingne kang trawatja.

    27. DARMA

    Aku matur beres bae, di : tumrap kang wis berhasil anggoneTauhid, jaiku kang wis ngantjik tataran Haqiqat mau kae, tekane ing

    tataran Marifat iku satemene wis oleh tuntunane G u r u S e d j a t i

    (,,ITMI : 25) kelawan keparenging Pangeran, djer Pangeran pijambak

    wis ndawuhake kasebut ing Hadiest Qudsi mengkene : laqad thaala

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    43/52

    sjauqul abraari ilaa liqaai wa anna ilaa liqaaihim isjadduu sjauqan

    (= temen wus lawas kawula kang betjik-betjik brangta ketemu kelawan

    Ingsun, lan Ingsun luwih brangta ketemu kelawan kawula kang betjik-

    betjik iku). Kasebut ing Hadiest iku uga, Pangeran ngendika mengkene :

    man taqarraba ilajja sjabran taqarrabtu ilajhidzi raa`an (= sapanjedak marang Ingsun sak tjengkang, Ingsun njedak marang deweke sak

    asta).

    Dadi : kang wis ngantjik tataran haqiqat iku kena diarani wis

    oleh marga gampang anggone ndjangkah marang tataran kangduwur

    maneh (Marifat, Islam). Anadene wedaran bab Ma`rifat kang bakal tak

    aturake iki mung minangka antjer-antjer bae, adja nganti kita kliru

    penganggep : lagi tekan Haqiqat rumangsa wis tekan Marifat, kang

    akibate bandjur mung mandeg semono bae.Marifat iku tembung Arab, asale saka tembung krija `arafa,

    tegese : ,,weruh. Nanging dudu weruhing mripat kang diarani ndeleng

    (zien), uga dudu weruhing pikiran kang diarani ngerti (begrijpen), jaiku

    weruh (= weten) kang dirimbag dadi kawruh ( = wetenschap). Ma`rifat,

    tegese babagan meruhi; tumrape wirid ateges : babagan meruhi

    Pangeran, kang weruhe ora sarana mripat, ora sarana pikiran iku mau.

    Hlo, lagi udal-udalaning tembung bae rak wis sulit,

    ta di ? Ananing sampejan adja kagungan pengira, jen ngelmu Marifat

    iku ngajawara, sebab tembunge bae wis sulit. Amarga kang pada nggajuhngelmu Ma`rifat iku dudu wong kang bodo-bodo utawa bingung atine,

    sak njatane malah para mu`min chas (tjerdas) kang tha`at (setya) banget

    marang agamane. Saka tha`ate, akeh bae kang nganti ora merduli marang

    urusan ndunja. Mulane kita golongan mu`min `am (lumrah) iki, pantjen

    ora mungguh upama natjad marang kawulaning Pangeran kang tha`at iku

    sidji-sidjining wong pantjen beda-beda, pada bae karo ukuraning iman

    uga ora pada. (,,I.T.M.I : 15)

    Tha`ate mu`min `am : ora nerak laranganing agamane, sartatemen-temen nindakake rukune kang lima : sjahadat, shalat, zakat,

    puwasa, hadji, wis tjukup. Jaiku kag diaranai nindakake Sjari`aat.

    Nanging tha`ate mu`min chas ora marem mengkono bae.

    Anggone ngutjapake kalimah ,,laa ilaha illaallaah kumudu ngerti : endi

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    44/52

    sinebut Allah iku. Ing wedaran bab imam wis ditjeplosake sedjati-djatine,

    ananging rak mung langi pangerti bae, djer iku lagi tataran Thariqat.

    Mulane isih kumudu n j a t a k a k e.

    Wusana anggone njatakake iku bandjur oleh pengalaman ing

    ndalem kahanan Tauhid, nanging uga durung andadekake pemareme,djer iku lagi tekan tataran Haqiqat bae. Ing tataran iki terang durung

    ,,ketemu karo kang sinebut Allah, mangka ing kitab-kitab agama pada

    njritakake jen para Rasul iku kang sawidjining wektu ,,ketemu karo

    kang sinebut Allah iku. Mulane isih kumudu ndjangkah maneh nganti

    weruh (`arafa) kanti jakin temenan marang Panjdenegane Allah kang

    banget dibrangtani iku, jaiku ndjangkah tataran Ma`rifat.

    Dadi : kang pada marsudi ngelmu Ma`rifat iku ora lija ketarik

    saka tha`ate marang Penuntune, ija diestokake dawuhe, ija dituladanilelabuhane. Awit dawuhing Pangeran kang disijarake dening para Rasul

    ija mengkono iku. Dene tekan utawa orane djangkah mau, gumantung

    keparenging Pangeran pijambak.

    28. MITRA

    Ija ija, mas, aku wis tampa pangendika pandjenengan iku.

    Mulane bandjur keparengan nerusake : keprije pendjangkahe saka tataran

    Haqiqat marang tataran Ma`rifat iku. Sarta miturut wedaraning wirid,

    kang katembungake tekan ing tataran Ma`rifat iku kang kaprije ?

    28. DARMA

    Ija ta di, aku mung saderma medarake bae, mangsa boronga

    sampejan kang nampa. Awit wedaran bab Ma`rifat iku kena diarani

    medarake antjer-antjer kang uwis dialami para nabi lan para Wali, kang

    tumrap kita isih njamut-njamut angalangut. Ewadene sarehning dudu

    Nabi dudu Wali ja ana kang bisa tekan tataran Ma`rifat (kasebut :

    `Arifin), prajogane kita ora ngapes-ngapesake awake dewe lan ora ,,putusasa.

    Mau wis tak aturake, ing dalem kahanan Haqiqat iku

    pepindane kaja dene retja malam ing sadjroning segara, kang bisa

    nisihake malame, satemah dadi retja kapas : bisa nesep banjuning

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    45/52

    segara ,,I.T.M.I : 25). Hla ing ndalem kahanan Ma`rifat iku pepindane :

    retja kapas mau bisa nisihake kapase, satemah dadi retja ujah : bandjur

    ... luluh dadi banju segara maneh. Anggone n i s i h a k e ,,kapas

    iku padane ditinggalake ,,Djibril, nalikane Nabi Muhammas SAW wis

    meh tekan pengajunaning Pangeran mau kae (I.T.M.I : 26).Dene luluhe retja ujah dadi banju segara iku, jen ing Quran :

    kaja nalikane Nabi Musa ,,pirsa Pangeran sarana mandeng gunung. Ing

    kitab Taurat kasebutake djenenge gunung iku Sinah (Sinai), jaiku kang

    kasebut gunung Tursina ana ing lajang-lajang Djawa (,,thur iku

    tembung Arab, pada karo ,,djabal, ateges gunung). Dene gunung

    Tursina kang dipandeng dening Nabi Musa iku sanjatane : putjuking

    grana (antaraning mripat karo) kang dipandeng ing nalikane dzikir.

    Sabandjure ana ing surat Al A`raaf : 143 disebutakemengkene : falammaa (nalikane) tadjalla (weruh tjeta) rabbuhu (Allah

    Pangerane) lildjabali (kelawan iku gunung) dja`alahu (bandjur dadi)

    dakkan (remuk sumjur) wacharra muusa (lan ambruk Nabi Musa)

    sha`iqan (semaput).

    Pantjen, ing ndalem kahanan Ma`rifat iku, jen diterangake

    sarana tembung, pol-pole mung bisa migunakake tembung sha`iqan

    (semaput, klenger) iku mau. Dene djelase ing waktu iku nabi Musa a.s

    angambah pengalaman kang tan kena kinaja ngapa, ing ndalem kahanan

    kang tanpa piranti , sairib karo sifat sifate Pangeran ,kang ugo tan kenakinaja ngapa lan kuwaos tanpa piranti. Dene pangemper-emper kang

    gampang dipaham : ing wektu iku kaja .. sare kang ora supena.

    Ija kaja mengkono iku kang diarani makripat ing Pangeran,

    kasebut ing wirid. Kang angel iku sarat-sarate anggajuh, hla kang angel

    luwih dening angel iku bisane kegajuh. Dene teorine mengkene :

    Pengalaman kaja nalika ngantjik tataran Haqiqat ///////;

    dilanjahake disik, lire anggone oleh pengalaman kaja mengkono iku

    kudu bola-bali. Babagan iki beda karo botjah sinau nulis : jen wis bisanulis aksara ,,pa sepisan bae, saben-saben ija bisa, lawas-lawas bisa tur

    rikat. Balik babagan iki ora mengkono. Senadjan wis tau berhasil oleh

    pengalaman, nanging ora saben-saben tumindak bisa berhasil.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    46/52

    Hla kang kasebut lanjah iku : saben tumindak ja berhasil,

    lawas-lawas berhasile kalajan gampang (rikat), lawas-lawas maneh : lagi

    dinijati bae wis berhasil. Jen wis kaja mengkono iku, katone majangga

    seta (terugkaatsing) mung kari kala-kala jen ana perlune utawa jen

    dinijati dipurih katon.Kelanjahan kang mengkono mau, miturut nalar ja ora aneh.

    Awit bisane berhasil iku ora lija : saka lerene piranti-piranti wadag, kari

    nganggo piranti alus kang aran rasa djati iku mau (,,I.T.M.I : 23, 24).

    Dadi soale : soal tehniek nglerenake, tehniek iku tinemune saka

    pengalaman rambah-rambah.

    Menawa wis lanjah lan ora tentrem ana ing tataran kono, wis

    sedenge wiwit ndjangkah tataran Ma`rifat. Jen pendjangkahe iku

    temenan, tan ora kena adeging uripe pedinan bandjur beda karo kanguwis. Maune mung (1) netepi rukuning agama, (2) mudjahadah lan rijalat

    (rijadlah), (3) ngelelatih asih marang sepada-pada (,,I.T.M.I : 24),

    kalajan ora dinijati bandjur kadunungan sipat z u h u d, jaiku

    rasaning ati kang ora gandrung marang apa bae, kedjaba mung gandrung

    marang Pangeran.

    Para zaahid-zuhhaadda ing djaman saiki, ora kumudu

    sumingkir saka masjarakat utawa menganggo pating srempal, iku ora.

    Menganggo salumrahe, njambut gawe salumrahe, mung bae adoh saka

    pengaja-ngaja, kang lerege mung mikolehake diri pribadi. Kabehtumindake kanti eklas (karana Allah), apes-apese tumrap rahajuning

    djagad, apese maneh tumrap rahajuning masarakat sakiwa-tengene.

    Dene laku-lakune anggone dzikir, ija ora beda karo kang wis

    tak aturake mau, mung nijate bae kang beda. Kang disik mua nijat njarira

    sawidji (,,I.T.M.I : 24), saiki nijate : Makripat ing Pangeran mulane

    ora bakal merduli rerupan lan pengalaman apa bae, kang tinampa dening

    rasa djati. Leren-lerene dzikir jen wis kesel, utawa bandjur turu, utawa

    gunung tursina remuk sumjur, bandjur plas oleh pengalamankang tan kena kinaja ngapa, jaiku lerene rasa djati ora makarti.

    Sumjure gunung Tursina iku ana ing wirid-wirid

    katembungake fanaaiil-fana (rusaking rusak) kaja kang katjritakake ana

    ing lajang ,,Tjentini mengkene (Dandang gula) :

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    47/52

    ,,Wau kang abengat wirid dikir, samja anater panggujengira,

    ndungkap panak-ul-panane, antaranira kantu, anggulinting pendah

    kajwaking, winot sewu kalimah, ing sa-napasipun, lalja toh

    djiwangganira .

    Hla iku sampejan adja kliru penampa, di ! Jen anggone,,anggulinting pendah kajwaking iku djalaran saka obahing sirahe

    anggone dzikir, amesti ora kena dipadakake karo Nabi Musa a.s anggone

    makripat ing Pangeran mau kae. Destun pada karo disuntik morphine

    utawa kakehan minum djenewer.

    Lan maneh kita kudu eling : ngelmu ke-Tuhanan iku ora kena

    ginajuh kelawan ora mangan ora turu. Upama tumindak mengkono iku

    oleh pengalaman, ora lija kedjaba bangsaning sasar, kang kagawa saka

    owahing piranti, mulane agama Muhammad ngaramake; kenane mungngurangi mangan turu sawetara.

    Tekan samene wedaran bab Ma`rifat wis tammat, ganti

    wedaran bab Islam, wedaran ora dawa-dawa mung tjendak bae.

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    48/52

    V. WEDARAN BAB ISLAM

    29. MITRA

    Amit-amit sewu, mas, aku arep njelani njuwun katerangan

    disik. Jen aku ora kliru tampa, nggajuh makripat iku pepindanemangkene :

    Upama aku iki lahir ana ing Ngajogja, nanging awit dek

    durung kelingan bijen, ndadak digawa wong tuwa menjang Lampung.

    Wusana gedeku, tuwaku, njambut gaweku, uga ana ing lampung. Bareng

    aku wis arep pensijun, nijatku arep mulih menjang Ngajogja. Utamane

    sadurunge tekan titi mangsane pensijun, aku perlu weruh Ngajogja disik,

    sebab aku durung njipati kanta-kantane ,,daerah istimewa tanah asalku

    iku. Ananging sarehning weruh Ngajogja (tataran Ma`rifat) iku

    angel kelakone, hla jen aku wis kepeksa pensijun (tinggal dunja),

    mangka durung sida kelakon weruh Ngajogja disik, iku bandjur keprije

    lelakonku, mas?

    29. DARMA

    Sampejan anggone gawe pepindan iku : persis, di ! Dene

    djawabane bakal kalebu ana ing wedaran iki uga.

    Tumrap ngelmu ke-Tuhanan kang dingamalake, setemene jenwis tekan tataran Ma`rifat iku wis pantog, ora ana kang perlu dirembug

    maneh. Anadene unda usuke `arifin iku mung djalaran pengalamane. Ana

    kang sadjege sugeng lagi oleh pengalaman sepisan, ana kang kaping

    pindo utawa luwih, ana kang .. saben dina. Hla miturut wirid

    senadjan lagi sepisan anggone oleh pengalaman tan kena kinaja ngapa

    (Ma`rifat) iku, wis tetep djumeneng .. Islam.

    Tembung ,,islam ing wirid iki dudu Islam araning agama,

    jaiku islam araning paham, kang asale saka tembung krija a s l a m ategese : masrahake. Dadi : Islam, tegese : pasrah (sumarah) marang

    Pangeran, kosok baline paham kupur (kufrun).

    Kang iku, duk djamane para rasul sadurunge Nabi Muhammad

    SAW : ja wis ana islam lan kupur. Kang pahame islam sinebut muslim,

  • 8/8/2019 ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

    49/52

    kang pahame kupur sinebut kapir (kafir). Kang mengkono iku uga

    kasebut ana ing Quran, kang njritakake pangendikaning Pangeran marang

    Nabi Ibrahim a.s, ing surat Al Baqarah : 131 mengkene : idz qaalalahu

    rabbuhu aslim qaala aslamtu lirabbil`alamien = nalikane Pangeran

    ndawuhi ,,sira islama (sumaraha marang Pangeran) , ature ,,kawulasumarah dateng Pangeranipun sedaja `alam. Ing ajat 132 Nabi Ibrahim

    lan Nabi Ja`qub Paring wasiat marang putra wajah mengkene : jaa

    banijj ina allaha asthofa lakumu ddiena falla tamuutunna illaa wa

    antum muslimun = He anak putuku satemene Pangeran wis milihake

    Agama tumrap kowe kabeh. Mulane kowe kabeh aja pada mati kedjaba

    dadi muslim. Lan ing ajat 133 putra wajahe Nabi Jaqub kang arep

    ditinggal seda, pada matur mengkene : qaaluu na`budu ilahaka wa

    ilahi abaieka ibrahima wa ismaa`ila wa ishaaqa ilahan waahidan wanahnu muslimuuna = kula sedaja sami nembah Pangeran pandjenengan,

    pangeranipun leluhur pandjenengan Nabi Ibrahim, Nabi ismail, nabi

    iskak, inggih punika Allah ingkang Maha Esa, lan kula sedaja sami

    dados muslim.

    Hla iku, di, tegese tembung islam kang sek