gedhang pidak bonang

2
Hadhiyah Tahun Baru Senadyan taun baru isih suwe, ning uluk-uluke pihak kang wajib wis saya cetha suk ing akhiring taun, utawa in g pepucuking taun baru mengko, bangsa Indonesia bakal oleh kado utawa hadhiyah taun baru .Yaiku awujud: rega BBM bola-bali mundhak.Bisa uga olehe mundhak bertahap, utawa saged ugi rata-rata mundhak 25-30 persen. Para sanak –kadange bagong, bareng ngrungu warta mau banjur bareng angop kaya di komandho, karo nywara:”Oooooo,ho-ho. Ora kaget!” saweneh ana kang alok, nganggep BBM bola-bali mundhak iku jalaran sebutane wis ngarani kaya ngono.”Ora aneh!Kang bisa dianggep aneh yen nyatane njur bola-bali mudhun !”Mula usule, murih rega BBM ora bola-bali ngayelake lagi dhek Maret taun iki diundhakake,lha kok ing akhiring taun arep mundhak maneh apa ora bisa ta jenenge diganti dadi lenga bumi ngono bae.Iki kanggo mbedakake karo kang disebut lenga jarak, lenga klentik, lenga boreh, lenga wangi, la sabangsane.Mung bae, kang ngusulake mau ngaku ora bisa njamin: sawise salin jenenge njur waras, tegese regane ora bola-bali “meninggi”. Ana sanak kang protes, ora sudi nampa hadhiyah taun baru kang wujude kaya ngono.Mung, bareng dielikake Bagong,yen meksa arep brontak nolak undhaking rega BBM, sawise iku olehe arep tuku lenga gas, lenga bensin, solar, lan sabangsane nyang ngendi? Si sanak mau njur nglendheh karo mbanyol konyol-konyolan: saupama saupami uyuhe dhewe bisa

Upload: rizkyrahmasari

Post on 19-Feb-2016

46 views

Category:

Documents


20 download

DESCRIPTION

gedang

TRANSCRIPT

Page 1: Gedhang Pidak Bonang

Hadhiyah Tahun Baru Senadyan taun baru isih suwe, ning uluk-uluke pihak kang wajib wis saya cetha suk ing akhiring taun, utawa in g pepucuking taun baru mengko, bangsa Indonesia bakal oleh kado utawa hadhiyah taun baru .Yaiku awujud: rega BBM bola-bali mundhak.Bisa uga olehe mundhak bertahap, utawa saged ugi rata-rata mundhak 25-30 persen. Para sanak –kadange bagong, bareng ngrungu warta mau banjur bareng angop kaya di komandho, karo nywara:”Oooooo,ho-ho. Ora kaget!” saweneh ana kang alok, nganggep BBM bola-bali mundhak iku jalaran sebutane wis ngarani kaya ngono.”Ora aneh!Kang bisa dianggep aneh yen nyatane njur bola-bali mudhun !”Mula usule, murih rega BBM ora bola-bali ngayelake lagi dhek Maret taun iki diundhakake,lha kok ing akhiring taun arep mundhak maneh apa ora bisa ta jenenge diganti dadi lenga bumi ngono bae.Iki kanggo mbedakake karo kang disebut lenga jarak, lenga klentik, lenga boreh, lenga wangi, la sabangsane.Mung bae, kang ngusulake mau ngaku ora bisa njamin: sawise salin jenenge njur waras, tegese regane ora bola-bali “meninggi”. Ana sanak kang protes, ora sudi nampa hadhiyah taun baru kang wujude kaya ngono.Mung, bareng dielikake Bagong,yen meksa arep brontak nolak undhaking rega BBM, sawise iku olehe arep tuku lenga gas, lenga bensin, solar, lan sabangsane nyang ngendi? Si sanak mau njur nglendheh karo mbanyol konyol-konyolan: saupama saupami uyuhe dhewe bisa disulap dadi BBM,kira-kira undhaking rega bahan mau ora bola-bali

Page 2: Gedhang Pidak Bonang

mangan ati.