Download - Sumantri ngenger
Sumantri Ngenger
Patih Maespati ingkang saking Jatisrana kang asma Bambang Sumantri utawi Patih Suwanda
ngemban tugas dados patihipun Prabu Arjuna Sasrabahu. Bambang Sumantri ingkang alus anteng,
andhap asor, berbudi bawa leksana gedhe lelabuhanipun dhumateng negara nganthi direwangi gugur
ing madyaning palagan, ginigit dening Prabu Dasamuka.
Patine Sumantri mung ngunduh wohing pakarti, amarga tanpa kajarag wis nate mateni
kadhange taruna kang asma Sukasrana. Sukrasrana tresna banget marang Sumantri. Sapatine
Sukrasana saka tangane Sumantri dhewe, dheweke rumangasa keduwung lan keranta-ranta, Sukrasrana
rila mati saka tangane kangmase sing paling ditresnani. Sukrasrana wis janji karo Sumantri menawa
dheweke kudu munggah suwarga bareng sakdurunge Prabu Dasamuka pati.
Sumantri : Mencla-mencle, berbudi bawa laksana, andhap asor, lembah manah, lelabuhe
marang negara, ora gelem narima
Sukrasrana : Polos, luhur bebudine, tresna marang kangmase
Arjuna Sasrabahu : Adil, wicaksana
Ramayana
Nalika Prabu Rama, Lesmana, lan Dewi Sinta lelana ing alas, dumandakan Dewi Sinta weruh
kidang emas. Dewi Sinta nyuwun banget supaya Prabu Rama saged nyekel kidang iku. Prabu Rama
pasrah marang Lesmana bab keslametane Shinta, banjur Rama budhal nyekel kidang mau. Rama ora
bisa nyekel kidang mau, amarga kidang kui malih dadi Kalamarica.
Dewi Sinta ora sranta, Prabu Lesmana didhawuhi nyusul Rama. Lesmana ora gelem, amarga
deweke wis janji kaliyan Rama menawi keslametan Shinta luweh utama. Ananging Sinta meksa,
banjur deweke cubriya, menawi Lesmana tresna marang deweke. Kanggo buktekke manawa deweke
bekti marang Rama, deweke kepeksa ninggal Shinta. Sakdurunge lunga Lesmana ngekeki rajah
nganggo keris digaris ing lemah, kanggo mageri Shinta saka bebaya.
Dasamuka marani Shinta, ananging dheweke ora bisa nyekel Shinta amarga ana rajah sing
digawe Lesmana. Dasamuka malih dadi pengemis tuwa, banjur mlaku lan niba ing ngarepe Shinta.
Shinta ora eling pesene Lesmana menawa ora kena metu saka rajahe mau, banjur nulungi pengemis
tuwa mau. Shinta disaut dening Dasamuka banjur deweke digawa lunga dening Dasamuka.
Shinta : Setya, welas asih, tuhu mring garwa
Dasamuka : Culika, angkara murka
Rama : Tresna mring garwa, tanggung jawab, nyaguhi apa karepe Shinta
Lesmana : Tuhu mring kangmase, ngurmati, tanggung jawab