Transcript
Page 1: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA:TINTINGAN POSTKOLONIAL

Leni Fitria Wati, Prof. Dr. Darni, M. Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri [email protected]

Abstrak

Novel sala Lelimangan kang sabanjure dicekak SL ngemot crita ngenani kaprawirane saperangan paraga kang bela kabecikan ing jaman kolonial. Tuwuhe kaprawiran ing jaman kolonial ora gampang ditindakake amarga ana pawongan sing ora setya marang bangsa kang aran pangkhiyanat. Perjuwangane kasebut dadi sawijine bab kang patut ditliti. Onjone bab kaprawiran kasebut, mula novel iki bakal diandharake kanthi tintingan postkolonial.

Ana telung underan panliten yaiku (1) kepriye gegambarane kaprawiran sajrone novel SL?, (2) kepriye wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL?, (3) kepriye tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel SL? Ancas saka panliten iki yaiku: (1) ngandharake gegambarane kaprawiran sajrone novel SL, (2) ngandharake wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL, (3) ngandharake tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel SL. Panliten iki diajab bisa menehi paedah yaiku: nyengkuyunglanngrembakakepanlitensastramliginesastraJawa modern, bisanambahikawruhtumrappamaoslanbisadidadekakebahanrujukandeningpanlitisabanjure.

Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa novel kanthi irah-irahan Sala Lelimangan anggitane Suparto Brata.Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone novel Sala Lelimangan.Olehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan.Kanggo ngandharake lannjlentrehake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis kanthi tintingan postkolonial.

Asile panliten nuduhake gegambarane kaprawiran kang ana ing novel SL.gegambarane kaprawiran kang kawedhar ing novel Sala Lelimangan bisadiperanganapitu (1) jiwa satriya, (2) tanggung jawab, (3) ora gampang nyerah, (4) jujur, (5) ora grusah-grusuh, (6) ngakoni kaluputan, (7) wani nglabuhi bebener. Asil panliten sabanjure yaiku wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL yaiku cidra marang bangsa, pawongan sing nyidrani bangsa diarani pangkhiyanat, pangkhiyanat kang ana ing novel SL yaiku paraga Dhondhi.Dhondhi minangka salah sawijine prajurit Republik Indonesia kang klebu ing anggota I.S (Intelegent Service), nanging wis khiyanat marang Indonesia amarga menehna informasi-informasi kang wigati ngenani Republik marang pihak Walanda. Asil panliten kang pungkasan yaiku tumindak degsiya tumrap wanodya. Wanodya kang ngalami tumindak degsiya yaiku Estuningsih, lan paraga kang nindakake tumindak Degsiya yaiku paraga Dhoreng.

PURWAKA

Landhesane PanlitenSastra ora bisa adoh saka lelakone urip

manungsa. Karya sastra tuwuh uga ngrembug perkara-perkara panguripan kang ana bebrayan. Sastra minangka salah sawijining wujud seni kang mujudake pikiran lan pangrasane manungsa kanthi endahe basa, asline gagasan, lan jerone pesen kang kinandhut. Sastra minangka ekspresi pikiran lan pangrasane manungsa asale saka kanyatan panguripane masyarakat. Sastra uga bisa digunakake kanggo ngandharake maksud tartamtu, lan karya sastra iku bakal akeh ana gandheng cenenge karo kahanan panguripan (Hutomo,1993:293)

Sastra Jawa Modern ngalami proses kang dawa saka Sastra Jawa kang sadurunge nuju sastra modern struktur karya sastra

kasebut bener-bener beda karo karya sastra sadurunge. Sajrone sastra Jawa, jaman modern iki nduweni pangerten manawa pangripta iki anggone ngripta nduweni kesadharan nulis crita kang anyar. Widati (2001:38) ngandharake yen saka wujud crita-crita kang terbit ing jaman transisi (Modern) bisa dibedakake dadi loro, yaiku gancaran lan geguritan. Gancaran utawa prosa iki kedadeyan saka prosa fiksi anyar. Kang diarani prosa fiksi lawas iki awujud dongeng kang jinise ana sage, legendha, mite, lan fabel. Dene prosa fiksi anyar jinise ana roman, novel, cerbung, lan cerkak.

1

Page 2: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel yaiku sawijining karya sastra fiksi kang wujud crita dawa lan rowa. Dumadine novel iku saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku perangan kang bisa mbangun karya sastra. Perangan kasebut sing njalari karya sastra bisa tuwuh minangka karya sastra. Perangan iku uga perangan kang sacara faktual, bakal ditemoni nalika pamaca iku maca karya sastra kasebut. Unsur instrinsik ing sawijining novel, perangan kang sacara langsung uga melu nambahi apike crita mau. Unsur ekstrinsik yaiku perangan sing ana sanjabane karya sastra, nanging sacara ora langsung mangaribawani isine karya sastra (Nurgiyantoro,2009:23).

Novel Sala Lelimangan mujudake sawijine novel kang narik kawigaten kanggo ditliti. Perangan-perangan kang narik kawigaten yaiku Kaprawiran kang ditindakake dening paraga-paragane. Perangan mau bakal dijlentrehake nganggo tintingan postkolonial. Tintingan postkolonial yaiku cara-cara kang digunakake kanggo nintingi maneka warna gejala kultural, kayata: sejarah, politik, ekonomi, sastra, lan maneka warna dhokumen liyane kang dumadi ing negara-negara kang nate dadi koloni Eropa modern (Ratna,2008:90). Pangganggone teori postkolonial mawa ancas kanggo ngerteni kaprawiran paraga-paragane sajrone novel Sala Lelimangan ing jaman kolonial.

Kaprawiran ing kene, obyek kang bakal didadekake panliten yaiku novel Sala Lelimangan anggitane Suparto Brata kang dicekak dadi SL. Saka andharan kasebut, mula irah-irahan saka panliten kang arep ditliti yaiku Novel Sala Lelimangan anggitane Suparto Brata: Tintingan Postkolonial.Underane Panliten

Adhedhasar landhesane panliten kang wus diandharake ing ndhuwur,underane panliten yaiku:(1) Kepriye gegambarane kaprawiran sajrone Novel

SL anggitane Suparto Brata?(2) Kepriye wujud cidra kang kinandhutsajrone Novel

SL anggitane Suparto Brata?(3) Kepriye tumindak degsiya tumrap wanodya

sajrone Novel SL anggitane Suparto Brata?

Tujuwan PanlitenAdhedhasar underane panliten ing ndhuwur

bisa ditemokake tujuwan panliten kaya ing ngisor iki:(1) Ngandharake gegambarane kaprawiran sajrone

Novel SLanggitaneSuparto Brata.(2) Ngandharake wujud cidra kang kinandhut sajrone

Novel SL anggitane Suparto Brata.(3) Ngandharake tumindak degsiya tumrap wanodya

sajrone Novel SL anggitane Suparto Brata

Paedahe PanlitenPanliten iki nduweni paedah kaya ing ngisor iki:

(1) Sastra Jawa ModernBisa ngramekake kritik sastra sajroning

donyani sastra Jawa modern. Uga bisa dadi masukan kanggo para pangripta kanggo luwih kreatif anggone nulis. Lan bisa nambahi kawruh kanggo ngapresiasi

karya sastra Jawa modern. (2) Pamaca

Sajrone panliten iki bisa nambahi kawruh lan pamawas ngenani babagan analisis karya sastra, mligine panliten kang nggunakake tintingan sastra bandhingan. Tumrap pamaca uga bisa didadekake studi bandhingan karo tulisan-tulisan liyane.(3) Piwulangan sastra

Ing kene uga anak paedah kanggo piwulangan sastra, mligine kanggo para Mahasiswa. Kaajab bisa migunani kanggo panliten sing sabanjure. Bisa nambah krenteg kanggo mahasiswa kang arep nindakake panliten sastra.

PanjlentrehaneTetembungan Ing ngisor iki bakal diandharake wewatesane

istilah sajrone panliten iki. Anane wewatesan istilah iki kanthi tujuwan supaya panliten iki ora ngambra-ambra.1) Kaprawiran

wong sing onjo amarga kewanen lan ngorbanake sajrone bela kabecikan pejuwang sing gagah lan wani (KBBI,1993:648).

2) Novel Sawijining karya sastra fiksi kang wujud crita dawa lan rowa utawa ruwet. Dumadine novel iku saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik (njero) lan unsur ekstrinsik (njaba) sing mbangun karya sastra (Nurgiyantoro, 2009:23).

3) Postkolonialcara-cara kang digunakake kanggo nintingi maneka warna gejala kultural, kayata: sejarah, politik, ekonomi, sastra, lan maneka warna dhokumen liyane kang dumadi ing negara-negara kang tau dadi koloni Eropa modern (Ratna, 2008:90)

TINTINGAN KAPUSTAKAN

Konsep KaprawiranMiturut KBBI (KBBI, 1993:648) kaprawiran

yaiku wong sing onjo amarga kewanen lan ngorbanake sajrone bela kabecikan pejuwang sing gagah lan wani. kaprawiran yaiku wong sing tumindake luwih nengenake kapentingane liyan tinimbang kapentingane dhewe. Tumindak kasebut menehi daya pangaribawa kanggo wong liya, amarga tumindake nduweni paedah kanggo kapentingane masyarakat, bangsa utawa umat manungsa.

Prawira yaiku manungsa ideal sing dianggep minangka perumusan sarta simbol saka apa sing arepe digayuh pawongan kanggo awake dhewe. Sajrone panliten ngenani tokoh prawira sajrone sastra nuswantara kanthi sedherhana biyasane minangka gegambaran wong sing pantes dicontoh lan diteladhani. Sajrone masyarakat moderen tokoh prawira awujud saka pamimpin sing kudu dadi teladhan marang nisorane, wiwit saka sikap uripe uga sajrone tumindake.

Konsep kaprawiran miturut Badjoeri Widagdo (2012:60-61), tresna marang bangsa yaiku rasa tresna marang bangsane dhewe kang tujuwane bela bangsa saka penjajah. Sajrone tresna marang bangsa ana nilai-

Page 3: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

nilai kaprawiran yaiku lila korban kanggo bangsa lan negara. Gelar prawira biasane diwenehna marang pawongan sapa wae kang wani mati ing pertempuran amarga bela bangsa lan negarane utawa bela agamane. Nanging ing era moderen iki pahlawan ora mung ing medan pertempuran nanging wong kang wis ngorbanake wektu, bandha, jasa uga nyawane kanggo bela kabecikan

Tumindak Dagsiya tumrap Wanodya

Tumindak degsiya tumrap wanodya awujud tumindak kang nyata merga anane diskriminasi tumrap wong wadon. Kakerasan kasebut iku mujudake tumindak kang ora oleh ditiru, tumindak sewenang-wenang, sakarepe dhewe marang wanodya. Ana maneka werna wujud tumindak degsiya tumrap wanodya yaiku wong lanang sing ngruda peksa wong wadon. Tumindak sing kaya mangkono kuwi minangka tumindak dagsiya sing paling nistha. Anane sabab sosio budhaya, yaiku ana diskriminasi tumrap wong wadon lan patriarkhi ndadekake wong lanang dadi panguwasa. Iku kabeh nyebabake wanodya ana ing panggonan kang dadi korban dagsiya.

Tumindak degsiya tumrap wanodya kedadeyan saka fisik lan psikhis, arupa tumindak lan ancaman. Wujud–wujud dagsiya tumrap wong wadon miturut Humm (2002:485) yaiku aruparuda peksa, mukuli, incest (nglakokake hubungan marang anake dhewe). Salah sawijine puncak Tumindak degsiya tumrap wanodya yaiku ruda peksa.

Cidra Cidra minangka tumindak ora setya, ora

netepei janji marang wong liya, Bangsa lan Negara (Pranowo, 2001:168). Tumindak cidra yaiku kadurjanan kang ditindakake masyarakat, warga Negara utawa Bangsa, kayadene rajapati marang bos utawa dhuwuran, tumindak sedheng marang Negara liya, ora patuhe marang Bangsa sing ngrugikake bangsane dhewe. Nyidrani Bangsa yaiku Nindakake komunikasi marang negara liya utawa tumindak kanggo kepentingane negara liya sing ngrugikake negarane dhewe, Nduduhake informasi sing wigati ngenani kekuwatan militer, ilmiyah, rencana ,cathetan, utawa dhokumen-dhokumen negarane dhewe marang negara liya supaya bisa digunakake marang Negara kasebut banjur ngrugikake negarane kaselamatan Negarane dhewe .

Nyidrani perjuwangan uga duweni teges tumindak sing nentang marang konsultasi Negara. Ing jaman penjajahan Walanda marang Republik akeh masyarakat lan prajurit sing pangkhiyanat marang Negara, kabeh iku ditindakake amarga negara liya luwih menehi keamanan, kamulyan lan kasejahteraan marang awake dhewe uga ksaluwargane..

Nyidrani perjuwangan ing jaman Kolonialisme sajrone Novel SL ditindakake dening paraga Dhondhi marang negarane dhewe. Nyidrani perjuwangan kang ditindakakee kanggo nyegah paraga utama meruhi kabecikan lan paraga utama sing nduweni sipat kaprawiran sing wani mati bela negara.

Teori PostkolonialTeori postkolonial, mligine postkolonial

Indonesia ditegesi telung warna, kang kapisan yaiku abad pungkasane imperium kolonial ing donya. Kapindho, kabeh tulisan kang gegayutan karo pengalaman-pengalaman kolonial wiwit abad 17 nganti saiki. Katelu, kabeh tulisan kang ana gegayutane karo paradigma superioritas Kulonan marang inferioritas Wetanan, minangka orientalisme utawa imperialisme lan kolonialisme (Ratna,2008:96).

Miturut Ratna (2008:90) teori postkolonial iki tegese cara-cara kang digunakake kanggo nintingi maneka warna gejala kultural, kayata: sejarah, politik, ekonomi, sastra, lan maneka warna dhokumen liyane kang dumadi ing negara-negara kang nate dadi koloni Eropa modern. Minangka teori kang luwih anyar dibandhingake teri sastra liyane lan minangka jinise posttrukturalisme, postkolonial aweh pambela tumrap narasi kang asipat cilik, nyawijekake kekuwatan saka tataran ngisor lan ngerteni mangsa kawuri kanggo nuju mangsa tembe. Postkolonial uga nuduhake yen penjajahan ora mung kanthi cara fisik nanging uga mental utawa kajiwan (Ratna, 2008:81).Landhesane Teori

Novel SL anggitane Suparto Brata iki mujudake sawijine crita kang ngangkat tema perjuwangan. Teori sing bakal digunakake kanggo nintingi panliten sing bakal kaleksanan yaiku teori postkolonial.

Teori postkolonial iki tegese cara-cara kang digunakake kanggo nintingi maneka warna gejala kultural, kayata: sejarah, politik, ekonomi, sastra, lan maneka warna dhokumen liyane kang dumadi ing negara-negara kang nate dadi koloni Eropa modern (Ratna, 2008:90).

Kanggo ndudhah isi crita novel SL bakal diudal kaprawiran paraga-paragane, kaprawiran ing kene yaiku kewanen lan ngorbanake sajrone bela kabecikan pejuwang sing gagah lan wani. Uga ngenani cidrane saperangan paraga marang bangsa lan tumindak dagsiya tumrap wanodya.

METODHE PANLITEN

Ancangan PanlitenJinis panliten kang digunakake sajroning

panliten iki yaiku panliten deskriptif kualitatif. Miturut Kirk lan Miller (sajroning Moleong, 2010:4) ngandharake yen panliten kualitatif yaiku tradhisi tartamtu sajroning ilmu pengetahuan sosial kanthi cara fundamental kang gumantung saka pengamatan marang manungsa ing lingkungane dhewe lan sajroning tetembungan. Sajroning panliten kualitatif metodhe kang biasane digunakake yaiku wawancara, pengamatan, kang metodhe kang manfaatake dokumen. Siswantoro (2005:56) nganggep yen metodhe dheskriptif bisa ditegesi minangka prosedur pamecahan prekara kanthi nggambarake utawa nglukisake kahanan subjek utawa objek panliten adhedhasar fakta-fakta utawa kasunyatan kang katon kaya apa anane.

3

Page 4: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif sing tujuwane kanggo nggambarake crita sajrone andharan sing trep klawan kekarepane panliti lan ora ngutamakake padha angka, nanging penghayatan marang intruksi antar konsep sing arep ditintingi kanthi cara empiris (Semi, 1990:23).

Sumber Dhata lan Dhatane PanlitenSajrone panliten iki sing dikarepake yaiku

asale subjek saka dhata sing dijupuk. Perangan iki wigati banget sajrone panliten. Yen ora ana kalorone panliten ora bakal bisa dilakoni amarga ora ana sing arep ditliti. Mula saka iku, kalorone bakal dijlentrehake ing ngisor iki.Sumber Dhata

Sumber dhata sajrone panliten yaiku subjek asale dhata. Sumber dhata bisa kaperang dadi 2 jinis yaiku sumber primer lan sumber sekunder. Sumber primer yaiku dhata kang langsung menehi dhata tumrap panliti, dene sumber dhata sekunder yaiku sumber kang ora langsung menehi dhata marang panliten iki, tuladhane kanthi wong liya utawa dokumentasi (Arikunta, 2006:128).

Sumber primer ing panliten iki yaiku salah sawijining crita novel, kanthi irah-irahan SL anggitane Suparto Brata. Isine crita ngemot kaprawiran paraga-paragane nalika jaman kolonial. Dene sumber skunder yaiku crita panyangkuyung sajrone novel SL. Crita panyangkuyung kasebut yaiku ngenani tumindak dagsiya tumrap wanodya sing kaya ora ana regane lan dadi palimpayasan wae, cidrane saperangan paraga marang bangsa, uga ngenani tumidak degsiya kang akeh banget sajrone novel SL.Dhata

Dhata minangka objek sing bakal dikaji lan dianalisis sajrone panliten iki. Dhata nakake yaiku dhata primer lan dhata skunder. Dhata primer arupa dialog antarane paraga, tembung, ukara, paragrap, lan liya-liyane sing gegayutan karo prekara kang bakal ditliti.

Anane crita babagan jaman kolonial ing novel SL trep kalawan tintingan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan postkolonial. Kang ditengenake sajrone panliten iki yaiku babagan kaprawiran sajrone novel SL iki. Anggone mawas anane kaprawiran bisa diseleng saka solah bawa lan pacelathone paraga-paraga kang anga ing novel iki. Dene dhata skurder utawa dhata panyangkuyung dhata primer sajrone novel SL yaiku ngenani wujud cidra marang bangsa lan tumindak degsiya tumrap wanodya.

Instrumen Panliten Instrumen ing panliten iki yaiku panliti. Panliti

mujudake instrumen utama sajrone panliten iki. Panliti dadi instrumen utama amarga panliti kang golek dhata, nganalisis dhata lan nulis panliten iki. Mula saka iku, panliti dadi instrumen utama sajrone panliten kualitatif. Sajrone nglumpukake dhata luwih akeh gumantung

marang awake dhewe minangka piranti nglumpukake dhata. Panliti bisa mbiji sawijining kahanan lan nduwe kuwasa nemtokake samubarang kanggo asil panlitene.

Hasan (1990:15) ngandharake ana kaluwihan-kaluwihan sing bisa diasilake saka panliten sing nggunakake manungsa minangka instrumen sajrone nindakake panliten. Kaluwihan iku yaiku responsif, adaptif, manungsa minangka piranti sing bisa ngerteni sakabehe konteks, bisa njembarake kawruh kanthi cara langsung, bisa nindakake ngolah lan nganalisis data kanthi cepet lan sapannggalane. Saka kaluwihan-kaluwihan kasebut mula panliti didadekake minangka instrumen utama sajrone panliten.

Tata Cara Nglumpukake DhataIng kene sajrone nglumpukake dhata kang

digunakake sajrone panliten iki yaiku kanthi cara nggunakake teknik studi pustaka. Teknik studi pustaka yaiku cara nglumpukake dhata-dhata kang dijupuk saka pustaka kanthi nggunakake sistem sandhi utawa tandha (Ratna, 2010:39). Kanthi cara weneh tandha ing ukara sing gegayutan karo panliten iki. Tandha kasebut bisa digarisi utawa dicathet.

Tata cara sing nggunakake kanggo nglumpukake data dening Endraswara (2008:162-163), diperang dadi telu yaiku :a. Nemtokake Unit Analisis

Sadurunge ngudhal isi crita sajrone novel SL luwih dhisik nemtokake bab kang onjo kang arep dianalisis. Bab kang onjo kasebut babagan kaprawiran. Panliten iki nemtokake tlung prekara kang wigati, yaiku gegambaran kaprawiran ing novel SL, wujud cidra sajrone novel SL, lan tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel Sl.b. Nemtokake Dhata

Sawise nemtokake unit analisis, banjur maca cerbung kasebut kanthi mempeng. Sawise iku ngudhal novel kanthi watesan perkara-perkara kang wis ditemtokake.c. Nyathet Dhata

Panliten sastra mligine sastra tulis, dhata sing arep ditliti arupa dhata-dhata lan perlu anane cathetan-cathetan. Sajrone nyathet dhata, ana saperangan pituduh sing kudu digatekake yaiku : (a) latihan lan persiyapan kang bener saengga bisa nyathet kanthi bener, (b) nyathet bab-bab kang nuduhake pesen lan makna simbolik, lan (c) nyathet tetembungan kang ora dingerteni.Tata Cara Njlentrehake Dhata

Sajrone panliten iki nggunakake teknik analisis deskriptif. Panliten kang sipate deskriptif ngandharake apa kang wis ditemokake. Metodhe deskriptif digunakake nalika analisis dhata. Asile analisis dhata dideskripsekake adhedhasar prekara-prekara kang ana sajrone panliten kasebut. Bab kasebut ditengenake amarga metodhe iki digunakake kanggo ndeskripsekake kanthi cara ojektif ngenani kahanan kang ana ing masyarakat.

Ing ancangan panliten mau, wis diandharake yen analisis kang digunakake yaiku analisis kang

25

Page 5: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

diandharake Ratna (2010:339-340). Analisis kasebut ditindakake kanthi cara nintingi prekara-prekara kang kinandhut ing crita novel kasebut. Mula saka iku, tata cara kang perlu ditindakake sajrone analisis dhata ing panliten iki yaiku:1) Sawise maca novel SL lan ngumpulake dhata

sakeh-akehe kanthi cara nyathet dhata ing buku catatan khusus, kanthi cara milihsaperangan tembung kang arupa tembung, ukara utawa paragrap, banjur ditliti dhata kang diperlokake wis jangkep apa durung.

2) Sawise dhata wis jangkep ngandharake dhata kang arupa prekara-prekara kang gegayutan karo underane panliten kasebut. Kayata, gegambarane kaprawiran, wujud cidra marang bangsa, lan tumindak degsiya tumrap wanodya.

3) Njentrehake dhata-dhata kasebut kang ana gegayutane kaprawiran ing novel SL anggitane Suparto Brata.

4) Njlentrehake underane panliten kanthi luwih jero tanpa metu saka underane prekara sajrone novel kasebut.

5) Nggawe asil panliten kang trep, laras karo deskripsi lan dudutane. Dhata diandharake kanthi ringkes inti lan asile dhata supaya pamaca bisa luwih cetha ngenani asil panliten kasebut.

Tata Cara Nulis Asile PanlitenTata cara nulis asile panliten ditindakake

sawise ngolah dhata tumrap novel SL anggitane Suparto Brata. Andharan mau awujud deskripsi ngenani underane panliten, yaiku gegambarane kaprawiran sajrone novel SL, wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL, lan tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel SL. Dhata-dhata kasebut bisa dijlentrehake kanthi metodhe informal (Sudaryanto, 1993:144). Dhata ing panliten iki mung nggunakake metodhe informal. Metodhe informal yaiku ngandharake dhata kanthi nggunakake basa. basa kang digunakake sajrone novel SL yaiku basa lumrah kang digunakake dening masyarakat sajrone cecaturan padinan.ANDHARAN ASILE PANLITENGegambarane Kaprawiran Sajrone Novel SL

Kaya kang diandharake sadurunge yen konsep kaprawirannduweni pirang-pirang penafsiran, saperangan nnduweni panemu makna Prawira sabenere yaiku ora mung ngenani tumindak kang ngandhalake fisik banjur resikone mati, nanging ngenani ningkatake taraf urip. Ora ana teges tunggal ngenani prawira, nanging kanthi cara umum nduweni teges prawira yaiku wong kang dianggep nduweni jasa kanggo kapentingane wong akeh. Nilai-nilai kaprawiran yaiku kang lila korban kanggo nylametake nasibe wong akeh, bangsa lan negara. Ing perangan iki bakal dirembug anane pitung sipat kaprawiran yaiku: jiwa satriya, tanggung jawab, ora gampang nyerah, jujur, ora grusah-grusuh, ngakoni kaluputan, wani nglabuhi bebener.

Jiwa satriya mujudake sipat kang becik, amarga bela kabecikan nglindhungi wong sing lemah lan butuh pitulungan. Wong kang nduweni jiwa satriya luwih nengenake kapentingane wong liya, ora mung mentingake awake dhewe wae. Wong sing nnduweni jiwa satriya mesthi seneng tetulung marang wong liya. seneng tetulung yaiku biyantu wong liya tanpa pamrih kanggo ngringakna beban liya, uga biyantu apa sing dibutuhake liyan. Apa sing diwenehna cetha ora mung bandha wae, nanging menehi pitulungan apa sing ora bisa ditindakake wong liya, wiwit nulung sing paling cilik nganthi nulung sing paling gedhe lan ngrugikake awake dhewe.

Salah sawijine paraga kang seneng tetulung yaiku paraga utama Mohamad Bakhtiyar. Mohamad Bakhtiyar dudu kagolong prajurit sing melu perang kanggo bela kamardikan Republik Indonesia, nanging dheweke yaiku wartawan pengarang layang kabar Sang Saka arek saka Surabaya sing ngungsi ing Sala amarga ana peperangan. Dheweke mujudake wartawan sing durung pengalaman, nanging wis kondhang banget nalika jaman semana. Senajan to makarya dadi wartawan sing gawanane pulpen, buku lan potlot ora tau nggawa bedhil nanging jiwane seneng tetutung marang wong liya. Andharan kasebut bisa ditik saka pethikan rerakening kedadeyan ngisor iki.

(1) “Ya allah, Jakfar! Apa kon, Far?” pambengoke Bakhtiyar karo age-age nguculi tali pengerut. Nanging pranyata kenceng, ora gampang diuculi.” “Pak, tulung kula dieawangi nggotong adhik kula teng griya kula kados ngoten (Brata,SL,2014:32-33).(Ya allah, jakfar! Kenapa kamu Far,? Bakhtiyar teriak sambil melepas tali pengerut. Tetapi sulit untuk dilepas)(Pak, tolong dibantu menolong adik saya didalam rumah saya)

Pethikan kasebut nggambarake Bakhtiyar kang kaget karo kahanan sing ana ing omahe, dheweke ora nyana yen ana pawongan sing wani-wanine ngobrak abrik omah lan nganiyaya adhine kaya mangkono. Kabeh kang ana ing omah wis ora karuwan adhine jakwar digawe semaput.meruhi kahanan kang ana ing omahe kaya mangkono mula Bakhtiyar ora meneng wae pengen meruhi sapa pawongan kang wis nyolong notes kasebut uga sing nganiyaya adhine. Nanging Bakhtiyar wis nyurigani pawongan kang jenenge Gusti Mutu Manikam. Amarga sadurunge kedadeyan kasebut Bakhtiyar dutus menyang daleme Gusti Mutu Manikam. Saperlu ngenani Letnan Baidowi, Letnan Baidowi yaiku Letnan kang menehi notes marang Bakhtiyar.

Notes kang isine nyritakake kepriye perjuwangan Letnan kasebut kanggo ngrebut kamardikan. Bakhtiyar diwenehi kaparcayan kanggo

5

Page 6: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

ndudhah isi notes lan dimuat ana ing Sang Saka, amarga kanca perjuwangan bareng saka Surabaya mula notes kasebut diwenehna ing Bakhtiyar. Amarga wigatine notes kasebut, mula pawongan sakiwa tengene jendral kepengen ngerti isi saka notes kuwi.

Bakhtiyar nyurigai Gusti Mutu Manikam amarga pepingine Gusti Mutu meruhi isi notes sing diwenehi Letnan Baidowi marang Bakhtiyar. Nganti dheweke ditimbali sowan menyang daleme. Bakhtiyar manut-manut wae amarga dheweke diutus pawongan sing kuwasa ing kuta Sala. Ora mikir dawa bakhtiyar age-age tindak menyang daleme Guti Mutu, amarga dheweke wis ngrasa bener curiga marang Gusti Mutu sing wis nyolong notes kasebut lan nyilakani adhine nganti semaput.

Tekan omahe Gusti Mutu, Bakhtiyar bingung mlebu omah sing gedhe magrong-magrong. Omah kuwi katon padhang, katon saka lawang-lawang sing sisih nduwure kaca tembus, pratandha isih ana sing melek. Bkhtiyar golek-golek dalan supaya bisa mlebu omah kuwi. Dheweke mlebu gang ngiringan omah, terus ngener kira-kira prenahe ruwang tengah sing isih katon lampune gaspon murup. Tekan ruwang tengah, Bakhtiyar ndadak krungu panjerite wong wadon. Njerit terus misuh-misuh! Ditimpahi swara lanang nggeguyu. Banjur Bakhtiyar mlebu ruwangan kasebut, kaget merga ana wong wadon sing arepe dirudapeksa. Ora mikir dawa Bakhtiyar marani wong lanang kuwi. Kahanan kaya mangkono ditilik saka pethikan ing ngisor iki.

(2) “nalika Bakhtiyar mlebu, weruh wong wadon lagi dirudapari peksa dening wong lanang, isih ngadeg-ngadegan sing lanang ngrungket sing wadon. Bakhtiyar lan Dhoreng padha uleng. Estuningsih migunakake kalonggaran kuwi kanggo mberot saka kekepane Dhoreng, ucul mlayu ing Bakhtiyar (Brata,SL,2014:36-37).(ketika Bakhtiyar masuk, mengetahui ada seorang wanita yang hendak diperkosa seorang laki-laki. Bakhtiyar dan dhoreng sama-sama adu badan. Estuningsih mengambil kesempatan tersebut untuk melepaskan diri dari rangkulan Dhoreng)

Pethikan kasebut mujudake jiwa satriyane Bakhtiyar sing meruhi wong wadon arepe dirudapeksa karo wong lang sing kaya rai setan. Bakhtiyar ora bisa meneng wae banjur nulung Estuningsih. Senajan Bakhtiyar ora meruhi wong wadon kuwi sapa, nanging Bakhtiyar sing tuwuh sipat seneng tetulung marang wong liya banjur nulungi Estuningsih. Ora gatekake swasana omah Gusti Mutu, Bakhtiyar wis adhujotos karo wong lanang sing endhek methekel kuwi.Tanggung Jawab

Saben wong sing urip ing donya iki mesthi nduweni rasa tanggung jawab kanggo awake dhewe utawa tanggung jawab kanggo wong liya. Tanggung jawab yaiku tumindak wajib kanggo nanggung sakabehe prastawa tartemtu. Tanggung jawab yaiku kesdharan manungsa ngenani tumindak lan solah bawa sing disengaja utawa ora disengaja. Manungsa ing kasunyatane minangka makhluk kan nduweni rasa tanggung jawab. Bisa sinebut kaya mangkono amarga manungsa kuwi manungsa makhluk kang individual uga makhluk sosial, manungsa minangka makhluk Tuhan.

Manungsa nduweni tuntunan kang gedhe kanggo tanggung jawab amarga manungsa kuwi ana ing peran sajrone konteks sosial, individual lan teologis. Sajrone konteks sosial manungsa minangka makhul sosial sing ora bisa urip dhewe. Nilai-nilai kang dinduweni pawongan sajrone sosial kudu bisa di pertanggung jawabkake sahengga ora ganggu panguripane wong liya sing wis disarujuki bebarengan.

Perkara manungsa minangka makhluk individual ana gegayutane karo konteks teologis. Manungsa minangka makhluk individual tegese manungsa kudu tanggung jawab marang awake dhewe lan tanggung jawab marang Tuhane. Tanggung jawab manungsa marang awake dhewe bisa luwih kuwat yen nduweni kesadharan sing kuwat uga marang awake. Tanggung jawab marang awake dhewe tuwuh akibat kayakinane marang nilai-nilai.

Tanggung jawab sajrone konteks manungsa marang lingkungan kiwa tengene yaiku rasa sing kendel. Wong kang tanggung jawab yaiku wong sing kendel nanggung kabeh kedadeyan-kedadeyan sing kudu ditanggung jawabkake. Tanggung jawab uga gegayutan marang kewajiban. Kewajiban yaiku samubarang kang dibebanake marang pawongan.

Pancen rasa tanggung jawab kuwi angel ditindakake. Ora saben wong bisa kaya mangkono nanging beda karo Kaswandha sing nduweni rasa tanggung jawab kang gedhe kanggo menehna notes marang Bakhtiyar lan layang marang Nyonya Kapten saka Letnan Baidowi. Kaswandha pancen prajurit sing nduweni rasa tanggung jawab gedhe, yen Kaswandha ora nduweni sipat kang becik mula Notes kasebut bakal diwaca dhewe lan ora diwenehna marang Bakhtiyar. Amarga rasa kurmat lan bektine marang Letnan Baidowi banjur diwenehna marang Bakhtiyar kahanan kasebut ana ing pethikan ing ngisor iki.

(3) “Sampun, Dhik, sampun. matur nuwun. Matur kangmase mawon, yen wonten wekdal kapurih tindak gajahan, dalemipun Pas Puspapura, ngaten, Layat. Wonten tentara gugur saking front Salatiga. Dene menawi mboten saged inggih mboten dados menapa. Lan menika kemawon mangke caosaken kangmase. Buku tinggalanipun tentara sing gugur niku, “ujare tamu kuwi karo ngulungake buku notes

Page 7: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

(Brata,SL,2014:1).(sudah, dik terima kasih. Bilang masnya kalau ada waktu, pergi kerumahnya Paspuspapura, melayat. Ada tentara gugur dari front Salatiga. Tetapi kalau tidak bisa ya tidak apa-apa. Lah buku ini saja kasihkan kemasnya. Buku tinggalan tentara yang gugur itu)

Kaswandha sing macak cara tentara, tentara pelajar utawa kondhange TP. Klambi hem ireng, clanane ya ireng, pecine ya ireng. Anggota TP padha mongkok nyandhang kaya mangkono kuwi jalaran dening tentara Walanda mungsuhe diwedeni kadidene pasukan gerilyawan Republik. Kaswandha ngerti yen tugase tentara sing nduweni tanggung jawab kanggo menehna notes marang bakhtiyar mula dheweke sowan ing omahe Bakhtiyar.Ora Gampang Nyerah

Ora gampang nyerah nduweni tujuwan kanggo gayuh apa wae sing dipengenake. Ora merdhulikake alangan, rintangan bakal diadhepi, alangan lan rintangan dianggep jembatan kanggo mujudake tujuwan sing dipenginake. Kahanan kaya mangkono meti wae ana saben kagiyatan sing kudu diadhepi. Wong sing wis nyerah sadurunge gayuh tujuwan, wong kasebut kagolong wong sing gagal banjur ora bakal sukses.

Wong sing ora gampang nyerah bakal tumindak kanti tenana ora digawe-gawe, ora merdhulikake kahanan apa wae. Senajan ta awake wis pegel kanggo gayuh tujuwan. Tumindake wong sing ora gampang nyerah mesthi nduweni jiwa ora ragu-ragu banjur rasa pede yen saben sing dipengini bisa kagayuh.

Kanggo merjuwangna kamardikan Indonesia uga diperlukake wong ora gampang nyerah, yen wong kasebut gampang nyerah bangsa bakal ora bisa gayuh kepinginane yaiku Mardika saka bangsa Walanda. Wong-wong sing kaya mangkono kudu ana ing bangsa sing ana jaman perjuwangan, jaman perjuwangan mujudake wong sing wani mati lan ora gampang nyerah nglawan penjajah. Senjata prajurit Indonesia pancen kalah karo bangsa Walanda mnanging yen wong Indonesia nduweni sipat ora gampang nyerah mula kamardikan bisa kagayuh.

Salah sawijine paraga yaiku Bakhtiyar dudu prajurit sing melu perang kanggo merjuwangna kamardika Republik Indonesia saka penjajah bangsa Walanda. Nanging ing kene Bakhtiyar Wartawan sing ora gampang nyerah ing jaman perjuwangan. Tugase wartawan ing jaman kasebut uga abot banget kudu golek pawarta mrana mrene. Kahanane ing kutha Sala ya durung aman peteng nyenyet lan isih akeh serdhadhu Walanda utawa mungsuh riwa riwi. Mangerteni tugase abot kaya mangkono Baktiyar ora gampang nyerah amarga kuwi tugase dadi Wartawan. Andharan kasebut bisa ditilik saka pethikan rerangkening kedadeyan ngisor iki.

(21) “........ Apa maneh Bakhtiyar ngayomi tugas wartawan! Wartawan kuwi wong sing usreg golek pawarta. Bisa wae nguber warta wayah kapan wae ing ngendi wae. Marani wong penting kaya Gusti Mutu Manikam kaya mangkono klebu ewone buron pawarta kang mbejaji tenan (Brata, SL,2014: 42).(apa lagi Bakhtiyar mengayomi tugas sebagai wartawan! Wartawan itu orang yang yang sibuk mencari berita.pergi kepada orang penting seperti Gusti Mutu Manikam seperti itu termasuk wartawan sing pnting banget)

Wartawan pancen tugas sing abot kanggone golek warta riwa-riwi mrana-mrene, yen ora ngnti oleh warta kang dikarepake bakal luwih abot maneh golek wartane. Mangerteni tugase dadi wartawan kaya prajurit sing kaya prajurit bakhtiyar tetep wae ora gampang nyerah. Saben wong sing makarya nduweni tugase dhewe-dhewe ana alangane dhewe-dhewe. Semangat uga tumindake Bakhtiyar pancen nuduhake yen Bakhtiyar kuri ora gampang nyerah gayuh pepengnane lan tugase sing dadi wartawan.

JujurTumindak jujur kudu ditindakake lan diwulang

sajrone panguripan manungsa, ing agama, pendhidhiksn, psikologi lan ekonomi. Dadi wong sing jujur pancen ora gampang, nanging ora angel ditindakake saengga ora gelem tumindak jujur. Yen saben tumindak didhasari karo jujur mula bakal bisa penak urip kaya mangkono. Tumindak jujur bisa diwiwiti karo sinau ngenani babagan jujur.

Jujur minangka tumindake pawongan nalika ngadhepi saben-saben babagan utawa fenomena lan nyritakake lingkungan sakiwa tengene apa ananne ora digawe-gawe. Kajujuran yaiku bageyan saka manungsa sing nduweni nilai kang nduwur amarga yen wong sing wis ilang kajujurane ora bisa digoleki maneh.sipat jujur ora bisa dibandingna karo apa wae kayata dibandingna karo dhuwit amarga gegayutan karo derajate mangungsa. Sapa wae sing biyasa ngomong ora jujur bakal diadohna saka pasrawungane lan angel golek kanca, wong kaya mangkono ora bakal dipercaya wong liya amarga omongane ora bisa dipercaya. Tumindak ora jujur bakal ngrugikake awake dhewe, wong liya, lan masyarakat. Jujur kuwi larang regane, sapa wae sing ngrusak kajujuran bakal oleh sanksi sing abot lan bakal dikenang salawase.

Jujur uga nduweni teges yen ngakoni, ngomong, utawa menehi warta utawa informasi kang padha kaya kasunyatan sabenere. Yen wis mangerteni jujur iku kaya apa kita bakal ngomong jujur saben tumindak sing ditindakake. Yen wong jujur kuwi bakal akeh pasrawungane, ora angel golek kanca, disenengi

7

Page 8: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

wong akeh, dipercaya omongane, lan ing tembe mburi bakal tuwuh kamulyan banjur kasenengan uga.

Pakaryan sing diwiwti karo kajujuran bakal ngasilake kasuksesan, kayata ing novel SL, kayata paraga Bakhtiyar sajrone novel SL. Dheweke ing kene dicritikake dadi Wartawan sang saka sing oleh tugas saka salah sawijine Letnan sing wis gugur yaiku Letnan Baidowi arupa wujud notes digawe roman Biografi. Tugase dadi wartawan sing kudu ditindakake akeh wong sing kepengin maca notes kasebut kayata wong wadon ayu sing jenenge Gusti Mutu, senajan Bakhtiyar angel menehna notes kasebut mrang gusti Mutu nanging dheweke jujur ngenani isi notes kasebut sing akeh basa-basa Walanda. Kajujurane bakhtiyar pancen diperluake supaya basa-basa walanda sing ora dimangerteni bisa diweruhi, yen diweruhi bakal gawe tugase Bakhtiar ora abot maneh. Kahanan kaya mangkono bisa dideleng ana ing pethikan ngisor iki.

(26) “Pesen-pesen? Bakhtiyar gage kelingan. Tulisan nganggo basa Walanda, mesthi wae yen kuwi wujud pesen-pesen khusus, Bakhtiyar ora ngerti. Bakhtiyar gage ngetokake notese saka sake. Banjur mbukak lembar sing mau diorek-orek basa Walanda njupuk saka cathetane Baidowi. Tembunge karo nyodhorake tulisan basa Walanda kuwi marang Gusti Mutu Manikam sing lungguh keletan meja, “Seratan mekaten menika tegesipun menapa? Menika kula pethik saking bukunipun Letnan Baidowi (Brata,SL,2014:25).(pesan-pesannya? Bbakhtiyar teringat. Tulisan memakai bahasa belanda, pasti itu wujud pesan-pesan kusus, Bakhtiyar tidak mengerti. Bakhtiyar cepat mengeluarkan notes dari sakunya. Lalu membuka lembaran yang dicoret-coret bahasa Belanda mengambil dari catatannya Baidowi. Sambil memberikan tulisan bahasa Belanda tersebut kepada Gusti Mutu manikam yang duduk samping meja.”tulisan tersebut artinya apa? Itu saya ambil dari bukunya Letnan Baidowi)

Isine notes sing akeh nganggo basa-basa Walanda ora bisa dimangerteni karo Bakhtiyar, basa Walanda asing ing kalane Wartawan sing durung akeh pengalamane kaya Bakhtiyar. Yen dheweke ora ngalahi takon-takon marang wong liya mula bakhtiyar bakal kangelan gawe roman biografine Letnan Baidowi. Pancen notes kasebut wis dadi hake Bakhtiyar ora kabeh wong oleh maca apa maneh bisa nduweni, mangerteni yen akeh basa-basa sing ora diweruhi bakhtiyar kudu jujur marang Gusti Mutu wong wadon sipercaya bisa meruhi basa-basa Walanda.

Ora Grusah-Grusuh

Saben pakaryan sing ditindakake kanti ngati-ati lan ora grusah-grusuh bakal ngasilake apa kang dipengeni. Tumindak ngati-ngati uga bisa gawe tentrem lan ora was-was amarga tumindake kuwi wis dipikir dhisik ora mung angger tumibndak wae. Kaya unen-unen jawa alon-alon waton kelakon. Pancen bener unen-unen jawa kasebut yen tumindak kuwi kudu alon-alon sing penting apa kang dikarepake bisa kalaksanan.

Prinsip urip sing ana ing masyrakat jawa, yaiku prinsip sing dipikir-pikir dadi kekuwatan kanggo tumindak pakaryan sing becik. Unen-unen jawa kasebut pancen bener yen kuwi ditindakake saben dinane. kudune saben pakaryan ditindakake kanti alon-alon lan ora grusah-grusuh. Alon-alon ing kene ngemu teges saben tumndak kudune ditindakake ngati-ati, lan ora angger wae ngerjaknone. Yen pakaryan kasebut gegayutan karo wektu mula pakaryan kasebut kudune ditindakake kudu ngati-ati nanging uga kudu dirampungake.

Tumindak grusah-grusuh pancen pancen ora becik, yen tumindak grusah-grusuh kudune dipikiraake maneh apa tumindak kaya mangkono becik apa ora amarga pakaryan sing dikerjakna kanti grusah-grusuh pungkasane gawe kuciwa. Grusah-grusuh uga ngemu teges saban tumndak sing ditindakake ora gawe akal pikir sing jenek lan ora temen, saben pakakyan sing ditindakake mung mikirake hasile wae lan ora mikirake hasil kuwi becik apa ora lan bener apa ora. Yen saben wong tumindak grusah-grusuh mula akeh wong sing ora bisa gayuh kepenginane.

Tumindak ora grusah-grusuh lan ora ngati-ati ana ing Novel SL, ing novel iki saperangn paraga bisa tumindak ngati-ati lan ora grusah-grusuh saben tumindake. Uga bisa ora grusah-grusuh nalika makarya ing pakaryane. Tumindake saben dina uga bisa ngati-ati amarga urip ing jaman kolonial perjuwangan pancen kudu ngati-ati lan ora grusah-grusuh. Kaya parag Bakhtiyar nalika mangerteni yen notes saka Letnan Baidowi docolong wong uga adhine nyonyor, ditaleni ana kursi. Wektu iku Bakhtiyar pancen wis metu nesu-nesune dheweke ngrasa wis diremehna amarga adhine wis wis dadi kaya mangkono.

Bakhtiyar nyurigai yen sing nyolong notes kuwi yaiku Gusti Mutu Manikam, amarga sadurunge kedadeyan kasebut Gusti Mutu Dhawuhu Bakhtiyar menyang omahe. Wis ora mikir dawa Bakhtiyar menyang omahe Gusti Mutu saperlu njupuk notes lan nakokake apa bener Gusti Mutu sing nyolong notes. Sawise tekan omahe Gusti Mutu Bakhtiyar wis ora kanti maneh kumudu-kudu ngrangket putri ayu kuwi wae, upama ora ngelingi kuwi wong wadon. Ngeling-eling ora kudu wong lanang tumindak kasar marang wong wadon. Ing kene Bakhtiyar ora tumindak grusah-grusuh lan ngati-ati aja nganti tumindake ngrugikake awake dhewe lan ngrugikake wong liya Andharan kasebut bisa ditilik saka pethikan rerangkening kedadeyan ngisor iki.

(36)“Mula dheweke mung bisa nepsu bekah-bekuh karo misuh-misuh omong kasar, direm, diempet,

Page 9: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

tumindake dialus-aluske. Ora wani kemlawe tumindak grusa-grusu sing njalari wong bagus Biangga tumindak kasar (Brata,SL,2014:41).(maka dia hanya bisa marah0marah berbicara kasar, ditahan-tahan, kelakuannya dihalus-haluskan. Tidak mau gusah-grusuh yang menyebabkan Biangga bertindak kasar)

Saben tumindak lan omongane direm lan diempet dhewe karo Bakhtiyar aja nganti salah ngomong uga aja nganti salah tumindak sing gawe atine Gusti Mutu lan wong-wong sing cedhak karo Gusti Mutu lara ati. Yen wis omongane apa tumindake salah mula Bakhtiyar bisa-bisa ditonyo lan dikasari karo Biangga. Apa maneh Gsuti Mutu uga duwe algojo sing jenege Dhoreng si rai setan.

Ngakoni KaluputanDonya iki kebak wong-wong sing nduweni

sipat kang maneka werna, wiwit saka wong sing nduweni sipat becik uga wong sing nduweni sipat ala. Ora ana manungsa sing nduweni sipat becik wae uga manungsa sing nduweni sipat ala wae. Yenta manungsa wis tumindak ala ora bakal manungsa kasebut meneng wae mesthi bakal ngakoni yen dheweke wis tumindak kang ala. Tumindak ala pancen angel diilangi nanging bisa didohi. Saben wong ora luput saka kaluputan, ora ana manungsa ing donya iki sing sampurna.

Manungsa sing gelem ngakoni kaluputane bakal diregane wong liya amarga wong kasebut wis kendel ngakoni yen luput, ora mung mlayu saka kaluputane. Manungsa sing mlayu saka kaluputane kagolong manungsa sing ora wani nrima kasunyatan sing wis ditindakake. Jiwa jembar kanggo ngakoni kaluputan pancen angel ditindakake nanging yen wis ngakoni yen luput bakal gawe ati tenrem lan ora gumedhe banjur ngakoni sing paling bener.

Saben pakaryan mesthi wae ora luput saka kaluputan mboh kuwi pakaryan sing ditindakake saben dina uga pakaryan sing jarang ditindakake. Kaluputan kuwi tumindak sing nyimpang saka aturan-aturan sing ana ing masyarakat, agama uga bangsa. Kaluputan bisa ana amarga disengaja uga ora disengaja, yen ta disengaja kaluputan bakal terus ditindakake saben uripe manungsa. Nanging yen kaluputan kuwi ora disengaja manungsa kuwi bakal jembar ngakoni kaluputane.

Akeh manungsa ing donya iki wani lan jembar ngakoni kaluputune amarga manungsa diwenehi akal lan pikir ora kaya makhluk liyane, merga akal lan pikir mula manungsa bakal mikir yen wis tumindak kang luput. Kayata sajrone novel SL, ana salah sawijine paraga sing jenenge Kaswandha dheweke jembar kanggo ngakoni kaluputan.

Kaswandha oleh tugas saka Letnan Baidowi kanggo meneghana notes lan layang. Notes dikongkon menehna marang salah sawijine Wartawan Sang Saka sing jenenge Bakhtiyar banjur Layang dikongkong

menehna wong wadon sing jenenge Nyonya Kapten, lah ing babagan layang iki Kaswandha isih bingung amarga durung diweruhi sapa sabenere Nyonya Kapten kasebut. Sing diweruhi Kaswandha siji-sijine wong wadon sing cedhak karo Letnan Baidowi lan ana ing I.S ya mung Gusti Mutu Manikam. Mula dheweke menyang daleme Gusti Mutu saperlu menehna notes, nanging ing kono isih bingung arepe diwenehna sapa banjur diwenehna wong wadon ayu sing kaya memelas ing kono. Kahanan kasebut ana ing pethikan ngisor iki.

(45)“Cilaka yen ngono! Dadi wektu samono ana wong wadon sing ana latar niliki pethetan, genah kuwi dudu pasrawungane para nandhang sandi, age-age layang dak wenehake dheweke. (Brata,SL,2014:72).(celaka kalau gitu! Jadi waktu itu ada perempuan yang ada diteras rumah, jelas dia bukan golongannya orang yang menyandang sandi, cepat-cepat surat tak berikan ke dia)

Layang saka Baidowi age-age dititipna bocah wadon sing ana ing omahe Gusti Mutu amarga Kaswandha gupuh mula dititipake wae banjur dokongkon menehna marang gusti Mutu. Kaswandha percaya marang wong wadon kuwi amarga wong wadon kuwi ora ana gegayutane karo para nandhang sandiWani Nglabuhi Bebener

Manungsa kuwi nduweni sipat kang maneka werna saka wong kang nduweni sipat ala lan wong kang nduweni sipat becik. Sipat ala yaiku sipat kang ora apik lan ora patut ditiru, nanging sipat kang becik kuwi patut ditindakake panguripan ing bebrayan. Nanging ing donya iki akeh wong sing tumindak wis ora manut aturan, nyimpang saka agama lan negara.Tumindak kaya mangkono iku sing ora patut diriru.

Tumindak-tumindak sing nyimpang saka agama lan aturan negara yaiku colok jupuk, tumindak sedheng, rajapati, ruda peksa lan liya-liyane. Nanging akeh sing tumindak ala uga akeh wong sing tumindak becik manut aturan negara lan agama. Nanging ing jaman saiki wong kaya ngono wis jarang nanging ora nagel digoleki. Yen diitung itung wong sing sipate becik lan sipate ala sewu bandhing siji. Senajan jaman saiki akeh wong sing tumindak nyimpang saka agama nanging wong sing nglabuhi bebner uga ana. Wong sing nglabuhi bebener yaiku wong kasebut bela apa sing dianggep bener lan miturut kedadeyan sabenere uga alasan sing trep.

Wani nglabuhi bebener nduweni spat sing kendel lan ora wedi marang apa wae lan sapa wae, yen miturute kuwi bener bala dibela ngani adus getih nanging yen wis nyimpang saka agama ora bakal dibela. Wong kaya mangkono ora wani mati apa maneh mikirake awake dhewe, sing dipikirake mung rasa aman, tentrem lan ayem, ora seneneg yen ana wong

9

Page 10: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

adhu jotos lan rame-rameyan. Wong sing tresna marang urip tentrem bakal kepenak uripe amarga ora duwe mungsuh. Yen wani nglabuhi bebener bisa ditrepna ing panguripan saben dina, ing donya iki bakal tentrem lan dhamai. Kayata ing novel SL dicritakake paraga Bakhtiyar Wartawan sang Saka sing wani mati amarga wani nglabuhi bebener. Senajan Bakhtiyar dudu prajurit sing perang nglawan penjajah nanging nduweni sing becik. Bakhtiyar wani nglabuhi bebener lan ora wedi marang sapa wae yen apa kang ditindakake kuwi bener.

Dicritakake yen Bakhtiyar wani nglabuhi bebener wektu ngerteni yen notes saka Letnan Baidowi ilang. Bakhtiyar wani ngarani salah sawijine wong sing wigati banget ana ing Republik yaiku Gusti Mutu. Gusti Mutu diarani Bakhtiyar sing njupuk notes amarga sadurunge kedadeyan iolange notes, Bakhtiyar didhawuhi ing daleme Gusti Mutu. Alesane Bakhtiyar didhawuhi ing daleme Gusti Mutu amarga Gusti Mutu kepengin banget maca notes saka Letnan Baidowi. Mula saka iku Bakhtiyar wani ngarani yen Gusti Mutu sing njupuk notes. Amarga iku wis tugase Bakhtiyar ora wedi menyang omahe Gusti Mutu saperlu nglabuhi bebener yen Gusti Mutu sing bener-bener nyolong notes. Kahanan kasebut ana ing pethikan ngisor iki.

(48)“Sing diener omahe Gusti Mutu Manikam. Becak nratas liwat kampung penumping. Bakhtiyar ora lali ancer-ancere omahe bangsawan ayu kuwi. Lan omah kuwi pancen gedhe, platarane jembar (Brata,SL,2014:36).(yang diingat rumahnya Gusti Mutu Manikam. Becak melewati kampung-kampung. Bakhtiyar tidak lupa rumanya Bangsawan itu. Dan rumah itu memang besar)

Sing diner omahe Gusti Mutu lan Bakhtiyar ora lali dalane menyang omahe kono.Bakhtiyar tekade wis gedhe kanggo nggoleki notes kasebut. Pancen bakhtiyar wani nglabuhi bebener sapa wae bakal dilawan senajan wong wigati banget. Senajan dudu prajurit nanging jiwane Bakhtiyar kaya prajurit, kendel lan wani nglabuhi bebener. Dadi wartawan ing jaman perjuwangan sing diperlokake mung kajujuran, ora khiyanat marang bangsa lan wani nglabuhi bebener ora dadi wong sing wedi wae lan meneng ing omah kudu melu berjuwang senajan ora ing medhan perang.

Bakhtiyar isih wae takon marang Gusti Mutu yen notes kasebut sing njupuk Gusti Mutu, sing nyolong notes kudu diweruhi aja nganti notes kasebut di salah gunakake lan diwe sing aneh-aneh. Bakhtiyar isi nggoleksi sing nyolong notes. Wani nglabuhi bebener sajrone note pancen diperlokake aja nganti salah wong lan nudhuh wong sing ora salah. Bakhtiyar isih takon marang Gusti Mutu sabenere sapa sing nyolong notes. Kahanan kasebus bisa ditilik ana ing pethikan ngisor iki.

(49)“Sinten tiyang sing ajeng nyolong buku kumel niku, yen mboten

kengkenan sampeyan?! Mongsok buku-buku blaseh, kasur jempalikan, mboten enten barang ilang kajaba buku niku! (Brata,SL,2014:42).(siapa orang yang mau mencuri buku kumel itu, jika bukan suruhan sampean? Masak buku-buku dan kasur tak karuan. Tidak ada barang yang hilang kecuali buku itu)

Kanggo nglabuhi bebener apa wae bakal dilakoni Bakhtiyar wani menyang omahe wong wigati kaya Gusti Mutu uga wis dilakoni. Yen wis mangerteni sing njupuk sapa mula kebeneran bakal kabukti. Wanine Bakhtiyar pancen becik banget dheweke ora wani mati lan ora wedi marang sapa wae sing penting notes kasebut bisa tinemu lan wong sing nyolong uga bisa diweruhi. Ngoleki sing nyolong notes pancen angel banget akeh wong-wong wigati sing gegayutane karo notes lan Letnan Baidowi. Bakhtiyar uga ora meruhi sabenere wong-wong kasebut nduweni tugas apa lan apa bener wong sing ana fihak Republik apa ora.

Wujud Cidra sajrone Novel SL

Tumindak cidra yaiku kadurjanan kang ditindakake masyarakat, warga Negara utawa Bangsa, kayadene rajapati marang bos utawa dhuwuran, tumindak sedheng marang Negara liya, ora patuhe marang Bangsa sing ngrugikake bangsane dhewe. Cidra marang Bangsa yaiku Nindakake komunikasi marang negara liya utawa tumindak kanggo kepentingane negara liya sing ngrugikake negarane dhewe, Nduduhake informasi sing wigati ngenani kekuwatan militer, ilmiyah, rencana ,cathetan, utawa dhokumen-dhokumen negarane dhewe marang negara liya supaya bisa digunakake marang Negara kasebut banjur ngrugikake negarane kaselamatan Negarane dhewe diarani pangkhiyanat.

Cidra marang Republik Indonesia ing jaman Kolonial wujud saka tumindak khiyanat marang bangsa ing jaman perjuwangan ngrebut kamardikan saka Bangsa Walanda. Nyidrani perjuwangan uga nduweni teges tumindak sing nentang marang konsultasi Negara. Ing jaman penjajahan Walanda marang Republik akeh masyarakat lan prajurit sing pangkhiyanat marang Negara, kabeh iku ditindakake amarga negara liya luwih menehi keamanan, kamulyan lan kasejahteraan marang awake dhewe uga kaluwargane. Kaya kang diandharke sadurunge yen Kolonialime dipunjerake upaya kanggo nguwasani bangsa liya. anane kakuwasan kasebut ora selaras karo pribumi amarga kolonisasi. Mula nyidrani perjuwangan ing jaman kolonial mujudake sikap ora setya marang bangsa, luwih bela bangsa Walanda banjur khiyanat marang bangsane dhewe.

Crita novel SL nuduhake bab-bab nyidrani perjuwangan Republik sing ditindakake salah sawijine paraga yaiku Dhondhi. Dhondi minangka paraga sing

Page 11: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

pangkhiyanat marang Republik, senajan dheweke tepung apik ana ing anggota I.S nanging ora dinyana-nyana yen dheweke wis tumindak kaya mangkono. Dhondhi meruhi yen bakhtiyar oleh notes saka Letnan Baidowi, rasa wedine amarga wis khiyanat marang negara lan wis tumindak salah marang negarane dhewe mula Dhondhi kudu bisa nguwasai notes kasebut.

Adhedhasar alesan kasebut mula Dhondhi tumindak apa wae kanggo njupuk lan maca isi notes. Notes kasebut pancen wigati banget akeh wong sing kepengin maca, mula sadurunge notes kasebut diwaca marang wong liya, Dhondhi wis ndhisiki njupuk notes. Cara apa wae ditindakake dening Dhondhi cara kakerasan uga. Bengi kuwi wektu Bakhtiyar ditimbali Gusti Mutu menyang omahe, dondhi menyang omahe Bakhtiyar saperlu goleki panggone notes. Kutha Sala kang Lelimangan ora digatekake sing penting bisa njupuk notes sing ana ing omahe Bakhtiyar. Pancen Dhondhi wis meruhi yen omahe Bakhtiyar bengi kuwi kothong ora ana wonge. Nanging ora kaya pamikire tekan omahe Bakhtiyar banjur ana adhine Bakhtiyar. Adhine Bakhtiyar banjur ditaleni lan digawe ora bisa obah lungguh ing kursi. Carane Dhondhi kanggo njupuk notes pancen sadhis tenan ora merdhulikake apa wae. Andharan kasebut bisa ditilik saka pethikan rerangkening kedadeyan ngisor iki.

(51)“Jakfar, adhike, lungguh ora bisa obah, dierut ing kursi cedhak meja makan kang digunakake kanggo sinau. Cangkeme disumpeli srebet! (Brata,SL,2014:33).(jakfar, adiku, duduk tidak bisa berherak, ditali di kursi dekat meja makan yang digunakan untuk belajar. Mulutnya disumpeli srebet)

Dhondhi pancen kepengin banget njupuk notes kasebut. Dhondhi nganti gawe cara sadhis kaya mangkono. Adhine Bakhtiyar ora bisa obah lan sing sadhis maneh cangkeme nganti disumpeli sreben supaya ora bisa mbengok lan tangga teparone ora meruhi yen ana kedadeyan ing omahe Bakhtiyar. Dhondhi pancen tega wis gawe adhine Bakhtiyar kaya maangkono, sing penting notes kasebut bisa dijupuk lan ora diweruhi wong liya. Adhine Bakhtiyar digawe ora bisa obah wis ora ana swarane. Jakfar dioyok-oyok ora tangi maneh, Bakhtiyar gugup lan wedi mangerteni adhine kaya ngono. kahanan kasebut ana ing pethikan ngisor iki.

(52)“Bakhtiyar gugup. Mlayu menyang tangga, nanging kiwa tengene sepi. Lawang-lawang wis padha tutupan kabeh. Pancen lurung kono klebu wilayah kang kiwa, wong-wonge ora seneng lek-lekan nganti bengi. Gage mlebu omah nerusake nguculi adhine. Jakfar dihoyok-hoyok. Ora obah, ora mosik. Pratela ora eling. Ambegane ajeg, mratandani yen isih urip (Brata,SL,2014:33).

(Bakhtiyar gugup. Lari ke tetangga, tetapi kana kiri sepi. Pintu-pintu sudah tutup. Lalu masuk rumah meneruskan mwmbuka tali. Jakfar tetap diam tak bergerak. Tidak ingan tetapi nafasnya masih ada)

Bakhtiyar lega adhine isih ana ambegane, dheweke age-age nguculna tali banjur nglimpruk, dibopong diturokake ing dipan. Dhipan kang kasure diongkreh ongkreh, spreine pating blesar. Bakhtiyar enggal mlayu metu. Golek pitulungan kanggo gawa Jakfar ing omah sakit. Mangerteni kahanane Jakfar kaya ngono, bakhtiyar gethem-gethem kepengin meruhi sapa sing tumindak kaya ngono marang adhine.

Lelakone Dhondhi nyoba njupuk notes ora mung teka semana wae. Pancen Dhondhi nalika iku ora mikirake apa wae sing penting bisa nemokake notes lan bisa digawa moleh. Dhondhi gawe cara liyane wis mari nyumpeli adhine Bakhtiyar mula Dhondhi saiki ngobrak-abrik omahe Bakhtiyar. Andharan kasebut bisa dideleng saka pethikan rerangkening kedadeyan ngisor iki.

(53)“Diceklekake, trus byar, murup. Mripate Bakhtiyar pandirangan, nyawang prabot omah kang ora mingsara, katon pating slengkrah, pating jempalik ora tata. Kursi pating glethak, ora ngadek lan mapan ing panggonane. Taplak meja lethek, buku cathetan, kasur bantal pating klumbruk neng jogan! Kaya dioarak-arik. Buku-buku kang maune ditata rijik, pating blesar ora karuwan” (Brata,SL,2014:32).(lampu dinyalakan, Bakhtiyar kaget prabot rumah tak karuan. Kursi gak karu-karuan, semua sudah tidak tertata dengan baik, seperti ada yang mengobrak abrik)

Dhondhi rumangsa wis oleh notes kasebut mula dheweke wis ngrasa lega bisa ngrebut notes saka Bakhtiyar. Durung ngerti isine nanging yen teka letnan Baidowi methine wigati banget. Yen isine ngenani crita wektu jaman perang cilaka banget, marga Dhondhi dudu fihak Republik nanging fihak Walanda. Sawise notes wis ana ing tangan Dhondhi wis ora sabar maneh kepengin maca notes kasebut. Isine ngenani apa lan apa wae sing dirembug ana ing notes.Tumindak Degsiya tumrap Wanodya sajrone Novel SL

Tumindak degsiya tumrap wanodya wis diandharake ing kajian pustaka yen tumindak degsiya sajrone novel SL. Tumindak degsiya tumrap wanodya kedadeyan saka fisik lan psikhis, arupa tumindak lan ancaman. Wujud–wujud Tumindak degsiya tumrap wanodya sing wis diandharake sadurunge yaiku arupa ruda peksa, mukuli, incest (nglakokake hubungan

11

Page 12: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

marang anake dhewe. Salah sawijine puncak Tumindak degsiya tumrap wanodya yaiku ruda peksa.4.3.1 Tumindak Degsiya tumrap Wanodya kedadeyan saka Fisik

Wanodya kuwi sejatine kudu dilindhungi lan dikurmati, ora digawe palimpayan wae apa maneh nganti disiya-siya. Akeh kedadeyan sing dialami wanodya nganti saiki kaya tumindak degsiya. Slah sawijine yaiku tumindak degsiya tumrap wanodya kedadeyan saka fisik. Tumindak degsiya sing kedadeyan saka fisik yaiku degsiya sing nglibatake awak kanti langsung kang tujuwane gawe awak tatu lan gawe rusake awak.

kaya tumindak degsiya tumrap wanodya kedadeyan saka fisik sajrone novel SL, wanodya dadi palimpayasan fisik amarga wanodya dianggep lemah lan ora bisa nglawan yen ngalami degsiya fisik. Sajrone Novel SL paraga wadon sing ngalami degsiya yaiku paraga Estuningsih. Estuningsih minangka paraga tambahan sing nduweni sipat lola, manut lan melas. Dheweke minangka paraga wadon sing ana gegayutane karo Gusti Mutu Manikam, amarga Estuningsih saomah karo Gusti Mutu. Ora krasan yen melu wong liya mula Estuningsih melu saomah karo Gusti Mutu amarga kepeksa uga.

Tumindak degsiya tumrap Estuningsih dumadi ana ing omahe Gusti Mutu. Salah sawijine algojone Gusti Mutu sing jenenge Dhoreng wis tumindak siya-siya marang estuningsih. Wis suwi Dhoreng tumindak kaya mangkono, Dhoreng nyoba ruda peksa Estuningsih. Mula iku sing gawe Estuningsih ora krasan ing omahe Gusti Mutu. Wektu iku Bakhtiyar menyang omahe Gusti Mutu meruhi ana wong wadon njerit-njerit terus misuh-misuh. Kahanan kasebut ana ing pethikan ngisor iki.

(65)“durung nganti ngungak kaca dhuwure ruwang tengah, bakhtiyar ndadak krungu panjerite wong wadon.... (Brata,SL,2014:36).(belum sampai membuka kaca atasnya ruang tengah, Bakhtiyar tiba-tiba terdengar suara jeritannya perempuan)

Bakhtiyr mlebu omahe Gusti Mutu ndadak keprungu wong wong wadon sing njerit-njerit kaya ana apa-apa. dakkira Bakhtiyar iku rumah tanggane putri kajen sing suwara kaya mangkono. Keprungu suwara kotor-kotor saka kamar lawang tutupan sing kaca dhuwuran ditembus dhamar murup samar-samar, sing mentas diliwati. Nanging Bakhtiyar isih curiga kaya ana sing bener ing ruwangane iku. Mula Bakhtiyar balik menyang ruwangan iku mau, prenah ana suwara mau, suwara misuh-misuh. Andharan kasebut bisa dideleng saka pethikan rerangkening kedadeyan ngisor iki.

(66)“Bakhtiyar cengkelak balik. Marani kamar sisih kiwa, prenah asale suwara mau. Suwara guyu lekek-lekek lanang karo pisuh-pisuhan

wadon isih keprungu cetha (Brata,SL,2014:36).(Bakhtiyar kembali, Bakhtiyar datang ekamar sebelah kiri, ke suara tersebut. Suwara tertawa terbahak-bahak laki-laki sambil mengumpat dengan seorang perempuan masih terdengan jelas)

Tanpa mikir dawa maneh Bakhtiyar mbukak lawang sing padhange lampu samar-samar, pranyata ora dikancing, banjur mlebu bleng . kamare kono mung cilik wae, dipadhangi sumbu gumantung pyan. Sunare ora putih kaya ana ing ruwang tengah, mung mbleret, nanging ya lumayan kena dienggo cecolok. Kamar kuwi sajake kanggo aso, ana tempat tidhure gedhe. Ing kara kuwi bakhtiyar keprungu suwarane wong wadon sing misuh-misuh kaya dilarani wong lanangTumindak Degsiya tumrap Wanodya sajrone Novel SL

Tumindak degsiya tumrap wanodya wis diandharake ing kajian pustaka yen tumindak degsiya sajrone novel SL. Tumindak degsiya tumrap wanodya kedadeyan saka fisik lan psikhis, arupa tumindak lan ancaman. Wujud–wujud Tumindak degsiya tumrap wanodya sing wis diandharake sadurunge yaiku arupa ruda peksa, mukuli, incest (nglakokake hubungan marang anake dhewe. Salah sawijine puncak Tumindakdegsiya tumrap wanodya yaiku ruda peksa.Tumindak Degsiya tumrap Wanodya kedadeyan saka Fisik

Wanodya kuwi sejatine kudu dilindhungi lan dikurmati, ora digawe palimpayan wae apa maneh nganti disiya-siya. Akeh kedadeyan sing dialami wanodya nganti saiki kaya tumindak degsiya. Slah sawijine yaiku tumindak degsiya tumrap wanodya kedadeyan saka fisik. Tumindak degsiya sing kedadeyan saka fisik yaiku degsiya sing nglibatake awak kanti langsung kang tujuwane gawe awak tatu lan gawe rusake awak.

kaya tumindak degsiya tumrap wanodya kedadeyan saka fisik sajrone novel SL, wanodya dadi palimpayasan fisik amarga wanodya dianggep lemah lan ora bisa nglawan yen ngalami degsiya fisik. Sajrone Novel SL paraga wadon sing ngalami degsiya yaiku paraga Estuningsih. Estuningsih minangka paraga tambahan sing nduweni sipat lola, manut lan melas. Dheweke minangka paraga wadon sing ana gegayutane karo Gusti Mutu Manikam, amarga Estuningsih saomah karo Gusti Mutu. Ora krasan yen melu wong liya mula Estuningsih melu saomah karo Gusti Mutu amarga kepeksa uga.

Tumindak degsiya tumrap Estuningsih dumadi ana ing omahe Gusti Mutu. Salah sawijine algojone Gusti Mutu sing jenenge Dhoreng wis tumindak siya-siya marang estuningsih. Wis suwi Dhoreng tumindak kaya mangkono, Dhoreng nyoba ruda peksa Estuningsih. Mula iku sing gawe Estuningsih ora krasan ing omahe Gusti Mutu. Wektu iku Bakhtiyar menyang omahe Gusti Mutu meruhi ana wong wadon

Page 13: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

njerit-njerit terus misuh-misuh. Kahanan kasebut ana ing pethikan ngisor iki.

(65)“durung nganti ngungak kaca dhuwure ruwang tengah, bakhtiyar ndadak krungu panjerite wong wadon.... (Brata,SL,2014:36).(belum sampai membuka kaca atasnya ruang tengah, Bakhtiyar tiba-tiba terdengar suara jeritannya perempuan)

Bakhtiyr mlebu omahe Gusti Mutu ndadak keprungu wong wong wadon sing njerit-njerit kaya ana apa-apa. dakkira Bakhtiyar iku rumah tanggane putri kajen sing suwara kaya mangkono. Keprungu suwara kotor-kotor saka kamar lawang tutupan sing kaca dhuwuran ditembus dhamar murup samar-samar, sing mentas diliwati. Nanging Bakhtiyar isih curiga kaya ana sing bener ing ruwangane iku. Mula Bakhtiyar balik menyang ruwangan iku mau, prenah ana suwara mau, suwara misuh-misuh. Andharan kasebut bisa dideleng saka pethikan rerangkening kedadeyan ngisor iki.

(66)“Bakhtiyar cengkelak balik. Marani kamar sisih kiwa, prenah asale suwara mau. Suwara guyu lekek-lekek lanang karo pisuh-pisuhan wadon isih keprungu cetha (Brata,SL,2014:36).(Bakhtiyar kembali, Bakhtiyar datang ekamar sebelah kiri, ke suara tersebut. Suwara tertawa terbahak-bahak laki-laki sambil mengumpat dengan seorang perempuan masih terdengan jelas)

Tanpa mikir dawa maneh Bakhtiyar mbukak lawang sing padhange lampu samar-samar, pranyata ora dikancing, banjur mlebu bleng . kamare kono mung cilik wae, dipadhangi sumbu gumantung pyan. Sunare ora putih kaya ana ing ruwang tengah, mung mbleret, nanging ya lumayan kena dienggo cecolok. Kamar kuwi sajake kanggo aso, ana tempat tidhure gedhe. Ing kara kuwi bakhtiyar keprungu suwarane wong wadon sing misuh-misuh kaya dilarani wong lanang.Tumindak Degsiya tumrap Wanodya Kedadeyan saka Psikis

Tumindak degsiya sing dialami Estuningsih ora mung Fisik wae nanging uga Psikis.Estuningsih ngalami ancaman-ancaman saka Dhoreng sing ndadekake Estuningsih keweden. Tumindak degsiya sing kedadeyan saka psikis yaiku tumindak kang ditindakake lumantar pocapan arupa tembung-tembung kang agawe larane ati liyan. tembung-tembung kuwi uga bisa ancaman-ancaman sing ndadekake rasa wedi wong sing diancam.

Kakerasan tumrap Estuningsih wis dialami saben dina, Estuningsing wis keweden marang Dhoreng. Saben dina Dhoreng ngancam aja nganti tumindake marang diweruhi Gusti Mutu. Dhoreng wis

kadhong tresmna marang Estuningsing apa wae bakal ditindakake, nanging trenane ora digatekake Estuningsih. Mula Dhoreng wani tumindak kaya ngono. ancaman-ancaman kasebut arupa tembung-tembung sing gawe Estuningsing keweden. Kahanan kasebut bisa dideleng ana ing pethikan ngisor iki.

(73)“ayo cah ayu, aku tresna marang kowe, nanging kowe kaya ngene marang aku. Yen Gusti Mutu weruh mula kowe kudu gelem tak apak-apakne ya cah ayu (Brata,SL,2014:38).(ayo cah ayu, aku sayang sama kamu, tetapi kamu seperti ini. Jula Gusti tau maka kamu harus mau saya apa-apaka yaa)

Ancaman-ancaan kasebut wis biayasa dialami Estuningsih. Awake Dhoreng sing endhek methekel ndadekake Estuningsih ora wani yen oleh ancman kaya ngono. apa sing diomongna lan ditindakake Dhoreng marang Estuningsih, Estuningsih mung bisa meneng wae ora bisa apa-apa.yen dheweke ngandhakake marang Gusti Mutu ora ana bukti.

Wengi kuwi ana kedadeyan sing ndadekake Estuningsih keweden, dhoreng ancamane wis kebat kliwat. Mripate nganti mendolo-mendolo abang branang kaya wong klebon setan. Omongane wis nlantur tekan endi-endi. Estuningsih bingung kudu tumindak apa. Dheweke mung bisa meneng wae karo omongan lan ancamane nanging ya rasa wedine ora bisa diilangi. Kahanan kasebut bisa dideleng ana ing pethikan ngisor iki.

(74)“Estuningsih ngadek lendhetan lawang, mripate krethil-krethil wedi banget marang omongane Dhoreng. Lawang ditutup rapet (Brata,SL,2014:40).(Estuningsih berdiri sandaran pintu, matanya kelihatan ketakutan banget karena omonagnnya Dhoreng. Pintu ditutup rapat)

Wis kebacut tumindake Dhoreng sing kaya ngono. Estuningsih mripate krethil-krethil wedi banget marang omongane Dhoreng. Omongane kasar nganggo ancaman-ancaman lan gawe ndredeg Estuningsih. Saya suwe dijarake saya ndadi tumindake Dhoreng.ancaman-ancaman kasebut wis gawe Estuningsih ora wani ngomong apa-apa.

Dhiskusi Asil PanlitenAdhedhasar andharan lan jlentrehane asil

panliten, ditemokake gegambarane kaprawiran sajrone novel SL.Wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL. Lan tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel SL.

Gegambarane kaprawiran diperang dadi petung sipat yaiku jiwa satriya, tanggung jawab, ora gampang nyerah, jujur, ora grusah-grusuh, ngakoni

13

Page 14: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

kaluputan, wani nglabuhi bebener. Paraga utama yaiku Bakhtiyar nduweni sipat jiwa satriya, tanggung jawab, ora gampang nyerah, jujur, ora grusah grusuh, wani nglabuhi bebener. Dene paraga kaswandha uga nduweni jiwa satriya, tanggung jawab, jujur, ora grusah-grusuh, ngakono kaluputan. Paraga sabanjure yaiku Gusti Mutu Manikam ora gampang nyerah, jujur lan ora grusah-grusuh. Paraga sing pungkasan kang kalebu wong sing kaprawiran yaiku Letnan Baidowi, Baidowi nduweni sipat jiwa satriya lan jujur. Kabeh paraga kasebut mujudake wong sing onjo amarga kewanen lan ngorbanake sajrone bela kabecikan pejuwang sing gagah lan wani (KBBI, 1993:648).

Wujud cidra sajrone novel Sala Lelimnagn yaiku cidra marang bangsa. Cidra marang bangsa diarani pangkhiyanat. Paraga sing wis khiyanat marang bangsa yaiku paraga Dhondhi, Bisu lan Din. Katelu paraga kasebut wis khiyanat marang bangsa lan luwih bel negara liya yaiku pihak Walanda.

Tumindak degsiya tumrap wanodya bisa diperang dadi loro yaiku tumindak degsiya tumrap wanodya sing kedadeyan saka Fisik lan Psikis. Paraga sing ngalami tumindak degsiya fisik lan psikis yaiku Estuningsih, Estuningsih bocah wadon lola sing ngalami kedadedayn kaya ngono. dene paraga sing tumindak Degsiya yaiku paraga Dhoreng.

Sipat kaprawiran, wujud cidra marang bangsa lan tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel SL kedadeyan ing kutha Sala taun 1947. Ing taun kasebut Indonesia isih ana pengaruh pihak Walanda. Indonesia sing tau dadi pihak sing dijajah Walanda. Mula isih akeh wong sing cidra marang bangsa lan wong wadon sing ngalami tumindak degsiya. Nanging akeh uga wong sing nduweni jiwa-jiwa prawira. Kahanan kang ana ing kutha Sala cundhuk karo teori postkolonial yaiku cara-cara kang digunakake kanggo nintingi maneka warna gejala kultural, kayata: sejarah, politik, ekonomi, sastra, lan maneka warna dhokumen liyane kang dumadi ing negara-negara kang tau dadi koloni Eropa modern (Ratna, 2008:90).

PANUTUPDudutan

Novel SL anggitane Suparta Brata kanthi tintingan postkolonial bisa didudut telung perangan. Sepisan, gegambarane kaprawiran sajrone novel SL ana petung sipat, yaiku jiwa satriya, tanggung jawab, ora gampang nyerah, jujur, ora grusah-grusuh, ngakoni kaluputan, wani nglabuhi bebener. Ing kene katon yen geagmbarane kaprawiran sajrone novel SL ditindakake dening paraga-paraga sing wigati ing Negara lan Bangsa. Paraga-paraga kasebut yaiku Bakhtiyar yaiku paraga utama sing dadi Wartawan sing diwenehi notes saka Letnan baidowi banjur dikongkon gawe roman biografi ngenani Letnan Baidowi. Paraga kapindho yaiku Letnan Baidowi, Letnan sing wigati banget merjuwangna kamardikan Republik Indonesia. paraga katelu yaiku Kaswandha, Kaswandha minangka prajurit sing cedhak karo Letnan Baidowi lan diwenehi tugas menehna notes marang Bakhtiyar lan layang marang

Gusti Mutu Manikam. Paraga kang pungkasan sing nduweni sipat kaprawiran yaiku Gusti Mutu Manikam paraga sing dikurmati lan disegani ing Sala, Gusti Mutu Manikam minangka wanodya siji-sijine sing ana ing anggota I.S.

Adhedhasar andharan kaping pindho bisa didudut yen paraga sing tumindak cidra marang bangsa yaiku paraga Dondhi. Dhondhi minangka prajurit sing ana ing anggota I.S. nanging wis khiyanat marang Bangsa. Dhondhi kepengen ngrebut notes lan layang saka Letnan Baidowi gawe cara kang wengis. Cara kasebut ditindakake dening Dhondhi supaya bisa ngrebut apa sing dipengenake lan tumindake sing nyidrani Bangsa ora ana sing meruhi. Nanging apa sing dikarepake ora kalaksanan, tumindake Dhondhi sing nyidrani Bangsa wis diweruhi dening Bakhtiyar lan anggota I.S liyane.

Adhedhasar andharan kang pungkasan bisa didudut menawa tumindak diperang dadi loro yaiku tumindak degsiya tumrap wanodya keadeyan saka fisik lan tumindak degsiya tumrap wanodya keadeyan saka psikis. tumindak degsiya tumrap wanodya dialami dening paraga wadon yaiku Estuningsih. Estuningsih minangka paraga tambahan sing duweni sipat lola, manut lan melas Dheweke minangka paraga wadon sing ana gegayutane karo Gusti Mutu Manikam, amarga Estuningsih saomah karo Gusti Mutu. Ora krasan yen melu wong liya mula Estuningsih melu saomah karo Gusti Mutu amarga kepeksa uga. Salah sawijine algojone Gusti Mutu sing jenenge Dhoreng wis tumindak siya-siya marang estuningsih. Dhoreng nyoba ruda peksa Estuningsih lan wis graya-graya awake Estuningsih.

Pamaryoga

Panliten tumrap novel SL anggitane Suparto Brata iki mujudake trap-trapan kang kapisan sing isih bisa ditliti maneh. Bab kang kawedhar mung salah sijine perangan kang narik kawigaten ing novel lan isih akeh perangan liya kang perlu ditliti saengga pemahaman tumrap novel novel iki bisa luwih jero. Mula saka kuwi, dikarepake panliti liya kanggo nliti objek kang padha kanthi luwih jero saka maneka werna aspek.Panliti nduweni pangajab panliten kasebut nduweni paedah kanggo nyengkuyung ngrembakane kasusastran Jawa moderen mligine novel. Panliten iki uga dikarepake bisa menehi pasinaon turap pamacane. Amarga akeh piwulangan sing bisa disinaoni sajrone novel Sala Lelimangan anggitane Suparto Brata. Panliten iki dikarepake bisa menehi referensi lan bisa mbiyantu tumrap panliten sabanjure kang saemper supaya bisa luwih jangkep lan ngrembaka. Panliti nduweni pangajab panliten iki bisa migunani kanggo para pengarang utawa sastrawan supaya bisa luwih ngrembakakake kreativitas anggone nyiptakake sawijine karya sastra mligine novel.

KAPUSTAKAN

Page 15: NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

Aminudin. 1991. Pengantar Apresiasi Karya Satra. Bandung: Sinar Baru

Atmazaki. 1990. Ilmu Sastra Teori dan Terapan. Padang: Angkasa

Brata, Suparto. 2014. Sala Lelimangan. Yogyakarta: Elmatera

Darni. 2012 .KekerasanTerhadap Perempuan dalam Fiksi Jawa Modern. Surabaya:Putra Media Nusantara

Endraswara, Suwardi. 2008. Metode Penelitian Sastra: epistemology, model teori dan aplikasi. Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Hartoko, Dick dan B. Rahmanto. 1986. Pemandu di Dunia Sastra: Yogyakarta:Kanisiun

Hutomo, Suripan Sadi. 1997. Telaah Kesusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat Bahasa

Jabrohim. 2002. Metodologi Penelitian Sastra. Joggjakarta: Handinita Graha Widya

Kutha Ratna, Nyoman. 2010. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra. Jakarta: Pustaka Pelajar

Kutha Ratna, Nyoman. 2011. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra. Jakarta: Pustaka Pelajar

Luxemburg. Jan Van. Dkk. 1992. Pengantar Ilmu Sastra. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama

Moleong, Lexy J. 2002. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT Remaja Rosdakarya

Nurgiyantoro, Burhan. 2009. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press

Penyusun, Tim. 2001. Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern Periode Kemerdekaan. Yogyakarta: Kalika Press

Pranowo, Sudaryanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogjakarta:Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa

Ratna, Nyoman Kutha. 2008. Postkolonialisme Indonesia Relevansi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Sariban. 2009. Teori dan Penerapan Penelitian Sastra. Surabaya: Lentera Cendikia

Scholes, Robert. 1977. Structuralism in literature: An Introduction. London: Yale University Press

Sudaryanto lan Pranowo. 2011. Kamus Pepak Basa jawa. Yogyakarta: Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa

Supriyanto, Henricus. 2012. Postkolonial Pada Lakon Ludruk Jawa Timur. Malang: Bayumedia Publising

Teeuw, A. 1984. Sastra dan Ilmu Sastra Pengantar Teori Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya

Teeuw, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra Pengantar Teori Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya Girimukti Pusaka

Wellek, Rene dan Austin Werren. 1995. Teori Kesusastraan. Jakarta: Grame

https:// arti-definisi.com/cidra (kaakses jumat, 10 April 2015, 15.00 WIB)

https ://crayonpedia.org/...../sikap-kepahlawanan.com (kaakses minggu, 20 Juni 2015)

15


Top Related