Transcript
Page 1: Makalah Bahasa Jawa2

MAKALAH BAHASA JAWA

TEMBUNG RINENGGAGuru Pembimbing :

Ari Mustafa, S.Pd.I / M. Ahsan Nasih, S.Pd.I

KELAS 8 I

Karacik Dening :

Novita Fatimatuz Zahro’

Nurul Hafizah

Suci Rahma Yunita

Susmita Kurniawati

KEMENTERIAN AGAMA

MADRASAH TSANAWIYAH NEGERI

(MTsN) TUNGGANGRI

Jl. Raya Tanjung Kecamatan Kalidawir Kabupaten Tulungagung

Kode Pos 66281

Page 2: Makalah Bahasa Jawa2

PAMBUKO

Kanthi ngaturaken kunjuk syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah ingkang

moho agung, kita saget rampungaken tugas saking bapak. Mugi-mugi makalah basa

rinengga puniko wonten guna pahedahipun tumprap rancangging soho kemajengan

piwucal basa jawi ing kalangan MTs Negri tunggangri.

Tulungagung, Maret 2014

Page 3: Makalah Bahasa Jawa2

PENGARTOSAN BASA RINENGGA

Tumrap para  sutresna budhaya luhur, menawi badhe ngendikan, langkng-

langkung badhe hangayahi dados panatacara utawi pambiwara, prayogi tansah

ambudidaya murih saged amiluta makatsih dhumateng sagunging para tamu utawi

para pamiyarsa, prayogi migatosaken bab pamilihing basa amrih mujudaken salah

satunggaling sarana ingkang kenging kangge mbudidaya kacepengipun wicara

wirasa.

Ukara endah werdinipun ukara ingkang sae saha andudut manah, ukara

ingkang endah punika saged karacik kanthi angengeti kasusastraan, mapanipun saged

wonten ing sekar, ukara gancaran tuwin saksanes-sanesipun.

Kangge anjagi murih mboten anjuwarehi, penganggenipun ukara endah

punika kedah angengeti dugiprayogi, sampun ngantos kaduk, mindhak amboseni

dhateng para miyarsa utawi para rawuh, kedah empan papan.

Dene mapanipun ukara endah punika saged wonten ing perangan purwaka, isi

utawi purnaning wicara utawi saged ginelar ingkang arupi sekar, tembang, lelagon,

sulukan saha gancaran.

Tuladha Basa Rinegga :

Tuladha ingkang arupi ukara gancaran

Tuladha Basa Rinengga kang ngemu pituduh

Tuladha Basa Rinegga ingkang rinacik ing parikan

Tuladha Basa Rinengga kangge ing wangsalan

Tuladha Basa rinengga

Paribasan Bebasan lan Saloka 1

Paribasan Bebasan lan Saloka 2

Paribasan Bebasan lan Saloka 3

Kang dadi ancas (tujuan) digunakake basa rinengga yaiku kanggo nambahi

kaendahaning ukara(pepaes).

Tuladha: a. Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.

               b. Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal

budi

Page 4: Makalah Bahasa Jawa2

Jenis-Jenis Tembung Rinengga yaiku :

TEMBUNG GARBA

Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana

nyuda cacahe wanda. Tembung garba diarani uga tembung sandi.

Tuladha :

1.  Sarwendah → sarwa + endah

2.  Narendra → nara + indra

3.  Prameswari → parama + iswari

Thuladha:  

(01. aglis    (såkå tembúng : age + gêlis

(02. anèng    (såkå tembúng : ånå + ing

(03. aranèki  (såkå tembúng : arané + ki

(04. dadyåwúh (såkå tembúng : dadi + éwuh

(05. dhêmênyar (såkå tembúng : dhêmên + anyar

(06. duparså  (såkå tembúng : dupi + årså

(07. jalwèstri (såkå tembúng : jalu + èstri

(08. kadyå    (såkå tembúng : kadi + kåyå

(09. kajwarèng (såkå tembúng : kajuwårå + ing

(10. kalokèng (såkå tembúng : kalokå + ing

(11. kapyarså (såkå tembúng : kapirêng + arsa

(12. kalyan   (såkå tembúng : kalih + lan

(13. lagyantuk (såkå tembúng : lagi + antuk

(14. 1agyaníng (såkå tembúng : lagi + níng

(15. 1êbdhèng (såkå tembúng : lebdhå + ing

(16. lumakèng (såkå tembúng : lumaku + ing

(17. lumêbèng (såkå tembúng : lumêbu + ing

(18. maharjå  (såkå tembúng : måhå + råjå

(19. maharsi  (såkå tembúng : måhå + arsi

(20. mahamêru (såkå tembúng : måhå + mêru

(21. malebèng (såkå tembúng : malebu + ing

(22. mungging (såkå tembúng : munggúh + ing

(23. murbèng  (såkå tembúng : múrba + ing

(24. murwèng  (såkå tembúng : murwå + ing

(25. narendrå (såkå tembúng : nårå + indrå

(26. narpati  (såkå tembúng : nårå + dipati

(27. narpéndah (såkå tembúng : nårå + éndah

Page 5: Makalah Bahasa Jawa2

(28. natèng   (såkå tembúng : nåtå + ing

(29. nujwari  (såkå tembúng : nuju + an

(30. praptèng (såkå tembúng : praptå + ing

(31. prawirèng (såkå tembúng : prawirå + ing

(32. prawirotåmå (såkå tembúng : prawirå + utåmå

(33. priyagúng (såkå tembúng : priyå + agung

(34. priyanggå (såkå tembúng : priyå + anggå

(35. ratwagung (såkå tembúng : ratu + agung

(36. ratwelok (såkå tembúng : ratu + élok

(37. sarotåmå (såkå tembúng : saru + utåmå

(38. sedyarså (såkå tembúng : sedyå + arså

(39. sinóm    (såkå tembúng : isih + enóm

(40. sirèku   (såkå tembúng : sirå + iku

(41. sitinggíl (såkå tembúng : siti + inggíl

(42. sugyartå (såkå tembúng : sugih + artå

(43. sumbangsíh(såkå tembúng : sumbang + asih

(44. surendrå (såkå tembúng : surå + indrå

(45. surêng   (såkå tembúng : surå + ing

(46. surendrå (såkå tembúng : sutå + indrå

(47. taksyalit (såkå tembúng : taksih + alit

(48. tankocap (såkå tembúng : tanpå + ucap

(49. tumengèng (såkå tembúng : tumengå + ing

TEMBUNG SAROJA

Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo

bebarenga. Tuladha:

a. Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.

b. Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi.

Tuladha tembung saroja liyane: iguh pretike,l lila legawa, jejel riyel, gemi setiti,

bagas waras, mubeng minger, tata karma, babak bundhas., edi peni, gilir gumanti,

gandhes luwes, ewuh pakewuh, grapyak semanak ,madhep manteb

Tuladha :

1. Sajake warga desa padha katon ayem tentrem lan sayuk rukun mbangun desa.

Ayem = tentrem

Sayuk = rukun

2. Susilowati olehe mlaku gandheng renteng karo kancane

Page 6: Makalah Bahasa Jawa2

Tuladha:

1. Adi luhung

2. Ajur mumur

3. Amrik minging

4. Andhap asor

5. Angkat junjung

6. Arum wangi

7. Asih tresna

8. Babak belur

9. Babak bundhas

10. Bagas waras

11. Bala koswa

12. Baya pakewuh

13. Bayu bajra

14. Bibit kawit

15. Bojana andrawina

16. Budi pakarti

17. Campur adhuk

18. Campur bawur

19. Candhak cekel

20. Colong jupuk

21. Dana driyah

22. Dana weweh

23. Dhawuh

pangandika

24. Dhawuh timbalan

25. Dhedhep tidhem

26. Dhodhok seleh

27. Donga puji

28. Edi peni

29. Gagah prakosa

30. Galap gangsul

31. Gandhes luwes

32. Gendhon rukon

33. Gilir gumanti

34. Girang gumuyu

35. Godha rencana

36. Guyub rukun

37. Iguh pratikel

38. Jalma manungsa

39. Japa mantra

40. Jebat kasturi

41. Jejel riyel

42. Jungkir walik

43. Kadang kadeyan

44. Kadhang kala

45. Kajen karingan

46. Kasep lalu

47. Kepalu kepenthung

48. Kepalu ketutu

49. Kesampar

kesandhung

50. Kocap kacarita

51. Kongas ngambar

52. Kukuh bakuh

53. Labuh labet

54. Lagak lageyan

55. Lagak lagu

56. Lalu lunges

57. Lega lila

58. Lir pendah

59. Malang megung

60. Mobah mosik

61. Mudha dama

62. Mudha pinging

63. Mudha punggung

64. Mudha taruna

65. Mukti wibawa

66. Mula buka

67. Mulang muruk

68. Murub mubyar

69. Nistha papa

70. Njarah rayah

71. Nyampar

nyandhung

72. Owah gingsir

73. Papa cintraka

74. Pasang rakit

75. Puji pandonga

76. Rahayu slamet

77. Rame gumuruh

78. Rebut dhucung

79. Reka daya

80. Remuk rempu

81. Sabar drana

82. Sambat sebut

83. Sapa aruh

84. Sato kewan

85. Sayuk rukun

86. Sembah sujud

87. Sembah sungkem

88. Setya tuhu

89. Sisik melik

90. Sisip sembir

91. Solah bawa

92. Solah tingkah

93. Sotya retna

94. Suka rena

95. Tambal sulam

96. Tandang grayang

97. Tandang tanduk

98. Tanem tuwuh

99. Tapa brata

100.Tata karma

101.Tata rakit

102.Tata trapsila

103.Tedheng aling-

aling

104.Teguh santosa

Page 7: Makalah Bahasa Jawa2

105.Tepa palupi

106.Tepa tuladha

107.Terang trawaca

108.Tindak tanduk

109.Tingkah laku

110.Ubeng inger

111.Undha usuk

112.Utang selang

113.Wadya bala

114.Watak wantu

115.Welas asih

116.Wiring isin

117.Wor suh

118.Wulang wuruk

TEMBUNG ENTAR

Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi).

Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku

utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe.

Tuladha :

1. Yen kowe melu wong aja pisan-pisan dawa tangane

Dawa tangane sing dikarepake gelem nyolong

2. Yen wong tuwamu repot ya aja digegem tangane.

Digegem tangane sing dikarepake ora gelem tandang gawe

Kanthi tuladha iku bisa disimpulake yen tembung entar iku tembung sing tegese ora

sabenere.

Thuladha :

Tembung Entar

1. Bocah kuwi pancen ora duwe kanca. Mrana-mrene mesthi dhewe, amarga

dheweke menawa omongan kerep ngumukake kasugihane wong tuwane. Iku

kang njalari kanca-kancane ora seneng dolan bareng dheweke. Tembung entar

kang nggambarake carita ing dhuwur yaiku: gedhe endhase

2. Menawa omong-omongan karo kanca-kancane  dheweke mesthi mencla-

mencle. Esuk iku dheweke janji marang kanca-kancane menawa dina Setu

arep padha dijajakake, nanging ora sida diundur dina Minggu. Dina Minggu,

ana-ana wae alasane kang njalari ora sida maneh. Nganti dheweke lali marang

janjine. Iku ndadekake kanca-kancane rumangsa gela lan ora seneng marang

dheweke. Tembung entar kang nggambarake carita ing dhuwur yaiku: lunyu

ilate

3. Saben ana pitakonan, Supri mesthi bisa mangsuli, ora mung pitakonan

babagan wulangan Basa Jawa, nanging kabeh wulangan, dheweke bisa. Supri

kuwi klebu bocah kang: jembar kawruhe

4. Suwe-suwe gunung muntab lan nesu. Awake ndrodhog dadi lindhu. Saka

cangkeme metu latu kang panas. Kaanan mau njalari ratune macan lan kewan

Page 8: Makalah Bahasa Jawa2

liyane wedi banjur mudhun menyang desa golek slamet. Saperangan wong

padha salang tunjang lunga ngungsi. Tembung entar kang cocog karo kaanane

gunung manut carita kasebut yaiku: panas atine

5. Saiki Budi mung manggon bareng adhine, amarga wis setaun iki bapak lan

ibune seda. Saben dina kanggo nyukupi kabutuhan urip dheweke lan adhine,

Budi nyambut gawe saka esuk tekan bengi, saka gawean siji pindhah gawean

liyane, nganti kadhang kala lali mangan lan ngombe. Iku kabeh supaya adhine

bisa tetep nerusake sekolahe lan bisa kacukupan uripe. Tembung entar kang

nggambarake carita ing dhuwur yaiku: adus kringet

6. Ing pekarangan buri daleme Pak Broto, ana wit pelem, saben peleme awoh,

ora let suwe entek gari godhonge. Awoh siji loro entek, awoh akeh uga entek.

Manut Bu Kartiyem, tanggae Pak Broto, kerep ana bocah-bocah cilik  kang

padha ngopeki peleme Pak Broto, nalika Pak Broto meneri pas ora ana ing

dalem. Jebul miturut Pak Broto, bocah-bocah kuwi ora padha

nembung.Tembung entar kang nggambarake carita ing dhuwur yaiku: dawa

tangane

7. Dheweke pancen ora duwe isin, wis dikandhani bola-bali karo bapak ibu guru

menawa saben upacara bendera kudu nganggo topi, nanging dheweke ora. Ora

mung sepisan nanging prasasat saben ana upacara bendera. Menawa dirasa-

rasakke bocah iku pancen sengaja, bok menawa supaya dadi kondhang

jenenge amarga mesthi ditimbali maju ing tengah-tengahing lapangan kang

kanggo upacara bendera. Pancen ora duwe isin tenan. Ora wigah-wigih,

sekolah banjur paring ukuman kanggo bocah kang nerak pranatan. Tembung

entar kang nggambarake carita ing dhuwur yaiku: rai gedheg

8. Babagan panganan, Adam senengane mangan nganggo lawuh kang enak-enak

kepara tempe lan tahu iku klebu pangan kang ora enak miturut dheweke.

Saben arep mangan dheweke nyuwun nganggo lawuh iwak. Tembung entar

kang nggambarake carita ing dhuwur yaiku:  mogel ilate 

9. Pawarta menawa dheweke ora munggah kelas wis sumebar tekan tangga

teparone. Ana sing rumangsa mesakake marang dheweke nanging uga akeh

sing padha nyokurke, “Memper wae dheweke ora munggah, lha ora tau sinau,

senengane dolan, lan malah  karo wong tuwane wani!.”Tembung entar kang

nggambarake carita ing dhuwur yaiku: kembang lambe

10. Sinaoso panjenengan nipun dipun awonaken tiang sanes piyambakipun

mboten nate duka, mboten nate nggresula. Piyambakipun tansah sabar lan

narimah. Kepara malah ndongakaken ingkang sae dhumateng tiang ingkang

Page 9: Makalah Bahasa Jawa2

sampun nyariosake awon dhumateng panjenenganipun. Tembung entar kang

nggambarake carita ing dhuwur yaiku: sabar ususe

11. Lare menika tansah wantun kaliyan tiang sepuh. Kamangka rikala rumiyin

lare menika tansah mbangun miturut kaliyan tiang sepuh. Tembung entar kang

nggambarake carita ing dhuwur yaiku: ora ndalan

TEMBUNG PARIKAN

Kang diarani parikan Yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :

kadédan saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara

saben saukara kadedan saka rong gatra ukara kapisan mung minangka purwaka; déné

isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.

Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu

sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo

narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perluné, supaya ing

sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani

wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé

ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Thuladha :

1. Sepet sepet, Sawone mentah

- Diempet empet, selak ra betah

2. wedang bubuk, gula jawa.

- Yen kepethuk, ati lega

3. Wajik klethik, gula abang

- Aja suthik, yen tumandhang

4. Kembang jagung, dipethik Cina

- barang wis kadhung, dikapakna

5. Godhong kecipir, mrambat kawat

- Najan gak mampir, nanging liwat

6. Manuk kutut, manggunge ngganter

Page 10: Makalah Bahasa Jawa2

- yen ra nurut, bisa keblinger

7. Manuk emprit, menclok godhong tebu

- Dadi murid, sing sregep sinau

8. Yen kembang kembange lamtara, dudu kembang wora wari

- Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngati ati

9. Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek Yogyakarta

- Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa

10. Awan awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter

- kapan kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter

11. Yen kembang kembange kacang, dudu kembange puspa nyidra

- Sih cilik dikudang kudang, bareng gedhe gawe rekasa.

12. Esuk nembang sore nembang, tembange asmaradana

- esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka teka

Tuladha parikan

Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2

a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi

b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.

c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.

d. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakehan ragat.

e. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.

Tuladha parikan kang liyane :

Abang-abang gendera landa, Ana sing ijo kok milih putih, Bujang maneh ora

ngluyura, sing wes duwe book ora tau mulih

Ana brambang sasen llima, Berjuang labuh Negara

Awan-awan aja kluyuran, Ana pak mantra numpak sekuter, Kapan-kapan aku

keturutan, Duwe kanca sinaune pinter

Wedang bubuk gula jawa, yen kepethuk ati lega

Sepet-sepet sawone mentah, Diempet-empet selek ora betah

Bisa ngendhang ora bisa nyuling, Bisa nyawang ora wani nyanding

Page 11: Makalah Bahasa Jawa2

Bibi Surip tuku klobot, Pethuk Encik tawa roti, Uwong Urip pancen abot,

mula becik ngati-ati

Wajik klethik, gula abang, Aja suthik, yen tumandang

Godhong kecippir mrambat kawat, Najan gak mampir nanging lewat

Jambu apa jeruk, Aku melu apa entuk

Jemek-jemek gula jawa, aja ngenyek karo kanca

Kembang jagung dipethik cina, Barang wes kadung dikapakna

Manuk emprit menclok godhong tebu, Dadi murid sing sregep sinau

Kutha Kendal Kali wungu, Ajar kenal karo aku

Manuk kutut manggunge ngganter, Yen ra nurut bias keblinger

Esok nyulingsore nyuling, Sulinge arek Surabaya, Esok eling sore eling, sing

dieling ora rumangsa

Esok nembang sore nembang, tembange asmaradana, esok ngadhang sore

ngadhang, sing diadhang ra  teka-teka

Nembang mlathi, warna peningganda wangi, Watak putri kudu setiti angati-ati

Korek gambar klenthing, kula ndherek wonten wingking

Wedang jeruk tanpa gula, Aja sok umuk tanpa guna

Wajik klethik gula jawa, Luwih bejik sing prasaja

Tawon madu ngisep sekar, Dadi guru kudu sabar

Semarang kaline banjir, Aja sumelang ora dipikir

Manuk emprit, nucuk pari, Dadi murid, sing taberi.

Manuk tuhu, mencok pager, Yen sinau, dadi pinter.

Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar. Lamun sabar, bisa lejar sarta

bingar.

Kembang kencur, tinandur tepining sumur. Sapa jujur, bakal luhur klawan

makmur

Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa. Esuk mikir sore mikir, sing

dipikir mung golek bandha.

Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula, Piwelingku mring pra

mudha, aja wedi ing rekasa.

Yen kembang kembang cempaka, dudu kembang arum dalu, Mumpung sira

isih mudha, den asregep ngudi ngelmu

Wedang bubuk, tanpa gula, Ja sok ngantuk, gelis tuwa

Page 12: Makalah Bahasa Jawa2

PANGERTEN PURWAKANTI

Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa

utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen

ing sastra sinebutpurwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa

uga ngamot paribasan, saloka, utawa tembang. Purwakanthi bisa digolongake dadi

telu, yakuwi: Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra lan Purwakanthi

Lumaksita.

Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan

jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang

runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra,

manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita.

Utawa isih akeh istilah liya kanggo tetenger araning purwakanthi:

Purwakanthi iku sukukata utawa wanda kang swarane padha utawa meh

padha, kang dumunung ing gatra utawa lariking tembang utawa puisi liyane. Ing basa

Indonesia swara kang padha utawa meh padha disebut sajak, persamaan bunyi utawa

rima. Wanda kang swarane padha iku ing basa Indonesia disebut sajak penuh, dene

kang swarane meh padha diarani sajak paruh. Ing pantun, parikan, singir, lan lagu

dolanan sajak kang dumunung ing pungkasing larik nduweni kalungguhan kang

wigati, awit pungkasaning gatra iku mungkasi kesatuan wirama. Ananging ana

tembang, swara kang padha utawa meh padha ing pungkasing larik-larik iku ora

dienggo, awit saben lagu iku wis ana aturane mungguh vokal-vokal kang dumunung

ing akiring gatra.

Ing tembang macapat ana aturan bab pira cacahing gatra saben sapadane,

pira cacahing wanda ing gatraning tembang mau, Ian vokal apa bae sing dumunung

ana pungkasaning gatra. Ing tembang macapat ana aturan bab guru wilangan Ian guru

lagu utawa dhong-dhing. Swara ing pungkasing gatra ana aturane, mula purwakanthi

iku gegayutan karo swara ing sajroning gatra. Swara ing sajroning gatra iku sing

padha utawa utawa meh padha ora mung loro, tarkadhang sok dumunung ing

sadawaning larik, mula ing kasusastran Indonesia disebut deret utawa runtun. Deret

utawa runtun mau ana sing arupa konsonan, ana sing arupa vokal, mula banjur diarani

runtun vokal utawa purwakanthi swara, sing tembung mancane asonansi; lan runtun

konsonan utawa purwakanthi sastra, basa mancane aliterasi.

PURWAKANTHI GURU SWARA

1. Ana catur mungkur, ana bapang nyimpang.

2. Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon. Aja banter-banter mundhak

Page 13: Makalah Bahasa Jawa2

keblinger.

3. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.

4. Yen gelem obah bakal mamah.

5. Anak polah bapa kepradhah (paribasan)

6. Apik kemripik nancang kirik (paribasan).

7. Ati bengkong oleh oncong (paribasan)

8. Bacin-bacin iwak, ala – ala sanak (paribasan).

9. Bandhol ngrompol (paribasan).

10. Buntel kadut ora nginang ora udut (paribasan).

11. Calak cangkol, kendhali bol, cemethi tai (paribasan).

12. Ciri wanci lelai ginawa mati (paribasan).

13. Gajah ngidak rapah (paribasan).

14. Gemblung jinurung, edan kuwarisan (Paribasan).

15. Keplok ora tombok.

16. Kumenthus ora pecus (paribasan).

17. Mengkak – mengkok ora wurung ngumbah popok. (paribasan).

18. Opor bebek mentas awake dhewek.

19. Londho – londho walang sangit nggendhong kebo (paribasan).

20. Sadawa – dawane lurung isih dawa gurung (paribasan).

21. Tuna satak bathi sanak (paribasan).

22. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.

23. Wastra bedhah kayu pokah (paribasan).

24. Anut grubyug ora ngerti ing rembug (paribasan).

25. Wong busuk ketekuk, wong pinter keblinger.(paribasan).

26. gumarenggeng anggereng anggeng gumrunggung (Wedhatama)

PURWAKANTHI GURU SASTRA

1. Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.

2. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.

3. Sing sapa salah bakale seleh.

4. Durung acundhuk acandhak (paribasan).

5. Garang nanging garing (paribasan).

6. Sanajan ora keris yen keras (paribasan).

7. Sluman slumun slamet.

8. Yen tan mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun (Wedhatama).

9. Saya elok alangka longkanganipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si

Page 14: Makalah Bahasa Jawa2

pingging (Wedhatama).

10. Kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, (Wedhatama).

PURWAKANTHI LUMAKSITA

1. Lela lela linali saya kadriya, driyasmara marang risang kadi Ratih, Ratih ratu

ratuning wong Cakrakembang, kembang wijayakusuma asih mring kula.

2. Bung – bung pait bung pait kuwihe maha, maha-maha lintrik cah cilik digondhol

kirik, kirik-kirik belang nyang pawon kesiram wedang, wedang – wedang bubuk

kemriyuk gulane remuk.

3. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam

donya. (wangsalan).

4. Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.

(wangsalan).

5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana. Mari anteng besuse saya ketara (wangsalan).

6. Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada (Kalatidha).

1.    Kolik priya, priyagung anjani putra. ( priya,priyagung )

2.    Witing klapa, kalapa kangmaksih mudha. ( klapa,kalapa )


Top Related