Transcript
Page 1: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1

SERAT MURSADA

PUPUH I

KASMARAN (ASMARADANA)

1. ||Wiwitane mung tinulis | ing dinten saptu punika | nuju

pahing pekenane | ing sasi rabiulawal | ping tiga tanggalira | tahun edal punika wayahipun | pukul sanga||

2. ||Wuku mandasiya singgih | titimasa katiga ika | saat Israil tareka | ana dene kang anerat | kiyahi agi ingkang nama pernah | kangpung Meranggon wismanipun | pinggir kulun geriyanira||

3. ||Percikane kang anulis | miwah anom miwah tuwa | den agung pangapurane | kang maca miwah miharsa | den sami angweruhana | wong tuwa kang dadi furu | tersilane aneng denya||

4. ||Padha ajiya tata lan titi | wekasane kang anurat | prayogane wong kanga nom | kang bakti maring wong tuwa | si biyang | kelawan bapak | ping tiga kelawan guru | kaping pat lawan mara tuwa||

5. ||Anane ala lan becik | pan saking tata kerama | yen andhap asor tandhuke | kasebut maring wong kathah | kang becik aneng dunya | tata kerama ingkang luhur | iku sira ilingana||

6. ||Senadyan pinterangngaji | den senggerang maring wong tuwa | iku lungguhing wiring | pan terus ujaring hokum | ing kitab kelawan qur’an||

7. ||Yen sira eling puniki | baktine maring wong tuwa | pasthi selamat saparane | ing dunya tekeng akherat | iku sira imanena | katerima maring Yang Agung | pinaringan sandhang pangan||

8. ||Yen wis weruh tata lan titi | terusena kabangkiten nira | sibarang gawe wong anom | kapintera aneng dunya | takona ing wong tuwa | aja tungkur mangan turu | yen sira kepingin mulaya||

9. ||Kangaran ilmu sejati | tukokena guru kang nyata | mumpung sira masih anom | tan wurung wekasan tuwa | yen tuwa pejah | kang eling hokum puniku | mangsa aweta aneng dunya||

Page 2: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

10. ||Kang gemet sira mulati | sarta lan jatine tapa | kang katerima maring Yang Manon | ing dunya tepking akherat | iku sira kaweruhana | jatine tapa lan ilmu | pan iku tan kena pisah||

11. ||Jenenge kalmia kalih | iku sira kaweruhana | iman kelawan taugid | lan jenenge ing ma’rifat | wujud tunggal rasa | tunggal ing papan kelawan | wuwuske purna lawan wisesa||

12. ||Wonten sabda kang linuwih | ucape para pandhita | rasakena sarasane | si pincang ngidering jagad | si picek amilang lintang | wong ngongsu pekulan banyu | ngamek geni dedamaran||

13. ||Si cebol anggayuh langit | werangka manjing curiga | rondha alas merambah ing pari | sawung keluruh tengah segara | kuda ngerab ing pandengan | si bisu amegat padu | tampake kuntul ngelayang||

14. ||Siti pinenda ning bumi | banyu kelem sajroning toya | perawan ayu rupane | tan pisah lawan wong lanang | randha during peputera | takokena maring guru welanjar during kerama||

15. ||Wonten papan tanpa tulis | sekar tunjung tanpa telaga | yaiku padha tunggale | pan pisah kang purnama | bahita amomot segara | jukung layar wonten ing gunung | pedhate ambah segara||

16. ||Kang ngawas sabda puniki | sira kaliru tanpa | terusana sajatine | sewu siji kang uninga | wong tuwa rasa puniki | pan akeh padha kaliru | katungkul turu lan pangan||

17. ||Margane ana wong mukti | pernyata wijiling tapa | kang nemon mesu ragane | tan etang sandhang lan pangan | mulane sira katerima | tulise tangan kang bagus | mujur terus sukunira||

18. ||Sing sapa wani periyatin | diwek anom kang si tuwa | pasthi yen mumbul derajate | den sembah sesamanira | jum setan perayangan | sedaya pan sami sujud | wedi asih maring sira||

19. ||Tur pinaringan mandi | maring pangeran kang mulya | tur iku gedhe walahe | sawabe saking atapa | mikane pinaringan | tulise tangan kang bagus | mujur terus sukunira||

Page 3: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 3

20. ||Kang seweneh wong angurip | kesamekan penggawe dunya | kapingin sugih ragane | wekasan saya melarat | sabarang den gayuh tuna | den cupet maring Yang Agung | sejatine kurang tapa||

21. ||Jaluk sugih saya miskin | jaluk enak nemu mlarat | jatine kurang lakune | minta suwarga nemu neraka | sejatine kurang nedha | luhur dadi kejebur | nedha gesang saya ilang||

22. ||Papesthane nira Yang Widi | langkung tan kena owah | amasthi maring kawulane | tinulis ing tangan nira | kang becik lawan kanga lo | kang andhap lawan kang luhur | wus pinasthi aneng tangan||

23. ||Menusa kang pinasthi becik | wiwitane saking atapa | amesu maring ragane | tan etang sandhang lan pangan | milane pinaringan | tulisi tangan kang bagus | mujur terus suku niro||

24. ||Yen ora kalaku mertapi | manusa ora pinaringan | tulisi tangan kang bagus | gambare alit tareka | iku sira elingaa | yen nyata sira manusa pan | tapa kang aweh luhur | ing dunya tekeng aherat||

25. ||Kiyahi kang anulis | padha sira rasa kena | kang tuwa lawan kanga nom | yen luput ginawe apa | papundhini kang anurat||

26. ||Anging ta depan kumbin | maring keyahi kang anurat | kang ngarang jati tah mangku | bedha lan kang latha | winedharan ing nulis | papundhine wong dadi guru | wit panjer jatine rasa||

27. ||Wis putus keyahi kang anuturi | lakune wong alam dunya | kang tuwa lawan kanga nom | padha sira imanena | pituduhe guru kang nyata | yen sira ton eling iku | pasthi celaka aneng dunya||

28. ||Wonten kang kocapa malih | babate Ratu ing saberang | pan ning Ngerum negarane | pan Ratu dadi pusaka | marintah jagad ing rat | jejulukira Sang Prabu Raja Bait Al Mukodash||

29. ||Ing saberang tan ana wani | mala Ratu kisusaya | sarupane para katong | pan padha anut sedaya | ing saberang lan tanah Jawa | sumujud maring sang Prabu | atur puteri kumawula||

Page 4: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 4

30. ||Ingkang kinariya pepate | dhumateng Sri Narapati | Ki Patih Peraja wastane | malah den aku sudara | ngesti yen tata karya | kebat jungkat tandangepun | yen ana karsaning Nata||

31. Sang Nata miyos tinangkil | wedal salung dalem pura | asareng umeyang upacarane | wau cendhek punakawan | busur pedhang serampang | towak mipung lawan tuwul | pan sami sapul kencana||

32. ||Kang kacum mas sawunggaling | kedang mas ardawalika | dinulu pating pancorong | warnane indah apelak | paying babat neng ngarsa | kaketer kumendhung kendhung | wus prapta ing pakelaran||

33. ||Wus pepek kang para sangkil | jejel atap aneng ngarsa tanapi kang para katong | Bupati manca Negara | Ki Patih seba ing ngarsa | angendi kajeng Sang Prabu | lah Patih den poring ngarsa||

34. ||Pan kathah kawula mami | data ana ingkang wenang | anampani ujaringwang | tan liyan ta jenengira | perkarane Gustinira | kaya apa awakmu | Ki Patih anuhu duka||

35. ||Pan banget genira sakit | rahina wengi hataka | kang den amemung marune | Gustimu ingkang tuwa | iku kang duwe berahala | setan teka wong tuwanepun | kang saking Negara Melaka||

36. ||Ola temen Dewi Sukarsih | gawe wira awakingwang | jahil marune kanga nom | ora sudi temen ingwang | arabi wong duwe setan | patih kasuwur kawulaning sung | tanapi kang para Nata||

37. ||Yen lawan karep mami | sun pateni Gustimu kang tuwa | Ki Patih alon ature | adhuh angger Gustiningwang | kelangkung kawelas asra | yen istu karsa pakulun | singin sampun apeputra||

38. ||Dereng kerantenan Gustimami | yen darbi kerama | ala sampe Nata angger | bilih ujar kegawayan | wanuhe yah karya pitenah | watekepun tiyang maruk | den superi kasihana dawak||

39. ||Akathah ature Ki Patih | kadi paksi nemu wawahan | kadi gareng ardi ature | Sang Nata asru ngandika | lah patih sira menenga | ora wurung jeneng ingsun | mateni Gustimu ingkang tuwa||

Page 5: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 5

40. ||Sang Nata nulya nimbali maring lurah kajineman | Arya Cengkiling wastane | sadhatengira ing ngarsa | Sang Nata angandika | lah Arya sira sun utus | patenana Gusti kang tuwa||

41. ||Kawaneng maring wana edir | kang adoh maring Negara | poma wekas ingwang | Ki Arya amit anembah | tumurun saking paseban | ciyak sekehe andulu | Manteri lawan para Nata||

42. ||Pan lajeng malebet puri | lampahe Lurah Kajineman | tan mawi larapan mangko | kocapa Ratna Juwita | kang wonten dalem pura | kelangkung kawelas ayun | pan sampun den wesiasat||

43. ||Datan pinaringan bukti | dhumateng Sri Naranata | den superi patine | milane den wesiasat | sagunge wong dalem pura | den undhangi sedayanepun | datan paduka peparing batoya||

44. ||Sarupane kang para cethi | pan padha welas sedaya | ningali maring sang anom | anging wedi Sri Nalendra | yen peparinga dhahar | medhek angusapi eluh | sagunge kang para emban||

45. ||Mas Ayu Dewi Sukarsi | tan esah ngusapi waspa | sarwi amangku puterane | kang ngaran Raden Mursada | wayah mnaksih sapiyan | warnane kelangkung bagus | tedhaki kusuma Nata||

46. ||Kang abot rasane ati | kerane Ratna Juwita | amahoni wau puterane | adhuh anakingsun Mas Boko kari kawelas arsa | sun titipaken Yang Agung | yen ingsun tulus pelastra||

47. ||Arya Cengkiling anulya perapti | Sang Ayu alon angucap | lah Arya teka ing kene | dengarina lakunira | malebu dalem pungkuran | baya dinutus Sang Prabu | ingutapaken maringwang||

48. ||Alon ature Arya Cengkiling | inggih leres karsa Paduka | kinen mejahi sampeyan angger | Sang Ayu alon ngandika | sukur sewu yen mangkana | anging gawanen katingsun | kang adoh teka Negara nulya||

49. ||Danhan Dewi Sukarsi | sarwi anggarwa punakawan | Massahut rekya rane | Masserut satunggalira | tan suwe nulya perapta | Sang Ayu nulya muwus | payu melu laku ingwang||

Page 6: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 6

50. ||Nyok embaten Gustimu bahe | lah payu malebeng wana | ana karsane sang katong | Massahud anulya tata | sarwi ngemban gustinira | Masserud anggendhang sangu | pan sarwi abekta toya||

51. ||Dewi Sukarsih amuwus aris | lah biyung padha karya | kang tuwa lawan kanga nom | pan ingsun amit palastra | den sami lilaberana | sira ngeladeni maringsun | lilakena terusing nala||

52. ||Para emban padha anangis | kanga nom lawan kang tuwa | aduh angger Gustiningwang | kelangkung kawelasarsa | kaningaya Sri Nalendra | mateni garwa kang sepuh | pisan tan duwe welas||@@@

53. ||Kalingane seribu pati | artine para edan | anggunggung garwa kanga nom | tulungane maksih anyar | mengkana pangucapira | sanguine wong dalem agung padha nangis biyang||

PUPUH II

P A N G K U R

1. ||Medal saking dalem pura | Dewi Sukarsi kelawan Arya

Cengkiling | Massahut lawan Masserut | ingkang ngiring Gusnira | Arya Cengkiling pan dadi pangawalepun | dhasar nuju katiga ngarang | panase kepati||

2. ||Anuju jati angarang | pepet sumbar panase anggegilar | awor baleduking awu | suku melethung sekacang | Dewi Sukarsi keringete kadi wong adus||

3. ||Dupi teka tengahing wana | burun wana cingka sira ningali | mambu gandane Kusuma Ayu | kidang lawan menjangan | unta warak macan gogor | lawan senuk mapan sami ningsung ganda | melu ngiring dhateng sang puteri||

4. ||Seksana sira tumingal | lajeng gurda satengahing wanaderi | pangahupane singa kelawan senuk | pan ageng tan ana madha | sampun kandhek lampahe Kusuma Ayu | alingging angandhaping gorda | kelawan Arya Cengkiling||

5. ||Sang Ayu aseru ngandika | Ki Massahut sira ulatana warih | mapan ingsun arya nginum | wong roro sira lungaa | aja mulih lamun during oleh banyu | Massahut anulya kesah | Ki Masserut anut mudi||

Page 7: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 7

6. ||Saungkure punakawan | Dewi Sukarsi wuwuse amelas asih | mara puterane ingsun | mungpung lunga bocah ingwang | mila sun apusi jatinepun | aja ewuh jenengira | sira mateni jengmami||

7. ||Anging sun mekas lan sira | Arya Cengkiling matur lawan Nerpati | lawan ingsun tulus lampus | utang lara nyahur lara | ana uga wewakesira Yang Agung | pan ningsun tan duwe dasa | tinereka dening Nerpati||

8. ||Sarupane penggawa dunya | ana uga wewakesira Yang Widi | utang pati nyahur lampus | utang wiring nyahur wiring | poma timbulena wekasingsun | ingsun aserah maring Yang Sukma | anglakoni pakoning laki||

9. ||Anulya ungalaken dhadha | kekembene ingkang dipun bukani | Arya Cengkiling narik duwung | adhuh angger Gustiningwang | katon rupane kelangkung kawelas ayun | luputa ing ila | kawula ngelakoni||

10. ||Abote tiyang ngawula | pasthi kawula ngelampahi | yen wonten karsaning Ratu | Sang Ayu aseru angucap | iya bener lekasana awakingsun | aja suwe ingsun gesang | pan wis mathe awak mami||

11. ||Arya Cemeng kewala | aningali dhumateng Dewi Sukarsi | semune tan tega nyudhuk | dhuwunge ngajung kewala | nangis aning ngarsane Sang Ayu | adangu nora tumiba | Arya Cengkiling sarwi anangis||

12. ||Kang kiwa ngusapi waspa | punang asta kang tengen anyela keris | pijer angusaping eluh | sanayu ora seranten | den anteni Ki Arya tan sida nyuduk | serantan lamon matiya | ponang keris depun wabenyugi||

13. ||Dhadhane ingkang katerajang | terus walikat matiya ingkang keheris | erahe medal anembur | ludira pethak kang medal | Arya Cengkiling pan kaget sira andulu | gegetun kaya mutiya | punang dhuwung pinecat agelis||

14. ||Tan tega sira tumingal | Arya Cengkiling tan suwe anulya mulih | sedalan ngusaping eluh | kagugu ing polahira | Arya Cengkiling lestari genya lumaku | kocapa kang nadhang berana | Mas Ayu Dewi Sukarsi||

15. ||Sesambate melasarsa | ingkang putera sarwi depun ambungi | adhuh anak Gustiningsun | wis nyawa sira kariya | wus pinasthi tan tutuk tinunggu ibu | sun titipaken Yang Sukma | den rekasaa sira kaki||

Page 8: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 8

16. ||Tan suwe weteranira | Ki Massahut Masserut anulya perapti | mapan sarwi mekul banyu | bekta gumbeng roro sewing | dupi teka Massahut kaget andulu | pikulan lajeng binuwang | sareng rangkul maring Gusthi||

17. ||Adhuh angger Gustiningwang | nandhang berana kalangkung kawelasasih | Arya Cengkiling edan tahun | weruha lamung mengkana | Arya matini Gustiningsun | mangsa ingsun tilara kesah | pasthi sun bilani pati||

18. ||Masserut sira karya | sun buruni si edan Arya Cengkiling | tututana delanggung | sun bet wedung dawo | lah karya Masserut amuwus | wus aja sira mengkana | Gustimu sapa ngerawati||

19. ||Anulya kandhek ta sira | Ki Massahut Masserut angrangkul Gusti | Sang Ayu aseru amuwus | wis padha karya | Ki Masaahut ingsun titip anakingsun | kang gedhe kesabaranira | muga kenaa ginawe Gusti||

20. ||Samarine amemekas | Dewi Sukarsi ngemasi pelaya | pati gandanya marebuk arum | ngegesi tengahing wana | sarta murub patine Kusuma Ayu | tandhane wadon katerima | rahi pethak tur awangi||

21. ||Massahut ingkang winarna | lan Masserut sesambate amelasasih | tan waget kawula kantun | adhuh angger Gustiningsun | tega temen aninggal maring awakingsun | among dika bendara kawula | selawase sun tut wuri||

22. ||Pan kathah sesambatira | Ki Masaahut Masserut angulung kuming | tangise amelang melang | kang wonten tengahing wana | langkung aseru tangisira Masserut | sarwi ngemban Gustinira | ora pegat depun bersihi||

23. ||Wonten malih kang winarna | dhedhukuhan ing wanaderi | Kaki Nambi wastanepun | kelangkung malaratira | Kaki Nambi laminira adhedhukuh | isin wiring tunggal wong kathah | sandhangane pating seluwir||

24. ||Lanang wadon gegambalan | Kaki kelangkung malaratneki | sebarang tinandur wurung | nandur kacang den terak walang | Kaki Nambi nandur bentul padha bunnur | nandur kapas den terak angsa | nandur pari padha mati||

25. ||Mangan sore isuk ora | Kaki Nambi kelangkung melaratneki | nandur jagung padha wurung | sejatine

Page 9: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 9

kurang tapa | mulane mengkana kakeyan sega kelawan banyu | sugih utang ora adang | nandur uwis padha mati||

26. ||Seksana bias miharsa | Kaki Nambi ngrungu swarane wong nangis | mirsa amelang | kang wonten tengahing wana | Kaki Nambi pan aseru denira muwus | baya apa abanira | kaya tangising jalmi||

27. ||Bok Nambi kariya | tungguwa wisma cubi ingsun ningali | pan welas ingsun andulu | anulya malebing wana | Kaki Nambi kaserimpet ing ewat tungkul | anulya niba kajengkang | Kaki Nambi sesambate anangis||

28. ||Gegamane caluk pothul | amuji singgah sininggah | burun wana aja parek lawaningsun | iya ingsun Sangyang Tunggal | gustimu bengenda Ali||

29. ||Dupi perapta tengahing wana | wus kepanggih Masserut ingkang anangis | Ki Nambi aseru amuwus | baya iki wong apa | dene mati wong wados rupane ayu | Masserut aseru angucap | inggih punika gusti mami||

30. ||Ratu kang duwe garwa | mati atas karsa Sang Aji | pan kawula nedha tulung | kiyahi dhateng dika | amber iki ing jisime Gustiningsun | Ki Nambi welas tumingal | yen mangkana dhisin iki||

31. ||Lah payo sira gotonga | Ki Massahut sampun katong wong kekalih | Gustine ginotong sampun | Ki Nambi ngemban kang putera | gegancangan dupi perapta wismanepun | nyahi Nambi kewawak tumingal | kang putera depun tampani||

32. ||Lajeng sira siniraman | Raden Mursada dhumateng Nyahi Nambi | kang ibu nulya ginubur | wisma binesikan | tinengeran tunggu watu | pan wurub saben jemah | katerima maring Yang Widi||

33. ||Kocapa Raden Mursada | pinupuhan dhumateng nyahi Nambi | kelangkung gumatinepun | dene kepingin putera | sadinane malah den dusi ping pitu | tan kena benggang sakilan | dhumateng puterane bayi||

34. ||Yen dupi sampun diwasa | rare Mursada | baguse Tanana tandhing | pan alus sariranepun | nyata yen terah kusuma | yen dinulu isemi cahya amancur | lir pendah sasi purnama | semune cahya nelahi||

35. ||Pan lajeng melu tetegal | Raden Mursada kelawan punakawanneki | sebarang tinandur tulus | sato kewan

Page 10: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 10

datananan doyan | padhang rekasa rahina kelawan dalu | jagung kacang gubis kenthang | ketela temun seladhah seladeri||@@@

36. ||Nyahi Nambi langkung bungah | dene apa tetanduran padha dadi | semangka ketela puhung | jagung pari tales sudhah | Kaki Nambi kelangkung bungahipun | sarta akeh wong dagang prapta | samiya ngoyang jagung pari||

37. ||Lajeng kathah wong | melu tetegal padha kerasan | kapecut sandhang lan bukti | saking kanan kerinipun | sadine agung prapta | lama pan kantos tiyang sewu | kelangkung rejanira | saking murahe sandhang lan bukti||

38. ||Pan sugih katemu tuwa | Nyahi Nambi tan kurang sandhang lan bukti | bejane kepanggih sepuh | mas selaka kerikilan | Kaki Nambi sarta akeh kawulanepun | berkate Raden Mursada | turune Sri Narapati||

PUPUH III

S I N O M

1. ||Wus bosen denya sesawah | Mursada anulya mincing |

dhumateng pinggir segara | pancinge wodang wesi kuning | pan abot satus kati | pakane wedhus tetelu | kenure ebas kinarya | minangkepan lawan penjalin | angengira udakara sateriyan||

2. ||Den uncalaken neng segara | Massahut cengeng ningali | Masserut aseru angucap | lumrahe Gusti wong mincing | kenure rami kinardi | Mursada lawan amuwus | dapur sun gawe tapa | anyegah turu lawan bukti | kapindune kapingin weruh Ratuning ngulam||

3. ||Dupi kang punang pancing ika | dhumateng sang raja mina | adi agenge kagiri arga | kang simuruh toya jeladeri | ulami nedha pancing | jumegur suwaranepun | wus kena sang raja mina||

4. ||Masserut cengeng kewala | ningali ulam ageng neki | Mursada alon angucap | ngulatana wong medati pancing | Massahut nulya lumaku | ngedul bener lakunira | tan suwe nulya ningali | pan wong kalangkung medati ika||

5. ||Massahut aseru angucap | dhumateng wong medati | lajeng dika paman kalang | dika gelem gentas pancing | andika kula buruhe | wong kaling malih amus | inggih

Page 11: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 11

purun kawula | yen gedhe buruhanneki | lajeng ginawa wong kalang sekancanira||

6. ||Dupi teka pinggir segara | Mursada amuwus aris | lah suwawi paman kalang | dika entas pancing mami | dika kawula buruhi | wong kalang sira amuwus | inggih purun kewala | anging nedha buruhan dhingin | Raden Mursada miharsa pan lajeng duka||

7. ||Semune tan ngandel sira | Mursada anulya mulih | ngambil riyal karsanira | Nyahi Nambi aningali | puterane nengguluk kampil | pan lajeng sira memisuh | si bangsat den gawe apa | nengguluk arta sakampil | baya sira dalan ana pinggir segara||

8. ||Akathah celathunira | angsut maring puteraneki | tan kandhek Raden Mursada | dupi perapta pinggir jeladeri | den wihaken wong medhati | lajeng tinampanan sampun | wong kalang kelangkung bungah | wus tata sekancaneki | kelawan dasa gunggunge ingkang miharsa||

PUPUH IV

D U R M A

1. ||Wus tinarik kang mahisa kawan dasa | pan sarwi

anyuraki | lir pendah wong ngadu ayam | pan suka sakehing tumingal | kang simurub toya jeladeri | cingak sedaya | wong kaling sira ningali||

2. ||Langkung aseru budine sang raja mina | toya beleduk maring langit | tibane lir udan | kantos ngasor during | kejungkat budine anggegilan | Raden Mursada | nenedha maring Yang Widi||

3. ||Pan katerima panedhane Raden Mursada | Raja Mina anulya minggir | tan suwe nulya mentas | dawane sewu depa | agenge kejiwa ardi | sesik kencana | netrane kusuma adi||

4. ||Raja pepitipun emas abang | sungute inten adi | pating kelebyar warnanira | pan gawok sekehe tumingal | pan kathah weliya nekani | padha apayang | tuwa anom jalu esteri||

5. ||Raden Bagus kawula purun saleksa | saweneh ana ngundhaki | kawula purun kalih leksa | saweneh angucap |

Page 12: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 12

tingang lleksa kawula wani ulam dika | saweneh anna nguindhaki||

6. ||Kawula purun anebas kapal leksa | saweneh ngundhaki | kawula pitung leksa | saweneh ana ngucapi | kewala arsa sakethi ulam dika | Mursada amuwus aris||

7. ||sapinten paman weliya pengayang dika | kawula boten marengi | yen ndalah raja mina | kawula welas tumingal | raja mina amuwus aris | pan kadi jalma | pangucape amelas asih||

8. ||Raden Bagus kawula sampiyan purak | kawula depun anteni | parandene para weliya | sedaya sampun perapta | tuwa anom jalu esteri | arsa numbas | dhumateng kawula gusti||

9. ||Alon ngandika wau Raden Mursada | ora tega jeneng mami | amateni kelawan sira | wis mina sira muliya | dhateng tengah jeladeri | sarta uga | kang adi terimaneki||

10. ||Raja Mina alon denira ngandika | sukur sewu dika gusti | yen bakti maring Pangeran | tan wegat males kawula | ngaku sudhara si nora wedi | maring dika | ing ngurip tumekeng pati||

11. ||Jengandika dados sudara tuwa | kawula ingkang rayi | menawi ing benjing manggih karya | pituwin nyebrang segara | kawula dika timbale | lah pama Raden tumekas mami||

12. ||Sampeyan jejek bumi ping tiga | pathing kawula yen perapti | yen wonten karsa dika | Mursada alon angucap | aja cidera maring mami | wis muliya | raja mina anulya amit||

13. ||Raja Mina wus ambeyur tengah segara | jumegur suwaraneki | sagunge para welija | pan padha cingak sedaya | kocapa pan Nyahi Nambi | angrungu warta | mapan kathah kang aturi||

14. ||Lawan Puterane yen oleh Ratune ulam | lkang sisik kencana adi | Nyahi Nambi langkung bungah | lajeng menyang pinggir segara | Kaki Nambi anut wuri | anggendhong sega | pan sarwi anyangking kendi||

15. ||Sedalan denya ngalem putranira | bakal ingsun saya sugih | gegancangan lakunira | dupi perapta pinggir segara | kepanggih lan puteraneki | lajeng tetanya | adhuh anakingsun gusti||

Page 13: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 13

16. ||Sira kawarta yen oleh Ratuning ulam | kang sesik kencana adi | endi ta rupane baya | akeh kang tutur maringwang | Raden Mursada nahuri | inggih ta nyata | lamun antuk ulam adi||

17. ||Nanging semangkin mantuk dhateng segara | kawula welas ningali | dhumateng sang raja mina | karena Ratuning ulam | Nyahi Nambi aseru aglis | sarwi ngujiwat | anake wong ngedan waring||

18. ||Wis minggata tan sudi ngaku anak | sira iki beborose | akeh celathunira | wus bubar sakehe tumingal | Nyahi Nambi sampun mulih | sedalan misuhi puteraneki||

19. ||Ki Massahut aseru denira angucapa | Nyahi Nambi tan weruh becik | wong ngerang kakiyan nujar | margane sugih ta sira | dene gustimami | wong ngerang edan | sun wedhung guluneki||

20. ||Nyahi Nambi dupi teka tengahing wana | dipun terak udan angin | ketudhung kelawan kilap | genter panter leliweran | Kaki Nambi niba tangi | genti kalumah | wekasan karubuhan weringin||

21. ||Lanang wodon Ki Nambi sampun pelastera | Raden Mursada ingkang winarna | pan sampun kesah ta sira | lawan punkawannira | anurut pinggir pasisir | lampahing Rahaden | kaselek kesaputing wengi||

22. ||Raden Mursda anulya malebing guwa | lawan punakawaneki | sadalu aneng jeroning guwa | dupi wayah sirep jalma | wonten coba alang nekani | anggegilane ika | mapan kathah warnaneki||

23. ||Datan suwe ana kelabang sabelarak | asareng kalajengking | ana kathah mekul bawang | ana kawangkang mekul kendhang | ana perkintel iwi | kebet diadang angerebat barik anyuling||

24. ||Ki Massahut Masserut anggirap | keruntelan wong kekalih | sesambate amati kalap | akathah sesambatira | Mursada datan gumingsir | weruh yen sapa coba | sekeca denira dzikir||

25. ||Datan suwe ana nedha belaka | cangkeme sarwi meringis | ilate murub kadi dammar | matone gilar | Massahut wedi ningali | dulahe biyang | tan wurung ingsun mati||

26. ||Raden Mursada alon denya ngandika | atas karsa Yang Widi | lah payo panganen ingwang | tan wedi ingsun

Page 14: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 14

pelastera | yen sampun karsa Yang Widi | lajeng pan sirna | sawiji Tanana kari||

27. ||Dupi sirna sekehing coba rencana | Massahut ingkang guwa | dupi lingsir tengah wengi | ana kang teka | ingkang aran banaspati||

28. ||Gero tekane barik anungsang | siyunge sejarak sisih | rambute abang tur gimbal | matane gilar | suwarnane ngerak ngerik pan kasi gela | yen dinulu gegilane||

29. ||Ki Massahut Masserut wedi tumingal | keruntalan wong kekalih | sesambate umati kalap | akathah sesambatira | Mursada datan gumingsir | weruh yen coba | sekeca denira dikir||

30. ||Banaspati pan aseru denira ngucapi | tan wurung sun untal malang | denira sira kumawani | kebat metu | Mursada amuwus aris||

31. ||Banaspati yen atas kersaning Yang Sukma | lah payo panganen mami | tan wedi ingsun pelastera | pan madhep maring Yang Sukma | sukur sewu untal mami | lah ta kebaten | banaspati aseru angling||

32. ||Aja alok tan wurung sun untal sira | lajeng mangap banaspati | untunepun rangah | amangap wonten ning ngarsa | Mursada depun ubengi | kiri lan kanan Raden datan gumingsir||

33. ||Banaspati kewahan denira anggodha | tan suwe anulya linggih | wonten ning ngarsa | nira Raden Mursada | banaspati alon ature | adhuh angger gustiningwang | tetep bakti maring Yang Widi||

34. ||Sukur sewu tan gingsir lan awakingwang | purba kawula ngelampahi | utusane puteri ngajerak | kinen nyuba maring dika | yen lawan datan gumingsir | pasthi uga | sang puteri bakal nekani||

35. ||Inggih punika Raden atur kawula | sampeyan lilani paminta | mantuk dhateng ngajerak | kantun amukti wibawa | lajeng mulus banaspati | nuli pan sirna | sekala tan kinanthi||

36. ||Raden Mursada sekeca denira nendra | lawan punakawan neki | sedaya sami anendra | dupi wayah bedhug tiga | kepati denira aguling | Raden Mursada | dipun samber dhandhanggendhis||

Page 15: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 15

PUPUH V

DHANDHANGGULA

1. ||Wus sinigeg nggenira aguling | Raden Mursada | kocapa

pulo ngajerak | sang puteri ayu warnane | gendera bari watanipun | apan dadi Ratuning Ejim | merintah ejim pitung yuta | tur sidiq bias mawur | tur sidiq paningalira | gendera sekar | pan weruh sadurunge pinanggih | kang putra Nabi Sulaiman||

2. ||Warnane ayu linuwih | gendera sekar | sembada lan dedekira | gumilang gilang cahyane | eseme apahit madu | rima panjang baya minangsi | alise ananggal pisan | tenggelnya anglunging gandhung | lambene manggis karengat | gendera sekar | bathuke mila cendhani | wajahnya ngelari ing kambang||

3. ||Wedanane nduren sajuwing | tan kumenyar | pundhake nraju emas | kadi nila gendhewa atani | yen tinimbang kaya putung | nyata lamun ayu linuwih | dhadha mangal gilan | pambayun dinulu | muruh kuninge kajiwa dammar | gendera sekar | pan dadi aboring wengi | bejane kang duwe kerama||

4. ||Tengahira amatrem kengis | retina ayu | wentise pundhak sinungsang | akhemparan pepes damakane | lan dengya marbuk arum | wong lanang sira ningali | pan mngongoh pitung dina | kepincut kusuma ayu | lali anak lali bojonira | yen ta ningali kasmarga Gendrasari | sabuke udhar ora kerasa||

5. ||Lajeng angrasuk busana adi | gendera sekar | tapihe gringsing wesi wayang | jingga tinepi kembene | pan sarwi pepilis wungu | ali mustikaning bumi | jumenenging sutru diwangga | sengkange papang mangungkung | panggu maniking toya | yen ngujiwat | kadi kilat barung lan thathit | nyata ayu utama||

6. ||Pramilanipun winarni gendera sekar arsa angunggahana | maring Raden Mursda agi | kang jimat sampun kerasuk | nama kahwis | awan cumethi | kelambine ontokusuma | punika dala kantun | mari angrasuk ing busana | gendera sekar | lan suwe nulya lumaris angambah ing jumantara||

Page 16: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 16

7. ||Datan dangu anulya prapti | retna ayu malebet jeroning guwa | Raden kepanggih asare | Sang Ayu anulya lungguh | mapan sarwi sira ngujungi | pernahe linggih ngandhap | adangu denira alungguh | kang raka sinawang | wernanira | tuhu yen bagus linuwih | Sang Ayu saya kasmaran||

8. ||Adangu denira angentosi | gendera sekar | esmu semune ora seranita | lajeng nyandhak jerinjine | dipun gandheng Raden bagus | semu kaget lajeng anglilir | dupi sira lenggaha | Raden angadu bagus | pan pandhang sajeraning guwo | kasunaran | kuninge sang raja puteri | Mursada ngendika||

9. ||Sapa baya ta sira puniki | kumawani | nangeni ingsun anendra | kurang tata keramane | apa manungsa apa lelembut | apa jim lan widadari | dene teka cumanthaka | nangeni ingsun aturu | Gendrasarine alon ngendika | kakang bagus | sampun ndika kaduka ati | kula nedha sepura||

10. ||Inggih kula kang nama Gendrasari | puteranipun | njeng Nabi Sulaiman | punika gusti wiyose | pulo ngajerak negaraningsun | pramilane kula prapti | semu semune nedhi tetamba | kasmaran maring wong bagus | wurung mati sida edan | awak kula | lamun tan dika tambani | bagus lelara kula||

11. ||Raden Bagus amuwus aris | adhu wong ayu | kantun punapa awak ingwang | kadi kekiri upamane | tanpa bapa tanpa ibu | ingsun uga kawelas asih | anake mendang kebaratan | jatine kabeh sinawur | Sang Ayu mesem miharsi | gusti bagus | angalingi maring mami | kula sampun uninga||

12. ||Pramilani kula prapti | angunggahi | karsa jengandika | kula uning leluhure | rama ndika karuhun | ibu ndika Dewi Sukarsi | tedhak saking nelaka | ibu ndika purbanipun | pinatenan tanpa dosa | ibu ndika denira Sri Narapati | dipun terka nduweni syetan||

13. ||Sejatine kang anerka puniki | ibu ndika | kanga nom punika | Dewi Sundari wastane | kang matur dhateng Sang Prabu | rahina dalu api sakit | tanpa dhahar tanpa nendra | dadi ature ginunggung | rama ndika lajeng duka | animbali maring kajiman Arya Cengkiling | kinen mejahi ibu ndika||

Page 17: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 17

14. ||Raden Mursada amuwus aris | sarwi angrangkul anggaras pipi payudara | apahit madu | pangrumrume ngujiwat kusuma ayu | kadi kilat barung lan thathit | kumembyar sariranira lupa | kalindheyan thathit | kumembyar sariranira lupa | kalindheyan sih lulut | pinangku ora kuwalat gendera sekar | dipun raras wanti | lir bremara ngisep sekar||

15. ||Genderasari amuwus aris | kula aserah | wong bagus maring ndika | pan purba kula angger | nulya marasa den bagus | payudara kelawan pipi | wangine ingkang ganda | pan mulek sajeroning irung | sampun aserah jiwa raga | gendera sekar | tingkeb kang punang resmi | lir bermala ngisep sekar||

16. ||Angeringik suwarane Gendrasari | sarwi nyangga semi sumbat pejah | pineksa dening rahaden | kadi sawung kena jalu | nyata lawan perawan suci | kantaka ing panggukingan | tur timur perawan kencur | sapa ndurat kantaka gendera sekar | keringet awar kesturi | lesu lumpa sariranira||

17. ||Dupi tutuk nggenya pulang resmi | gendera sekar | matur maring kang raka | nedha sepura semune | dhuh gusti panutanipun ngurip tumekyeng pati | menawa wonten luput kula | nedha sepura ingsun | lupute tata kerama | sinten yagya angepura awak mami | lan liya karsa ndika||

18. ||Raden Mursada amuwus aris | sarwi angrangkul | ngaras pipi lan payudara | apahit madu | pangerum erume | awar kuwasa jeneng ingsun | Pangeran uga kang Maha Suci | kang kuwasa ngapura | yen luput kalanipun | kula kenarya lantaran | sejatine | pawestri bekti ing laki | pinanjingaken suwarga||

19. ||Alon ature Sang Ayu Gendrasari | kakang bagus | kula ngaturi ing jimat | tetiga iku warnane | tetilare Sang Prabu | ingkang dhihin punika cumethi | klambi antakusuma | lan kaose ping tiganipun | kasektene cumethi punika | ginawe aperang | sing katerajang iku mati | sinabetaken bumi getar||

20. ||Sing katerajang cumethi puniki | tatas tigas | sinabetaken segara asat | pertiwi belah ta mangkin | sinabetaken gunung lebur | kasektene kaos puniki | sila ingkang

Page 18: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 18

ginawa | pasthi bias mawur | angambah jumantara | kang satunggil | kasektene ingkang kulambi | bias angambah dahana||

21. ||Yen ginawe amagut jurit | datan pasha | sagunging peraja | mapan kathah saktine | katur maring wong bagus | kang purwa kula anderbeni | among ndika kang winenang | krana panutaningsun | wonten malih atur kula | ndika mantuk | dhumateng ngerum negari | ndika tulung rama ndika||

22. ||Ratu Ngerum semangkin asakit | welsana | kala mejahi ibu ndika | winales maring Yang mangkin | sarupane para dhukun | data nana ingkang tumami | tan liyan karsa ndika | saking pengawasaningsun | pan kantun langgel kagewal | rama ndika | milane ndika tulungi | ndika jaluk opah negara||

23. ||Yen lamun sangga negari | ndika sanggup | kula tutur tetamba | pula selaka anggane | sedulur kula kang sepuh | tunggal rama ibu lan mami | kang darbe tirta bulayat | gusti patuduh ingsun | poma wekas kula | Raden Bagus | sun tedhakaken ning Yang Widi | muga kebangkata karya||

24. ||Muga Kabul panedha mami | jengandika | pinaringana suwarga mulya | ngungkulana sesamane | lan malih penedha ningsun | maring Pangeran Kang Maha Suci | sageta rabi sedasa | puteri kang ayu | amesem Raden Mursada | sarwi ngerasa dadi ingsun arabi | among ndika kang dadi tuwa||

25. ||Genderasari amuwus aris | kawula amit | mantuk dhateng ngajerak | kantuna wibawa angger | Mursada alawan angrangkul | sarwi ngaras kang punang pipine | kapindho lan payudara | adhuh wong ayu | kaya ngapa jeneng ingsun | sira to tinggal | tan wurung kawula mati | wurung mati sira edan||

26. ||Gendrasari amuwus aris pan kula | gusti boten alama | nyambangi ndika angger | kawula semaya pitung talu | sampun ndika mawi kuwatir malih | uningaha separan dika | Sang Ayu anulya muluk | sakala dalan kawuryan Raden Bagus | kalangkung dene perihatin | saungkure gendera sekar||

Page 19: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 19

27. ||Dupi wayah sampun enjing | Raden Bagus | medal saking jerunggup | punakawane | arsa mantuk dhateng Ngerum | pan lestari denya lumaris | awor peburon wana buron||

28. ||Datan kawarna aneng margi | pan wus prapta | pradesa pinggir marga | dasar wong bagus rupane | akathah kang ngedulu | tuwa enom jalu estri | arantapan pinggir marga | kasmaran maring wong bagus | perawan padha angucap | anjejawab | ndika mampir wisma mami | adhahara manggis duren||

29. ||Yen welancar amuwus aris | angurbaya | mampira wisma kula | anginepa ndika angger | randha anom amuwus | anggur mampira wisma mami | anganggea ganda endah | tanapi sekar kang arum | gumuruh suwarane | para wadon | Massahut ingkang winarni | lumampah nincing busana||

30. ||Cinancang pan teka ing kuping | si mani sahwat | aninggal titen lan tata | raden kurang dedugine | anune katon gumandhul | para wadon sami ningali | pan padha migatosi sedaya | saweneh ana memisuh | baya iku wong kena walad | kurang tata deduga klawan pirantine | sembada pan rupanira||

31. ||Emane serupah aseru denira angling | lah ta marah | padha cecawisana | yen arsa wong bagus kiyahi | cecawisa mangko dalu | ganda endah sekar kang wangi | apa malih pepanganan | tanapi jeneng bekatul | juruhe gula jawa | pan gumuyu | sagunge kang para istri | pan padha suka tumingal||

32. ||Pan lestari denya lumaris | Raden Bagus V anerak tengahing pasar | bakul padha cingak kabeh | angampiraken Raden Bagus | pan gumerah sagunging istri | dadine padha tetukaran | sagunge para bakul | ana ingkang lengup lengan | kang saweneh | ana kang banting binanting | arame tengahing pasar||

33. ||Akeh jajan awor lawan wedhi mowar | bebangunan pating palesah | pan gumuruh suwarane | awor bleduking awu | si mani sahwat suka ningali | amangan sekehing jajan | berubi lan lepet gulung | inguntal lelonjoran | sarwine bias wong urip | ganjaran buktine | sarwi nembang kasmaran||

Page 20: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 20

PUPUH VI

ASMARADANA

1. ||Sigegen sangunge isteri | kocapa sajroning kitha | tangis

lir gero suwarane | sang nata Sri kantaka | pan kantun ndegeg kewala | sarupane para dhukun | tan ana amarasna||

2. ||Dhukun lanang kalawan esteri | rahina dalu lunga teka | kang amucak amirang rong | para resi kalawan ajar | pandhita kalawan pujangga | para empu lawan suru | ingkang tumama||

3. ||Dewi Sundari amuwus aris V maring patih mangku praja | sun utus sira mangko | ngulatana minta seraya | ngulati dhukun kang kuwasa | nambani maring sang Prabu | sun ganjar Negara sesigar||

4. ||Sun ganjar Negara sepalih | ora milikingsun jelma | dadya anake kekere | yen sanggup amarasna | patih sun ganjar Negara | sarupane kawula ningsun | ki Patih anulya medal||

5. ||Den iring punggawa manteri | pan padha nitih turangga | tekeng desa nabuh bendhe | tepis iring teka ngarga | tan ana kang tumanggap | sarupane bala Ngerum | tan ana ingkang kuwasa||

6. ||Kumengan rekyana patih | sekana sira tumingal | ing wong bagus rupane | lajeng sira tinakonan | lah Raden ingsun Tanya | ing ngendi ta wismanipun | lawan sapa aranira||

7. ||raden Bagus muwus aris | Raden Mursda nama kula | tanpa wisma awak ingong | anake mendhang kebaratan | tanpa bapa tanpa biyang | saenggen kawula lungguh | anut kersaning manah||

8. ||Ki Patih amuwus aris | ana dene lakuningwang | den utus sira sang katong | kinen angulati sroya | ngulati dhukun kang kuwasa | nambani maring Sang Prabu | ganjar Negara sasigar||

9. ||Raden Bagus umatur aris | ngger kawula kang sumanggwa | makaten kersane Sang Katong | peparing Negara sasigar | Ki Patih lega kang manah | yen mangkono Raden Bagus | lah payo malebeng pura||

Page 21: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 21

10. ||Sun aturaken Nerpati | lamun sanggup raden sira | anulya ginawa mengko | satekane dalem pura | wus katur maring sang nata | angandika Ratu | lah raden den paring ngarsa||

11. ||Sira kang sanggup nambani | ing larane Sri Nelendra | iya tampanana age | yen lamun sang nata waras | sun ganjar Negara sasigar | Raden Mursda umatur | kawula nedha semaya||

12. ||Arsa marani kang jejampi | pernahe pulo seloka | Ratu Ayu alon wuwuse | lah iya lamun mangkana | sun wangeni telung dina | anulya anut Raden Bagus | medal saking dalem pura||

13. ||Pan cingak sagunging mentri | ningali Raden Mursada | dene kelangkung baguse | cahyane gumilang gilang | wong dalem padha kasmaran | anedhakna raden Bagus | moga kebangkata karya||

14. ||Lestari genya lumaris | wau ta Raden Mursada | kalawan punakawane | ngidul bener lakunira | anusup ngayam alas | Massahut lawan Masserut | sesambate sedalan||

15. ||Adoh angger gusti mami | dhateng pundhi kersa ndika | lan kelar temen awakingong | lumampah tan panggih marga | sarta tan mawi dhahar | weteng ingsun asring madu | wingi sore nguntal sela||

16. ||Mursada amuwus aris | payo padha niyat tata | pirang barapaning tembe | manggiha suwarga mulya | sing sapa ngelakoni lara | winales maring Yang Ngagung | kang enak sinales lara||

17. ||Margane ana wong mukti | pranyata wijiling tapa | ngelarani ing ragane | tan etang sandhang lan pangan | ana satengahing wana | milane pinaringan luhur | maring ing sasamanira||

18. ||Anulya prapta pinggir jeladeri | lampahe Raden Mursada | kewuhan manahe | reka ningali segara | lumampah tan manggih marga | mekasa sira alungguh | sadhukure watu kumalasa||

19. ||Boya ngendi prenahe niki | kanga ran pulo selaka | Masserut aseru wuwuse | yen saking tingal kula | pernahe pulo Selaka | lepat elor kepanggih kidul | lepat kidul kepanggih wetan||

Page 22: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 22

20. ||Mursada amuwus aris | pan sarwi mesem ta sira | iya ora sisip ujare | nanging turutana ingwang | saujarira | kawedangan laku ingsun | setahun mangsa tutuka||

21. ||Raden Bagus anulya eling | duwe dulur raja mina | dhingin ana wekase | yen lamun amanggih karya | pan kinen anguwuhana | sarta njejek bumi ping telu | pesthi uga lamun perapta||

22. ||Raden anulya njejek bumi | sarta nguwun raja mina | dhingin aneng wekasane | raja mina nulya perapta | manggon wonten ing ngarsa | Massahut kaget andulu | satekane raja mina||

23. ||Mursada amuwus aris | iya ta sira dulur ingwang | dene ora cidra semayane | nggene temen angaku sudara | raja mina kalawan ingwang | milane sun undhang sira iku | arsa tetakon kalawan sira||

24. ||Ingsun arsa maring pulo Putih | den utus Sri Nata | baya ta endi prenahe | pan ingsun during uninga | kanga ran pula selaka | raja mina alon umatur | adhuh angger gustiningwang||

25. ||Kalangkung nggene tebih | kaletan segara sapata | lamun sampeyan angresakake | sampeyan nitih geger kula | amrih enggal ing lampah | wawales kula wong bagus | inggih among damel kula||

26. ||Lamun panduka nunggang mami | pesthi uga enggal perapta | raden alon wuwuse | lah iya lamun mengkana | kebatna lakuningwang | Massahut lawan Massarut | payo nunggang raja mina||

27. ||Massahut bungah ningali | tan suwe anulya tata | aningseti sabuke | wus nunggang Raden Mursada | lawan punakawanira | raja mina alon umatur | ndika gandholan geger pepetingwang||

PUPUH VII

S I N O M

1. ||Wus limampah raja mina | angambah tengah jaladeri |

sarupane ulam segara | agung alit melu ngiring | ulam bandeng lan tengiri | dhukang grabah lawan nus | sembilang kelawan talang | ulam benggang kelawan munging | ulam kaku kang dadi pengawal arsa||

Page 23: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 23

2. ||Ulan geguk lawan kipper kempar | ulam dhugur tunggon pelangi | ulam jabi pulam kuniran | ulam sumbal kelawan juwir | ulam bodhok kelawan teri | ulam buntek kelawan krepu | ulam bedhai kelawan sekar | irung sireman kempit | arantaban kepithing kodhan rajunga||

3. ||Katekan kerang tebalan | nik jung ora keri | iwak epi kelawan dhorang | saking akehe ulam angering | Massahut suka ningali | pelayune penyu bulus | lakune sang raja mina | kebate kejiwa angin | tan mawi obah lakune sang raja mina||

4. ||Datan kawarna ing marga | perapta ing pulo putih | raja mina alon aturnya | adhuh ngger gusti mami | inggih pulo putih | punapa karsa wong bagus | Mursada alon angucap | iya mestakna jeneng mami | Raden Mursada mentas lawan punakawanira||

5. ||Mursada anulya mentas | kacaryan sira ningali | rakite punang wijinipun | anulya nerak petamanan | pathetan awarna warni | kang who anuju mateng sedaya||

6. ||Anulya ngidering taman | methik sekar asesumpinng | lawan punakawanira | padha melu asesumping | sekar kathah warnaneki | ganda marbuk arum | adangu ngeidering taman | pan kathah dipun tingali | Ki Massahut amimik sekehe woh||

7. ||Tanapi punang segaran | toyanya asri awening | binature ya ta abang | ulame pating gulingsir | wader pari turut pinggir | kang ageng pating jelegur | ulam pajal kalawan sumbar | palung bawal kelawan betik | peputihan kumambang lawan badher bang||

8. ||Kutuk lele kelawan sepat | ulam sili kelawan peting | tunjung bang kang dipun mangsa | punang ganggeng aberang angrawit | Massahut ingkang winarni | samya dhadhar pelem madhu | sarupane kang who | sedaya dipun untali | kurang mangan kadi buta oleh mangsa||

9. ||Kocapa kang duwe taman | tandhingan dadi Ratune ejim | warnane kadi widodari ika | sembada lan dedeg neki | kuninge nemu giring | cahyane lir pendah juruh | Sang Ayu winastanan | Sang Retna Kumalawati | iku iya iku kang putera Nabi Sulaiman||

10. ||Kacarita maksih perawan | Sang Ayu tan arsa krami | yen dereng ningali wong lanang | perjurit sekti linuwih |

Page 24: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 24

ngabahaken yudaneki | mangkana karsanipun | marentah ejim pitung yuta | yata yen ayu linuwih | tautate mbelah Negara padha sadina||

11. ||Sang Ayu arsa asiram | dhumateng ing taman sarine | ingiring para emban | ing apit kanan pan kering | sarta nyangking patelesan putih | satekane taman santun | Sang Ayu kaget tumingal | yen ana jalma kang perapti | katingalan alinggih pinggir taman||

12. ||Sang Ayu asru angucap | manungsa ngendi sira neki | wani sabeng taman ingwang | baya sira baling mulih | ora wurung sira mati | Mursada alon amuwus | Ngerum negari ningwang | tan weruh ta sira yayi | ariningsun Ki Jaka Raden Mursada||

13. ||Pramilane ingsun perapta | ana kang sun jaluk gusti | tetamba ingkang utama | kawarta sira darbeni | tulungaa jeneng mami | Sang Ayu asru amuwus | dene temen duga sira | wani ngrusak punang asri | ora wurung ingsun tugel bulunira||

14. ||Sang ayu angunus pedhang | anerajang Raden Dewi | sinabet ambal | Raden datan gumingsir | tanpa pasha pasha ingkang kulit | langkung tangguh timbulipun | Mursada alon angucap | wis menenga sira gusti | aja jiwit menawi putung kukunya||

15. ||Wong guyon papan | yen ana ing jinem wangi | besuk paprenesan lan ingwang | sang puteri asring nyahuri | perkarane kang iki | during lega ati ningsun | Sang Ayu anulya medhang | panyebete wanti | Raden Mursda pan kongsi kajengkang||

16. ||Massahut asru angucap | adhuh gusti mami | dika wales nganti punapa | sampun gelem lara pribadi | suwawi kula batohi | amuwus lan Ratu Ayu | Mursada alon angucap | manawi mati | ingsun eman sinawang wulan||

17. ||Sang puteri saya duka | pamedhange saya nemeni | sarta lan celathunira | sini timbur kawir | sidi pindhang wader pari | sidi ikung kaya kutuk | sidi lepur kaya urang | sidi batuk gudel siji | sesambatan wurung tugel gulunira||

18. ||Sinabet ambal ambalan | kabeneran kuping | Mursada anulya duka | panjang nginggil nyumethi | tan kena ginawe becik | sun wales sira wong ayu | sesambata kang

Page 25: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 25

prayoga | pedhang nulya tinangkis | babar pisan pedhang tugel dadi tiga||

19. ||Melesat tiba kadohan | Sang Ayu dipun cumethi | katerajang payudaranya | teratas kemben pan tapih | kesot dening cumethi | tapihe kusuma ayu | Sang Ayu kuwirangan | ilang kemben lan tapih | lajeng niba sumungkem ana ing lemah||

20. ||Sesambate amelas arsa | wuwuse awor lan tangise | angur patenana pisan | aja suwe ingsung urip | si Massahut aseru angling | abeksa sarwi gumuyu | lah raden kurang utama | anggur ndika cumethi malih | karsane jengking agampang genira nyawang||

21. ||Mursada welas miharsa | sesambate sang raja putrid | pan lajeng rinangkul sira | wus menenga aja anangis | eman luh ndika mijil | ya ingsun kanmg dadi dhukun | Sang Ayu wus ingsun sapan | lajeng ilang kang sesakit | tapih kemben panjang sinalinan||

22. ||Pinangku Ratna Juwita | sang putrid amuwusaris | wonten punapa sampeyan | dene ngantos tekeng ngriki | Mursda alon nyauri | jaluk tetamba sedyaningsun | kang nama tirta bulayat | ingkang tutut Gendrasari | lamun dika kawarta duwe tetamba||

23. ||Pan wis dadi garwaningwang | ingkang aran Gendrasari | sang putri alon angucap | sukur sewu ndika gusti | dados lakine Gendrasari | punika saduluringsun | suwawi malebeng pura | anginepa ndika gusti | Raden Mursada anulya malebeng pura||

24. ||Satekane dalem pura | sinuguhan raden pekik | dedhaharan sarwa gumelar | ulamipun warna warni | Massahut bungah tan sipi | ngiwa nengen nggenya muluk | samarine dedhaharan | Mursada amuwus aris | lah wong ayu endi rupane tetamba||

25. ||Mara gawanana ingwang | ingsun arsa mulih | nora kena lawas | sang putrid aseru nyauri | perkarane kang jejampi | pan wonten panumbasipun | sanes emas selaka | den tuku kelawan esem | lamun ndika anambani lara brangta||

26. ||Amesem Raden Mursada | pan weruh semune esteri | lajeng sira pinondhongan | bekta munggah aguling | Raden Mursada wanti | ngujiwat kusuma ayu | lir thathit

Page 26: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 26

ambarung kilat | dhasar wong ayu linuwih | kebyar wajanya ngelaring kambang||

27. ||Tinangkep punang asmara | lir bremara ngisep sari | angringik swaranira | kadi sawung kena pilis | tan sesambat mati | tan wruh pepulahe wong ayu | kumebyar kang payudara | gandaya marbuk wangi | kasaputan nir pejah pagulingan||

28. ||Samarine punang asmara | sang putri nulya alinggih | lesu lungkrak sarirane | Mursada amuwus aris | dhuh ari mami | adhuh mas mirah jiwaningsun | wong ayu sinawang wulan |mung sira telenging ati | lan karya wong ayu tungguha negara||

29. ||Sang retna ayu alon angucap | sampun ndika [ami | nyambangi dhateng kula | sapisan satengah sasi | perkarane jejampi | pan punika warnanipun | kang nama tirta bulayat | sajerone cecupu manic | sing kanggonan pesthine luput palastra||

30. ||Nanging wonten atur kula | yen estu sampiyan lumaris | kepapak sura denawa | punika kang momong mami | abdine Jeng Nabi | dika ngaken lakiningsun | wus amit Raden Mursada | medal saking dalem puri | Ki Massahut Masserut anembang durma||

PUPUH VIII

D U R M A

1. ||Prapteng taman lampahe Raden Mursada | kepapak sang

buta putih | nuju teka amemangsa | agungnya sagunung anak | siyunge sajarak sisih | remanya gimbal | yen dinulu ngajerihi||

2. ||Buta putih swarane kadi gelap | manungsa endi sireki | wani sabeng pulo selaka | tan wurung mati sira | dene sira kumawani | Raden Mursda | pan ngegla cemethi||

3. ||Buta putih tan suwe nulya nrajang | den sabet lawan cumethi | tangane katrajang tatas | wus sumunu maksih anyarap | anulya sinabet malih | kapisanan | sukune tugel kekalih||

4. ||Guluntungan sang buta tan bias obah | adhuh gusti nedha urip | pan tiyang tumut ngawula | pejah gesang

Page 27: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 27

tumut ndika | Mursada amuwus aris | sang sura denawa | lamun sira anut kelawan mami||

5. ||Iya uga sun uripi jenengira | sira aku buka ing endi | sang buta aseru angucap | dene kawula punika | kang momong sang raja putrid | ingkang rumeksa | awon saene pulo putih||

6. ||Inggih kawula addine Nabi Sulaiman | kinen momong puteraneki | kang wonten pulo selaka | Mursada angucap sigra | yen mangkana sira iki | mesthi ta uga | yen lamun nangisi urip||

7. ||Raden bagus nulya anyandhak tetamba | angungkapi ceceupu manic | den tetesi tanganira | kalawan sukune pisan | waluya jati wingi uni | sang sura denawa | lajeng nyembah pada kalih||

8. ||Pejah gesang kawula tumut sampeyan | Mursada amuwus aris | lah iya ingsun tarima | nanging ta sira kariya | tungguwa ing pulo putih | kang becik sira | tunggu sang raja putri||

9. ||Wus kariyan sun mulih maring Negara | raden anulya lumaris | dupi prapta pinggir segara | kocapa sang raja mina | semana maksih ngenteni | pinggir segara | Mursada amuwus aris||

10. ||Raja mina lah ta paran karsa nira | payo padha mulih | raden nulya nunggang | lawan punakawanira | sang mina nulya lumaris | ngambah lahutan | kebate kajiwa angin||

11. ||Ombak ageng sang mina tan mawi obah | sagunging ulam angering | kongsi gumuruh kang segara | saking kathah ingkang ulam | wus lepas nggenya lumaris | ngambah lautan | kajerih sira ningali||

12. ||Wus katerak sagunge kang pulo sebrang | pulo gangsa pulo wesi | pulo timah pulo tembaga | mapan kathah kang warna | kang rupa biru lan kuning | ireng lan abang | kang dadu lawan kang wilis||

13. ||Bahita dagang akeh kelem tengah lautan | bahita kapal lan keci | sekeh cemlong pendhuang | wewangi pating kurambang | keselep tengah jeladri | kesawaban | lakune sang mina adi||

14. ||Sampun lepas lampahe sang raja mina | kacarita sampun prapti | wus minggir sang raja mina | Mursada anulya

Page 28: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 28

mentas | lawan punakawaneki | sang raja mina | wus balik marang kaladri||

15. ||Tan kocapa lampahe Raden Mursada | kocapa kang ngadhang margi | utusane Sri Nalendra | mentri lurah kajineman | ingkang nama Arya Cengkiling | anggawa bala | angadhang pinggir pasisir||

16. ||Ratu wadon punika kang duwe ujar | kaduwung sanggup begari | dhumateng Raden Mursada | milane kinengken ngadhang | tetamba kinen nampi | lamun abangga | Mursada kinen mateni||

17. ||Datan suwe kepapag Raden Mursada | Arya Cengkiling aseru angling | lah raden sira teka | kaya ngapa lakunira | oleh jejampi | yen oleh sira | ingsun kinen nampeni||

18. ||Alon angucap wau Raden Mursada | berkatipun Sri Bupati | inggih pekantuk uga | kang nama tirta bulayat | yen sira tedhi inggih margi | pesthi kawula | inggih boten marengi||

19. ||Arya Cengkiling miharsa pan lajeng duka | balane dipun kecepi | sedaya sareng numbak | kinerubut Raden Mursada | pan lajeng enggal cumethi | rameneng aperang | sing katerajang padha mati||

20. ||Kang saweneh katerajang janggane tatas | jineman akeh mati | tan ana mangsa puliha | bebathang susun atumpang | tengaling rana segara getih | mapan kasoran | yudane Arya Cengkiling||

21. ||Nuli ngutus nedha bantu saking kitha | tan suwe anulya prapti | mantra sewu gunggungira | pan padha nitih turangga | gegaman tumbak bedhil | prapteng rana | surake awanti||

22. ||Bala Ngerum padha ngalokaken pejah | pira kedari wong siji | binidrung lawan senjata | Massahut melu tumandhang | si Masserut anut wuri | sareng gegamane kayu jati||

23. ||Saterisan ageme gegamanira | sepuluh dhepa panjang neki | kelangkung panguwasanira | yen kala gelem perang | pan isarat sekehe ningali | den embat | gegamane kayu jati||

24. ||Ana mara kajineman lembu sura | aranira kalawan mahesa sura neki | pan padha nitih turangga | pan padha

Page 29: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 29

prakosanira | ngagem waos lawan wiring | prapteng rana | Massahut dipun karoni||

25. ||Si Massahut dipun tumbak nora pasha | den bendrang wong kekalih | Ki Ki Massahut lata | payo sira pilihana | ya ta sira prajurit | ki lembu sura | panumbake anitir||

26. ||Ki Massahut pan lajeng males ta sira | den sabet kayu jati | pan karo sareng jenat | katekan turanggane pisan | wus ajur awor lawan siti | rameneng perang | kaseralak nembang artati||

PUPUH IX

DHANDHANGGULA

1. ||Wonten malih ingkang winarni | pan para kinarya |

kampalaning carita | Negara yaman wastane | iya dene jejulukipun Ratu | apan wasta raja sejadi | pilih Ratu ingkang nyangga||

2. ||Ratu Agung anyakrawati | pan sembada lawan dedegira | godheg wok simbar dhadhane | sarta baleh netranipun | yen dinulu angajrihi | tur adil agamanira | wong yaman | kabeh anut sakarsane sir nalendra | lanang wadon kinen bekti maring Yang Widhi | ing ari katekan ngarga||

3. ||Mapa darbe putra kekalih | sri nalendra | kang wadon kapernah tuwa | Dewi Suwarsi wastane | kalangkung ayu warnanipun | yen dinulu lir widadari | sembada lan dedegira | eseme apahit madu | pan maksih during kerama | Dewi Suwarsi | rama ibu kaliwat asih | tan sadina dina||

4. ||Putra lanang ingkang winarni | sri nalendra | aran Raden Sumina | maksih jejaka wayahe | amberanyak warnanipun | kebat cukat yen ana kardi | tungga ibu kalawan rama | dhumateng kusuma ayu | Sumina ingkang taruna | pan kacerita | Sang Ayu Dewi Suwarsi | anggumbel dhateng rama||

5. ||Sesambate amelas asih | rahina dalu | kagugu denya supena | kang rama asru wuwuse | adhuh gusti anak ingsun | lah menenga aja anangis | apa kang isun tedha | lah tutura maringsun | kang putra alon anembah | pan kawula wau dalu pan angimpi | tunggal | sare lawan putra||

Page 30: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 30

6. ||Langkung bagus warnane puniki | pan sembada | lawan dedegira | gumilang gilang cahyane | kekalih punakawanipun | lawan Massahut ingkang satunggal | Masserut satunggalira | jeng rama ndika laruh | tan wurung kawula pejah | yen tan wurung kawula pejah | yen tan panggiha | kang katon supena mami | sang nata aseru ngendika||

7. ||Adhuh anak ingsun gusti | lah menenga lah nyawa akarya | Ki Jaka ingsun luruhe | wus tata sira Sang Prabu | angrasuk busana adi | sarta anggawa gada | saterisa agengipun | pan wesi abot rong leksa | punang jimat sadaya sampun karakit | tetapange kencana||

8. ||Samarine angrasuk busana adi | sri nalendra | anitih peksi kudarpa | sagajah agenge | tan anulya muluk | awor lawan mega putih | kebate peksi kudharpa | prapteng dukuring mendhung | pan silem punang pratala | katingalan katon sakudupe | sekar melathi | saking luruhe peksi kudharpa||

9. ||Wus lepas lampahe sang peksi | prapteng tawang angidering jagat | kelangkung panguwasane | lan karuan elor lan kidul | punang surya tan ana kaleksi | pangeasane Yang Sukma | tan ana surya kadulu | yen ana dharatan tan katingal | punang surya | yen pinari tan manginggil | srengenge iku tan katingal||

10. ||Raja Sejadi asru angling | baya endikang katon anak ingwong | muga katemu age | wekasan sira Sang Prabu | angrungu suwaraning bedhil | sarta suwarane sahur kang bala | suwara umyang | gumuruh | waspada sira miharsa | sri nalendra | anulya mudhun sri bupati | ngelayang merja ganteng||

11. ||Saya ngandhpa lampahe kang peksi | wus katingal | pernahe kang magut yuda | among tetiga musuhe | den kerubut tiyang sewu | kaya dudu wong adon jurit | sewu duga wong kaningaya | sang nata welas andulu | yugya ingsun kang nulungana | pan mangkana | karsane sri narapati | wong kathah lajeng tinarajang||

12. ||Dipun samber denira kang peksi | lir gelap tanpa udan | kang urip padha lumayu | kalangkung giris tumingal | sedayane | sawiji tan ana kari | among kari Raden Mursada||

Page 31: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 31

13. ||Wus mudhun sang raja Sejadi | maring ngandhap marani Raden Mursada V dupi prapta ing ngarsane | sang nata aseru amuwus | sira iki bocah ing ngendi | lan sapa aranira | dene magut aperang pupuh | Mursada alon ngendika | tanpa wisma anggen kula linggih | nama kula Raden Mursada||

14. ||Anggerjita sang raja Sejadi | amiharsa ature Raden Mursada | adhuh anak ingsun ngger | iya sira kang sun luruh | jeneng ingsun Ratu Yamani | ingsun darbe putra wanodya | warnane kelangkung ayu | supena katon lan sira | yen sembada | sun pek mantu sira gusti | wus kersaning Yang||

15. ||Raden Mursada amuwus aris | Ki Massahut kaya ngapa arsanira | arembuka sira mangke | Masserut amuwus | inggih ajeng kula gusti | kilap karsa sampeyan | yen kawula pesthi ayun | kadi pundi sri nalendra putera ndika | punapa lanang punapa estri | kabejane manah kawula||

16. ||Mesem raja Sejadi | amiharsa ature kang punakawan | pan raden suka manake | iya wadon anak ingsun | warnane ayu linuwih | mara nira sun gawa | anunggang gegere manuk | alon ature Raden Mursada | kadi pundi kawula mangke nglampahi | utusane sri nalendra||

17. ||Ratu Ngerum ingkang asakit | pan kawula pakantuk | kedah dipun tedhi ing margi | kawula boten suka | dereng katur Sang Prabu | mila kalawan banda yuda | kawula wani tumeka ing lelara pati | tan mawi ajrih kawula||

18. ||Sang nata angandika aris | iya bener raden karsanira | wong kudu angamek gawek | anging turuten ingsun | payo melu mring Yaman | sun panggihaken sira | lawan anakingsun | yen wis panggih lawan sira | sakarsane ngaturaken kang jejampi | Mursada anut sira||

19. ||Mapan sami anitih ing peksi | Raden Mursada lawan punakawanira | sang nata langkung sukane | tan suwe anulya muluk | awor lawan mega putih | kebote peksi kudharpa sakala datan kadulu | kacarita pan sampun prapta | sri nalendra ngungkul ing negari | tumedhak sangking ngawiyat||

20. ||Mapan nuju ing tengah wengi | sri nalendra anjujuk sajeroning pura | wus kapanggih lawan garwane | tanapi putranipun | ingkang aran Dewi Sukarsi | Sang Ayu asemu

Page 32: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 32

miring | aningali raden bagus | kerasa sajeroning nala Raden Sumina | kelangkung ta suka neki | aningali ingkang raka||

21. ||Raden Sumina amuwus aris | kakang mas andika katuran | sarawuh andika angger | samat sinamadan | asalamualaikum | byar padhang wangun rahina | sri nalendra nimbali maring ki patih | tan suwe anulya prapta||

22. ||Sang nata angandika aris | lah ta padha mara tetabuhan | ana ing pendhapa gedhe | ingsun arsa mantu | kyai patih anulya amit | mantra kinen tetabuhan | suwara umyang gumuruh | pan padha kasukan sukan | sri nalendra mentri | gumuruh awor lan bedhil | kasmaran saking tumingal||

PUPUH X

BRANTA (ASMARADANA)

1. ||Anuju dina respati | Mursada anulya nikah | wus

apanggih lawan sang anom | pan cingak sekehing tumingal | mentri lawan para nata | ningali warnane bagus | kang wadon ayu utama||

2. ||Sang nata suka ningali | dhumateng wau kang putera | dene sembada warnane | tansah dinama nama | prameswari semana | kelangkung ta sukanipun | tumingal maring kang putera||

3. ||Dupi jangkep tingang wengi | pamitan dhateng kang rama | dhumateng Ngerum karsane | ngaturaken kang tetamba | sang nata alon ngendika | adhuh gusti anakingsun | aja sira lawas||

4. ||Anulya balika mulih | yen wis katur kang usada | sun tedhakaken maring Yang Manon | selameta lakunira | antuka marga kang padhang | trusna sedyamu | kang putra anulya nembah||

5. ||Kacarita sampun lumaris | medal saking dalem pura | kalawan punakawane | angebataken lampahira | datan kawarna ing marga | wus prapta Negara Ngerum | kepanggih lawan ki patya||

6. ||Ki Patih amuwus aris | sokur sewu sira prapta | kaya ngapa raden lakune | apa wus oleh tetamba | matur Raden

Page 33: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 33

Mursada | berkatipun njeng Sang Prabu | pekantuk punang usada||

7. ||Ki Patih amuwus aris | lah payo malebeng pura | sun aturaken sang katong | anulya lumebeng pura | sadhatengira ingarsa | angandika njeng Sang Prabu | dhumateng rekyana patya||

8. ||Lamun dhukun sampun prapti | mara sira tambanana | ing larane sang katong | wong ndalem cingak sedaya | ningali Raden Mursada | dene langkung kuwasanipun | ngungkuli wong sanegara||

9. ||Dupi sampun waluya jati | Mursada jaluk ganjaran | dhingin ana sanggupe | pan sanggup Negara sasigar | …………………

pada 10 dumugi 17 ical…. 18. ||………….. nalendra | poma wekas kawula | Mursada

anulya metu lajeng mare king sang nata|| 19. ||Wong Ngerum cingak ningali | wetune Raden Mursada |

den arani sampun gosong | ciptane kawula bala | den pangan dening dahana | parandene sampun metu | lajeng mare king sang nata||

20. ||Satekanira ing ngarsi | sang nata aseru ngandika | kaya ngapa raden sira mengko | apa katemu buyut ingwang | kang ana sajeroning dahana | Mursada alon umatur | perkawis leluhur tuwan||

21. ||Inggih gusti sampun kapanggih | kang wonten jeroning dahana | anging ta sampeyan angger | den welingken leluhur tuwan | karsane kangen Sang Prabu | sang nata asru ngandika||

22. ||Lah ta mara dandana yayi | payo malebu dahana | ana karsane Yang Manon | iki bocah wani malebu dahana | pan ingsun jumeneng nata | mangsa mekana geni murub | sang nata anulya tata||

23. ||Angrasuk busana adi | asareng lawan kang garwa | prameswari asru tangise | semu semune wedi palastra | den rasa saya kerasa | sang nata aseru amuwus | aja sira wulang driya||

24. ||Mangsa geni mekani mami | lah payo malebu dahana | sang nata matek ajine | pirang bara pengabaran |

Page 34: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 34

kateguhan panguwasan | tanapi tudu lan kebaru | pan sampun kawatek sedaya||

25. ||Samarine matek aji | pan lajeng malebu dahana | asareng lawan garwane | sang nata sampun palastra | den pangan dening dahana | sampun lebur dadi awu | winales maring Yang Sukma||

26. ||||Utang pato nyahur pati | utang lara nyaur lara | wewalesira Yang Manon | ing donya tekeng akherat | kang ala winales ala | sapatine Ratu Ngerum | Mursada jumeneng nata||

27. ||Sarupane para meteri | tan ana ingkang malanga | mapan padha wedi kabeh | tuwa enom tan lengana |ki patih mangku praja | kalangkung ta sukanipun | ngembani Raden Mursada ||

28. ||Dhuh angger gusti mami |baya sampun karsaning Yang | jengandika jumeneng katong | mila turune sri nalendra | pan ingalang gusti kawula | tetkala nira Sang Prabu | mejahi ibu ndika||

29. ||Wus tinutur sedaya neki | dhumateng rakriyan patiya | mentri padha eling angling kabeh | tetkalane jaman kuna | Mursada putrane nalendra | mapan sami amisuwun | dhumateng kawula sedaya||

30. ||Kocapa Arya Cengkiling | kang nora gelem ngawula | dhumateng Sang Prabu anom | magelaran sabalanira | datan anut parentah | balane wong telungatus | den ajak bangga sedaya||

31. ||Malah arsa amerangi | dhumateng Raden Mursada | lajeng siaga sabalane | ki patih emeng kang manah | sarupane mentrinira | den tari Tanana purun | amet alon kinarya||

32. ||Anulya lumebeng puri | kyai patih mangkupraja | matur maring prabu anom | ngaturaken kawulanira | yen lamun bangga kang parentah | prabu anom alon amuwus | baya sampun karsaning Yang||

33. ||Sigegen sri narapati | Negara Yaman winarna | wong tuwane prabu anom | mapannuju kedhayohan | utusane Raja Ikram | lembu sura wastanipun | kelawan Mahesasura||

34. ||Wus katur raja Sejadi | alenggah wonten ing ngarsa | sang nata asru wuwuse | paran karsanira kupar | sira

Page 35: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 35

amarek kalawaningwang | lembusura alon umatur | kawula Negara Wakab||

35. ||Dipun utrus gusti mami | ngaturaken punang nawala | punika angger purwane | nulya serat tinampanan | winca punang nawala | angelamar ungelipun | dhumateng putrid sang nata||

36. ||Caruta raja Sejadi | miharsa ungeling serat | kelangkung aseru dukane | sinebit punang nawala | tinampekaken lembusura | tan sudi mantu wong kufur | mapan satrune ningwang||

37. ||Pan lajeng mudhun tanpa pamit | lembu sura mahesa sura | kelangkung sru sesumbare | dhukurna betengira | pan kongsi gantungan wulan | jerokna lelarismu | tan wurung sun gempur ngaranira||

38. ||Raja Sejadi aseru angling | ora wedi jeneng ingwang | aja isuk aja sore | amusuh lan Gustinira | pan padha sumbar sinumbar | wus lepas denya lumaku | sang nata malebeng pura||

39. ||Satekane dalem puri | sang nata asru ngandika | dhumateng puterane karo | Sumina sira kariya | kang becik tunggu Negara | ingsun arsa maring Ngerum | ngaturaken kakangira||

40. ||Pan ingsun angrungu warti | kakange Raden Mursada | pan sampun jumeneng katong | iki bakal ana karya | Suwarsi sira dandana | sun aterken maring lakimu | payo nunggang peksi kudharpa||

41. ||Pinangku dening ramani | wus mumbul peksi kudharpa | sumrapat peksi lampahe | wus awor lan megantara | sakala dalan keruwan | lampahe peksi andarung | wus kepungkur kuthanira||

PUPUH XI

P A N G K U R

1. ||Datan kawarna ing marga | sampun prapta lampahe raja

Sejadi | ngungkuli Negara Ngerum | tan suwe nulya tumedhak | sri nalendra anjujuk ing alun | pan cingak sakehing tumingal | lamun ana Ratu prapti||

2. ||Massahut ingkang winarna | lan Masserut waspada sira ningali | yen lamun Gustine rawuh | tumedha saking wang

Page 36: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 36

| kapanggih sang nata lajeng rinangkul | adhuh angger gustiningwang | sokur sewu sampeyan prapti||

3. ||Putra sampeyan Raden Mursada | gusti prabu pan sampun jumeneng Aji | lah suwawi Gusti malebu | sang nata langkung suka | datan suwawi malebet ing dalem agung | kapanggih lan putranira | Mursada nulya ngujungi||

4. ||Sang Nata asru ngandika | anakingsun katerima maring Yang Widi | permilane ingsun rawuh | ngaturaken rabinira | ing Yamani lamun bakal | ana rawuh | ingkang aran raja Ikram | kang arsa bedhah negari||

5. ||Ngarepaken rabanira | kang den lamar dhumateng Ratu kapir | kang putra alon matur | kawula semanten uga | wonten mantra satunggal kang boten anut | Arya Cengkiling wastanira | sedya ngrusak ing negari||

6. ||Sang nata asru ngendika | ingsun mulih maring Yamani | nora kena dangu | Sang Nata anulya medal | pan lumampah satekane alun | lajeng nrungu prajurit sesumbar | kanga ran Arya Cengkiling||

7. ||Lah payo sira metua | prabu anom yen nyata sira prajurita | lawanana yudaningsun | mapan sami ngundamana | Arya Cengkiling pan asru sesumbaripun | raja Sejadi miharsa | dukanira tan sinipi||

8. ||Sang Nata anulya mara | amberat sewu kati | dupi prapta asru wuwus | sapa aranmu perwira | dene sira ngudhamana anakingsun | yen sira tuhu prawira | payo numbaka maring mami||

9. ||Wus sedheng sun musuh lan sira | padha tuwuk wus tuwuk pedhes lan asin | sapa ingkang tiwas lampus | Ki Arya asru anumbak | langkung asru panumbake | maring Sang Prabu | tinumbak ambal ambalan | tinumbak tinitir titir||

10. ||Tinonton punggawa kathah | tuwa anom sedaya sami ningali | sang nata asru muwus | payo sira pilihana | Arya Cengkiling anulya anerajang seru | tinumbak tumbak datan pasha | raja Sejadi aseru angling||

11. ||Sesembate kang prayoga | Arya Cengkiling tan wurung sira mati | katibanan gadaningsun | ki Arya lajeng ginada | kapisanan pan lebur sabalungipun | pan rata kelawan lemah | katibanan gada wesi||

Page 37: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 37

12. ||Padha teluk punggawa nira | sami wedi ningali raja Sejadi | wus jangkep tigang atus | pan padha anut sedaya | raja Sejadi pan aseru amuwusipun | padha anut anakingwang | wus kariya ingsun mulih||

13. ||Wus nunggang peksi kudharpa | raja Sejadi anulya ndedel pertiwi | kang peksi anulya muluk | pan cingak sakabehing tumingal | tuwa anom sarupane bala Ngerum | nyata Ratu kinuwasa | perjurit pilih tumandhing||

14. ||Datan kawarna ing marga | sri nalendra wus prapta Negara Yamani | punang musuh sampun rawuh | bala kafir tanpa wilangan | masanggrahe saelore kutha pernahipun | raja Ikram namanira | angawaki Negara neki||

15. ||Wong Yamani sampun mapak | tuwa enom sedaya sami acawis arya secaki patihipun | kuwaso angagem gada | andhap alit kebat cukat tandangipun | tautate mbedah Negara | patihe raja Sejadi||

16. ||Wus padha ayun ayunan | bala selam kalawan bala kapir | kang bendhe tinabuh ngungkung | tetek kaya butula | langkung rame surake bala gumuruh | wus tangkep kang punang yuda | mentri musuh padha mentri||

17. ||Putra musuh pada putra | bala cilik musuh padha cilik | ana kang buru binuru | ana kang tumbak tinumbak | kang saweneh ana suduk sinuduk | ana pedhang pinedhangan | saweneh bedhil binedhil||

18. ||Arame denira yuda | prajurit kapir akeh kang meti | kasoran ing yudanipun | bebathang susun atumpang | gajah jaran katrajang kathah kang lampus | kiyai patih lembusura | tan suwe nulya medali||

19. ||Amundhi gegaman gadha | prapteng rana aamusuh Arya secaki | pan padha prakosanipun | pan genti gadha ginadha | langkung rame surake bala gumuruh | kasoran ki lembu sora | ngemasi praloya pati||

20. ||Ana dene Raden Sumina | nggene perang musuh putra kapir | kang bendhe tinabuh ngungkung | pan genti sesudukan | lulu keris pan pinedhang wau | kasoran putra ing wakab | tan suwe nulya ngemasi||

21. ||Anuju ramining perang | bala kapir kaselak kesaputing wengi | selam kapir sami kondur | mapa sami mesanggrahan | kang kocapa Mursada kang wonten Ngerum | anusul tetulung yuda | tekanipun tengah wengi||

Page 38: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 38

22. ||Satekane pesanggrahan | dipun rangkul dhumateng raja Sejadi | adhuh gusti anakingsun | aja melu ayuda | maksih kuwat pun bapa mungsuh wong kufur | kang putra matur anembah | kawula kedah ningali||

23. ||Anulya kasukan sukan | sri nalendra anulya nutuk sawengi | raja Ikram winuwus | asanget denira duka | dene bala prajurit kathah kang lampus | ki patih mahesa sura | kadukan sri narapati||

24. ||Dene tiwas temen sira | mumpung bala prajurit kathah mati | datanapi putranipun | menekang ati sira | nata bala gawanen baris tundha pitu | byar padhang wangun rahina | wus tata kang punang baris||

25. ||Sumaose balanira | Ratu kapir prajurit padha miranti | tan suwe anulya campuh | wong kapir kelawan selam | langkung rame surake bala gumuruh | kang tetek kaya butula | punang mimis kati grimis||

26. ||Tabuh musuh klawan rowang | peteng dhedhet awor kukusing bedhil | gajah jaran kathah lampus | bebatang susun atumpang | wong kapir kasoran yudanipun | ana tugel sukunira | bebathang susun atindhih||

27. ||Raden Mursada narajang | prajurit kapir tatas kena cumethi | ana gugel gulunipun | ana tugel sukunira | kang katengkel cumethi raden bagus | tatas tinggal kang katrajang | lir pendah babadan pancing||

PUPUH XII

D U R M A

1. ||Raden Sumina mapan tumut anerajang | asareng Arya

Secaki | baris wetan tinerajang | kang mati asusun atumpang | teka ing rana segara getih | mapan kasoran | yudane wadya ing kapir||

2. ||Langkung rame surake punggawa selam | lir pendah gerah ing tangis | tambuh musuh kalawan rowang | anuju ramening perang | kaselak kesaput wengi | amesanggrahan | wong selam lawan wong kapir||

3. ||Raja Ikram langkung asru dukanira | balane akeh mati | kathahe bala sayuta | kejawi ingkang perwira | samangka kantun sepalih | sang raja Ikram | asanget denya prihatin||

Page 39: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 39

4. ||Raja Ikram pan aseru denya ngendika | nimbali dat batur aril | kalawan dat batur arla | satekanira ingarsa | sang nata ngandika aris | sarta uga | sun utus dat batur arli||

5. ||Jeneng ingsun samangke angrung warta | yen sang putrid Yamani | aneng Ngerum panggonanira | iku sira malingana | sun tempuhaken sireki | kena ora kenaha | budhala sawengi mangke||

6. ||Dat batur aril amit sarwi anembah | kalawan dat batur ardhi | wus muluk maring amiyat | lampahe kadi kilat | wus awor lan mega putih | dat batur ardha | wus prapta Ngerum negari||

7. ||Bala Ngerum den sirepi saking awiyat | sartane awor gerimis | wong ndalem turu sedaya | tanapi kang tunggu lawang | tuwa anom sarwi aguling | kepati sedaya | kena sirepe dat batur ardhi||

8. ||Lan batur ardha wus mudhun saking awiyat | malebet sajroning puri | Dewi Suwarsi ingkang winarna | kang munggeng kathik kencana | angapit para cethi | mapan gumawang | cahyane lir pendah sasi||

9. ||Dat batur ardha pan lajeng cengen tumingal | tanapi dat batur ardhi | nyata yen ayu utama | cahyane lir pendah wulan | dedeke angrespa titi | retna juwita | ki pate denya aguling||

10. ||Datan suwe dipun sambut duratmaka | den wadhahi sajeroning pethi | ginawa muluk maring ngawiyat | sakenenge sarwi sesumbar | payo tututana mami||

11. ||Bala Ngerum pan padha kaget sedaya | tuwa anom sami atangi | pan jejer sajeroning pura | yen lamun sang putri ilang | dipun gawa dening maling | awurahan | para cethi padha anangis||

12. ||Kyai patih tambah tingkah polahira | lajeng mlayu maring Yamani | arsa tutur mring Gustinira | yen lamun ketiwasan | satekane ing Yamani | nungkemi pada | ngaturaken pati urip||

13. ||Wus tutur purwa tekeng duk sirna | miharsa raja Sejadi | kelangkung gegetunira | sapa kang duta | prabu anom tan kena angling||

14. ||Wus sinigeg sang nata sekel kang manah | kocapa sang Ratu kapir | kelangkung sukanira | satekane dat batur

Page 40: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 40

ardha | anggawa sang putrid | sang raja Ikram | pan lajeng malebeng puri||

15. ||Dewi Suwarsi mapan arsa dipun emban | Sang Ayu lara anangis | pan arsa suduk sarira | tan arsa maring sang nata | den lamun sira ngemasi | sang raja Ikram | ngendika maring putraneki||

16. ||Dewio Sumela rewangane ibunira | dimmuni die ling kang ati | kang bisa nylamurena | supri yen arsa maringwang | wus medal sri narapati | kawarnaha | Sang Ayu Dewi Suwarsi||

17. ||Rahina ayu sambate amelasarsa | Dewi Sumila amuwus aris | adhu ibu sampun karuna ndika | nurut karsane rama | yen rama pan ratu sugih | kurang punapa | pesthi yen mukti sari||

18. ||Dewi Suwarsi alon denira ngendika | tan sudi laki wong kapir | mati kalebu neraka | lakiku agama Islam | sarta bagus warnaneki | mangsa oleha | kang kaya laki mami||

19. ||Dewi Sumela kasmaran sira miharsa | pituture Dewi Suwarsi | kudu melu agama selam | den wuruk kalmia sahadat | ngabekti maring Yang Widi | Dewi Sumila | wus anut Dewi Suwarsi||

20. ||Den aku dulur Suwarsi lawan Sumila | guneman rahina wengi | tan kena benggang sakilan | malah lali ibu rama | arsa melu maring Yamani | teka ing benjang | laki ndika marani||

21. ||Sami rembug Suwarsi lawan Sumila | kocapa Negara Yamani | Mursada lajeng dhumateng ramanira | sang nata ngendika aris | Raden Sumina | melua kakang ira iki||

22. ||Poma aja pisah lan kakangira | kang putra anulya amit | Sumina nunggang kudharpa | Mursada kahos kewala | sampun muluk wong kekalih | prapteng tawang | nuju wayah tengah wengi||

23. ||Den suwe lampahe anulya prapta | wong kapir dipun sirepi | pan padha turu sedaya | mentri lawan paranata | ki patih denya aguling | Raden Mursada | lajeng njujuk dalem puri||

24. ||Pan kepanggih garwane maksih enggah | Dewi Sumila rewang neki | yen dupi kang raka prapta | dipun rangkul ta sira | sesambate lara anangis | dhuh kakang mas | dene lami ndika gusti||

Page 41: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 41

25. ||Dewi Sumila pan lajeng cenger kewala | aningali raden kekalih | dene bagus warnanira | ing saberang tan ana madha | iya iku sedulur mami | pantes ta uga | Sumila kalwan kaki||

26. ||Pantes uga Sumila kalawan sira | padha melu menyang Yamani | mesisan ta lakunira | aja etung wong tuwanira | pawestri arsa alaki | ginawi apa | suwe wong tuwa Ratu kapir||

27. ||Lah ta mara Sumina para emban | wus jamake pawestri | tan gelem lahir kewala | sejatine ora beda | kalwan ta sira iki | Raden Sumina | agelis mondhong sang putri||

28. ||Lajeng ginawa anunggang peksi kudharpa | Mursada mondhong kang raya | wus muluk maring ngawiyat | raden sarwi sesumbar | endi rupane wong kapir | padha tangis | tututane jeneng mami||

29. ||Padha kaget sarupane bala kopar | ngrungu sesumbare maling | tambuh tingkah polahira | raja Ikram aseru ngendika | nimbali dat batur ardhi | dat batur ardha | kebat enututana sira | wus muluk wong kekalih||

30. ||Dat batur ardha kebat anututana | kekalih kelawan dat batur ardha | lampahe kadi kilat | nututi raden wus ayun | klawan raden kekalih||

31. ||Langkung asru surake dat batur ardha | yen sira ta prajurit | payo sira entenana | iya ingsun prajurit wakab | tan wurung ta sira mati | payo mandeka | Mursada amuwus aris||

32. ||Lah ta payo sun enteni jenengira | nerajang dat batur srdhi | arame denira yuda | pamedhange kadi kilat | Mursada datan gumingsir | kagyat kewala | dipun sabet wanti||

33. ||Raden Sumina amusuh dat batur ardha | pan padha pinedhang genti | tan ana ingkang kasoran | pan padha perwira yuda | arane denira jurit | Raden Mursada | pan lajeng enggal cumethi||

34. ||Dat batur ardhi siebat janggane tatas | ngemasi praloya pati | dat batur ardha pinaranan | kang musuh Raden Sumina | den sabet lawan cumethi | kapisanan | gulune pan tigas pancing||

35. ||Bareng runtuh ngarsane sang raja Ikram | sang nata kaget ningali | tanapi para satria | sadaya sami uninga |

Page 42: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 42

patine dat batur ardhi | sang raja Ikram | dukanira tan sinipi||

36. ||Baya guru kaya ngapa akalira | perlune perang iki | sun tempuhaken ta sira | pan dika wong tuwaningwang | yugya rika kang nulungi | lah lekasena | bapa guru asru angling||

37. ||Yen mangkana anak prabu karsa ndika | sampun mawi kawatir malih | pan lajeng anulis gambar | gawe tenung paneluhan | den balangaken maring Yamani | bubar sedaya | belis syetan padha prapti||

38. ||Wong Yamani pan padha gering sedaya | lanang wadon akeh mati | pan padha mencret sedaya | kena tujune kuru suwalka | gering esuk sorene cengking | geris sedaya | wong Yamani kathah mili silite||

39. ||Reja Sejadi kelangkung prihatinira | tanpa dhahar tanpa guling | kocapa Raden Mursada | pan padha periyatinnira | ningali bala Yamani | kathah kang pejah | among garwane kang den esthi||

40. ||Datan suwe garwane pan lajeng prapta | Retna Kumala Gendrasari | tumedhak saking ngawiyat | satekane nira ingarsa | sang putrid rinangkul gepit | among ta sira | mustikane jinem wangi||

41. ||Sapa yugya nulungana jeneng ingwang | tan liyan ta sira gusti | Gendrasari angandika | yen ndika nedha tetamba | ndika lukari kemben mami | pesthi waluya | sesakite wong Yamani||

42. ||Raden Mursada trengginas | mondhong sang retna | pan sarwi angoras pipi | kapindho lan susunira | dupi kemben sampun lukar | padhang ngebaki negari | sirna sedaya | lelarane wong Yamani||

43. ||Pan Negara peteng wau dadi padhang | kasunaran Gendrasari | belis syetan padha sirna | wong Yamani ingkang pejah | ditetesi banyu urip | waluya sedaya | ingkang mati padha tangi||

44. ||Dupi sirna lelarane kang Negara | masuk malih ingkang jurit | wong kapir kelawan selam | arame denira yuda | surake awanti wanti | tengahing rana | sarwa segara getih||

45. ||Ramene perang tambuh musuh kelawan rewang | awor kawula sing bedhil | kang mimis lir udan | gajah jaran

Page 43: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 43

kathah pejah | bebathang susun atindhih | Raden Mursada | kang kathah belaning pati||

46. ||Kalih leksa prajurit ingkang palastra | katengkel dening cumethi | tanapi kang paranata | keterajang Raden Mursada | kang mati susun atindhih | sang raja Ikram | amusuh raja Sejadi||

47. ||Langkung rame pan genti gadha ginadha | kongsi murub metu geni | pan padha prakasanira | luluh gadha nyandhak pedhang | tan ana ingkang nedhasi | pan luluh pedhang | pan genti keris kineris||

48. ||Cingak sedaya sarupane ingkang tumingal | wong selam lawan wong kapir | Mursada anulya mara | anulungi ingkang rama | sampeyan mundur rumiyen | cobi kawula | kana amusuh raja kapir||

49. ||Cobi kawula angembari raja Ikram | raja Sejadi aseru angling | pun bapa maksih kuwawa | nanging raden nora kena | maksih anulungi jurit | prapteng rana | pan lajeng enggal cumethi||

50. ||Raja Ikram dipun sabet gulunira | pan tatas lajeng ngemasi | latekan patihe sisan | sinabet janggane tatas | katengkel dening cumethi | bala kapir | melayu rebut urip||

51. ||Kang saweneh teluk marang Raden Mursada | sakarine ingkang mati | pan padha pasrah bongkokan | katekan anak rabine pisan | den boyongi maring Yamani | pan wolung dasa | putrane ajalu lan estri||

PUPUH XIII

PUPUH WONG AYU KASMARAN BRANGTA KINGKIN

(ASMARADANA) 1. ||Sarupane bala kafir | wus padha anut sedaya | sarta lan

raja branane | bebek ayam manuk banyak | sarta lanang lawan wanudya | kinen bekti maring Yang Agung | pan sedaya kinen sembayang||

2. ||Kocapa raja Sejadi | anulya kasukan sukan | gamelan munya angringik rebabe | ingkang wonten ing paseban | kang tetek kaya batula | surak lir wong ngujung | punggawa lawan satriya||

Page 44: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 44

3. ||Kelangkung suka Nerpati | sang nata menang ayuda | permila langkung sukane | namane kang raja braja | kang saking Negara wakab | den edum kewulanipun | mas picis lan raja braja||

4. ||Arane sang ratu kafir | sedaya pan kawan dasa | katekan lawan selire | tan masuk selam sedaya | kinen ngelakone sembayang | angabekti maring Yang Agung | angaji kitab lan Quran||

5. ||Putrane jalu lanestri | pan padha ngaji sedaya | anut karsane Yang Katong | puterane sang raja Ikram | pan sampun selam sedaya | anut ing karsane hukum | tan pegat sira sembayang||

6. ||Dewi Sukarsi ing suka neki | ibune Dewi Sumila | among kekalih puterane | kang lanang aran Suminah | wayah maksih berahi kembang||

7. ||Kelangkung ing suka neki | kang ibu ningali kang putera | dene mantu sang katong | angrasa yen oleh pangeran | sarta sampun manjing selam | ngerasa padhang atinepun | pan tetep denira sembayang||

8. ||Raden Mursada ingkang winarni | samarine kasukan | pamitan maring sang katong | mulih saking negarane | kang rama alon ngandika | kang putera sarwi mungkul | adhuh anakingsun mas||

9. ||Iya sira sun lilani | nyawa mulih maring Negara | sun tedhaken maring Yang Manon | muga sira rineksaha | pinaringana rahmattullah | ngungkulana sesamamu | bisaha muter negara||

10. ||Kang putera anulya amit | anembah wontening ngarsa | asareng lawan garwane | sami ngunjungi Ibu Rama | kang ibu ngusapi waspa | sesambate amelas ayu | abote wong duwe anak||

11. ||Adhuh anakingsun gusti | among sira telenging nala | aja lawan sira angger | wus amit wahu kang putera | den iring para sateriya | prajurit lan para Ratu | Sang Ayu ngirih jempana||

12. ||Datan kawarna ing margi | lampahe Raden Mursada | wus prapta ing negarane | wong Ngerum suka tuminggal | manteri lawan para nata | dene Gustinepun rawuh | padha atur sedaya||

Page 45: AAK culture library I Javanese Manuscripts AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 45

13. ||Tuwa anom jalu estri | atur maring sang nata | pepanganan kathah warnane | demine wong duwe bendara | pan padha kedhep sedaya | wedi asih maring sang Prabu | pan anut saprentahe||

14. ||Prabu anom ingkang winarni | pan jangkep sewu Negara ……………. ||

15. ||Pan kaloking Ratu sekti | prajurit datan pasama | permilane sujud kabeh | sarupane Ratu seberang | padha atur raja brana | mas selaka sutera kang alus | intan miwah kumala||

16. ||Nyata yen Ratu linuwih | kinasihan dening sukma | pinaringan dawa umure | ing dunya luput palastra | pan patine bisuk kiyamat | iku hukume ratu Ngerum | kinarya ratu pusaka||

17. ||Pan ratu Ngerum sawiji | winenangaken marentah | wong sejagat karsani Yang Manon | tinurut sedayanira | bisa anom bisa tuwa | rukun ngantune jukul | mulya kadi jejaka||

18. ||Cahyane lir pendah sasi | netranepun kadi lintang | gumebyar kebeya warnane | tan ana kelar tumingal | kawulane sedaya | lir surya neteranepun | sukaha sekehe tumingal||

19. ||Wus tutuk kiyahi tinulis | ing sinten kemis punika | pahing ta pekenane | ing sasi rabiulawal | sawelas tanggalira | kamuni satengah roro pukul | julung pujud wukunira|| Tamat | Allahualam caritane Ratu pusaka moga antuk sapangate nabi lan mukmin.

*****@@@*****


Top Related