budaya jawa ing indonesia

Upload: faqieh-fatonix

Post on 12-Jul-2015

169 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Budaya Jawa ing indonesia

Wayang wong, mujudak salah sawijining budaya Jawa Budaya Jawa iku pranataning urip wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki teges pangertn lan cara. Pangertn bab urip nuduhak sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajiban. Dn cara nuduhak pakeming tumindak ing purwa, madya lan wusana ning kahanan. Urip wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabh prangan urip kaya ta pribadin dhw, liyan, alam lan apa wa sing ana sakliyan dhwk kudu isa nampa lan nyengkuyung budin sing nuju marang kasampurnaning urip. Sajarah Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis mapan, amarga wis suw banget anan. Budaya Jawa ora madeg dhw. Animisme, Dinamisme miwiti ananing Budaya Jawa. Hindhu, Budha, Nasrani lan Islam ya akh banget pasumbang marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukan gampang nampa lumebun bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugeran. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jawa sing tansah nggolki laras swasana gampang nampa ananing budaya liya. Sub Budaya Jawa

Jawa Wtanan Sub budaya Jawa Wtanan iku sing umum ana ing provinsi Jawa Wtan. Sub budaya iki sebagyan dipengaruhi budaya Madura lan sebagyan manh isih nganut budaya Jawa kuna, Tuladhan kaya dn sing dianut suku Tengger. Jawa Tengahan

Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wtan provinsi Jawa Tengah lan sisih kulon Jawa Wtan. Umum dipengaruhi budaya sing urip ning kratonan. Jawa Banyumasan Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon provinsi Jawa Tengah. Sub budaya iki luwih prasaja lan nganut nilai-nilai egaliter, cablaka lan baworan.

Tradhisi lan Adat Nyadran Nyadran iku salah siji prossi adat budaya Jawa awujud kagiatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik makam leluhur, masak panganan tinamtu kaya dn apem, ater-ater lan slametan utawa kendhuri. Jeneng nyadran iki asal saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakak bab upacara sraddha kanggo mngeti sdan Tribhuwana Tungga Dwi ana ing tahun 1350. Upacara sraddha minangka pngetan raja-raja sng ws puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba ramp wujud baita (prau) sng digaw saka kembang (puspa, sekar). Tradisi nyadran pranyata ws lumaku wiwt jaman Majapaht nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur ish lestari lan dipepetri dnng masyarakat, khusus ing tlatah padsan. Nyekar ing sasi Ruwah nduwni surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan lng marang leluhur.[1]

Pengantenan Adat Jawa Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduw rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalm penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane. Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:

LamaranUpacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalm calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

SiramanAcara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

MidodarenTembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

Srah-srahanSrah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

Ijab kabul

yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.

Mitoni Mitoni iku asal saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakak wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibun utawa kanggo sing sifat tolak bala. Ing dharah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban. Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduw raga sing sampurna. Dadi miturut pengertian wong Jawa,

wtngan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati.Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endhog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kendhuren. Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.

Mendhem ari-ari Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing.

Ing Jawa ana kapercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan). Tata cara Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ariari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.

Aqeqah Aqeqah meniko nggih budoyo saking basa Arab, artinipun aqeqah piyambak meniko gadah arti rambut ingkang wonten kepalanipun bayi ingkang nembe lahir, lan aqeqah saged diartiken pemotongan. Aqeqah meniko piyambak menurut syariah Islam nggih memotong domba kange bayi ingkang nembe lahir. Kangge bayi ingkang putro dipotongaken mendho kalih, manawi dingge bayi putri dipotongaken mendho setunggal. Aqeqah meniko diagem kangge syukranipun putra-putri nipun piyambak.