soal bahasa jawa

Post on 12-Jul-2015

371 Views

Category:

Documents

4 Downloads

Preview:

Click to see full reader

TRANSCRIPT

SOAL BASA JAWA TAHUN PEMBELAJARAN 2011-2012

1. Salah sawijine pidhato utawa micara ing sangajenging wong akeh utawa umum utamane ngandharake babagan ajaran agama kasebut. A. Sesorah B. Tanggap wacana C. khotbah D. Pidhato E. Tanggap sasmita 2. Ing ngingsor iki kang ora kalebu perangan sesorah yaiku. A. purwaka B. pepiling C. dudutan D. wusana E. surasa 3. Kula nuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken suka syukur dhumateng Gusthi ingkang maha Agung, mugi rahayu sagung duadi, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sedaya lan kula. Perangan sesorah kasebut kalebu, A. purwaka B. wusana C. surasa D. pangajeng - ajeng E. dudutan 4. Rerangkening ukara kang tansah sesambungan ukara siji lan sijine, sarta bebarengan mbeberake sawijining gagasan (ana ukara bakune) diarani. A. paragraf B. ukara

C. tembung D. artikel E. klausa 5. Paragraf kang ukara bakune mapan ing tengah tengah paragraf kasebut paragraph. A. deduktif B. induktif C. campuran D. ineratif E. tanpa ukara baku 6. Masalah kemiskinan ing desa lan kutha kudu enggal dirampungake. Kuncine yaiku kanthi menehi kalodhangan marang warga kang ora nduwe supaya melu andil ana ing proses nyiptakake produk pembangunan. Ide pokok paragraf ing dhuwur yaiku. A. Kemiskinan ing kutha kudu diwatesi B. Kemiskinan ing padesan kudu diwatesi C. Kemiskinan ing desa lan kutha kudu enggal diatasi D. Penduduk desa lan kutha duwe andhil ing pembangunan E. Menehi kesempatan marang penduduk nyiptakake pembangunan 7. Dina iki panas banget iki panas banget, kaya sedina sadurunge. Wingi uga panas. Wis ora ana mendhung. Ora ana udan, cetha yen mangsa ketiga. Paragraf ing dhuwur kuwi diarani paragraf induktif, amarga ukara inti utawa bakune ing. A. wiwitan B. mburi C. tengah D. wiwitan lan mburi E. campuran 8. Pak Guru : Sin, menawa kowe lara, kepriye anggonmu matur marang Pak Guru ? Sinta : .

A. Pak kula lara nyuwun pamit B. Pak, kula badhe nyuwun pamit badhe wangsul C. Pak, kula nyuwun idi palilah badhe wangsul amargi kula sakit

D. Pak. kula nyuwun ijin badhe kondur rumiyin E. pak, aku mulih ndisik nggih ? 9. Ibu Adi : Di, bapakmu wis tindak during ? : .

A. Wis Bu, nembe mawon B. Wis sampun Bu, lagi mawon tindak C. Sampun Bu, nembe mawon bidhal D. Sampun Bu, nembe mawon tindhak E. Kula mboten pirsa Bu, paling menika sampun tindak awit kalawau nembe siram 10. Wonten ing atur tanggapwara kedah saged ngginakake basa kang prasaja. Parasaja tegesipun. A. muluk - muluk B. alus banget C. sederhana D. krama madya E. krama inggil 11. Layang kang sifate pribadi, limrahe nggunakake basa kang ora baku katur bapak ibu, simbah lan sapanunggalane. Diarani. A. Layang pribadi B. Layang dinas C. Layang iber-iber D. Layang ulem E. Layang lelayu 12. Salah sijine perangan layang yaiku ana adangiyah. Ananging adangiyah ugi kaperang maneka warna, menawi adangiyah ingkang trep digunakake tumprap sedulur enom marang sapepadhane yaiku. A. Ingkang taklim B. Salam taklim C. Ingkang salam D. Ingkang sembah E. Sembah sungkem

13. Sawektu nglaksanakake wawancara kedah diwiwiti kanthi. A. salam B. pitakonan C. wangsulan D. kenalan E. gawe janji 14. Mangan ati, atine sing kelara lara. Ukara kuwi kalebu,,,, A.purwakanthi lumaksita B. purwakanthi guru swara C. cangkriman D. parikan E. purwakanthi guru sastra 15. Jenenge larikan ing tembang macapat diarani A. Guru gatra B. Dhong - dhing C. Guru lagu D. Guru wilangan E. Pada Kanggo soal no 16, 17, 18

Poma kaki padha dipuneling Ing pitutur ingong Sira uga satriya arane Kudu anteng jatmika ing budhi Ruruh sarwa wasis Samubarangipun.

16. Tembang macapat ing ndhuwur kalebu jenis tembang. A. mijil B. gambuh C. dhandhanggula D. sinom E. asmaradana 17. Guru wilangan lan guru lagu saking tembang macapat ing ndhuwur yaiku. A. 10 i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u B. 10i, 6a, 10e, 10i, 6i, 6u C. 10e, 6a, 10i, 10i, 6i, 6u D. 10i, 6i, 10e, 10i, 6a, 6u E. 10i, 6i, 6u, 10i, 6a, 6u 18. Ruruh sarwa wasis Tembung wasis gadhahi teges. A. pinter B. C. kendel ngarep

D. sabar E. lanang

19. Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra ana ning tembang macapat kasebut. A. pupuh B. pada C. guru gatra D. guru lagu E. guru wilangan 20. Ing jaman sakiki beda karo jaman semana. Apa apa sarwa maju lan modern. Kayata ing babagan ngelmu lan teknologi. Uga babagan informasi. Banjur kaya ana tuntunan yen wong wong kang minangka sumber daya kang baku kudu duweni kabisan nyekel lan

ngerteni majuning jaman saiki. Mula saka iku, awake dhewe kudu ngudi lan ngundhakake kapinteran. Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf. A. induktif B. deduktif C. campuran D. ineratif E. gabungan 21. Awake ndingluk sethithik madhep bu Guru kanthi tangan ngapurancang nuli matur Pak Sarno. Tangan ngapurancang tegese.... A. sedhakep B. tangane ditangkepake ing sangisore weteng C. mbanda tangan ing buri D. tangan capeng E. dhadhane lurus 22. Ukara kang migunakake basa karma alus kanthi bener yaiku. A. Bu Guru, kula mundhut ijin badhe tindak wingking sekedhap B. Bu Guru, kula mundhut ijin badhe dhateng wingking sekedhap C. Bu Guru, kula nyuwun ijin badhe dhateng wingking sekedhap D. Bu Guru, kula nyuwun ijin badhe tindak wingking sekedhap E. Bu Guru, kula nyuwun palilah badhe tindak dhateng pangkeran 23. Ukara kang nggunakake basa ngoko alus kanthi bener yaiku. A. B. C. D. E. Mengko sore aku arep rawuh ing omahe Bu Sri Mengko sore aku arep mara ing daleme Bu Sri Mengko sonten kula badhe dhateng wonten dalemipun Bu Sri Mengko sore aku arep sowan ing daleme Bu Sri Mengko sore aku arep sowan ing griyanipun Bu Sri

24. Kula badhe dhumateng bapak saha ibu bilih benjing wulan Juni sasampunipun nampi rapot menawi saged minggah kelas XII kula badhe ndherek wisata ing dhateng Bali. Ukara ing ndhuwur nduweni maksud.

A. ndangu B. mundhut pirsa C. maringi pirsa D. nyaosi pirsa E. menehi ngerti 25. Cacahe tembang macapat kuwi ana. A. 10 B. 11 C. 8 D. 12 E. 15 26. Tembung macapat iku asale saka tembung maca kang tegese. A. mbengok B. nglagokake C. nyuwara D. luwes E. krasa banget Soal nomer 27 29 ana gegayutane karo wacan ing ngisor iki! Banjir Bandhang Banjir bandhang Kabeh dipantha pantha Lan digantha gantha Ilang katrajang Jeri tangis ngiris ati Apa iki bebendu saka gusthi Sebab manungsa wis padha ngawur Lan nglalekake kitab suci Alas ditebas tanpa welas Gunung gunung gundhul konal kanul Isin Nggrantes, Nesu!!!

(Sendang M & Tamu) 27. Andharan ing ndhuwur iku kalebu. A. geguritan B. gancaran C. lelagon D. pacelathon E. parikan 28. Anggitanipun sinten geguritan kuwi ? A. Bandhang B. Mbah Sendang C. Sendang M & Tamu D. Tamu E. Panyerat 29. Suraos utawa isi saking geguritan ing ndhuwur yaiku prastawa kang. A. nyenengake B. C. emosi nggrantes / sedhih

D. bungah E. bombong 30. 1. Nganggo basa kang sopan miturut unggah ungguhing basa. 2. Pandelenge tumuju ing narasumber 3. Miwiti wawancara kanthi salam. 4.Pungkasi wawancara kanthi agunging matur nuwun amarga narasumber wis menehi informasine. 5. Aja menehi pitakonan pitakonan kang wangsulane iya utawa ora Rantaman kang bener sawektu arep nglaksanakake wawancara utawi wawanrembug yaiku A. 3,1, 2, 5, 4 B. 3, 2, 1,5, 4 C. 1, 2, 3, 5, 4 D. 1, 3, 2, 5, 4 E. 5, 3, 1, 2, 4

31. Wong kang menehi utawa dijaluki informasi babagan sawijining prastawa utawa kadadeyan diarani. A. moderator B. pemakalah C. pejabat D. wartawan E. narasumber 32. Pawarta kuwi maneka warna, ananging pawarta kang isine ngenani perkara kang langkung keras dimireng kadosta berita korupsi, bencana lsp yaiku kalebu jenis pawarta. A. Softnews B. Hardnews C. Wigati D. santai E. Kriminal 33. Ing saklebeting pawarta kedah gadhahi rumus 5 W + 1 H. Kang nduweni tujuan kanggo menehi ngerti prastawa utawa perkara ing pawarta yaiku. A. when B. how C. why D. what E. where 34. Ater ater lan panambange tetep ngoko, tembung kowe diganti panjenengan, gadhahi gegayutan karo wong liya sing diajeni. Ukara ukara kuwi kalebu titikan utawa ciri ciri ukara. A. Ngoko lugu B. Ngoko alus C. Krama lugu D. Krama inggil E. Krama ndesa

35. Wong kuwi yen kepengen diajeni kudu uga ngajeni wong liya.Saengga ing sajroning wawanrembug / wawancara utawa sambung rasa karo wong tuwa utawa wong kang dituwakke kudu nganggo basa. A. Ngoko lugu B. Ngoko alus C. krama D. kedhaton E. krama desa

36. Sugiha kaya ngapa yen ora mudheng peraturan kaya wong ora pengalaman. Ukara ing ndhuwur kuwi kalebu ukara sambawa kang nduweni teges. A. sanadyan B. upama C. pangarep - arep D. pangajab E. mokal

Kanggo nomer 37, 38, 39 lan 40. A.

Pasa ing sasi Pasa tumprap wong Jawa, mligine ing (37) Tumang, miturut Wiyono, (38) laku kang asifat mligi jalaran sasi Pasa kuwi ing petungan taun lan taun Jawa lan taun Islam pinitaya (39) sasi sing mbarokahi. Sasi Pasa kudu diisi kanthi laku batin kang asifat ngurang ngurangi sakabehe, mligine ngurangi (40), ngombe lan turu.

37. Tembung kang trep kanggo nglengkapi paragraf ing dhuwur yaiku. A. daerah B. tlatah C. panggonan D. desa

E. kutha 38. Tembung kang trep kanggo nglengkapi paragraf ing ndhuwur yaiku. A. selaku B. minangka C. mujudake D. perangan E. babagan 39. Tembung kang trep kanggo nglengkapi paragraf ing ndhuwur yaiku. A. miturut B. babagan C. perangan D. selaku E. minangka

40. Tembung kang trep kanggo nglengkapi paragraf ing nduwur yaiku. A. sare B. nedha C. maem D. dhahar E. mangan 41. Kula lan panjenengan minangka generasi penerus Bangsa ayo sesarengan nguri nguri budaya jawa supaya lestari. Ukara ing ndhuwur kuwi minangka ukara kang asifat persuasi kang gadhahi tujuan. A. pangarep arep B. pangajak C. maringi informasi D. ceritakke kang kudu dilakoni E. njlentrehake

42. Saiki akeh wong jawa kang ilang jawane amarga akeh wong jawa kang ora gelem gunakake basane dhewe yaiku basa jawa. Kanyatan iki amarga para masyarakat mliginipun para generasi mudha lingsem (isin) ana sing ngarani ora gaul. Pethikan wacana ing nduwur kalebu wacana kang gadhahi tujuan. A. pangarep - arep B. pangajak C. maringi informasi D. ngudhar gagasan E. nyariosaken kahanan ingkang wonten. 43. Sak lebeting tiyang ingkang nglaksanakake pidhato utawa sesorah kuwi gadhahi ancas utawa tujuan. A. Maringi informasi marang pamireng B. Ngomong ing sangajenging tiyang kathah C. Njlentrehaken perkawis tartamtu D. Ngudhar gagasan E. Nyariosaken perkara tartamtu 44. Ditingali saking basanipun tiyang ingkang nglaksanakake sesorah utawa pidhato kedah A. Sakanane lan serius B. Laras lan leres C. Leres miturut paramasastra lan mboten mujudake rucah D. Guyonan lan mboten serius supados narik kawigatosan E. Basa kang ndakik ndakik lan baku

45. Antawisipun macapat lan geguritan gadhahi perbedaan ingkang langkung spesifik ing babagan guru gatra, guru lagu saha ndhuwur endeke swara yaiku kang asring diwastani. A. vokal B. jedha C. padha D. diksi E. intonasi saha cengkok 46. Ana bocahe ayu tur lemu, yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku.

A. ? An [bocahe ayu t/u

top related